Sabtu, 30 Januari 2016

DAFTAR PUSTAKA


Adams, Cindy (1976).”Bung Karno Penyambung Lidah Rakyat Indonesia : Sebuah Biografi.”  PT. Gunung Agung. Jakarta.
Any, Andjar (1980). “Raden Ngabehi Ronggowarsito : Apa Yang Terjadi?”. Aneka Ilmu. Semarang.
Dewi, Resi K dkk (2008). “Pendidikan Kewarganegaraan (PKn) Sekolah Dasar Kelas IV”. Depdiknas.
Ensiklopedi Umum (1973). “Suriname”. Volume III. Yayasan Kanisius Yogyakarta.
Evans, Chris & Smith,K (2010). “Otak Ayam Bisa Secerdik dan Selicik Manusia”. Majalah Wildan Edisi 12 Tahun VIII. Solo
Moenzir, Iz Harry Agusjaya(1999).”Gesang: Mengalir Meluap Sampai Jauh.” Gramedia Pustaka Utama. Jakarta.
Pradipta, Budya (2004).”Sumpah Palapa Cikal Bakal Gagasan NKRI”. Makalah Seminar Naskah Kuno Nusantara sebagai Perekat NKRI. Oleh Perpusnas RI, Jakarta, 12/10/04.
Santosa, Iwan (2010). “Peringatan 120 tahun Migrasi Suku Bangsa Jawa di Suriname”. Harian Kompas. Jakarta. 7/8/10.
Wiyono (tanpa tahun). “Kasusastran Jawi”. Tulisan tangan, Sragen
Tim Redaksi (2011). “Aksara Jawa”. Cuplikan Salam Tribun. Harian Tribun Kaltim. Samarinda. 5/5/11.
Tim Redaksi (2011). “RA. Kartini”. Cuplikan Hari Kartini. Harian Tribun Kaltim. Samarinda. 1/5/11.
Tim Redaksi (1998). “Kumpulan Cuplikan berdasarkan suratsurat RM Sosrokartono, dihimpun oleh KRT Kertonegoro, Yogyakarta”.  Artikel Harian Buana Minggu, Yogyakarta.

RIWAYAT PENULIS


Ibu    Mulyati
Lahir 24 Agustus 1947 wonten Sragen.
Pendidikan :
•    Kelas 1-2 wonten S.R 6 Sragen.
•    Kelas 2 - 4 wonten S.R. Jangli, Jatingaleh Semarang.
•    Kelas 4 - 6 wonten S.R. Lodoyong, Ambarawa.
•    Lulus S.R. 1960 nglanjutaken dateng S.K.P (Sekolah Kepandaian Putri) Ambarawa .
Sekolah kula pindah-pindah amargi umur 3 tahun kula dipun pungut Pakde kula ingkang dados tentara pejuang 45. Dados dinasipun pindah-pindah saking Batalyon 441 Jatingaleh, lajeng pindah dateng Batalyon 440 Ambarawa.
Kurang luwih ing tahun 1960 an Mbahti bisa amenangi, sumerep, kepanggih Bapak Presiden Ir. Sukarno. Bapak pemimpin negara sing Mbahti kagumi, hormati, banggakan, sanajan mung sak keclapan.
Pak Bung Karno (asmane kang merakyat) nithih mobil jip terbuka karo nyelipake tongkat.
Gumujeng, mesem, mbales salam sambutan saka rakyat kang ambata rubuh.
Hidup Pak Bung Karno !
Hidup Pak Bung Karno !
Bung Karno jaya ! Bung Karno jaya !
Merdeka, merdeka, merdeka!
Sekali merdeka tetap merdeka!
Bung Karno siapa yang punya.
Bung Karno siapa yang punya.
Yang punya rakyat Indonesia
Pak Bung Karno pancen Bapak pemimpin negara kang arif, bijaksana, berwibawa, penuh kharisma.
Bapak pemimpin negara kang wis nyawiji dadi siji karo rakyat. Kang wis bisa ngrebut atine rakyat. Sanajan rakyat isih padha-padha melarat lan kesrakat. Ananging rakyat berjiwa besar bermartabat. Bukan berjiwa penjilat - pengkhianat. Rakyat padha anduweni tekad, semangat lan greget sing kuwat. Bersatu padu, gotong royong kanggo mbangun negarane.
Kedadeyan iki nalika Pak Bung Karno tindhak saka Semarang lewat Ambarawa terus tindhak menyang Magelang. Kota Magelang sing ana sekolah pendidikan Akademi Militer Nasional (AMN). Pengalaman iki tak alami nalika Mbahti isih Sekolah Rakjat (SR).
Tahun 1963, bapak kula dipun pindah tugasipun saking Batalyon 440 Ambarawa dipu  pindah dateng Kodim Sragen. Kula kepanggih kaliyan jodho kula. Tanggal 21 Juli 1967 Mbahti menikah enthuk Bapak Guru ingkang naminipun sami kaliyan asmanipun Bapak Presiden Ir. Sukarno. Dadi Mbahti enthuk Bapak Sukarno.
Tanggal 21 Mei 1968 Mbahti dipun paringi amanah momongan anak nomer siji, lair jaler.
Tanggal 21 Juni 1970 dina Minggu Kliwon pas sedhane Bapak Presiden Ir. Sukarno, Mbahti diparingi amanah momongan anak kang nomer loro lair estri.
Mbahti dipun paringi amanah momongan lare enem (6), jaler 3, estri 3.
Alhamdulillah sak menika sampun sami rampung anggenipun sekolah ugi sampun sami emah-emah sedaya (berkeluarga). Anak no 1 lan 5 mapan wonten Batam, Kepri. Anak no 2 lan 6 mapan wonten Samarinda, Kaltim. Anak no
3 mapan wonten Sragen. Anak no 4 mapan wonten Sala, Surakarta Hadiningrat. Lan nembe diparingi wayah (putu) cacah sewelas.
Tanggal 18 April 2014 ora nyana ora ngira kok ndilalah kersaning Allah, syukur Alhamdulillah Mbahti bisa ketemu lan salaman karo Bapak Presiden Jokowi. Presiden kang uga tak kagumi, hormati lan banggakan dadi tumpuan harapan marang perubahan lan kemajuan Bangsa Indonesia Raya. “The Next Sukarno” (penerus cita-cita Sukarno).
Mbahti ora ngira ora nyana manawa seneng maca lan seneng nulis kuwi tambah ilmu, tambah kepinteran lan wawasan. Kaya sing Mbahti alami iki, Mbahti bisa nulis Buku Wewarah Budaya Jawi amarga wiwit isih cilik Mbahti wis seneng maca lan nulis.
Kebak ing pandonga, panyuwunan, harapan, tujuan. Muga-muga Allah SWT paring ridho marang buku Wewarah Budaya Jawi. Dadia buku wewarah kang migunani kanggo anak putu, padha nggugu lan niru marang wewarah warisan saka para leluhurmu. Kabudayan Jawi kang adiluhung.
Kanthi ngucapaken raos syukur Alhamdulillah ing ngarsaning Allah SWT ingkang sampun paring hidayah, inayah tuwin ridhonipun dumateng kula. Tuwin matur nuwun kula dumateng Bapak H.M. Suyadi, Bapak-Ibu Guru Paguyuban Keluarga Besar (Pagar) S.G.B. Negeri 2 Sragen. Dumateng sisihan, anak, putu, mantu ingkang sampun paring dukunganipun mujudaken buku Wewarah Budaya Jawi menika.
Mugi-mugi buku wewarah menika dadosa buku ingkang manfaat kangge anak / putu sebagai generasi penerus bangsa dan budaya. Tuwin buku menika mugi-mugi sageda anyengkuyung ndukung dumateng programipun Bapak Presiden Joko Widodo, dumateng pendidikan budi pekerti tuwin revolusi mental. Amin.
Dadi wong Jawa aja lali marang Jawane.
Dadi wong Nusantara aja lali marang jati dirine, marang budaya Nusantara kang adiluhung.