Selasa, 01 Maret 2016
BAB VIII
PULAU JAWA UGA DIARANI
PULAU JAWA DWIPA
JAWA DWlPA : Saka Tembung
JA : JAGAD
WA : WADAH
DWI : LORO
PA : PATHOKAN / PAUGERAN
Dadi sak jroning jagad, kuwi mung ono loro sing kanggo PAUGERAN / PATHOKANE, sing kanggo pathokane jagad kuwi kayata :
• Ono suwargo ono neraka
• Ono bungah ono susah
• Ono njedhul ono ambles
• Ono esuk ono sore
• Ono wareg ono luwe
• Ono sugih ono kere
• Ono kono ono kene
• Ono cilik ono gede
• Ono lanang ono wadon
• Ono padhang ono peteng
• Ono ngisor ono nduwur
• Ono lemu ono kuru
• Ono sregep ono keset
• Ono ganep ono ganjil
• Ono ngarep ono mburi
• Ono langit ono bumi
• Ono rembulan ono srengenge
• Ono kendel ono jirih
• Ono duwur ono cendhek
• Ono iyo ono ora
• Ono kulit ono isi
• Ono njero ono jaba
• Ono gelo ono lego
• Ono urip ono mati
Isih akeh maneh, sing kanggo paugerane jagad.
Bendera Indonesia uga reno loro merah lan putih.
BENDERA MERAH PUTIH.
BENDERA TANAH AIRKU
GAGAH DAN JERNIH TAMPAK WARNAMU
BERKIBARLAH DI LANGIT YANG BIRU
BENDERA MERAH -PUTIH BENDERA BANGSAKU
BENDERA MERAH PUTIH
PELAMBANG BRANI DAN SUCI
SIAP SELALU KAMI BERBAKTI
UNTUK BANGSA DAN IBU PERTIWI
BENDERA MERAH PUTIH
TRIMALAH SALAMKU
(Lagu Bendera Merah Putih- Ibu Sud)
BAB IX
TANAH JAWA, UGA PANGGONAN
PERADABAN PURBAKALA
TANAH JAWA UGO TANAH JAWI
KANG DADI PUSERING BUMI
AYO KABEH PADHA MENSYUKURI
MARANG KANUGRAHANING GUSTI ALLAH IKI
APA KABEH PADHA UWIS MANGERTI ?
PERADABAN PRASEJARAH UGO ONO ING TANAH JAWI
AKEH PARA AHLI ARKEOLOGI PADHA NELITI
PERADABAN MAU DUMUNUNG ONO BUMI SUKOWATI (KABUPATEN SRAGEN ASRI )
AYO KABEH PADHA MBUKTHEKAKE
ONO DUSUN SANGIRAN PANGGONANE
ING KONO ISIH AKEH BALUNG-BALUNGE
KANG UWIS DADI FOSIL-FOSIL SAKING SUWENE
BAB X
UGA ANA ING TANAH JAWA
MULA BUKANE AKSARA JAWA
Falsapah Jawa, anduweni pituduh marang entfheke jaman.
Kaya ana ing riwayate Ajisaka kang wis nglairake aksara Jawa.
Aksara Jawa mau cacahe ono 20 aksara. Kang unine lan tegese kaya mangkene :
HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA
Ana utusan
Padha dadi padudhon
Padha digdaya
Padha dadi bathang
Riwayat anane aksara Jawa.
Nalika Ajisaka, arep tindak nglemboro, Ajisaka dawuh marang abdi kang kinasih. Supoyo njogo keris pusoko. Kanthi mawanti-wanti Ajisaka anggone meling lan paring dawuh marang abdine. Ojo pisan-pisan keris iki, kok wenehake marang wong liyo, kejobo mung marang ingsun pribadi.
Ajisaka nganthi suwe anggone tindhak nglemboro Ajisaka banjur kelingan marang keris pusokone, sing ditinggal ono tanah leluhure. Ajisaka banjur ngutus abdi kang kinasih liyane, kang dadi pendereke. Supoyo mundut keris kang ditinggal ono tanah leluhure. Marang abdi kang kinasih, sing kadawuhan mundut keris iki, Ajisaka ugo mawanti-wanti anggone paring dawuh marang abdi kang diutus mundut sing ono tanah leuhure siro aja pisan-pisan bali marang ingsun, menawa yen wis bisa nggowo keris pusoko ingsun.
Cilakane abdi loro-lorone kang kinasih lan tansah setiya marang junjungan tansah ngestokake, nun inggih sendiko dawuh. Lan ngugemi marang tugas kang lagi padha diemban. Loro-lorone padha-padha ngestokake marang dawuhe Ajisaka.
Abdi sing siji kadawuhan nunggu keris pusoko. Dene Abdi sing sijine kadawuhan mundut keris pusoko. Sarehne ora onone pirembugan kang kanthi sareh, sumeleh, kang anjalari bakale pikoleh, lan ora ono pirembugan supoyo amrih apike, lan padha kepenakake, anggone padha kautus mungkasi gawe, lan ora anane SAMBUNG RASA kang gumathok antarane siji lan sijine. Mulo loro-lorone banjur padha padudon rame. padha golek benere dhewe-dhewe.
Marang apa sing wis kautus dening junjungane,loro-lorone padha rebut benere dhewe-dhewe, terus padha padudon nganti rame. Banjur padha perang tandhing. Siji lan sijine padha digdoyone, padha ampuhe larn padha sekti mandraguna. Loro-lorone ora ana sing menang lan sing kalah, terus loro-lorone padha mati sampyuh, bebarengan dadi bathang.
Mangkono mula bukane AKSARA JAWA KANG DISERAT DENING AJISAKA.
Kanggo pepeling marang abdi-abdine kang kinasih, loro-lorone kang wis padha mati sampyuh, lan padha dadi bathang. Loro-lorone sawijining abdi kang padha ngayahi kuwajiban, sing lagi padha diemban. Kang wis ngesthokake dawuhe saka junjungane lan anggone padha ngemban amanat. Perang tandhing kang nggegirisi kang wis gawe mirising ati, lan rasa wedi, amarga loro-lorone padha digdoyone lan angkuhe.
Amargo ADIDAYA mau ora ono uwong kang padha wani misah, utowo nyegah, supoyo salah siji ngalah, luwih-luwih dadi panengah supaya ndonya iki ora dadi bubrah lan salah kaprah ora nggenah. Luwih ciloko maneh, kedadeyan sing nggegirisi kang wis gawe mirising ati lan roso wedi mau tansah dibolan-baleni nganti tekan turun-temurune manungso ing donya iki. Wiwit jaman mbiyen, nganthi tumekane sak iki, ing abad millenium iki, ora ono entheke, mandhege lan rampunge.
Pancen wis dadi kodrate menungso ( menus-menus dununge dosa ). Yen padha ora bisa anggone ngendhaleni marang hawa napsune kang tansah kadunungan sifat, drengki, srei, dahwen, open, jail, methakil, pongah, serakah gumagah sak wiyah-wiyah, senengane mung bungah-bungah, kang tundone agawe bubrah ora nggenah, ora gelem ngalah, senajan tumindhake mau salah ora gelem ngaku salah, wis ora mikir akeh wong sing padha nandhang susah. Amargo wis padha kelangan HATI NURANl, lan wis padha ora wedi marang BENDHU ILLAHI lan ora padha ngrumangsani menawa kabeh mau sing kagungan GUSTI ALLAH KANG HANDARBENI SAK KABEHING TITAH kang sak wantah, asale soko lemah, bali ugo menyang lemah, dadine ugo dadi lemah.
Menungsa ugo padha ora mangerti, nganti tekan kapan kedadeyan perang tandhing iki, anggone bisa rampung lan mandheg. Ananging perang tandhing iki tansah dibolan-baleni nganthi tekan akhir jaman = KIAMAT.
Mengko bakale ono peperangan sing luweh gedhe lan ngegirisi, ing bumi iki. Peperangan = armageddon jenenge. Perang iki sawijining kedadeyan kang kanggo MIWITI ANANE DINA = KIAMAT.
BAB XI
NUSANTARA
SUMPAH PALAPA
SUMPAHE PATIH GAJAH MADA
ISINE SUMPAH :
Ora pati-pati mangan uwoh kelapa menawa durung bisa ndadhekake Siji nyawiji kepulauan Nusantara
Kang maewu-ewu cacahe
Kang saben pantaine, tinanduran uwit kelapa Nusantara, kang anduweni hasil bumi
Kang maneko warno
Apa-apa sarwo ono
Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Dene patih gajah mada kuwi :
Sakwijining punggowo kraton mojopahit
Naliko dipimpin dening prabu hayam wuruk
Kang nemoni jaman keemasan / kejayaan
Nusantara = pulau siji lan sijine ana antarane kapisah dening segoro
Palapa = papan panggonan uwit kelapa
Pantes yen apeparab bupatine prang
Sing wani bakal wirang
Yen nglurug tanpa bala
Digdaya tanpa aji apa-apa
Lamun menang tan ngasorake
Sugih tan abebandha
Umbul-umbule warna jenang gula kelapa
Tinengeran gambare raja kaya
Disusuli SWARANE BENDHE WAJA
BAB XII
PRING SEDAPUR (SERUMPUN BAMBU)
Uwit pring, sing kethoke sepele nanging akeh banget, PAEDAHE lan FILSAPATE.
Dene uwit pring kuwi jenise ana pirang-pirang.
1. Ana pring gading
2. Ana pring wulung
3. Ana pring ori
4. Ana pring apus
5. Ana pring tulup, seruling lan isih akeh maneh jenis lan jenenge.
FAEDAHE UWIT PRING SEDAPUR
1. Uwit pring sing dowo, dikethok-kethok bisa kanggo CAGAK omah, reng, usuk, blandar, gedhek, kabeh mau piranti kanggo gawe omah.
2. Digawe tampah, tumbu thenggok, cething, kalo, kukusan, besek, ikrak, kreneng, kranjang, bronjong, tenong kabeh mau minongko perabetan pawon.
a. Tenong ilang pantheke.
Omong ora ono entheke.
b. Tenong kanggo adah lopis.
Yen wis omong ora uwis-uwis.
c. Tenong teles ndang dipepe.
Omongane sing TEGES, yen ora mundhak dadi rame.
Diselingi parikan kanggo tombo kesel.
3. Digawe kurungan manuk, kurungan jago, kandhang pitik, kandhang bebek, menthok, banyak, sapi, kebo, wedus, kabeh mau minongko kandhang kewan.
4. Digawe kepis, wuwu, pancing alat kanggo golek iwak.
5. Digawe gethek, prahu, alat kanggo tetumpakan.
6. Digawe lincak, pogo, kursi, tutup lawang kanggo perabot njeron omah.
7. Digawe caping nggunung, kanggo lungo menyang sawah supaya ora kepanasen lan kodanan, caping ora pisah karo petani.
8. Digawe KENTHONGAN, sawijining alat kanggo aweh tanda (INFORMASI).
• Menawa ana banjir
• Menawa ana kobongan
• Menawa ana rajapati
• Menawa ana kematian
• Menawa ana kerja bakti
• Menawa ana maling kanggo rondha njaga kampung.
Ing jaman ndisik kenthongan kuwi, mujudake alat sing ampuh, kanggo aweh tanda, maune sing nuthuk kenthongan wong siji, nanging bisa tekan ngendi-endi, amarga kesambung kara gurung, mula ana unen-unen.
Sak dhawa-dhawa lurung, isih dhawa gurung bisa sambung-sinambung omongane uwong siji lan sijine.
9. Digawe galar
Biasane uga dadi omahe tinggi dene galar kuwi kanggo turu, uga sak wiji ning alat kanggo kesehatan.
Turu nganggo galar kuwi, luwih sehat ketimbang turu ana kasur busa sing mendut-mendut .
Turu ana galar sing atos, apa maneh ora nganggo bantal, kuwi bisa nyehatake awak, amargo darah bisa lancar.
Luwih-luwih ora bantalan bisa ngilangake rasa ngelu (mumet) sirahe, keju-keju awake, yen tangi turu awake dadi etes weseweeesss-ewess bablas angine, ilang kesele, ilang keju-kejune, ilang lorone kari seger-warase, entheng awake yen wis entheng banjur mabur mak puuur. Dadi enteng anggone nyambut gawe, iki mau ngendikane pini sepuh. Sing uwis nindakake lan mbukteke, kabukten para pini sepuh ndisik, awake tansah sehat-sehat, senajan gaweyane rekasa lan sing abot-abot.
Apa maneh yen wayah wengi padha tangi amargo padha dicokoti tinggi kemranyas gatel ana ngendi-endi.
Ananging ora padha nyalahake tinggi.
Padha matur nuwun marang tinggi kang wis nggugah ing wayah wengi supaya ben padha ora lali.
Nindhakake kewajiban marang Gusti AIlah kang Maha Suci.
Kosok baline kasur busa sing empuk mendut-mendut, ketoke enak-kepenak, bisa angkler, ngiler-ngiler yen kanggo turu, ananging malah kosok baline, dadi yen dienggo turu ora bisa roto, bergelombang saking empuk mendut-mendut. Dadi darah ora bisa lancar, mulo ngganggu kesehatan kuwi kanggone sing ora kulino turu ono kasur busa.
10. Uwit pring sing isih enom, diarani EBUNG : REBUNG
Bisa diolah kanggo jangan, lan kanggo isi lumpia. Luwih-luwih dijangan lodeh lawuhe gong gede yen ditabuh unine mak geerrreh, dadi mak nyus...rasane bola-bali imbah-imbuh nganti ngenthekake sego sak cething.
11. Kanggo alat musik, suling, angklung, calung, kentongan.
12. Kanggo dolanan, jaran kepang, pecut , egrang, layangan, gangsingan, tulup lan isih akeh faedahe saka wit pring.
FILSAPATE : Uwit pring sedapur
Uwit pring sing uripe tansah grombol, akeh tunggale, ora urip ijen,uwite cilik nanging duwur. Yen keno angin pucuke mentiyung, mobat-mabit, koyo ora duwe dhoyo. Jebul malah kosok baline, uwit pring sing katone ringkih kuwi, jebulane duweni kekuwatan, ketangguhan, keampuhan kang nggegirisi Ian ngedhap-ngedhapi.
Kamongko uwit pring kuwi, oyote cilik-cilik tur lembut (akar serabut), ananging nduweni kekuwatan, ketangguhan, keampuhan, kehebatan kang ora ono tandinge, senajan keterjang prohoro gede, angin lesus kang ngobat-ngabitke lan muntir uwite, keterjang banjir bandhang kang gawe mirise ati lan nggegirisi, uwit pring isih mbegegeg ora obah ora owah saka panqgonane, apa maneh kok nganti sol oyote, ambruk uwite. Senajan oyot pring sing kethoke Iembut ora duwe daya kuwi jebul anduweni KEKUWATAN lan KESATUAN SING BISA DIANDALKAN.
Apa maneh uwit pring sing uripe siji lan sijine, tansah empet-empetan, grombol. Yen keno prahoro gede wit siji lan sijine padha GESEKAN. Senajan padha gesekan lan mobat-mabit, keterjang prahoro, kabeh mau ora ndadekake PECAH utomo gawe RUSAK uwite. Nanging malah kosok baline, senajan padha gesekan, malah bisa NUWUHAKE suworo sing MERDU BAK BULUH PERINDU, yakuwi suworo suling.
Suworo suling, kumandang suwarane
Tulat....tulit kepenak unine.
Uuunine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kendangane
Senajan padha gesekan siji lan sijine ora ndadekake marang perpecahan, pengrusakan, luwih-luwih perbedaan nanging malah kosok baline, malah ndadekake marang KERUKUNAN, PERSATUAN, KEBERSAMAAN. padha GOTONG-ROYONG anggone padha nyambut gawe, nindakake marang kuwajibane dhewe-dhewe kanthi SEMBOYAN :
RUKUN AGAWE SANTOSO
CRAH AGAWE BUBRAH
RAWE-RAWE RANTAS
MALANG-MALANG PUTHUNG
JER...BASUKI MOWO BEYO
HOLOBIS KUNTHUL BARIS
Kabeh padha nindakake kuwajibane dhewe-dhewe kanthi apik lan becik, kanthi bener lan pener, kanthi SEPI ING PAMRIH RAME ING GAWE. Senajan wis jaman Millenium, sing serba Moderen lan CANGGIH, apa-apa wis SERBA ELEKTRONIK LAN PLASTIK.
Nanging perkakas sing bahane soko pring isih akeh sing mbutuhake, amargo ramah lingkungan lan njogo marang kesehatan. Pancen bener ngendikane pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa. padha nanduro uwit pring bisa kanggo nolak marang BEBOYO, lan FAEDAHE GEDE BANGET tumrap manungso aja padha nandur ISI GORI : BETON sing malah ndadekake MOLOPETOKO kuwi kurang DUGO lan PRAYOGO OJO padha seneng gawe RUSAKING BUMI bisa MALATI.
Alas padha dibabadi
Gunung padha digunduli
Lemah padha dikeruki
Kabeh mau apa arep kanggo ngubur
sing ono bumi ?
Akeh sing wis ora wedi marang BILLAHI
Akeh sing wis ora wedi marang bendu ILLAHI
Akeh sing wis ora padha duwe NURANI
Akeh sing wis padha mburu materi DUNIAWI
Sawah-sawah padha DIPATENI
Sak perlu padha disebari isi gori
Alias beton wesi, kang tumanem tajem
sak jroning bumi
Kang wis gawe nangis, sedih, perih, merintih,
IBU PERTIWI
Mulo padha jaganen marang lingkungan kanthi nganggo 3D :
Di wiwit saka awake dewe disik
Di wiwit saka sing cilik
Di wiwit saka sak iki
Aku peduli, aku mengabdi, aku berbakti, kanggo IBU PERTIWI.
1. Ku lihat ibu pertiwi
Sedang bersusah hati
Air matamu berlinang
Mas intanmu terkenang
2. Hutan gunung sawah lautan
Simpanan kekayaan,
Kini ibu sedang duka
Merintih dan berdoa
3. Kulihat ibu pertiwi
Kami datang berbakti
Lihatlah putra-putrimu
Menggembirakan ibu
4. Ibu kami tetap cinta
Putramu yang setia
Menjaga harta pusaka
Untuk nusa dan bangsa
Uwit pring ugo sawijining SENJATA sing SEKTI MONDROGUNO, AMPUH, TANGGUH, SENJATA ANDALAN PORO PINI SEPUH, KANG WINASIS LELUHURE WONG JAWA ya NUSANTARA.
Kang uwis bisa ngusir para penjajah WALONDO kang suwene nganti 350 tahun kanthi nggunakake wit pring sing digawe dadi BAMBU RUNCING. Lan taktik perang gerilya. Para pejuang SEJATI anggone ngusir para penjajah kang dipimpin dening BAPAK JENDRAL SUDIRMAN ING PALAGAN AMBARAWA.
Ngusir WALONDO sing manggon ana BETHENG PENDHEM Ambarawa. Kanggo mengeti para pahlawan, pejuang bangsa, ing kota AMBARAWA DIDHEKAKE MONUMEN PALAGAN AMBARAWA lan REL SEPUR BERGERIGI TINGGALANE WALONDO.
BAB XIII
GUGON TUHON
SAKA TEMBUNG = DIGUGU LAN DITUHONI
Senajan para pini sepuh kang winasis, leluhure uwong Jawa. Ing jaman mbiyen, durung akeh sing padha mangerti marang aksara. Isih akeh sing buta huruf, durung padha bisa moco lan nulis. Amargo dijajah dening Walondo, kang suwene nganthi 350 tahun.
Mulo karo bangsa walondo ora dingerteni moco lan nulis hurup latin. Mengko mundhak padha pinter. Pinter bisa ngungkuli kepinterane bangsa Walondo Mula digawe bodo longa-longo koyo kebo. Dadi pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa kang anduweni kuwajiban lan tanggung jawab sing gedhe, kanggo minterake anak lan keturunane. Senajan ora bisa moco lan nulis, ora kurang akale kanggo minterake anak lan keturunane supoyo bisa nompo lan ngeling-eling.
Padha nggugu lan nurut marang omongane wong tuane. Mula ono tembung = gugon tuhon = digugu lan diturut.
Bocah ndisik padha bekti, ngajeni, wedi, padha nggugu lan mbangun turut marang bapa lan biyunge. Ora padha nggresulo lan penjalukan sing neko-neko.
BAPA
Saka tembung = bareng-bareng lara lopa, anggone ngupoyo upa. Bocah-bocah ndisik kawit isih cilik-menthik wis bisa ngrasakake rekosone wong tuwane anggone ngupoyo upo, golek sandhang-pangan.
BIYUNG
Saka tembung = Bisa kanggo payung.
Aja padha bingung yen lagi nampa lelara lan rubedha, isih ono sing disambati, kanggo tombo lara lan bingung yen tiba utawa kesandhung mesthi sing disambati nomer siji biyunge.
Karo sesambat
Adhuh........biyung, Adhuh........biyung,
Adhuh........biyung Iarane.
Kuwi mau sambat sing ora pati lara banget.
Nanging yen kelaran tenanan, sambate dadi bedha
Katon nelongso, lan memelas,
Adhuh...... iyuuung...... iyuuuung, iyuuuung.......
Laarane tenanan.......iyuuung.
Karo gulung-kuming, ngaru-woro, nggalur-nggalur sing sesambat marang biyunge, supoyo sudo larane. Krungu sesambate anake, biyunge banjur nyedhaki, karo kumecap jopa japu nambani larane anaku, puuus........puuus.......wis mari.
Ilang larane kari seger warase. Anake banjur meneng klakep ora nangis maneh. Amargo wis ilang larane.
Dene wong dhisik, menawa nambani leloro ora perlu obat sing larang regane, mung cukup saka tetanduran lan thukulan sing ono sak kiwo tengene omah, obat-obatan sing alami lan nabati.
Menawa lara wathuk, cukup ditambani nganggo kencur lan uyah. Lara panas mung diparutke brambang + lengo diblonyohake awake. Korengen, diidoni, idu bacin, yen tatune anyar digoleke glamet sing ono gendheng, yen mencret, digaweke teh kentel, pupus jambu kluthuk.
Bocah cilik ben doyan mangan dicekoki. Awak greges-greges dijamoni godhong kathes, awake dadi ethes.
Pegel-linu, ngelu cukup dikeroki nganggo benggol. Loro beleken ditambani uyuhe dewe. Ora bisa ngenthut, digaweke gembrot sembukan, sing godhonge ambune koyo enthut.
Isih akeh maneh, tombr-tombo sing ora perlu ngethoke ragat sing akeh. Nanging kanggone bocah sak iki jare kuno wis ora jamane.
Dene tembung gugon-tuhon, kanggo mulang-wuruk marang anak-anake, supoyo padha nggugu lan manut-nurut, lan tansah ngeling-eling marang pituture wong tuwo, senajan mung lewat lisan ora Iewat tulisan.
GUGON TUHON :
Kayata :
1. OJO padha MANGAN ONO TENGAH LAWANG, ORA ELOK.
Bocah ndisik krungu tembung ora elok, wedine ora jamak, ora karu-karuan pikirane, tansah dieling-eling ora uwis-uwis. Banjur padha nggugu lan nurut, ora padha mangan ono tengah lawang.
Sing dikarepake wong tuwo, lawang kuwi gunane kanggo dalan mlebu metu menyang jero omah, mengko mundhak ketabrak, ketendhang dadi lan larane.
2. OJO padha LUNGGUH BANTAL, MENGKO MUNDHAK UDHUNEN BOKONGE.
Bayangane bocah ndisik, yen lara udhunen kuwi larane tenanan, pathing srenut ora karu-karuwan, mula banjur wedi nglungguhi bantal.
Sing dikarepke wong tuwo, bantal kuwi panggone sirah, dudu panggone bokong.
3. BUBAR TETHAK, OJO NGLANGKAHI ALU DOWO ORA ELOK. Mundhak gendelen ora mari-mari.
Mulo bocah bubar tethak sing mlaku aloh-alon, paribasan ngidhak telek ora pendheng. Sing dikarepake, bocah yen bubar tethak mlakune kudu alon-alon ben ndhang mari.
4. OJO PADHA DOLANAN BERAS, MUNDHAK KITHING DRIJINE.
Krungu tembung kithing wedine wis ora jamak. Mengko yen kithing drijine terus ora bisa kanggo apa-apa.
Sing dikarepake wong tuwo, yen dolanan beras mundhak kutah kocar-kacir’.
5. OJO PADHA DUDHANG-DUDHING RECO GLADAK ORA ELOK.
Mengko drijine papat mundhak kithing.
Wah....samsoyo tambah wedi, rumangsane reco gladhak kuwi bisa malati, terus padha ora wani dudhang-dudhing.
Sing dikarepake wong tuwa; yen lagi mlaku ono ndalan gedhe sing akeh tetumpakan, ora keno padha sembrono, lengak-lengek, nolah-noleh, mundak ketabrak tetumpakan.
6. KANGGONE UWONG TUWO NDISIK, menawa ANAKE NANGIS KEJER, GULUNG-KOMING, ORA GELEM MENENG-MENENG.
Kanthi sabar lan alus, anggone ngerih-ngerih anake supaya ben ndhang meneng.
Lee... ... bocah bagus, utowo
Nduk.....bocah ayu, ayune moblong-moblong koyo bulan sing lagi mencorong tak kandani yo.....apa kowe ora ngerti ?
• Nyang pasar, ono wong dhodol klapa dikepruki,wong dhodol tempe ditaleni, wong dhodol daging sapi, kebo, diirisi.
• Wong dhodol dhawet ayu dicidhuki, wong dodol untir-untir diuntiri.
• Wong dhodol kebo, sapi, wedhus, dipecuti banjur digowo menyang pasar kebo.
Krungu tembung-tembung sing medeni mau, bocaih sing nangis banjur meneng mak klakep, ora nangis maneh.
7. BOCAH-BOCAH NDISIK ORA ONO SING WANI, NYOLONG-NJUPUK,
Marang barange keluargane, luwih-luwih barange wong liyo, amargo bocah-bocah ndisik, wiwit isih cilik uwis diajari marang budi pekerti, kejujuran lan kemandirian.
Bocah-bocah padha temen-temen, ora ono sing wani colong-njupuk, kuwi dadi panthangan lan sirikan.
Luwih-luwih menawa krungu tembung
Mbung.......mbung.........ti
Mbung.......mbung.........ti
Sapa njupuk ora nembung bisa mlembung terus mati.
Krungu tembung, mbung-mbung ti mau wedine ora jamak. Mbok ono barang gemlethek, wis embuh ora weruh.
Senajan awake kepengin lan butuh. Upomo dijupuk yo ora ono sing weruh. Ananging isih duwe rasa wedi lan pekewuh.Marang pengendikane piyayi sepuh.
Kang wis paring piwulang lan kaweruh tumindhak kang bakal nekake bilahi, kang uripe dadi sengsoro lan nista.
Ojo padha melik, nggendhong lali iku tumindhak kang nisto lan kurang prayogo. Kudu eling lan waspodo.
8. DADI BOCAH WADON, LUWIH-LUWIH SING ISIH LEGAN = PERAWAN
Ojo padha metu sore, apa meneh ing wayah wengi, ora elok, kanggone bocah wedhok. Akeh dedemit, lan setan padha gethayangan. Glundhung pringis, Banaspati = Bandhot ganas senenge gawe pepati .
Kabeh medeni lan nggegirisi. Luwih-luwih sing tunggu uwit randu alas = setan alas. Sing diarani setan alas kuwi padha karo, pentholane setan.
Kabeh mau padha medeni lan agawe bilahi, bocah wadon disik, dikandani tembung mau, yo.........banjur nggugu lan nurut, ora ono sing padha wani mbantah marang wong atuwane.
Tansah mbangun-turut marang ngedikane wong tuwo. Ora padha wani metu ing wayah bengi.
Sing dikarepake piyayi sepuh =
Yen bacah wadon senengane metu ing wayah wengi, akeh banget saru sikune lan kebak ing bebayo lan rubedo. Sing gawe molopetoko lan sengsoro.
Kanggone wong tuwo ing jaman ndisik, menawa duwe anak wedok sing isih parawan anggone nyimpen primpen njogo tenanan, koyo dening satru, mungging, cangklakan ojo nganthi sing dadi sirikane = wewalere = wanodyo putri, barang siji kang tansah diemi-emi kang wadi iki, nganti katerjang dining bilahi, sak durunge nganakake ijab-kabul sing resmi. Kanggone bocah wedhok ndisik, iyo padha nggugu lan nurut.
Ora padha wani metu ing wayah bengi luwih-luwih perawan sing wis dipingit. Sing wis ono sing dadi calon jodone.
9. DADI BOCAH WADON KUWI OJO PADHA TURU SORE MUNDAK ADOH REJEKINE.
Yen tangi turu kudu sing isuk, ojo nganti kedisikan karo unine jago kluruk ing wayah isuk, supoyo gangsar jodone, akeh rejekine kepenak lan mulyo uripe.
Sing dikarepake wong tua = dadi bocah wadon kuwi, bakale padha ngayahi marang kuwajiban lan tanggung jawab. Sing abot ora entheng, sing bakale dipikulake ono pundhake, kanggo nggulawentah balewismo lan keluargane.
Bocah wadon ugo diaran = wanito = wani anggone noto balewismo supaya tumoto kang bisa gawe reseppe moto.
Wanito kang dadi, tulang punggunge negoro.
Menawa wanito lemah ora rosa, negorone uga lemah, dadi bubrah ora genah.
Wanito kuwi panggonan harkat, martabat, derajat, pangkat, hebat, kuwat.
Dadi bocah wadon disik, yen wis omah-omah anane mung tansah banting tulang, rino lan wengi. Ananging mung dianggep konco wingking panggonane mung tansah nglutheg-utheg ono pawon.
Gaweyane mung masak, macak, manak, ora keno mencak-mencak. Senajan sing lanang tansah mulang sarak, galak, senengane mbenthak-mbenthak.
Dene wong wadon, anane mung kudu mbangun turut lan manut. Nun inggih sendiko dawuh marang kakunge.
Apa soko bodhone, apa soko wedhine, kabeh mau ndadekake manut nurut marang kakunge. Amargo isih padha buta huruf, durung bisa maca lan nulis, durung padha anduweni kepinteran lan wawasan.
Apa pancen wis dadi kodrate, senajan rekasa onone mung kudu manut lan nurut, ora kena padha nuntut.
Tujune wong wadon kanggonan sifat sing lembut, alus, luwes, prigel, anggone dadi konco wingking. Tansah iklas, sabar lan narimo, ora kakehan panjalukan sing neko-neko anane mung tansah bersyukur marang Gusti Allah Kang Maha Wasesa. Dene bocah wadon ing jaman ndisik, menawa arep palakrama, durung mangerti sapa calon jodone, amergo sing jodokake wong tuwa padha wong tuwa. Bocah-bocahe padha durung mangerti sapa calon jodone. Bocah-bocahe padha durung ngertine, amargo padha manut-nurut marang wong tuwane.
Dene bocah wadon ndisik isih umur 10 tahun, 12 tahun, 15 tahun, uwis padha digoleke jodo. Yen wis nganti, tekan umur 20 tahun luwih, wis diarani prawan tuwo utawa prawan kasep, kanggone wong tuwa wis mujudake, wirang lan isin, prihatin, amarga dadi kembang lambe tonggo teparo.
Mulo bocah wadon disik kudu manut-nurut marang wong tuwane . Senajan durung ngerti sapa calon jodone.
Mengko calone, bocah bagus, apa elek, gagah apa cendhek, wuto apa melek.
Semono uga bocahe lanang, calonku mengko ayu apa elek, lemu apa kuru, kabeh podo durung mangertine.
Senajan padha durung ngertine, luwih-luwih aten-atene siji lan sijine. Ananing iso omah-omah kanti bebarengan nganti dadi kaken-kaken lan ninen-ninen, tansah rukun, runthang-ruthung koyo dene mimi lan mintuno, anggone omah-omah, lan duwe anak nganti gembrayah.
Kabeh mau onone tembung. Withing trisno jalaran soko kulino. Wis dianggep lumrah lan biasa menawa wong wadon ndisik duwe anak nganti, limo, sepuluh, limolas, kuwi wis barang lumrah, akeh tunggale. Ono maneh sing nganti duwe anak, cacahe 24 bapa siji biyung siji.
Apa ora hebat lan nggumunake?
Gek kepiye anggone ngopeni?
Kanggone jaman sak iki, wis ora klebu nalar. Pancen yen dinalar lan dipikir, dietung, nganggo etungane manungsa tangeh lamun bisane, anak-anak gembrayah mung gawe repot lan susah.
Duwe anak nganti patlikur cacahe, prasasat ora kober nyelehne bokong, lan ora kober ngising. Ananging ono tembung,
Ndilalah kersane Gusti Allah.
Kawulo mung sadermo nglampahi, kabeh mau sing paring lan kagungan Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.
Kanthi ati kang yakin, iklas, sabar, pasrah, sumarah marang Gusti AIlah. Anggone ngemban amanah, ngopeni, lan gedhekne, minterke bocah-bocah.
Sak kabeh ing kerepotan mau bakal pinaringan kecukupan lan gampang anggone golek sandang lan pangan. Tansah pinaringan seger kuwarasan sak kabeheng paringane Gusti Allah, mujudake barokah dudu musibah.
Kabeh mau onone kabudayan Jawa kang adi luhung. Kang ngajarake marang keluhuran budi pekerti lan kejujuran. Lan ono tembung bapa lan biyung.
Bocah-bocah ndisik, tansah podo nggugu, manut, nurut, bekti, ngajeni marang wong atuwane. Bocah ndisik yen dilairake metu mbarep, anduweni, kewajiban lan tanggung jawab marang adi-adine, ngemong, nuntun ngajari, lan kena kanggo tuladha sing apik lan becik, marang adi-adine.
Semono ugo adi-adine manut, nurut marang sing gedhe, tansah runtang-runtung ngethoke gemati lan rukune. Bocah sing gedhe yen wis berhasil, banjur nglanting sing cilik, ngono kuwi sak seteruse.
Kabeh padha anduweni kewajiban kanggo ngenthengake, bebane bapa lan biyung senajan uripe mung pas-pasan, lan yo.....sok kekurangan anggone padha mangan lan nyandhang, ditompo kanti ati sabar lan narimo ananging bapa lan biyung uwis bisa nyetak anake dadi bibit kang unggul lan mandiri.
• Yo...... unggul marang kepinterane
• Yo...... unggul marang kepribadiane
• Yo...... unggul marang jati dirine
• Yo...... unggul marang budi pekertine.
Tansah anduweni, nurani, percaya diri, harga diri, mandiri, berdikari kabeh bisa mumpuni lan ngrampungi.
Bapa lan biyung ora rinoso sing maune anak gembrayah, sing maune sok gawe susah, ananging saiki wis iso gawe bungah, mongkog, bombong, marem, bersyukur, marang kemurahaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Mboko siji anak-anake padha lunga makaryo.
Mulo ora mokal menawa padha dadi, bocah-bocah sing migunani, marang nuso, bangso, lan negoro.
Kanti ati kang :
SEPI ING PAMRIH, RAME ING GAWE,
JER BASUKI MAWA BEYA
RAWE RAWE RANTAS, MALANG-MALANG PUTHUNG
HOOO LOBIS KUNTHUL BARIS
GOTONG ROYONG MBANGUN NEGORO.
KABEH PADHA GUMREGUT-SENGKUT.
ANGGONE TUMANDHANG NYAMBUT GAWE.
KANTHI BEDIKARI, PERCAYA DIRI,
LAN ANDUWENI JATI DIRI.
DADI WONG JAWA, OJO LALI MARANG JAWANE.
KANG ANDUWENI KABUDAYAN KANG ADI LUHUNG
KANG UWIS NGREMBOKO SAK NUSANTARA
LAN MONCO NEGORO.
BAB XIV
UGA ANA ING TANAH JAWA
Laire ibu kartini
Wanita Jawa kang prasoja tur Iugu.
Luhur bebudene.
Gurune para kaume
Nalika tanggal 21 April 1879, ing Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara wis lahir saWjining wanito Jawa kang asmane
R.A KARTINI
IBU KITA KARTlNI
PUTRI SEJATI
PUTRI INDONESIA
HARUM NAMANYA
IBU KITA KARTINI
PENDEKAR BANGSA
PENDEKAR KAUMNYA
UNTUK MERDEKA,
WAHAI IBU KITA KARTINI
PUTRI YANG MULIA
SUNGGUH BESAR CITA-CITANYA
BAGI....... INDONESIA.
Senajan yuswane Ibu Kartini mung sedelo, sedo 17-9-1904, dadi yusware Ibu Kartini suwene mung 25 tahun.
Ananging wektu kang sedelo mau, uwis gedhe banget jasa jasane Ibu Kartini. Kang uwis kasumbangake marang negorone, khususe kanggo kaum wanitone, kang wektu semono durung padha bisa moco lan nulis isih padha buta huruf.
Bocah wadon ndisik, isih padha dipingit kanggone sing isih perawan. Yen wis nduwe bojo, ya mung trima dadi konco wingking, dadi wanita dhisik kuwi isih terkungkung, kurang pergaulan lan wawasan. Isih ketinggaian adoh karo kaum priyo.
Kanthi anane buku karangane ibu Kartini, kang judule : “Habis gelap Terbitlah Terang.”
Kang wis paring pepadhang marang kaum wanita kang saiki uwis bisa sejajar karo kaum priyo.
Sak iki uwis akeh banget, srikandi-srikandi sing mumpuni ing samubarang gawe. Padha anduweni, jabatan sing penting-penting ing babakan pemerintah.
Kayata dadi :
1. Presiden Republik Indonesia
2. Menteri Peranan Wanita
3. Menteri Perdagangan
4. Menteri Keuangan
Sak jane, uwis sak trepe, lan dadi luwese, menawa menteri keuangan kuwi dicekel dening wanito = wani anggone noto.
Amargo wanito kuwi uwis anduweni dasar babagan nyekel duwit ngubengake duwit lan nyimpen duwit, kuwi uwis pagaweyan saben dinane, luwih-luwih ngetung duwit. Amarga tansah diwejang dening pini sepuh.
“Nduk, bocah ayu ?”
Gathekno, rungokno lan tindakno :
1. Nduk, dadi bocah wadon kuwi kudu sing gemi, nastiti, ngati-ati. Aja padha brah-breh, luwah-luweh, mubra-mubru tanpa pethung. Aja gegeden empyak kurang cagak.
2. Ora perlu ayu kanggo keberhasilanmu sing penting kudu tumindhak jujur, prigel, mumpuni, lan sregep nyambut gawe.
3. Ora perlu menarik, mengko malah ketarik, ketarik marang tumindak sing kurang becik. Prasojo luwih becik, ketimbang mengko kecelik.
4. Ayumu bisa sumunar, soko atimu lan jiwamu
5. Sumunare ayumu soko ucapanmu lan tindhak tandukmu.
6. Nduk, bocah ayu, dadi jejere wanito kuwi kudu bisa anggone olah raga, olah jiwo, olah laku, olah pikir lan kudu bisa angabehi ing samubarange. Kanggo kerukunan, kebahagiaan lan jejeke anggone padha omah-omah. Menawa bisa ojo padha nggantungke marang kakunge. Menawa bisa sithik-sithik bisa golek penghasilan dewe. Kuwi luwih prayoga lan utomo. Bisa nguwatake awakmu anggone dadi ibu rumah tangga.
7. Dadi jejere wanito kuwi, kudu bisa gawe ayem, tentrem lan marem anggone padha omah-omah. Kanthi bisa mandiri, percaya diri, kuwat lan tangguh ora gampang keno pengaruh. Tansah prasaja, ora aleman, cengeng, lan ora kakeyan neko-neko kang tanpa guna. Sifat-sifat wanita sing koyo ngono kuwi, kang dadi idamane kaum priyo.
Kanthi akeh-akeh pini sepuh anggone paring pitutur, wejangan, supaya bocah wadon padha ngati-ati ngadepi kahanan ing waktu saiki. Aja nganthi padha salah langkah.
Nduk Bocah Ayu, sepisan maneh tak kandani, RUNGOKNO, GATHEKNO, TUMINDHAKNO.
Nduk, dadi bocah wadon kuwi, kudu bisa njogo marang jejere WANITO kang UTOMO = UTAMI.
1. Kudu bisa njogo, anggone padha omah-omah. Supoyo bisa urip rukun, bahagia, sak jroning keluarga. Ojo sok tukar-padu sing ora perlu.
Luwih becik dirembug amrih apike lan kepenake.
2. Kudu bisa ngajeni marang kakunge.
Kasulistiyanmu, esem guyumu, solah bowomu, aluse wicoromu, sing -tansah narik ati kuwi, mung tumuju marang kakung lan keluargamu. Menawo kepinteran, ketrampilan, kewasisan, tumujua marang NUSO, BONGSO lan NEGORO.
3. Kudu bisa gemati, ngopeni, nyontoni, minterake, nggedhekake, ngarahake, kanggo putra lan putrine marang KELUHURAN BUDI PEKERTI, KEJUJURAN lan KEMANDIRIAN.
Ojo kok arahake marang MATERI, DUNIAWI. Kang anjalari sok melik nggendhong Iali. Banjur tumindak kang ora terpuji.
4. Kudu bisa njogo, marang diri pribadi.
Ajining diri saka lathi.
Ajining sarira saka busono.
5. Kudu bisa njogo anggone omah-omah, lan njogo wadi.
Ojo nganti ngombro-ombro tekan ngendi-endi kang malah nekake marang billahi, ora bisa ngrampungi.
Padha karo mbukak wirange wadine dhewe.
6. Kudu bisa sesrawungan karo tonggo teparo.
Ojo seneng ngelek-elek, ngenyek metani olone wong liyo, kuwi kurang prayoga.
Durung mesti awake dhewe luwih apik, amargo ora bisa noleh marang githoke dewe.
Luwih becik meneng yen ora seneng.
7. Kudu bisa ngatur wektumu, keuwanganmu, pikiranmu, tenagamu lan kudu njogo marang kesehatanmu lan awakmu supoyo tansah ayu. Kabeh mau kanggo keutuhan, kebahagiaan, putra-putrimu, keluargamu lan rumah tanggamu.
8. Pancen wis dadi KODRATE, WANITO anduweni kuwajiban WANI anggone NOTO. Balaiwismo, keluarga, putra-putrine supoyo TUMOTO. WANITO kang dadi tulang punggunge NUSO, BONGSO, lan NEGORO.
9. Kanthi laire R.A. KARTINI, ing Kecamatan Mayong Kab. Jepara.
Senajan yuswone R.A. Kartini mung sedelo. Ananging, sawijining wanito kang utomo. Kang uwis paring tepo tulado kang mulia.
10. Kang uwis paring pepadhang marang kaum WANITO supoyo sejajar karo kaum priyo. Kanggo mbangun NUSO BONGSO lan NEGORO supoyo NEGORONE ADlL, MAKMUR, SENTOSO.
11. Perjuangan lan cita-citane ibu Kartini. Ojo mung yen pas dino KELAHIRANE diperingati. Ayo padha diresapi, dihayati, rumasuk tumekaning ing njero ati. Marang cita-citane ibu Karini kang luhur iki.
12. Kanggone Kartini-kartini ing jaman saiki. Tanggung jawab sing ora enteng bakal ditemoni lan dilakoni. Senajan tanggung jawab abot ora enteng, kudu bisa nanggulangi. Kanti eling lan waspodo, gemi, nastiti, ngati-ati, percaya diri, lan mandiri. Ojo podo lali marang, IBADAH, BERDOA, BERSYUKUR, marang GUSTI ALLAH Kang Maha HANDARBENI
Langganan:
Postingan (Atom)