Senin, 03 Desember 2012

DONGENG BRAMBANG BAWANG


Kang sak iki dadi kenyataan lan kebanggaan
Ringkesing dongeng :
Bawang Putih dikon umbah-umbah menyang kali Bengawan. Ananging kumbahane keli, Bawang Putih terus nututi saka sak pinggiring kali Bengawan.
Ora let suwe Bawang Putih ketemu karo Paman-Paman sing lagi padha ngguyang sapi, kebo, wedhus lan jaran.
Bawang Putih banjur takon :
"Man-Paman sing guyang sapi, kebo, wedhus lan jaran. Mriki wau napa wonten popok beruk keli? Popoke tenun lurik dam-daman, beruke saking bathok kelapa."
Ujare Paman-Paman :"Whoo...aku ora weruh kuwi ndhuk. Coba takokna sing lagi angon bebek kae, Ndhuk."
Bawang Putih terus mlaku maneh marani sing angon bebek, banjur takon maneh. Wangsulane sing lagi angon bebek, "Aku ora weruh ki, Ndhuk. Coba takon wae marang Nini-nini kae sing lagi mususi beras."
Bawang Putih banjur mlaku maneh, ora dirasa sanajan kesel, ngelak lan luwe awake amargo awit wayah esuk nganti sore durung bisa nemokake popok lan beruke. Bawang Putih banjur marani Nini-nini sing lagi mususi, banjur takon.
"Nini-nini sing lagi mususi. Mriki wau napa wonten popok, beruk keli. Popoke tenun lurik dam-daman, beruke saking bathok kelapa?"
Nini-nini sing lagi mususi nduduhake barang-barang sing lagi ditemu saka ilenane kali Bengawan.
"Apa iki popok lan beruk sing lagi kok goleki, Ndhuk?"
"Inggih Nini-nini meniko ingkang kulo padosi." ujare Bawang Putih kanthi senenge ati. "Sak mangke kulo suwun, kulo matur nuwun lan pamit wangsul, Nini-nini."
"Mengko dhisik, Ndhuk. Iki wis wayah surup, sedela maneh bengi. Luwih becik kowe turu ana gubugku dhisik, Ndhuk. Sesuk yen wis padhang lagi baliya mulih. Ngomong-ngomong, saka ngendi omahmu lan sapa jenengmu, Ndhuk?"
"Nami kulo Bawang Putih, Nini. Kulo saking padukuhan Nayu Kulon, Kelurahan Nusukan."
"Whoo...yen ngono omahmu isih ana ing wewengkon keraton Surakarta Hadiningrat utawa Soloraya kuwi, ya Ndhuk? Papan panggonan kabudayan Jawa kang adiluhung, kang paring wewarah marang luhuring budi pekerti, ngudi marang tumindhak kang utami. Lan papan panggonan Pujangga Gedhe R.Ng. Ronggowarsita kang wis nyerat Jongko Joyoboyo. Lan papan panggonan seniman keroncong sing terkenal nganthi tekan mancanegara kuwi Maestro Bapak gesang kanti lagune Bengawan Solo, air mengalir sampai jauh, akhirnya ke laut."
"Inggih, Nini-nini. Pancen leres kawula saking mriku."

Sanajan mung turu sewengi ana ing gubuge Nini-nini, ing atine Bawang Putih ana rasa ayem, tentrem, pasrah, sumarah marang Sangkan Paraning Dumadi. Bawang Putih enthuk wewarah lan pitutur kang migunani saka Nini-nini.

Wewarah lan Pitutur
1.   Aja dumeh sapa sira sapa ingsun
      Aja melik nggendhong lali
      Aja gumunan, melikan, merinan
      Aja kesusu, grusa-grusu mundak keliru
      Luwih becik alon-alon watone kelakon
      Ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busono
2.   Lembah manah gawe kuncaraning pribadi
3.   Cipta rasa, karsa, daya lan karya kudu saeka
4.   Dhasaring ngaurip iku gotong royong.
5.   Momor, momot, momong mesthi mikolehi.
6.   Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
7.   Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
8.   Nistha, madya, utama, sira kudu bisa mbedakake.
9.   Ruwed renteging ndonya iki, jalaran urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.

