Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXIX


JAGAD JAWA


Tanah Jawa saka tembung :
TANAH : Lemah
JA : Jagad
WA : Wadhah
Lemah kang ono ing Jagad Raya iki kang dadi Wadhahe isining Ndonya kang maneko warno, opo-opo sarwo ono.
Tanah Jawa ugo dissbut tanah Jawi.
Tanah Jawi saka tembung :
TANAH : Lemah
JA : Jagad
WI : Jinawi
Lemah sing ono jagad raya iki sing paling gemah, ripah, Ioh jinawi.

Tanah Jawi kang dadi pusering bumi saka tembung :
Lemah kang gemah ripah Ioh jinawi kang wis dadi PUNJERING BUMI kang uwis bisa gawe SESERING (Mubenge) BUMI.
Tanah Jawa ugo disebut JAWADWIPA
JA : Jagad
WA : Wadhah
DWI : Loro
PA : Pathokan (Paugeran)

Dadi urip ono alam ndonya kuwi mung ono Ioro kang kanggo Paugeran utawi Pathokan.
Tanah Jawa kang uwis nyawiji dadi siji dadi NUSANTARA, kanthi SUMPAH PALAPA, sumpahe PATIH GAJAH MADA.
NUSANTARA kang sak iki uwis dadi REPUBLIK INDONESIA RAYA. Presiden kang kapisan Bapak I.R. Sukarno, wakiI presidan Bapak Muhammad Hatta.
Ing jaman prasejarah, ing tanah Jawa ugo dadi papan panggonan MANUSIA PURBAKALA.
Ayo kabeh padha ndingkluk, tumungkul anggone padha sujud manembah. Padha tapakur, bersyukur marang kemurahaning GUSTI ALLAH, kang uwis paring kanugrahan, kemurahan, keluwihan, marang tanah Jawi, yo NUSANTARA, kang sak iki dadi INDONESIA RAYA. Kang uwis pinaringan gemah ripah Ioh jinawi, subur kang sarwo tinandur, murah kang sarwo tinuku, ing persada Ibu Partiwi, lan ora ono sing madhani ing sak endhening Jagad Raya iki.
AYO KABEH PADHA MEMUJI. MARANG KEMURAHANING GUSTI ALLAH,  KANG MAHA SUCI LAN MAHA HANDARBENI. MARANG KAHANAN ING WEKTU SAK IKI. KANG UWIS RUWET, MBUNDHET, ANGEL DIUDARI LAN DIWIRADATI.
MUGA-MUGA GUSTI ALLAH, ENGGAL PARING PEPADHANG LAN PANGAPURA MARANG BUMI NUSANTARA LAN BANGSA INDONESIA RAYA.
SUPAYA NEGARANE ENGGAL NEMONI AYEM, TENTREM, KERTA RAHARJA, ADIL, MAKMUR, SENTOSA

BAB XXX


WELINGE SIMBAH PUTRI


MARANG ANAK-PUTU LAN KETURUNANKU
URI-URINEN TINGGALANE PORO LELUHURMU
LAKU SING BENER LAN PENER SING DITUJU
JATINING DIRI KUDU KOK DUWENI
AMALAN SING BECIK KUDU KOK LAKONI
TUMINDAK JUJUR LAN TEMEN KUDU KOK UGEMI
IMAN LAN TAKWA KUDU KOK ANTEPI

AKU IKI DUDU AHLI SASTRA LAN PUJANGGA
NANGING MUNG TUKANG DONGENG CERITA
ING PANGAJAB MELU MEMETRI BASA JAWA
NGURI-URI DADI KUWAJIBAN KITA
DADI NDONGENGE SIMBAH IKI, BISAA NAMBAHI MARANG KEPINTERAN LAN WAWASANMU
YA MUNG WELINGKU, MARANG ANAK LAN TURUNKU URI-URINEN KABUDAYAAN JAWA
AMRIH LESTARI LAN KUNCARA.


MARANG BOCAH-BOCAH SAK IKI
ANDUWENI KUWAJIBAN, TANGGUNG JAWAB,
SING KUDU BISA NGENALAKE, NGARAHAKE, NGELINGAKE.
NATA AMRIH APIKE
TRADISI, ADAT ISTIADAT LAN BUDAYA NUSANTARA
KANTHI BAHASA SING GAMPANG DITAMPA
GAMPANG DIMENGERTENI
GAMPANG DIPELAJARI
AMRIH DISENENGI, DIGANDRUNGI, DIMINATI
KAWULA MUDA PENERUS BUDAYA
AMRIH LESTARI, NGREMBAKA LAN DADI KUNCORO
SAK INDONESIA RAYA LAN SAK ENDHENGING BAWONO





BAB XXXI


DONGENG BRAMBANG BAWANG


Kang sak iki dadi kenyataan lan kebanggaan
Ringkesing dongeng :
Bawang Putih dikon umbah-umbah menyang kali Bengawan. Ananging kumbahane keli, Bawang Putih terus nututi saka sak pinggiring kali Bengawan.
Ora let suwe Bawang Putih ketemu karo paman-paman sing lagi padha ngguyang jaran, kebo lan sapi.
Bawang Putih banjur takon marang paman-paman sing lagi padha ngguyang jaran, kebo lan sapi :

“Man-paman ingkang ngguyang jaran.
Mriki wau napa wonten popok beruk keli?
Popoke tenun lurik dam-daman?
Beruke saking bathok kelapa kangge takeran?”

Wangsulane  paman-paman sing lagi ngguyang jaran:
”Whoo...aku ora weruh kuwi ndhuk. Coba takokna paman-paman sing lagi ngguyang kebolan sapi.”

Bawang Putih banjur takon maneh, ananging paman-paman mau uga ora ana sing ngerti. Wangsulane paman-paman sing lagi ngguyang kebo lan sapi :
”Whoo...aku ora weruh kuwi ndhuk. Coba takokna paman-paman sing lagi angon bebek kae.”
Bawang Putih terus mlaku maneh marani sing angon bebek, banjur takon maneh. Wangsulane sing lagi angon bebek,

“Aku ora weruh ki, Ndhuk. Coba takon wae marang Nini-nini kae sing lagi mususi beras.”

Bawang Putih banjur mlaku maneh, ora dirasa sanajan  awake wis krasa kesel, ngelak lan luwe.
Amargo wiwit wayah esuk nganti meh sore durung bisa nemokake popok lan beruke. Bawang Putih banjur marani Nini-nini sing lagi mususi, banjur takon.

“Nini-nini sing lagi mususi.
Mriki wau napa wonten popok, beruk keli?
Popoke tenun lurik dam-daman?
Beruke saking bathok kelapa kangge takeran?”

Nini-nini sing lagi mususi nduduhake barang-barang sing lagi ditemu saka ilenane kali Bengawan.

“Apa iki popok lan beruk sing lagi kok goleki, Ndhuk?”

“Inggih Nini-nini meniko ingkang kulo padosi.” ujare Bawang Putih kanthi senenge ati. “Sak mangke kulo suwun, kulo matur nuwun lan pamit wangsul, Nini-nini.”

“Mengko dhisik, Ndhuk. Iki wis wayah surup, sedela maneh bengi. Luwih becik kowe turu ana gubugku dhisik, Ndhuk. Sesuk yen wis padhang lagi baliya mulih. Ngomong-ngomong, saka ngendi omahmu lan sapa jenengmu, Ndhuk?”

“Nami kulo Bawang Putih, Nini. Kulo saking padukuhan Nayu Kulon, Kelurahan Nusukan.”

“Whoo...yen ngono omahmu isih ana ing wewengkon keraton Surakarta Hadiningrat utawa Soloraya kuwi, ya Ndhuk? Papan panggonan kabudayan Jawa kang adiluhung, kang paring wewarah marang luhuring budi pekerti, ngudi marang tumindhak kang utami. Lan papan panggonan Pujangga Gedhe R.Ng. Ronggowarsita kang wis nyerat Jongko Joyoboyo. Lan papan panggonan seniman keroncong sing terkenal nganthi tekan mancanegara kuwi Maestro Bapak gesang kanti lagune Bengawan Solo, air mengalir sampai jauh, akhirnya ke laut.”

“Inggih, Nini-nini. Pancen leres kawula saking mriku.”

Sanajan mung turu sewengi ana ing gubuge Nini-nini, ing atine Bawang Putih ana rasa ayem, tentrem, pasrah, sumarah marang Sangkan Paraning Dumadi. Bawang Putih enthuk wewarah lan pitutur kang migunani saka Nini-nini.

Wewarah lan Pitutur
1.    Aja dumeh sapa sira sapa ingsun
       Aja melik nggendhong lali
       Aja gumunan, melikan, merinan
       Aja kesusu, grusa-grusu mundak keliru
       Luwih becik alon-alon watone kelakon
       Ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busono
2.    Lembah manah gawe kuncaraning pribadi
3.    Cipta rasa, karsa, daya lan karya kudu saeka
4.    Dhasaring ngaurip iku gotong royong.
5.    Momor, momot, momong mesthi mikolehi.
6.    Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
7.    Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
8.    Nistha, madya, utama, sira kudu bisa mbedakake.
9.    Ruwed renteging ndonya iki, jalaran urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.

“Tak cukupi semene disik, Ndhuk, wewarah lan pituture Nini-nini. Ana cacah sanga (9) wewarah lan pituturku. Cacah sanga ngemu pamrih wong urip ana ing alam donya kuwi kudu bisa nahan marang babahan kang cacahe sanga. Kang tansah kebak ing beboyo lan godha rencono kang maneko warno. Ing donya kang kebak panggung sandiwara lan rekayasa.
Lan iki ana kothak loro, miliha salah siji sing abot apa sing entheng, Ndhuk? Tak kira kowe ora bakal keliru marang pilihanmu yen nggunakake kanti nganggo hati nuranimu.”

Bawang Putih milih kothak sing entheng, banjur pamit mulih. Sak tekane ngomah kothake banjur dibukak, jebule isine mas, intan, berliyan, mutiara, bebatuan mutu manikam kabeh barang sing berharga kekayaan alam ing bumi Nusantara.
Brambang abang ngerti dadi meri, srei, drengki, banjur lunga menyang omahe Nini-nini jaluk kothak sing padha kothake Bawang Putih.
Nini-nini uga nawani marang Brambang Abang,

“Iki ana kothak loro miliha dhewe sing abot apa sing entheng, Ndhuk Bocah Ayu? Ananging ayumu mung ana lairmu, ora tekan terusing bathinmu, wis bisa tak condro sing ana bathinmu.”


Brambang Abang banjur milih kothak sing abot. Rumangsane isine luwih akeh ketimbang kothake Bawang Putih.
Ananging Brambang Abang tekan ngomah dadi lara, angel enthuk tombo. Amarga lara gela, kothake isine ora mingsra, ora ana ajine apa-apa, tiwas kabotan anggone nggowo.

Dongeng Brambang - Bawang, dongeng turun temurun mung lewat lisan ora lewat tulisan.
Dongeng kang mung saka gegambaran, wawasan ananging bisa dadi kasunyatan lan kebanggaan.
Dongeng  Brambang - Bawang kang kethoke sepele ananging ngandung filosofi sing gedhe.

Filosofi  Brambang - Bawang
Diibaratke :
Brambang rupane abang
Bawang rupane putih
Urip ing alam donya kuwi sing dienggo pathokan = paugeran, mung ana loro.
Kayata :   
Ana abang ana putih
Ana padhang ana petheng
Ana urip ana mati
Ana suwargo ana neraka
Ana lanang ana wadon lan sak teruse.
Brambang kang rupane abang, diibaratake : Sifat kang angkara murka, durjana, dur angkara, adigang, adigung lan adiguna. Sapa sira sapa ingsun.
Bawang Putih diibaratake : sifat kang suci.
Brambang - Bawang = merah + putih, kang dadi bendera pusaka Bangsa Indonesia.
Marang wong kang anduweni sifat sing suci, resik atine, jujur tumindake, kang sepi ing pamrih rame ing gawe, lan anduweni sifat :
Satriyo kang Utomo.
1.    Jujur, tegas, cerdas, disiplin, bertanggung jawab.
2.    Anduweni ilmu.
3.    Nggunakake ilmu.
4.    Nyebarake ilmu.
5.    Tambah terus anggone nuntut ilmu.

Marang wong kang anduweni sifat kaya mengkono mau, kang bakale bisa mumpuni, mrantasi, ngopeni pusaka Bangsa Indonesia.
Demi persatuan dan kesatuan, kebersamaan NKRI.

Bawang Putih umbah-umbah, kumbahane keli ing kali Bengawan.
Diibaratake :
Marang wong kang atine suci kang bakale bisa ngemban amanah, kanggo ngresiki barang-barang kang reged dadi resik. Kahanan bubrah, rusak dadi becik lan apik. Amanah kang mbutuhake tanggung jawab sing gedhe.
Pangorbanan kang nguras jiwa, raga, lahir, bathin, gaweyan kang sulit, sulit teramat sulit. Gaweyan kang berat, berat teramat berat. 
Luwih-luwih nlusuri ing sak pinggiring kali Bengawan Solo kang wis kondhang nganti tekan mancanegara. Air mengalir sampai jauh. Akhirnya ke laut.
Ananging senajan pagaweyan sing abota kaya ngapa bisa dadi entheng menawa dikantheni ati kang suci, jujur, ikhlas tanpa pamrih.
1.   Sepi ing pamrih, rame ing gawe
2.   Rawe-rawe rantas, malang-malang puthung
3.   Jer basuki mawa beya
4.   Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
5.   Holobis kunthul baris, gotong royong nyambut gawe kanggo mbangun negarane.

Paman-paman sing ngguyang sapi, kebo, jaran, lan menda.
Diibaratake:
Para ulama, para pemuka agama, anduweni tanggung jawab sing gedhe ana ing donya nganti ing akherate. Kanggo nuntun umate supaya padha slamet uripe, ya slamet ing donya lan ing akherate. Tansah paring pituduh, tuntunan marang tumindak dalan sing bener tur pener aja nganti padha keblinger marang tumindak kang ora bener, nistha, durjana, duraka kang bakale dadi cilaka melebu kunjara lan neraka.
Tuntunan urip rukun, jujur, disiplin, bertanggung jawab. Kang wis ditindakake dening kebo lan sapi, anggone padha guyub-rukun, gotong-royong nyambut gawe, nindakake kuwajibane karo Simbok/Bapak Tani, anggone padha nggarap tegal lan sawahe.


Kang wis bisa mahanani, uripe dadi ayem lan tentrem, tansah prasojo lan ora kakehan neko-neko. Pantes keno kanggo patuladhan.

Popok lan beruk.
Diibaratke :
Popoke tenun lurik-lurik dham-dhaman. Tenun lurik kang wis dadi sandangane para leluhure wong Nusantara, ya wong Indonesia. 

Lurike dam-daman = kothak-kothak.
Kothak-kothak pancen nyoto welo-welo kanggo jatidirining Nusantara.
Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Katon ijo royo-royo.
Bisa gawe reseping pandulu.
Subur kang sarwo tinandur.
Murah kang sarwo tinuku.
Nusantara kang saiki dadi Indonesia.
Sanajan kothak-kothak, ananging wis dadi siji nyawiji dadi Bhinneka Tunggal Ika, jati dirining Bangsa Indonesia kang duweni pirang-pirang suku, budaya, bahasa, agama, adat-istiadat, kesenian, masakan lan warna kulit uga bedha.



Bangsa Indonesia
    Bentuk Negara                :    Kesatuan
    Dasar Negara                :    Pancasila
    Kepala Negara                :    Presiden
    Undang-undang Dasar    :    UUD 1945
    Bendera Kebangsaan    :    Merah Putih
    Lagu Kebangsaan            :    Indonesia Raya
    Semboyan Negara            :    Bhinneka Tunggal
                        Ika
    Lambang Negara                :    Garuda Pancasila
Republik Indonesia kang wis merdika tanggal 17 Agustus 1945, Presiden kang kapisan Bapak Proklamator Ir. Sukarno, Wakil Presiden Bapak Drs. Mohammad Hatta.

Beruk saka bathok kelapa
Diibaratake :
Beruk = takeran/ wadah.
Wadah kang kanggo naker beras, beras kang dadi makanan pokok Bangsa Indonesia. Beras kang asale saka pari, pari kang urip subur ana ing pangkuan Ibu Pertiwi.
Bathok kelapa kang dadi jatidirining Nusantara kang saben pulau lan pantaine tinanduran uwit kelapa.

Paman-paman sing angon bebek
Diibaratake :
Dadi pangon kuwi kudu bisa anggone nyrateni marang sing diengon, sanajan marang kewan sing galak gaweyane nglethak, sing gedhe sapadha gunung, nganti sak isining kewan ing kebon binatang.
Manawa bisa anggone nyrateni kewan siji lan sijine ben padha manut, lulut lan nurut. Kanti ati kang sabar, ikhlas lan kebak kasih sayang.
Filsafat sing ana bebek :
Bebek kuwi sak wijining kewan kang senengane rame sak rombongane, mlayu rana-rene karo ngumbar suwarane “…weeek…weeek….week!” Hambrebegi kuping wis ora duwe tepasalira.
Diibaratake :
Wong kang tansah seneng rame, egla-egle sak karepe dhewe, ora bisa mrantasi ing gawe, sanajan akeh balane sing dadi rombongane. Ananging di bawah komando sang komandan, si tukang angon bebek pinggir ndelanggung, kang arif bijaksana, berwibawa lan nduweni karisma. Mung nganggo githik cilik diacungke, bebek-bebek wis padha manut, nurut, baris siji-siji katon rapi mlebu kandange.
Ora susah ndadak menghunus pedhang panjang.
Pedhang, saka tembung :
Kahanan kang petheng ora bisa dadi padhang. 
Malah kosok baline dadi ruwet – mbundhet, angel diudari lan diwiradati.
Jimat keramat githik cilik utawa pecut cilik nyata-nyata pusaka kang ampuh lan tangguh.
Jimat keramat warisane para pinisepuh kang winasis leluhure wong Nusantara.
Lan jimat keramat pecut cilik yen dipecutake suwarane kaya bledhek nyamber-nyamber kang wis gawe ciuting ati padha wedi, lan dadi padha mangerti marang tanggung jawab kang kudu diayahi anggone mengabdi marang Ibu Pertiwi.
Jimat keramat githik cilik, pecut cilik, sumpit Borneo mujudake senjata kang alami saka bumi Ibu Pertiwi.
Senjata kang ramah lingkungan, beretika, beradab, berkeadilan kang ora gawe rusaking bumi, ora kanggo kesewenang-wenangan, kebiadaban, kerusakan, peperangan lan tawuran.
Jimat keramat githik cilik, pecut cilik, sumpit Borneo kang digawe saka uwit pring, uga bisa digawe bambu runcing. Senjata bambu runcing lan taktik perang gerilya nganggo jurus supit urang kang dipimpin dening Panglima Besar Bapak Jenderal Sudirman ing Palagan Ambarawa. Uwis bisa nglungakake penjajah Walanda kang wis suwene nganti 350 tahun anggone njajah ing bumi Nusantara.
Isih ana maneh jimat keramat kang bisa gawe kekes lan mirising ati.
Sing padha weruh dadi wedi, banjur nglungani. Ya… kuwi jimat keramat keris cilik.
Keris = saka tembung kekes lan miris.
Luwih-luwih jimat keramat sing siji iki senjata kang tangguh, ampuh ora ana sing bisa nandhingi sak donya iki.
Kasektene nggegirisi lan ngedhap-edhapi. Senjata pamungkas kang nyata-nyata sekti mandraguna… ya kuwi Burung Garuda Lambang Negara Indonesia.
Adedasar Pancasila
1.    Ketuhanan Yang Maha Esa
2.    Kemanusiaan Yang Adil Dan Beradab
3.    Persatuan Indonesia
4.    Kerakyatan yang Dipimpin oleh Hikmat Kebijaksanaan dalam Permusyawaratan / Perwakilan
5.    Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia

Pedoman Penghayatan dan Pengamalan Pancasila ( Eka Prasetia Pancakarsa ).
Ayo padha diresapi, dihayati lan diamalake. Aja padha diselehke, digletheke, dilalekake kanti nganggo 3 D :
1.    Diwiwiti saka awake dhewe disik
2.    Diwiwiti saka sing cilik
3.    Diwiwiti saka sak iki kanti ati sing resik.

Bali menyang Brambang – Bawang.

Nini-nini sing mususi.
Diibaratake :
Nini-nini = Biyung, saka tembung Bisa Kanggo Payung.
Payung hukum yang beradab, beretika dan berkeadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia.
Sing bisa ngayomi, ngayemi kanggo rakyat kanti adil, makmur, sentosa.

Mususi menyang kali Bengawan.
Diibaratkake :
Sing dipususi beras supaya resik yen dadi sega. Beras kang dadi makanan pokok Bangsa Indonesia.
Pituture para pinisepuh kang winasis leluhure wong Nusantara, kanti mawanti-wanti anggone meling marang anak turune.
“Nggeer …. Samu barang sing mbok pangan kanggo anak, bojo lan kaluwargamu luwih becik anggonmu adhus keringetmu dhewe barang sing halal, supaya ben padha slamet ing donya lan akherate. Aja kok wenehi saka panggaweanmu kang melik nggendong lali (korupsi). Kuwi panggaweyan kurang terpuji, bisa malati.”

Kothak sing entheng.
Diibaratake :
Sak kabehe panggawean senajan sulit, sulit teramat sulit, berat, berat teramat berat bisa dadi entheng manawa diiringi do’a, jujur, ikhlas, sabar, tanpa pamrih.

Kothak sing abot.
Diibaratake :
Wong kang anduweni ati kang serakah, durjana, dur angkara, adigang, adigung, adiguno, sapa sira sapa ingsun.
Tansah serakah, gumagah, sak wiyah-wiyah, senenge mung bungah-bungah.
Tansah gawe bubrah ora nggenah.
Wis ora ngerti marang jam lan wayah.
Wis lali angggone manembah marang Gusti Allah.
Wis ora gelem mikir marang wong kang nandang susah.
Ora bisa ngrampungi masalah malah nambahi masalah.
Tur … ya ora gelem ngakoni salah.

Rumangsane sing pinter dhewe, bener dhewe sing apik dhewe.
Amarga menungsa = Menus-menus dununge dosa.
Ora bisa ngilo marang githoke dhewe.
Eeela …. Eeelo sawo dipangan uler.
Eeela …. Eeelo wong bodho ngaku pinter.



DONGENG BRAMBANG – BAWANG

Dongeng turun temurun lewat lisan ora liwat tulisan.
Dongeng lewat gambaran, wawasan, kang sak iki dadi kenyataan, kebanggaan marang perubahan lan pembaharuan.

Kanti kebak ing pandonga, panyuwunan lan harapan marang Gusti Allah kang Maha Agung.

Kanti sumunare Tjahaja Purnama kang wis bisa gawe pepadhang marang Bangsa Indonesia khususe warga DKI.

Kang diwiwiti saka Jalan Slamet Riyadi ing Kutha Surakarta Hadiningrat (Soloraya).

Kanti kepilihe Bapak Jokowi – Ahok dadi Gubernur lan Wakil Gubernur 15 Oktober 2012.

Muga-muga Bangsa Indonesia tansah pinaringan rakhmat lan hidayah saka Allah kang Maha Kuwasa, sugeng lan tansah pinaringan kawilujengan.
Bapak Jokowi – Ahok anggenipun ngemban amanah ingkang luhur kangge Nusa, Bangsa lan Negara, mugi-mugi Bangsa Indonesia enggal pinaringan ayem, tentrem, tata, titi, raharjo, rahayu, basuki, widodo slamet nir ing sambikala.  Amin.


Simbah Muljati
Ing Bumi Sukowati Sragen Asri

25 Oktober 2012

BAB XXXII


“Dongeng Brambang-Bawang” lan lagu “Nenek Moyangku Orang Pelaut.”

Dongeng Brambang-Bawang sak wijining dedongengan kang turun temurun. Kang amung lewat lisan ora lewat tulisan. Lan lagu Nenek Moyangku Orang Pelaut kang dilagokake dhening bocah cilik-cilik sing isih ana TK lan SD.
Muga-muga dongeng Brambang-Bawang lan lagu Nenek Moyangku Orang Pelaut diijabahi dhening Allah SWT.
Bisa dadi kenyataan, kebanggaan, pengharapan, pembaharuan lan kemajuan bagi Bangsa Indonesia Raya. Dongeng Brambang-Bawang kang wis pas banget kagem ibu Iraiana Jokowi. Lan lagu Nenek Moyangku Orang Pelaut kang pas banget kagem ibu Susi Pujiastuti.
Dumateng pundakipun Ibu Iriana Jokowi tuwin para ibu-ibu menteri ingkang mumpuni, ingkang nggadahi tanggungjawab lan kewajiban ngemban amanah demi persatuan, kesatuan, kedamaian NKRI lan kelestarian ing bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Ngemban amanah kang menguras jiwa, raga, lair lan bathin. Ngemban amanah kang sulit, sulit teramat sulit. Ngemban amanah kang berat, berat teramat berat. Ngemban amanah kang kerja, kerja, kerja harus kerja. Ngemban amanah senajan abot bisa dadi entheng menawa dikantheni kebak ing pandonga, panyuwunan lan puji syukur marang Allah SWT. Kanthi ati suci, jujur, ikhlas, sepi ing pamrih rame ing gawe. Gusti Allah bakal angijabahi.
Ibu = wanita
Wanita = wani nata supaya dadi tumata.
Wanita kang utama dadi tulang punggunge negara. Harkat, martabat, derajat, pangkat, kuwat, hemat, manfaat, hebar...kelewat-lewat kabeh mau ana dhirining wanita kang utama.
Wanita = ibu = Biyung
Biyung = Bisa kanggo payung.
Payung hukum yang beradab, beretika, berkeadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia. Kang bisa angayomi, angayemi, kebak ing katresnan, ora pilih kasih, bisa anggone milah lan milih. Endi sing bener, endi sing salah, ora terus digebyah uyah ora nggenah.
Monggo ibu Iriana Jokowi, ibu Susi Pujiastuti tuwin para ibu-ibu menteri ingkang mumpuni Maju Tak Gentar, Membela yang benar. Maju terus pantang mundur. Maju terus dan bersatu demi negaramu. Allah bersamamu, rakyat mendukungmu.
Kebak ing pandonga, panyuwunan, puji syukur ing ngarsaning Allah SWT.
Para sesepuh = asepe ampuh = para Bapak, Ibu Guru lan alumnus SGB Negeri 2 Sragen, angkatan tahun 1955-1960.
Kanthi ndapuk Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) kanthi sesepuh Bapak H.M. Soeyadi B.A. kang isih anduweni tanggungjawab pendidikan marang anak, putu lan buyut kang dadi generasi penerus bangsa. Kanthi lewat buku “Wewarah Budaya Jawi” iki para sesepuh PAGAR sami ndherek anyengkuyung, ndukung dumateng programipun Bapak Presiden Joko Widodo dumatheng pendidikan budi pekerti lan Revolusi Mental yang berakhlak mulia.
Kanthi kepilihe Bapak Joko Widodo ing tanggal 20 Oktober 2014 dadi Presiden RI sing kaping 7. Angka 7 tumrape uwong Jawa kang ateges pitu-lungan. Bakale kang tansah pinaringan pitulungan, pengayoman, pangapura lan pikantuk hidayah  lan ridhonipun Allah SWT.
Angka 7 uga ateges tujuan. Bertujuan bisa mengemban amanah penderitaan rakyat menuju sejahtera. Rakyat menjadi adil makmur, sentosa, muga-muga bangsa Indonesia negarane enggal pinaringan ayem, tentrem, tata titi, kerta raharja.
Tansah pinaringan Widodo, Basuki, Rahayu, Sluman-slumun Slamet nir ing sambekala kanthi dipimpin Bapak Joko Widodo. Muga-muga Gusti Allah ngijabahi. Amin.

Sragen
Akhir Desember 2014

BAB XXXIII


Jokowi di Mata Seorang Nenek


Oleh : Mayor Ahmadi (Kompasiana, 19-9-2012)


Saya mempunyai sebuah buku yang ditulis oleh seorang nenek yang masih gemar menulis untuk mengisi waktu sembari “momong cucu”. Namanya adalah Ibu Mulyati dari Sragen yang kebetulan tulisannya berhasil dibukukan dan dicetak terbatas untuk diedarkan di kalangan satu kota Sragen, jadi tidak dijual di toko buku. Buku ini berjudul “Wewarah Budaya Jawi” yang berisi nasihat orang tua untuk anak dan cucunya.
Pada bab 20 dari buku ini terdapat tulisan mengenai Joko Widodo dengan judul Surakarta Hadiningrat dengan bahasa Jawa dan akan saya nukilkan di bawah ini :

BAB XX
SURAKARTA HADININGRAT

KERATON SURAKARTA HADININGRAT PAPAN PANGGONAN KEBUDAYAAN JAWA KANG ADI LUHUNG
KERATON SURAKARTA HADININGRAT PAPAN PANGGONAN PUJANGGA BESAR R.Ng. RONGGO WARSITO
LAHIR 14 MARET 1802 SEDHA 24 DESEMBER 1873 KANG UWIS NYERAT JONGKO JOYOBOYO
KERATON SURAKARTA HADININGRAT PAPAN PANGGONAN PANGERAN SAMBER NYOWO
KANG UWIS NGREPTO ADAT ISTIADAT KANG LUHUR TUMRAPE UWONG JOWO KANTI ONONE
DINO BAKDO = HALAL BIHALAL : KANGGO NGAPURO ING NGAPURO

KUTHA SALA UGO DISEBUT KUTHA NAGARI
KUTHA SALA ugo disebut KUTHA SOLO
KUTHA SOLO Kang Sak iki Iuwih pantes
Lan wis pas disebut KOTA SOLO RAYA
Uga kasebut KOTA SURAKARTA
Uga kasebut SUBASUKAWONOSRATEN
Amargo KOTA SURAKARTA nglimputi Tlatah 6 Kabupaten
1. Kabupaten BOYOLALI
2. Kabupaten SUKOHARJO
3. Kabupaten KARANGANYAR
4. Kabupaten WONOGIRI
5. Kabupaten SRAGEN
6. Kabupaten KLATEN

KOTA SOLO uga disebut KOTA BATIK
KOTA SOLO uga disebut KOTA BENGAWAN
KOTA SOLO ana SAK TENGAHE PULAU JAWA
KUTHA SOLO RAYA TAMBAH KUNCORO
KOTA SOLO kang wis kuncoro
Sak Nusantara lan sak njabane negara

Kanti dipimpin, dening pamimpin kang arif lan wicaksono
Bapak Walikota ing Kota Solo kang asmo bapak JOKO WIDODO
Asmo pinaringan soko wong tuwo
Ing pangajab dadia bocah sing migunani kanggo nusa, bongso lan negara
JOKO = Bocah Lanang
Bocah lanang bakal dadi pimpinan
WIDODO = Rahayu, Slamet

Pangajabe wong tuwo, dadiya pemimpin kang tansah pinaringan Widodo, Rahayu, Slamet nir ing sambikoIo.
Anggone ngayahi ngemban tugas kanggo negara Ian mimpin wargo, supaya uripe tansah padha ayem lan
tentrem.
Wargane kang tansah diayomi lan diayemi dening bapak pemimpin.
Kanthi anane : SAMBUNG ROSO
Kanti ulet lan rumaket marang warga
Sak iki kota Solo tambah kuncoro
Dipimpin dening bapak Joko Widodo
(Dari Buku Wewarah Budaya Jawi, ditulis oleh Ibu Mulyati di Sragen pada bulan Desember 2011)

Terjemahan bebasnya adalah sebagai berikut :

Surakarta Hadiningrat

Kraton Surakarta Hadiningrat merupakan tempat budaya Jawa yang “adiluhung”.
Kraton Surakarta Hadiningrat ditempati seorang Pujangga Besar R.Ng. Ronggowarsito (14 Maret 1802-24 Desember 1873) yang telah menulis Ramalan Joyoboyo.
Kraton Surakarta Hadiningrat terdapat Pangeran Sambernyowo yang telah mentradisikan Halal Bihalal bagi orang Jawa untuk saling memaafkan.

Kota Solo merupakan ibukota kerajaan yang dikenal dengan nama Surakarta atau sekarang menjadi Kota Solo Raya atau disebut Subasukawonosraten karena meliputi 6 wilayah kabupaten : Boyolali, Sukoharjo, Klaten, Wonogiri, Karanganyar, Sragen.

KOTA SOLO juga disebut KOTA BATIK
KOTA SOLO juga disebut KOTA BENGAWAN
KOTA SOLO berada di tengah PULAU JAWA
KOTA SOLO RAYA semakin terkenal baik di Nusantara maupun mancanegara

Karena dipimpin oleh seorang pemimpin yang arif bijaksana yang bernama Joko Widodo.

Nama ini pemberian orang tua yang menginginkan putranya kelak berguna bagi nusa, bangsa dan negara.

JOKO = anak laki-laki
Anak laki-laki akan menjadi pemimpin.

WIDODO = Selamat dan Sejahtera
Cita-cita orang tua agar menjadi pemimpin yang selalu memperoleh Widodo dari Yang Maha Kuasa dan dijauhkan dari mara bahaya.
Dalam menjalankan tugas untuk negara dan memimpin rakyat supaya kehidupannya selalu tenteram dan damai karena selalu mendapatkan pengayoman dan kebaikan dari bapak pemimpin.
Dengan cara yang santun menyambung rasa dan diikuti oleh partisipasi masyarakat.

Dan itulah Surakarta yang semakin dikenal karena dipimpin oleh Bapak Joko Widodo.

Demikianlah buku yang ditulis pada tahun 2011 sebelum Pak Joko Widodo dicalonkan sebagai calon gubernur DKI. Sederhana memang pemikiran seorang nenek, namun dibalik kesederhanaannya biasanya terselip doa yang sering dikabulkan oleh Yang Maha Kuasa.
Selamat berjuang Bapak Joko Widodo.
Kang anduweni sifat satria utama, jujur, ikhlas, tegas, cerdas, penuh disiplin, penuh tanggung jawab, berakhlak mulia, sepi ing pamrih rame ing gawe.
1.    Anduweni ilmu
2.    Nggunakake ilmu
3.    Nyebarake ilmu
4.    Tambah terus anggone nuntut ilmu
5.    Kanti ilmu bisa milah lan milih marang laku sing bener tur pener, ora gampang keblinger. Melik nggendong lali.

BAB XXXIV


Bertemu Jokowi di Angkasa

Saya mbahti Mulyati di tahun 2011 telah menulis sebuah buku yang dicetak terbatas di Kab. Sragen dengan judul : Wewarah Budaya Jawi lan Pitutur, dedongengane Simbah Marang Anak Putu.
Pada buku tersebut di bab XX, mbahti tulis tentang kepemimpinan Bapak jokowi yang arif dan bijaksana, berwibawa dan orangnya sederhana penuh kharisma, serta selalu sambung rasa kepada warganya. Lalu buku itupun telah mbahti sampaikan kepada Pak Jokowi melalui seorang penulis biografi pada saat sesi interview di Loji Gandrung (rumah dinas walikota Solo) ketika masih menjabat walikota Surakarta di tahun 2012.
Ketika menerima sebuah buku karangan mbahti, beliau hanya berkomentar singkat, “Ya beginilah buku tentang nasihat orang tua kepada anak cucu, yang sekarang sudah jarang kita dapatkan.”
Kurang lebih tiga bulan kemudian Bapak Jokowi dicalonkan menjadi Gubernur DKI dan Alhamdulillah beliau terpilih dan menjabat sebagai Gubernur DKI.
Cerita pun berlanjut, yaitu tanggal 9 April 2014 Bangsa Indonesia memilih para wakil rakyat. Sehari kemudian, di tanggal 10 April mbahti berkesempatan pergi umroh ke tanah suci dan buku karangan mbahti itu tak lupa dibawa.
Dengan penuh doa dan harapan mudah-mudahan Bapak Joko Widodo mendapatkan Ridha Allah bisa menjadi pemimpin tertinggi Bangsa Indonesia yang amanah dan penuh barokah, yang bisa mengatasi amanat penderitaan rakyat  (bagi orang Jawa, tahta itu seperti wahyu yang diturunkan pada manusia).
Semoga negara bisa jadi tertata-titi, adem ayem tentrem, dan selalu mendapatkan widodo, basuki, slamet nir ing sambikala.
Begitulah beberapa doa yang mbahti panjatkan di tanah suci selama menjalankan ibadah umroh. Pada tanggal 18 April, simbah ti sudah menuju ke bandara King Abdul Aziz di Jeddah untuk pulang ke tanah air dengan pesawat Garuda menuju bandara Soekarno-Hatta. Dari bandara Soetta terus ganti pesawat yang menuju bandara Adi Sumarmo Solo.
Setelah semua penumpang masuk ke kabin pesawat, dari kursi depan terdengar teriakan heboh para penumpang, “Jokowi...Jokowi...Jokowi.” Alangkah kagetnya simbah ti sampai gemetaran, karena tidak menyangka dan mengira bisa bertemu dengan orang yang dikagumi dan dibanggakan. Pak jokowi menuju ke kursi belakang tanpa ditemani pengawal dan tidak bersama Ibu Iriana.
Seperti biasanya kalau ada Pak Jokowi semua warga berebut bersalaman termasuk simbah ti ketika Pak Jokowi melewati deretan kursi penumpang turut bersalaman.
“Assalamu’alaikum Bapak”
“Waalaikum salam, bu.” jawab Pak Jokowi dengan senyum ramahnya, dan seakan seperti mimpi bagi simbah ti apakah benar sudah bersalaman dengan Bapak Jokowi.
Kemudia beliau duduk di kursi belakang dekat toilet dan di kelas ekonomi. Ini yang membuat simbah ti tambah kagum dan bangga kepada Bapak Jokowi meskipun sudah menjadi seorang gubernur dan calon presiden tetapi tidak mau memanfaatkan fasilitas negara.
Dengan kesederhanaan, keramahan dan keteladanannya justru semakin menambah kewibawaannya. Rasanya kok jauh dari yang dituduhkan banyak orang untuk menjelekkan namanya menjelang pilpres. Orang yang mempunyai akal sehat (wong waras) dan tidak dibutakan oleh kekuasaan akan merasa lebih hormat dan bangga, di zaman sekarang ini masih ada pejabat negara yang tidak mau menghamburkan fasilitas negara dengan aji mumpung, adigang-adigung-adiguna.

Selamat berjuang Bapak Jokowi.
Demi Nusa Bangsa dan Negara
Maju tak gentar membela yang benar
Maju terus pantang mundur
Rawe-rawe rantas malang malang putung
Rukun agawe santosa crah agawe bubrah
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Jer basuki mawa beya
Wewarah lan pituture para pini sepuh kang winasis leluhur wong Nusantara.
Sekali lagi selamat berjuang Bapak Jokowi, Allah menyertaimu.

BAB XXXV


7 PEJUANG BANGSA
KANG ARIF BIJAKSANA
SEPI ING PAMRIH, RAME ING GAWE


1.    R.A. KARTINI
Wanita nusantara kang prasaja tur lugu. Luhuring bebudene. Gurune para kaume. Kang wis nuntun para kaume marang “Habis Gelap Terbitlah Terang.”

2.    PATIH GAJAHMADA
Panglima perang kang ampuh-tangguh, sekti mandraguna. Pantes yen apeparab bupatine prang.
Sing wani bakal wirang.
Yen nglurug tanpa bala.
Digdaya tanpa tanda apa-apa.
Lamun menang tan ngasorake liyan.
Sugih tan abebanda.
Umbul-umbule warna jenang gula-klapa.
Tinengeran gambare raja kaya.
Disusuli swarane bende waja.

3.    R. Ng. RONGGOWARSITO
1.    Pujangga panutuping keraton Surakarta Hadiningrat.
2.    Sastrawan
3.    Budayawan
4.    Peramal
Kang ngramal menangi jaman edan, pancen wolak-waliking jaman.
Amenangi jaman edan, ora edan ora keduman. Sing waras padha nggragas. Wong tani padha ditaleni. Wong dora padha ura-ura. Beja-bejane sing lali isih beja sing eling lan waspada.

4.    Ir. SOEKARNO
Pemimpin bangsa kang arif, bijaksana, berwibawa, anduweni karisma, guru bangsa, pejuang bangsa, kang merakyat lan ditresnani dhening rakyat.

5.    GESANG MARTOHARTONO
Sak wijining seniman keroncong lan komponis besar kang wis misuwur sak Nusantara lan manca negara.
Ananging Bapak Gesang uripe tansah prasaja, sabar, narimo ora neko-neko. Pancen pantes kena kanggo tepa tuladha marang kawula muda sebagai penerus bangsa.

6.    JOKO WIDODO
“The Next Soekarno” (penerus cita-cita Ir. Soekarno). Kanthi anane sambung rasa, kanthi ulet lan rumakete marang warga kang wis bisa mahanani warga rumangsa diayomi-diayemi, dhening Bapak Joko Widodo. Bapak pemimpin kang sederhana, jujur, ikhlas, tegas, cerdas, disiplin, bertanggungjawab berakhlak mulia.

7.    Ibu IRIANA JOKOWI
Dumatheng Ibu Iriana sebagai ibu negara pendamping Bapak Presiden Republik Indonesia. Wonten pundhakipun Ibu Iriana ngemban amanat saking rakyat ingkang awrat. Pekerjaan ingkang berat teramat berat. Pekerjaan ingkang sulit teramat sulit. Pekerjaan ingkang penuh pengorbanan, lahir bathin, jiwa raga penuh tanggung jawab. Mengemban amanat penderitaan rakyat.
Punapa malih ngadhepi kahanan ingkang sak punika, ingkang kena diparibasakake : “Pithik angrem sak nduwure pikulan” = kang tansah digoyang terus. Peraturan padha diterak sakepenake dhewe, amarga wong urip wis kocar-kacir ora bisa diwiradati. Ubaling angkara ngambra-ambra (akeh koruptor), diumpamakake : ula endhase loro = bisa nyaplok ngarep-mburi.
Wonten pundhakipun Ibu Iriana, kahanan ingkang ruwet mbundhet punika saged dipun udhari mbaka setunggal. Ibu Iriana sebagai ibu negara, gelar sebutan ibu = biyung = simbok = wanita.
  1. Sebutan ibu = kang ateges = isi bumi. Ibu ingkang kinodrat dititahake kang bisa anduweni keturunan kanggo isining bumi.
  2. Sebutan biyung = bisa kanggo payung = payungan yen lagi kepanasen lan kodhanan. Kang bisa angiyupi, angayomi lan angayemi.
  3. Sebutan simbok = sithik-sithik kanggo tombok. Tansah tulus ikhlas lahir bathin marang pengabdian, pengorbanan lan tanggung jawab. Sepi ing pamrih rame ing gawe.
  4.  Sebutan wanita = wani nata supaya tumata. “Wanita pasti bisa!” Wonten pundhakipun Ibu Iriana anggadhahi tanggung jawab, mengemban amanat penderitaan rakyat.
Umbah-umbah popok-popok ingkang reged-mblekethek, supados dadi resik, apik, becik, menarik. Supados mboten sami jijik.
Meneruskan cita-cita ibu RA Kartini, habis gelap terbitlah terang.
Meneruskan cita-cita Bapak Presiden Sukarno : tentang Sarinah = sari tuladha sing genah. Monggo Ibu Iriana membimbing Sarinah-Sarinah Indonesia. Supadhos sami-sami “Tut wuri handayani.”
Dados Sarinah-Sarinah ingkang mumpuni. Dados Srikandi-Srikandi ingkang dados tulang punggung negara.
Optimis menatap masa depan untuk mengisi kemerdekaan Republik Indonesia Raya yang hebat, kuat bermartabat. Demi kesatuan, persatuan, kemajuan, kebersamaan, kedamaian, kesejahteraan NKRI.
Selamat berjuang dan kerja, kerja, kerja Ibu / Bp. Joko Widodo demi Nusa, Bangsa dan Negara. Allah selalu ridho dan melindungi Ibu / Bp. Joko  Widodo.

Rakyat yang ikhlas, cerdas, tegas, lugas, tuntas selalu mendukung Ibu / Bp. Jokowi.
Amin

Sragen, akhir Desember  2014


Kebak ing pandonga, panyuwunan lan harapan. Welinge Mbahti marang anak putu, padha sregepa sinau supaya katekan apa sing dadi gegayuhanmu lan aja lali marang pendidikan budi pekerti. Ngudi marang tumindhak kang utami lan anduweni akhlak mulia hati. Kabeh mau bisa kanggo anyengkuyung-ndukung program Bapak Presiden Jokowi. Program revolusi mental kang nomer siji lan ayo padha dicanangake, disebarluasake marang gerakan gemar membaca dan menulis.
Gerakan gemar menulis dan membaca
Seneng maca buku sebagai jendela dunia
Seneng maca buku tambah ilmu
Seneng maca buku negarane dadi maju

Seneng maca buku menyang perpustakaan
Seneng maca buku kanggo menambah wawasan lan kepinteran
Seneng maca buku kanggo nyegah tawuran, penipuan, pengrusakan, pemerkosaan, perampokan
Seneng maca buku negarane kebak ketentreman lan kedamaian

Maca buku Wewarah Budaya Jawi
Wewarah kang kebak filosofi-filosofi kang migunani
Wewarah kang kebak nasihat-nasihat ingkang bermanfaat
Wewarah kanggo anak putu supaya uripe padha slamet ing ndonya lan ing akherat
Wewarah Budaya Jawi kang hebat, kuwat, kalewat-lewat
Wewarah kang ora susah ngethokake ragat
Wewarah kang tansah diudi, diuri-uri, dipepetri amrih lestari
Bisa ngrembaka dadi kuncara sak Nusantara lan sak endhenging bawana
Wewarah kang sak ndonya ora ana kang bisa nandhingi