Tak cukupi semene disik, Ndhuk, wewarah lan pituture Nini-nini.
Ana cacah sanga (9) wewarah lan pituturku. Cacah sanga ngemu pamrih wong urip ana ing alam donya kuwi kudu bisa nahan marang babahan kang cacahe sanga. Kang tansah kebak ing beboyo lan godha rencono kang maneko warno. Ing donya kang kebak panggung sandiwara lan rekayasa.
Lan iki ana kothak loro, miliha salah siji sing abot apa sing entheng, Ndhuk? Tak kira kowe ora bakal keliru marang pilihanmu yen nggunakake kanti nganggo hati nuranimu.
Bawang Putih milih kothak sing entheng, banjur pamit mulih. Sak tekane ngomah kothake banjur dibukak, jebule isine mas, intan, berliyan, mutiara, bebatuan mutu manikam kabeh barang sing berharga kekayaan alam ing bumi Nusantara.
Brambang abang ngerti dadi meri, srei, drengki, banjur lunga menyang omahe Nini-nini jaluk kothak sing padha kothake Bawang Putih.
Nini-nini uga nawani marang Brambang Abang, "Iki ana kothak loro miliha dhewe sing abot apa sing entheng, Ndhuk Bocah Ayu? Ananging ayumu mung ana lairmu, ora tekan terusing bathinmu, wis bisa tak condro sing ana bathinmu.
Brambang Abang banjur milih kothak sing abot. Rumangsane isine luwih akeh ketimbang kothake Bawang Putih.
Ananging Brambang Abang tekan ngomah dadi lara, angel enthuk tombo. Amarga lara gela, kothake isine ora mingsra, ora ana ajine apa-apa, tiwas kabotan anggone nggowo.

Dongeng Brambang - Bawang, dongeng turun temurun mung lewat lisan ora lewat tulisan.
Dongeng kang mung saka gegambaran, wawasan ananging bisa dadi kasunyatan lan kebanggaan, wis ngerti sakdurunge winarah.
Dongeng  Brambang - Bawang kang kethoke sepele ananging ngandung filosofi sing gedhe.

Filosofi  Brambang - Bawang
Diibaratke :
Brambang rupane abang
Bawang rupane putih
Urip ing alam donya kuwi sing dienggo pathokan = paugeran, mung ana loro.
Kayata :    Ana abang ana putih
                Ana padhang ana petheng
                Ana urip ana mati
                Ana suwargo ana neraka
                Ana lanang ana wadon lan sak teruse.
Brambang kang rupane abang, diibaratake : Sifat kang angkara murka, durjana, dur angkara, adigang, adigung lan adiguna. Sapa sira sapa ingsun.
Bawang Putih diibaratake : sifat kang suci.
Brambang - Bawang = merah + putih, kang dadi bendera pusaka Bangsa Indonesia.
Marang wong kang anduweni sifat sing suci, resik atine, jujur tumindake, kang sepi ing pamrih rame ing gawe, lan anduweni sifat :
Satriyo kang Utomo.
1.     Jujur, tegas, cerdas, disiplin, bertanggung jawab.
2.     Anduweni ilmu.
3.     Nggunakake ilmu.
4.     Nyebarake ilmu.
5.     Tambah terus anggone nuntut ilmu.
Marang wong kang anduweni sifat kaya mengkono mau, kang bakale bisa mumpuni, mrantasi, ngopeni pusaka Bangsa Indonesia.
Demi persatuan dan kesatuan, kebersamaan NKRI.

Bawang Putih umbah-umbah, kumbahane keli ing kali Bengawan.
Diibaratake :
Marang wong kang atine suci kang bakale bisa ngemban amanah, kanggo ngresiki barang-barang kang reged dadi resik. Kahanan bubrah, rusak dadi becik lan apik. Amanah kang mbutuhake tanggung jawab sing gedhe.
Pangorbanan kang nguras jiwa, raga, lahir, bathin, gaweyan kang sulit, sulit teramat sulit. Gaweyan kang berat, berat teramat berat. Luwih-luwih nlusuri ing sak pinggiring kali Bengawan Solo kang wis kondhang nganti tekan ing mancanagara. Air mengalir sampai jauh. Akhirnya ke laut.
Ananging senajan pegaweyan sing abota kaya ngapa bisa dadi entheng manawa dikantheni ati kang suci, jujur, ikhlas tanpa pamrih.
1.    Sepi ing pamrih rame ing gawe
2.    Rawe-rawe rantas malang-malang puthung
3.    Jer basuki mawa beya
4.    Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
5.    Holobis kunthul baris, gotong royong nyambut gawe kanggo mbangun negarane.

Paman-paman sing ngguyang sapi, kebo, jaran lan menda.
Diibaratake :
Para ulama, para pemuka agama. Anduweni tanggung jawab sing gedhe ana ing donya nganti ing akherate. Kanggo nuntun umate supaya padha slamet uripe, ya slamet ing donya lan ing akherate.
Tansah paring pituduh, tuntunan marang tumindak dalan sing bener tur pener, aja nganti padha keblinger marang tumindak kang ora bener, nistha, durjana, duraka kang bakale dadi cilaka melebu kunjara lan neraka.
Kang wis ditindakake dening kebo lan sapi.
Anggone padha guyub rukun, gotong royong nyambut gawe nindakake kuwajibane karo Simbok/Bapak Tani, anggone padha nggarap tegal lan sawahe.
Kang wis bisa mahanani, uripe dadi ayem lan tentrem, tansah prasojo lan ora kakehan neko-neko. Pantes keno kanggo patuladhan.


Popok lan Beruk.
Diibaratake :
Popoke tenun lurik dam-daman. Tenun lurik kang wis dadi sandangane para leluhure wong Nusantara, ya wong Indonesia.
Lurike dam-daman = kothak-kothak.
Kothak-kothak pancen nyoto welo-welo kanggo jatidirining Nusantara.
Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Katon ijo royo-royo.
Bisa gawe reseping pandulu.
Subur kang sarwo tinandur.
Murah kang sarwo tinuku.
Nusantara kang saiki dadi Indonesia.
Sanajan kothak-kothak, ananging wis dadi siji nyawiji dadi Bhinneka Tunggal Ika, jati dirining Bangsa Indonesia kang duweni pirang-pirang suku, budaya, bahasa, agama, adat-istiadat, kesenian, masakan lan warna kulit uga bedha.
Bangsa Indonesia
Bentuk Negara           :    Kesatuan
Dasar Negara             :    Pancasila
Kepala Negara           :    Presiden
Undang-undang Dasar :    UUD 1945
Bendera Kebangsaan  :    Merah Putih
Lagu Kebangsaan       :    Indonesia Raya
Semboyan Negara      :    Bhinneka Tunggal Ika
Lambang Negara        :    Garuda Pancasila
Republik Indonesia kang wis merdika tanggal 17 Agustus 1945, Presiden kang kapisan Bapak Proklamator Ir. Sukarno, Wakil Presiden Bapak Drs. Mohammad Hatta.

Beruk saka bathok kelapa
Diibaratake :
Beruk = takeran/ wadah.
Wadah kang kanggo naker beras, beras kang dadi makanan pokok Bangsa Indonesia. Beras kang asale saka pari, pari kang urip subur ana ing pangkuan Ibu Pertiwi.
Bathok kelapa kang dadi jatidirining Nusantara kang saben pulau lan pantaine tinanduran uwit kelapa.

Paman-paman sing angon bebek
Diibaratake :
Dadi pangon kuwi kudu bisa anggone nyrateni marang sing diengon, sanajan marang kewan sing galak gaweyane nglethak, sing gedhe sapadha gunung, nganti sak isining kewan ing kebon binatang.
Manawa bisa anggone nyrateni kewan siji lan sijine ben padha manut, lulut lan nurut. Kanti ati kang sabar, ikhlas lan kebak kasih sayang.

Filsafat sing ana bebek :
Bebek kuwi sak wijining kewan kang senengane rame sak rombongane, mlayu rana-rene karo ngumbar suwarane “…weeek…weeek….week!” Hambrebegi kuping wis ora duwe tepasalira.
Diibaratake :
Wong kang tansah seneng rame, egla-egle sak karepe dhewe, ora bisa mrantasi ing gawe, sanajan akeh balane sing dadi rombongane. Ananging di bawah komando sang komandan, si tukang angon bebek pinggir ndelanggung, kang arif bijaksana, berwibawa lan nduweni karisma. Mung nganggo githik cilik diacungke, bebek-bebek wis padha manut, nurut, baris siji-siji katon rapi mlebu kandange.
Ora susah ndadak menghunus pedhang panjang.
Pedhang, saka tembung :
Kahanan kang petheng ora bisa dadi padhang.  
Malah kosok baline dadi ruwet – mbundhet, angel diudari lan diwiradati.
Jimat keramat githik cilik utawa pecut cilik nyata-nyata pusaka kang ampuh lan tangguh.
Jimat keramat warisane para pinisepuh kang winasis leluhure wong Nusantara.
Lan jimat keramat pecut cilik yen dipecutake suwarane kaya bledhek nyamber-nyamber kang wis gawe ciuting ati padha wedi, lan dadi padha mangerti marang tanggung jawab kang kudu diayahi anggone mengabdi marang Ibu Pertiwi.
Jimat keramat githik cilik, pecut cilik, sumpit Borneo mujudake senjata kang alami saka bumi Ibu Pertiwi.
Senjata kang ramah lingkungan, beretika, beradab, berkeadilan kang ora gawe rusaking bumi, ora kanggo kesewenang-wenangan, kebiadaban, kerusakan, peperangan lan tawuran.
Jimat keramat githik cilik, pecut cilik, sumpit Borneo kang digawe saka uwit pring, uga bisa digawe bambu runcing. Senjata bambu runcing lan taktik perang gerilya nganggo jurus supit urang kang dipimpin dening Panglima Besar Bapak Jenderal Sudirman ing Palagan Ambarawa. Uwis bisa nglungakake penjajah Walanda kang wis suwene nganti 350 tahun anggone njajah ing bumi Nusantara.
Isih ana maneh jimat keramat kang bisa gawe kekes lan mirising ati.
Sing padha weruh dadi wedi, banjur nglungani. Ya… kuwi jimat keramat keris cilik.
Keris = saka tembung kekes lan miris.
Luwih-luwih jimat keramat sing siji iki senjata kang tangguh, ampuh ora ana sing bisa nandhingi sak donya iki.
Kasektene nggegirisi lan ngedhap-edhapi. Senjata pamungkas kang nyata-nyata sekti mandraguna… ya kuwi Burung Garuda Lambang Negara Indonesia.
Adedasar Pancasila
1.    Ketuhanan Yang Maha Esa
2.    Kemanusiaan Yang Adil Dan Beradab
3.    Persatuan Indonesia
4.    Kerakyatan yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusyawaratan / Perwakilan
5.    Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia
Pedoman Penghayatan dan Pengamalan Pancasila ( Eka Prasetia Pancakarsa ).
Ayo padha diresapi, dihayati lan diamalake. Aja padha diselehke, digletheke, dilalekake kanti nganggo 3 D :
1.    Diwiwiti saka awake dhewe disik
2.    Diwiwiti saka sing cilik
3.    Diwiwiti saka sak iki kanti ati sing resik.

Bali menyang Brambang – Bawang.

Nini-nini sing mususi.
Diibaratake :
Nini-nini = Biyung, saka tembung Bisa Kanggo Payung.
Payung hukum yang beradab, beretika dan berkeadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia.
Sing bisa ngayomi, ngayemi kanggo rakyat kanti adil, makmur, sentosa.

Mususi menyang kali Bengawan.
Diibaratkake :
Sing dipususi beras supaya resik yen dadi sega. Beras kang dadi makanan pokok Bangsa Indonesia.
Pituture para pinisepuh kang winasis leluhure wong Nusantara, kanti mawanti-wanti anggone meling marang anak turune.
“Nggeer …. Samu barang sing mbok pangan kanggo anak, bojo lan kaluwargamu luwih becik anggonmu adhus keringetmu dhewe barang sing halal, supaya ben padha slamet ing donya lan akherate. Aja kok wenehi saka panggaweanmu kang melik nggendong lali (korupsi). Kuwi panggaweyan kurang terpuji, bisa malati.”

Kothak sing entheng.
Diibaratake :
Sak kabehe panggawean senajan sulit, sulit teramat sulit, berat, berat teramat berat bisa dadi entheng manawa diiringi do’a, jujur, ikhlas, sabar, tanpa pamrih.

Kothak sing abot.
Diibaratake :
Wong kang anduweni ati kang serakah, durjana, dur angkara, adigang, adigung, adiguno, sapa sira sapa ingsun.
Tansah serakah, gumagah, sak wiyah-wiyah, senenge mung bungah-bungah.
Tansah gawe bubrah ora nggenah.
Wis ora ngerti marang jam lan wayah.
Wis lali angggone manembah marang Gusti Allah.
Wis ora gelem mikir marang wong kang nandang susah.
Ora bisa ngrampungi masalah malah nambahi masalah.
Tur … ya ora gelem ngakoni salah.
Rumangsane sing pinter dhewe, bener dhewe sing apik dhewe.
Amarga menungsa = Menus-menus dununge dosa.
Ora bisa ngilo marang githoke dhewe.
Eeela …. Eeelo sawo dipangan uler.
Eeela …. Eeelo wong bodho ngaku pinter.


DONGENG BRAMBANG – BAWANG

Kang wis ngerti sak durunge winarah.
Dongeng turun temurun lewat lisan ora liwat tulisan.
Dongeng lewat gambaran, wawasan, kang sak iki dadi kenyataan, kebanggaan marang perubahan lan pembaharuan.

Kanti kebak ing pandonga, panyuwunan lan harapan marang Gusti Allah kang Maha Agung.
Kanti sumunare Tjahaja Purnama kang wis bisa gawe pepadhang marang Bangsa Indonesia khususe warga DKI.
Kang diwiwiti saka Jalan Slamet Riyadi ing Kutha Surakarta Hadiningrat (Soloraya).
Kanti kepilihe Bapak Jokowi – Ahok dadi Gubernur lan Wakil Gubernur 15 Oktober 2012.
Muga-muga Bangsa Indonesia tansah pinaringan rakhmat lan hidayah saka Allah kang Maha Kuwasa, sugeng lan tansah pinaringan kawilujengan.
Bapak Jokowi – Ahok anggenipun ngemban amanah ingkang luhur kangge Nusa, Bangsa lan Negara, mugi-mugi Bangsa Indonesia enggal pinaringan ayem, tentrem, tata, titi, raharjo, rahayu, basuki, widodo slamet lir ing sambikala.  Amin.


Simbah Muljati
Ing Bumi Sukowati Sragen Asri

15 Oktober 2012

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar