Selasa, 01 Maret 2016

COVER

WEWARAH BUDAYA JAWI


Lan Pitutur

DEDONGENGE SIMBAH
MARANG ANAK PUTU





Karumpaka Dening
Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR)
SGB II SRAGEN


LUMANTARING BASA




Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Kanthi nyebut asmane Allah Kang Maha Murah lan Maha Asih. Para kaluwarga PAGAR SGB Negeri 2 Sragen kang wis matahun-tahun ananging tetep dadi kulawarga, kang ayem-tentrem sih sinisihan. Kabukten saben setengah warsa pada ketemu kangen-kangenan tanpa ana rasa sulaya siji lan sijine.

Anane mung tansah tresna asih lan kabingahan, datan ngetung longkrahing tenaga apa dene harta, anane mung seneng lan ikhlas. Bisa ketemu kanca-kanca lan mantan Bapak/Ibu Guru.

Duk samana paring piwulang kang bisa mahanani dadi guru. Ing wasana muga-muga Gusti Allah tansah paring ridha marang Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) SGB Negeri 2 Sragen. Amin.

Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Sragen, Desember 2011

Pengasuh PAGAR SGB Negeri 2 Sragen


H.M. Suyadi, BA.

BAB I


Simbah Prihatin
Ngadhepi Kahanan Wektu Saiki



Menawa basa Jawa iku nganti kalindih karo basa manca. Kabukten bocah sekolah saiki wis ora maelu marang basane dewe, kamangka basa Jawa iku gandheng cenenge karo budi pekerti, unggah-ungguh, kabudayaan lan seni.
Mula saka iku simbah-simbah guru, sanajan saiki yuswane uwis padha sepuh isih pada kumpul, sanajan setengah taun sepisan. Iku wis mujudake rasa tresna lan bektine antarane Bapak lan Ibu guru marang muride, murid marang Bapak - Ibu gurune kanthi ndapuk Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) Alumnus SGB Negeri 2 Sragen kanthi sesepuh Bapak H.M. Soeyadi,BA.
Bapak lan Ibu Guru SGB 2 Sragen angkatan tahun 1955 - 1961 kira-kira wis yuswa 85 tahun luwih, dhene murid-muride 65 tahun luwih. Sanajan wis padha sepuh lan kesehatane uga wis suda, ananging isih ana rasa tresna marang anak, putu lan buyutku kabeh lan isih anduweni tanggung jawab pendidikan marang anak, putu lan buyutku kabeh kanthi lewat buku iki.
Ayo Bapak lan Ibu guru uga murid-murid SGB 2 Sragen padha gawe kebecikan marang anak, putu, buyut padha dingerteni bab basa Jawa, mumpung isih keconggah tenaga lan pikirane lan ningkatake bekti marang Allah SWT.

NGADHEPI KAHANAN SAIKI

Ngadhepi kahanan wektu saiki Simbahti prihatin, sedih-perih, miris kaya diiris-iris, gumun, ngungun, muwun ora uwis-uwis.
Gela nelangsa, nyang ati kelara-lara kurang percaya ngadhepi kahanan ing wktu saiki. Apa iki sig diarani jaman Kalabendhu lan jaman edan ?
Apa wis tumekaning Jangka Jayabaya ?
Kang wis sinerat dening Pujangga Ronggowarsita?
Kahanan kang wis ruwet mbundet, paribasan bolah mbundet kang wis angel diudari lan diwiradati.
Kanggo ngisi wektu sisa umure Mbahti kang wis ngancik 69 meh 70 tahun, Simbahti nulis buku Wewarah Budaya Jawi. Luwih becik Simbah migunakake Basa Jawa ngoko, amrih krasa-rasa katresnane Simbah, lan gulet rumakete anak putu marang wong tuwa, lan basane uga gampang ditampa lan diwaca. Muga-muga buky wewarah iki pikanthuk ridhoning Allah SWT.
Dadia buku kang migunani kanggo anak putuku kabeh kang tansah tak tresnani. “Sebagai generasi muda penerus bangsa yang berkepribadian Nusantara dan berakhlak mulia, berguna bagi Nusa, Bangsa dan Negara.”
Ing Bab XV Simbah nulis kepemimpinane Bapak Ir. Sukarno (Proklamator lan Presiden RI kang kapisan). Amarga wiwit cilik Simbah uwis mengagumi, menghormati, bangga marang kepemimpinane Bapak Ir. Sukarno kang arif lan bijaksana.
Ing Bab XX Simbah uga nulis kepemimpinane Bapak Joko Widodo kang sederhana, arif - bijaksana : “The Next Sukarno” (penerus cita-cita Ir. Sukarno). Lan buku wewarah iki uga uwis Mbahti aturaken marang Bapak Jokowi nalika isih menjabat walikota Surakarta tahun 2012.
Bapak Jokowi uga paring komentar marang buku Wewarah Budaya Jawi, “Ya beginilah buku tentang nasihat orang tua kepada anak cucu yang sekarang sudah jarang kita dapatkan.”
Kurang luwih 2 - 3 wulanan Bapak Jokowi dicalonake Gubbernur DKI. Alhamdulillah Bapak Jokowi kepilih dadi Gubernur DKI, lan Mbahti ngaturi maneh Buku Wewarah nalika Bapak Jokowi menjabat Gubernur DKI. Lan ana tambahan dongeng ‘Brambang - Bawang’ kang pas banget kagem Ibu Iriana Jokowi : Bawang Putih umbah-umbah popok ing sak pinggiring kali bengawan. Luwih-luhih sak pinggiring Kali Bengawan Solo, kang wis misuwur nganthi tekan mancanegara, “Air mengalir sampai jauh akhirnya ke laut.”
Buku Wewarah iki isih terbatas ana kalangan Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) SGB Negeri 2 Sragen angkatan tahun 1955 - 1960. Buku wewarah kang kapisan dicetak Desember 2011 mung tekan Bab XXX. Cetakan sing kapindho Desember 2014 ana tambahan Bab XXXI - XXXV.
Pandonga, panyuwunan, harapane Simbahti muga-muga Gusti Allah angijabahi marang Wewarah Budaya Jawi. Wewarah kang ngudi marang kaluhuraning budi pekerti lan tumindak ingkang utami.
Ayo Bangsa Indonesia padha tansah memuji kanggo anyengkuyung ndukung Program Bapak Presiden Jokowi, program Revolusi Mental kang nomer siji. Kanggo ngajak rakyate aja padha nindhakake korupsi. Ayo Bangsa Indonesia padha tansah bersatu-padu untuk membangun negeri.
Ing bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi.
Muga-muga negarane enggal pinaringan Ridhoning Allah ingkang Maha Kuwaos.
Negarane dadi adem, ayem, tentrem, tata-titi kertaraharja.
Tansah Ginanjar, Widodo, Basuki, Rahayu, slamet nir ing sambikala.
Kanthi dipun pimpin Bapak Presiden Joko Widodo tuwin Wakil Presiden Bapak Jusuf Kalla.
Amin.


Wewarah Budaya Jawi

1.    Saking Bumi Sukowati Sragen Asri
Mugi-mugi Gusti Allah Angijabahi
Dumateng Buku Wewarah Budaya Jawi
Wewarah kangge anak putu dumatheng kaluhuraning budi pekerti
Wewarah ingkang ngudi dumatheng tumindhak utami

2.    Wewarah Budaya Jawi
Ndherek anyengkuyung ndukung program Bapak Presiden Jokowi
Program revolusi Mental kang nomer siji
Program pendidikan budi pekerti, ngudi marang tumindhak kang utami
Kang bisa ndadhekake, ngarahake anak bangsa berakhlak mulia hati
Berkepribadian Nusantara, berjiwa Pancasila
Menjadi negarawan sejati kang mumpuni

3.    Kabudayan Jawi kang ampuh lan tangguh
Kabudayan warisan saka pinisepuh
Kabudayan kanggo anak putu supaya padha puguh
Pengkuh, kukuh, tangguh, ampuh
Marang laku sing bener tur pener
Ora gampang padha keblinger
Melik nggendhong lali
Mburu uceng kelangan dhelek
Ora gampang rapuh kena pengaruh
Marang laku sing arep digayuh lan ditempuh
Lan aja padha angkuh

4.    Wewarah Budaya Jawi kang adiluhung
Wewarah kanggo anak putu aja dadi bocah kang kumalungkung adigang adigung
Sapa sira sapa ingsun, lan aja padha nggunakake aji mumpung
Wewarah Budaya Jawi kang bisa nyethak bibit-bibit kang unggul
Wewarah kang wis bisa nyethak bocah-bocah kang pinunjul

5.    Wewarah Budaya Jawi
Wewarah ngudi marang kaluhuraning budi pekerti lan tumindhak utami
Wewarah Budaya Jawi kang wis bisa nyethak pemimpin-pemimpin bangsa kang mumpuni
Wewarah marang anak bangsa berbakti demi ibu pertiwi, ing bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi
Wewarah kang wis bisa ndhadhekake para pemimpin negari saka tanah Jawi

6.    Wewarah Budaya Jawi
Wewarah kang wis bisa ndhadhekake para pemimpin-pemimpin negari
Sapa wae kang wis dadi pemimpin Negari Indonesia raya yang kita cintai?
Ayo diurutake mbaka siji, supaya bocah-bocah padha ngerti lan ora padha lali
Marang pemimpin Bangsa Indonesia Raya
ing Bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi

Bapak / Ibu Pemimpin Bangsa Indonesia Raya
1.    Bapak Presiden Ir. Sukarno ( memimpin ing tahun 1945 - 1966 )
2.    Bapak Presiden HM Suharto ( memimpin ing tahun 1967 - 1998 )
3.    Bapak Presiden BJ. Habibie ( memimpin ing tahun 1998 - 2000 ), sanajan Bp. Habibie saka Sulawesi dudu piyantun Jawi, ananging Ibu Ainun Habibie saka tanah Jawi
4.    Bapak Presiden Abdurrahman Wakhid / Gus Dur ( memimpin ing tahun 2000 - 2003 )
5.    Ibu Megawati Sukarno Putri ( memimpin ing tahun 2003 - 2005 )
6.    Bapak Presiden Susilo Bambang Yudhoyono ( memimpin ing tahun 2005 - 2014 )
7.    Bapak Presiden Joko Widodo (memimpin ing tahun 2014 ....)
Angka 7 = pitu basa Jawane
Muga-muga Bapak Presiden sing kaping 7 tansah pinaringan pitulungan, pengayoman tuwin ridhoning Allah SWT.
Angka 7    = tujuh bahasa Indonesiane
Angka 7 = bertujuan mengemban amanah penderitaan rakyat. Amin


7.    Wewarah Budaya Jawi
Kang wis nggawa anak putu uripe padha mulya
Amarga akeh sing dadi pamong praja kang bisa dipercaya ing babagan negara
Sanajan urip ing mancanegara
Kang adhoh banget karo tanah Jawa
Menyang negara Suriname ing benua Amerika
Amarga dipeksa kerja paksa dhening bangsa Walanda

8.    Wewarah Budaya Jawi tansah diuri-uri tekan seprene
Sanajan wis 1 1/4 abad anggone ninggalake tanah wuthah getihe para leluhur
Ananging dadi wong Jawa ora lali marang Jawane
Wewarah Budaya Jawi isih diturunake marang anak lan putune

9.    Marang sedulur-sedulurku sing ana Suriname
Simbah Kramasetra, Mbah Wira Sukarta, Joyo Taruno, Marto Dikromo, Surawikarta, Sonto
Kirim warta saka tanah Jawa
Piye kabare, padha apik-apik wae ta ?
Donga dinonga muga-muga tansah ginanjar widodo, basuki, rahayu, slamet nir ing sambikala
Simbah melu bungah-sumringah, amarga saiki anak keturunane wong Jawa Suriname lan anak keturunane wong Jawa sing ana tanah Jawa wis bisa nyambung maneh, bisa kumpul dadi cedhak lan padha grapyak semanak
Amarga anane sambung rasa dadi bisa raket nggulet - rumaket
Amarga padha - padha dadi Wong Jawa ora lali marang Jawane
Amarga anane Wewarah Budaya Jawa, lan basa Jawa, kang nganthi saiki isih padha nguri-uri amrih lestari
Lan bisa ngrembaka dadi kuncara sak Nusantara lan sak indhenging bawana

10.    Wewarah Budaya Jawi lan Pancasila
Uga wis disinau sanajan mung sedhela
Disinau nalika isih cilik ing tanah Jawa
Nalika ndherek bapak tirine kang keturunane wong Jawa
Kang saiki bisa dadi Presiden Amerika Serikat
Presiden kang asmane Barrack Obama

11.    Wewarah Budaya Jawi
Marang anak putuku, kabeh kudu bangga
Lan kudu bisa anggonmu padha njaga
Marang Wewarah Budaya Jawi
Ya ... budaya Nusantara
Kang ora ana sing bisa nandhingi sak ndonya
Ya ... sak jagad raya kang gumelar amba mbawera


BAB II


Dongeng LAN PITUTURE Simbah
Marang Anak lan Putune



Sakdurunge ndongeng Simbah arep paring pitutur marang anak lan putuku kabeh.

Pituture Simbah.
Tumrape wong Ajawi, kang anduweni marang luhure budi pekerti. Lan kabudayan kang adiluhung. Mula marang anak lan putuku, padha anduweni kuwajiban anguri-uri.
Dadi wong Jawa aja lali marang Jawane.
Dene wong Jawa kuwi anduweni
1.    Tanah Jawi, kang dadi pusering bumi.
2.    Suku Jawa
3.    Laut Jawa
4.    Gula Jawa
5.    Asem Jawa
Dene ing jaman biyen, biasane gula + asem kanggo nggawe wedhang. Tumrape wong Jawa kuwi tembung sanepan. Saka tembung wedhang + asem. Kang mengku teges (ngawe kadhang kanthi mesam-mesem).
Polatane seger sumringah, ngetokake kemrakete, anggone paseduluran marang sapa wae.
Tindhak tanduke tansah lembah manah, andhap asor. Amargo padha anjogo marang :
*    Ajining dhiri saka lathi
*    Ajining salira saka busana
Lan sakbubare wedhangan, banjur kondangan (kondang pada mangan).
Lan dadi wong urip kuwi kudu anduweni :
1.    Ati kang sareh
2.    Ati kang sumeleh
3.    Ati kang ora gmpang goreh
4.    Ati kang ojo dumeh
5.    Tundone mengko bakal pikoleh
6.    Aja gumunan
7.    Aja padha melikan, yen melik nggendong lali
8.    Aja padha serikan
9.    Aja nduweni ati sing srei, dengki, dahwen, open, lan sing gemi, nastiti, ngati-ati. Wong nandur bakale ngunduh.
6.    Pithik Jawa
7.    Wedhus Jawa
8.    Dina Pasaran : Pon,  Wage, Kliwon, Legi, Pahing.
9.    Dina Jawa ana 7 (pitu) cacahe : Engad, Senen, Selasa, Rebo, Kemis, Jumuah, Setu.
10.    Sasi Jawa  12 cacahe: Sura, Sapar, Mulud, Bakda Mulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkaidah, Besar.
11.    Basa Jawa
    Dhene basa Jawa kuwi kang mulang wuruk marang unggah-unguh, tindak-tanduk kang sopan santun, antarane putra marang wong tuwa. Basa Jawa ana telu : 1. Krama Inggil. 2. Krama Madya. 3. Krama ngoko.

12.    Aksara Jawa ana 20 cacahe :

           
HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA









13.    Gending lan gamelan Jawa, kayata
    Gong, gendher, gambang, kempul, kenong, kethuk, kendhang, rebab, siter, saron, suling, demung, bonang lan liya-liyane.

14.    Tembang Jawa Macapat.

1.    MIJIL
Watak    :    Wedaring rasa (pitutur)
Conto    :

Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkul yen dipun dukani
Barang den simpangi
Ana catur mungkur

2.    MASKUMAMBANG
Watak    :    Prihatin / nelangsa
Conto    :
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal tulungana
Anakmu kecemplung warih
Gulagepan wus meh pejah

3.    KINANTHI
Watak    :    Seneng, asih, tresna, pitutur
Conto    :
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
Cegah dahar lawan guling

4.    SINOM
Watak    :    Grapyak / pitutur
Conto    :
Duh Gusti harjuno sasra
Paduka pepunden mami
Sumantri minta aksama
Pari paksa ri punika
Nyuwun gungan sayekti
Kaparenga jeng sinuwun
Mapak putri boyongan
Jawi kita maespati
Ing pangan kah rumeksa
Asma paduka

5.    ASMARADANA
Watak    :    Sengsem / lara brongta
Conto    :
Pratikele wong akrami
Dudu brana dudu warna
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinambak arta

6.    DURMA
Watak    :    Galak - nesu / crita perang
Conto    :
Paman-paman apa wartane ing dalan
Ing dalan akeh pepati
Dipun kani ngaya
Den pinedhang angligan
Ing jaja satrusing gigir
Hakari raga
Badan kari ngalinting

7.    DANDHANG GULA
Watak    :    Luwes
Conto    :   
Wonten malih tuladan prayogi
Satriya gung nagari Ngalengka
Sang Kumbakarna namane
Tur iku warna diyu
Supradene Ngguyuh utami
Duk awit perang Ngalengka
Den nya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan kengguhing atur yekti
Den mung mungsuh wanara

8.    GAMBUH
Watak    :    Rumaket
Conto     :
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kepatuh tan dadi awon

9.    PANGKUR
Watak    :    Sereng
Conto     :
Duduga lawan prayoga
Myang watara riringa haywalali
Iku parabot satuhu
Tan kena titinggala
Tangi lungguh angadeg tuwinlumaku
Angucap meneng anendra
Duga-duga nora kari

10.    MEGATRUH   
Watak    :    Susah, getun
Conto    :
Prawinasis wus akeh ingkang winuwus
Wawasan wosing dumadi
Dedalane karaharjan
Tetuladhan kang linakon

11.    POCUNG
Watak    :    Kendo, sembrana
Conto    :

1.   
Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangikise dur angkara

2.
Bapak pocung
Cangkemu madep manduwur
Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering
Yen disuntak si pocung mutah guwaya

3.
Bapak pocung
Dudu tampar dudu dhadhung
Sabamu ing tawang
Pencokanmu kayu aking
Mlebu wisma si pocung nggondol suwara

4.
Bapak pocung
Otot tanpa mawa balung
Wujude gepeng dawa
Nata boga saben ari
Nora onya si pocung
Na njero guwa

5.
Bapak pocung
Dudu kothak dudu wadhung
Sangkamu ing tawang
Pencokanmu cagak wesi
Mlebu wisma si pocung anggawa rupa




15.    Tanah Jawa uga papan panggonan peradaban purbakala
Kang dumunung ing Sangiran
Ing Bumi Sukowati Kabupaten Sragen Asri

16.    Tanah Jawa uga papan panggonan 7 keajaiban dunia Candi Borobudur ing Jawa Tengah

17.    Ing Tanah Jawa uga ana dina Bakda Kanggo ngapura ing pangapura
Antarane wong tuwa marang putra wayah, tangga teparo lan sanak kadhang.
Para pinisepuh kang winasis leluhure uwong Jawa ya ... uwong Nusantara
Kang wis paring wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang, piweling marang anak keturunane amrih padha slamet uripe ing donya lan akherate.
Paring wewarah marang kaluhuraning budi pekerti marang tumindhak kang utami.
Jujur, ikhlas, tegas, cerdas, disiplin, bertanggungjawab berakhlak mulia kang anduweni wathak satria utama.
Lan adat istiadat kang wis turun temurun nganti tekan seprene.
Adat istiadat nyekar menyang kuburan para leluhure karo nggawa ladhong kang diiseni banyu bening lan kembang setaman kang dipethik saka bumi pertiwi kang gemah ripah loh jinawi
Kayata :
Kembang mawar, melati, kenanga, kanthil, lan ing kuburan ditanduri kembang kamboja.
Uba rampe mau kethoke sepele, jebule akeh banget filosofi ing sak njerone.
Nyekar, nggawa ladhong isi banyu bening, kembang mawar, melati, kenanga, kanthil, lan ing kuburan ditanduri kembang kamboja.

Filosofine :
Nyekar = nyekarep
Nyekarep marang tujuane urip, marang sing arep digayuh lan ditempuh.
Aja nganti salah tingkah lan salah langkah.
Mula kudu bisa anggone milih lan milah.
Endhi dalane menyang suwarga, endhi dalane menyang neraka.
Endhi dalan sing turut-runtut, bener tur pener, endhi dalan sing becik-apik, lan dalan sing salah kang agawe susah, bubrah ora nggenah.
Endhi sing ala agawe sangsara, cilaka lan dosa.

Filosofine :
Ladhong = sing ala-ala kudhu dhong / ngerti
Aja padha kanggonan wathak kang dur angkara murka, durjana, dur asusila, adigang, adigung, adiguna, aji mumpung, aja dumeh sapa sira sapa ingsun.
Aja kanggonan ati srei-drengki, dahwen-open, panasten, jail-methakil, pelit-medhit.
Aja serakah, gumagah sak wiyah-wiyah.
Kakehan tingkah polah sing ora nggenah.
Senenge mung bungah-bungah.
Wis ora eling marang jam lan wayah.
Banjur lali anggone manembah marang Gusti Allah.
Wis ora mikir marang wong kang nandhang susah.
Kabeh mau tumindhak kang anjalari bisa cilaka, sengsara, dosa bakale mlebu neraka.
Piwulang-piwelinge para pinisepuh kang winasis :
1.    Nistha, madya, utama
    Sira kudu bisa mbedakake
2.    Ruwed renteging ndonya iki, jalaran urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.
3.    Ruwed mbundete kahanan ing wektu saiki, paribasane bolah mbundet kang wis angel banget diudari lan diwiradati.

Amarga :
Akeh wong janji ora ditepati
Akeh wong nglanggar sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng ngalap,
Tan nindakake hukuming Allah
Barang jahat diangkat-angkat
Barang suci dibenci

Akeh laknat, akeh pengkhianat
Omah suci padha dibenci omah ala padha dipuja
Sing ora bisa maling digething
Sing pinter duraka dadi kanca
Sing edan padha bisa dandan
Sing mbangkang padha bisa nggalang
Omah gedhong magrong-magrong

Akeh manungsa ngutamakake royal
Akeh manungsa ngutamakake materi duniawi
Lali kamanungsane
Lali kabecikan
Lali sanak lali kadhang

Akeh uwong dholim ketimbang uwong alim.
Ake omongan mencla mencle, esuk dhele sore tempe.
Akeh sing ora idhep isin, ndilat idune dhewe.
Yen kepeksa nacad, nggunakna tembung manis.
Becik nacada cacadmu dhewe
Cacade dhewe ora tau katon ?
Amarga ora bisa ngilo marang githoke dhewe.

Filosofine :
Banyu bening = beninge ati kang suci murni =
Kang bisa nyampurnakake urip kalawan sucining ati.
Kanthi bening-weninge ati kang suci murni.
Kang bisa nggawa hati nurani kanggo mawas diri.
Saka ngendi sangkan paraning dumadi.
Jodo, rejeki, pati kuwi wis pinesthi saking karsaning Allah kang murbeng dumadi.
Menungsa = menus-menus dununge dosa
Adhapur titah kang sak wantah.
Asale saka lemah, baline uga menyang lemah.
Bisane mung tansah pasrah-sumarah.
Sabar narimo marang sing maha kuwasa.
Kanthi bening - weninge ati kang suci-murni kang bisa nggawa hati nurani marang kejujuran, keikhlasan, kebenaran, keadilan, kedamaian, rasa kasih sayang.
Andhap asor lan lembah manah, anduweni tepa selira marang sak padha padhaning ngaurip.

Filosofine :
Kembang mawar = mawarna-warna
Mawarna-warna kahanane urip ing alam ndonya.
Ndonya kang gumelar amba, kebak ing bebaya lan godha rencana.
Kang dadi panggung sandiwara.
Panggung politik, adidaya, adikuwasa.
Kebak rekayasa lan adhu domba.
Wong bodho dadi pangane wong pinter.
Ananging wong pinter kalah karo wong beja = bersih, jujur, aja dumeh.

Filosofine :
Kembang melati = melakua kang ngati-ati.
1.    Gemi, nastiti, ngati-ati, kudu diudi.
2.    Eling lan waspada !
3.    Thukna kang mathis !
4.    Lembah manah gawe kuncaraning pribadi.
5.    Perlu andhap asor, ora perlu ngasorake pribadi.
6.    Cipta, rasa, karsa, daya lan karya kudu saeka.
7.    Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae.
8.    Senenge ati ndawake umur.
9.    Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras.
10.    Mamerake pintermu padha bae mamerake bodhomu.
11.    Becik ketitik ala ketara.
12.    Sing sareh sumeleh bakale pikoleh.
13.    Sing salah bakale seleh.
14.    Sapa nandur bakale ngunduh.
15.    Aja dumeh sapa sira sapa ingsun.
16.    Ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
17.    Aja padha melik nggendhong lali.
18.    Aja ngandhakake apa bae kang ora padha kok ngerteni !
19.    Aja gegedhen empyak kurang cagak.
20.    Aja sok umuk, ubluk kuwi tandane yen cubluk.

Filosofine :
Kembang kenanga = ora kena ngapusi
Luwih-luwih nindakake korupsi.
Kuwi tumindak sing ora terpuji
Ngisin-ngisini, mbebayani, bisa malati.
Kena bebendhune Illahi bisa mlebu bui.
Dikerangkeng nganggo terali besi.
Mula aja padha melik nggendhong lali.
Mburu uceng kelangan dhelek.

Filosofine :
Kembang kanthil = makanthil-kanthila
Tansah makanthil-kanthila sak kabehing wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang lan piwelinge para pinisepuh kang winasis.
Wewarah marang kaluhuraning budi pekerti lan kabudayan Jawi kang adiluhung mau tansah kumanthil-manthila rumasuk ing sanubari lan tansah dipepetri, diudi, diuri-uri amrih lestari. Bisa ngrembaka dadi kuncara sak Nusantara lan sak endhenging bawana.
Sak kabehing warisan kang luhur lan adiluhung wis dadi kuwajiban lan tanggung jawabe marang bocah-bocah saiki, kang dadi penerus budaya bangsa Nusantara.
Mula aja nganthi padha disepelekake, diglethekke lan dilalekake.
Mula padha diestokake, ditindakake, dikenalake budaya Jawi kang adiluhung iki.
Aja banjuir padha wees...hewees...hewees, yen dikandhani wis ora gabres ora ngrewes.
Aja banjur padha egla-egle ngece, padha nggugu sak karepe dhewe.

Filosofine :
Kembang kemboja = kemba aja, nglokro, putus asa.
Dadi wong urip ora kena anduweni ati sing kemba, nglokro apa meneh putus asa.
Tumindak sing koyo ngono aja padha kok tindakake, ora kena, dosa kurang prayoga.
Para pinisepuh kang winasis, kang uwis paring wewarah-tuntunan marang anak turune. Amrih padha slamet uripe ing ndonya lan ing akherate, supaya aja padha salah tingkah, salah langkah, salah arah.
Bisaa padha terarah, ora gawe susah lan agawe bubrah sing ora genah. Kanthi paring wewarah tuntunan kang lewat filosofi-filosofi kang migunani kanggo siraman kalbu kang kena kanggo tamba ati.
Mula marang anak putu kudu bisa anggonmu padha ngonceki, meresapi, menghayati wewarah kang lewat filosofi-filosofi mau. Aja nganti padha keliru anggonmu duwe penemu marang filosofi-filosofi wewarah tuntunane para leluhurmu.
Marang kabudayan Jawa kang bisane ditampa kang migunakake “rasa lan rumangsa” kang nganggo “hati nurani”. Mengko yen padha duwe penemu sing keliru, mundhak dadi rame karo sedulure dhewe. Perkara sing sepele dadi rame ora ana enthekke lan pedhote. Kabeh padha golek benere dhewe lan apike dhewe, yen rumangsa kalah banjur ngejokake sak balane.
Para pinisepuh kang winasis leluhure wong Jawa, ya ... wong sak Nusantara. Anggone paring wewarah-tuntunan uwis wiwit jaman kuna makuna marang anak turune. Manawa bangsa Nusantara kuwi anduweni maewu-ewu pulaune, amba segarane, alas, gunung, tambang batu manikam, sawah simpanan kekayaan, subur kang sarwo tinandur ing bumi.

Nusantara kang gemah ripah lohjinawi, uga bedha-bedha suku, bahasa, budaya lan agamane. Mula supaya bisa dadi siji nyawiji (Bhinneka Tunggal Ika) banjur kabungkus nganggo godhong jati.
Filosofine = godhong jati.
Gotong royong anggone padha nyambut gawe kanggo mbangun negarane. Donga dinonga urip ing alam ndonya kang gumelar amba, kang kebak godha rencana. Supaya padha slamet uripe ing ndonya lan ing akherate.
Jatining diri kudu didhuweni. Dadi wong Jawa aja lali marang Jawane.
Para pinisepuh uga paring gendhing piweling supaya tansah padha dieling-eling lan tansah eling lan waspadha aja padha sembrana. Marang tulisan kang wis sinerat ing telapak tangane manungsa. Kanthi tanda huruf “M”.
Ana lima wewarah kang ana huruf “M” yakuwi :
1.        Mung tumujua marang Gusti Allah ingkang Maha Kuwasa, Maha Agung, Maha Welas lan Maha Asih.
2.    Manungsa = menus-menus dhununge dosa. Kang adhapur tithah kang sak wanthah. Kang anduweni watak serakah lan salah. Kang asale saka lemah, baline uga enyang lemah. Kang bisane amung pasrah lan sumarah ing ngarsaning Gusti Allah.
3.        Manungsa mesthi mati. Marang anak putu, sanajan mati, patine kang uwis dikersakake dhening Gusti Allah. Aja pati sing kagawa ati kang kemba, putus asa banjur nglalu bunuh dhiri. Kuwi ora kena, tumindhak dosa kang bakale mlebu neraka lan disiksa.
4.        Mawas Dhiri. Tansah mawas dhiri, saka ngendhi sangkan paraning dumadi. Jodho, rejeki, pati iku wis pinesthi saking kersaning Allah kang murbeng dumadi.
5.    Marang wong tuwa kudhu padha ngabekti, mbangun turut tansah ngajeni. Wong tuwa kang wiwit bayi anggone padha ngopeni. Bisaa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwa kang lahir bathin gemati.
Lelagon :
Wiwit aku isih bayi
Wong tuwa sing ngopeni
Nganthi tumeka saiki
Lahir bathin gemati

Mangkat sekolah disangoni
Sandhang pangan wis mesthi
Mula aku wajib bekti
Mbangun turut ngajeni

Huruf “M” yen diwalik dadi huruf “W”.
Huruf “W” = kang ateges Wewarah = Wewarah Budaya Jawi.
Wewarah marang kaluhuraning budi pekerti. Wewarah kang ngudi marang tumindhak utami. Wewarah kang wajib diuri-uri amrih lestari. Wewarah kang dijaga supaya bisa ngrembaka, lan bisa dadi kuncara sak Nusantara lan sak endhenging bawana.

18.    Tembang Dolanan.
Para pinisepuh kang winasis, kang wis paring wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang, piweling marang anak keturunane, amrih padha slamet uripe ing ndonya lan akherate.
Kanthi lewat gending tembang dolanane bocah-bocah cilik. Wis bisa paring wewarah marang kaluhuraning budi pekerti lan kabudayan Jawi.
Kayata tembang dolanan :
Sluku-sluku bathok, Cublak-cublak suweng, Jamuran, Jaranan, Kate-kate dipanah.
Tembang dolanan kang kethoke sepele ora ana guna lan paedahe, jebule tembung-tembung sing ana tembang dolanan mau akeh banget wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang lan piweling kang wis bisa nyakup kahanane wong urip ing alam ndonya lan ing akherate.

Filosofine tembang dolanan Sluku-sluku bathok :
Sluku-sluku bathok.
Bathoke ela-elo.
Si Rama menyang sala.
Oleh-olehe payung motha.
Mak jenthit lolo lobah.
Wong mati ora obah
Yen obah medheni bocah.
Yen urip nggoleka duwit.

1.
Sluku-sluku bathok = bathok diibaratake ing jerone isi daging lan banyu kelapa kang enak daginge lan seger banyune. Saben uwong kepingin ngrasakake uwit kelapa kang urip subur ing bumi Nusantara.

2.
Bathoke ela-elo = diibaratake melambai-lambai nyiur di sepanjang pantai bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi. Akeh bangsa liya kepingin anduweni simpanan kekayaan bumi ibu pertiwi.

3.
Si Rama menyang Sala = diibaratake, Rama : bapa kang nduweni kewajiban lang tanggung jawab marang keluwargane. Mula kudu lunga makarya ngupaya upa kanggo rumah tangga, anak lan bojone.

4.
Oleh-olehe payung motha = diibaratake, oleh-olehe kanggo tanda rasa tresna wong tuwa marang putra.
Payung motha = dadi wong tuwa kudu bisa dadi payung keluwarga yen lagi kodhanan lan kepanasen. Mula kudu bisa paring pengayoman lan pengayeman lahir lan bathine. Dadia keluwarga sing sakinah, mawadah, warohmah.

5.
Mak jenthit lolo lobah = diibaratake wong yen wis tuwa = gerang : segere wis arang-arang, wis ora bisa apa-apa. Ora bisa polah lan obah.

6.
Wong mati ora obah = diibaratake, yen wis mati ora bisa obah wis ninggal ndonya, kari nerusake lakuning akherate. Sing digawa mung amal ing ndonya sing bakale nuntun dalane menyang suwarga apa dalan menyang neraka.

7.
Yen obah medheni bocah = diibaratake wong mati sing kakeyan dosa bakale mlebu neraka lan disiksa.
Lagi ngrasakake sepira larane siksa api neraka lan sesambat arep mertobat marang kang akarya jagad. Yen bisa obah arep bali menyang ngomah ngandhani bocah-bocah sing ana ngomah supaya padha ngerti lan ora medheni marang siksa api neraka Jahanam.
Mula pada sregepa anggone ngibadah ngestokake dawuhing Allah lan ninggalake sing dadi larangane Allah. Supaya bocah-bocah bisa terarah ora salahtingkah lan salah langkah. Kanthi tuntunan agama sing kuwat dadia bocah sing sholeh lan sholehah lan berakhlak mulia.


8.
Yen urip goleka duwit = diibaratake :
Yen urip kudu nyekel duwit.
Yen urip kudu nggemeni duwit.
Yen urip kudu bisa nyimpen duwit.
Yen urip kudu bisa ngubengake duwit.
Yen urip kudu bisa nanjakake duwit.
Ing kene dudu duwit kertas sing tansah gawe memala, cilaka, prahara, lan gawe gonjang-ganjinge ndonya.

Sing dikersakake para pinisepuh ing kene duwit kuwi singkatan :

Donga lan puji syukur tansah konjuk ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwasa.
Upayanen rejeki sing halal amrih uripmu lan sak keluwargamu slamet ing donya lan akherat.
Waras lahir batin = jasmani lan rokhani.
Iman lan ibadah tansah kok antepi.
Tabah, tawakal, tathag-tetheg yen lagi nampa pacobaning urip ing alam ndonya kang kebak karo godha- rencana.

Dhasaring ngaurip iku gotong royong.
Urip lan pati iku siji.
Wani urip kudu wani mati.
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Tansah ngati-ngatia !
Tansah was-was tandha ora saras.
Tulungana sing pancen butuh pitulungan.


Tembang dolanan kang wis merakyat.
Tembang dolanan tanpa ngethoke ragad.
Wis bisa nyakup sakabehing ilmu sing manfaat.
Amrih anak-putu padha slamet ing ndonya lan akherat.

Lewat tembang dolanan para pini sepuh anggone paring wewarah marang anak putu.
Lewat tembang dolanan wis bisa nyakup sakabehing ilmu.
Lewat tembang dolanan bocah-bocah isih cilik menthik, isih padha nethek susune ibu.
Lewat tembang dolanan diajarake lan dididik sakabehing ilmu.
Ilmu olah raga, olah jiwa lan olah pikir.
Ilmu kaluhuring budi pekerti lan kabudayan Jawi kang adiluhung.

Tembang dolanan sluku-sluku bathok kang wis merakyat tanpa ngethoke ragad.
Wis ngajarake marang bocah-bocah supaya anduweni rasa rumangsa handarbeni marang tanah tumpah darahe. Bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.

Tembang dolanan kang tanpa ragad, ananging wis bisa gewe seneng atine lan mlethik pikirane.
Tanpa ragad wis ngajarake marang kesederhanaan, keutamaan, kemandirian, kerukunan.
Bocah-bocah ndisik tansah runthang-runthung rukun anggone padha kekancan. Sing gedhe ngemong sing cilik, sing cilik tansah manut-nurut marang sing gedhe.
Ora padha seneng padudon, gelutan, kerengan, gonthokan, nyolongan, debat-debatan.
Luwih-luwih tawuran nganti paten-patenan. Banjur balas dendam kanggo golongan, jegal-jegalan kaya dagelan dadi tontonan sing saru ora lucu, ora bisa gawe guyu malah gawe nesu lan gawe maluku ora patut digugu lan ditiru. Bocah-bocah aja padha melu-melu, tontonan sing ora bisa kanggo tuntunan. Kabeh mau tumindak sing ora becik kudu disirik.

Para pinisepuh tansah paring gendhing weling, marang anak-keturunane kanti mawanti-wanti supaya aja padha lali.
Ngger-anggeer, kabeh sing tansah tak tresnani padha sing rukun karo sedulur lan kanca-kancane. Aja seneng tukar padu sing ora perlu.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Bersatu kita teguh, bercerai kita runtuh.
Piwelinge para pinisepuh = asepe ampuh, kang wis paring wewarah marang anak keturunane supaya ampuh, tangguh lan puguh.
Marang dalan sing arep ditempuh lan digayuh.
Sing prasaja, sederhana ora kakeyan neka-neka lan aja angkuh.
Aja seneng marang kemewahan, kehormatan, pencitraan, pemborosan kang tanpa guna. Gampang muspra tanpa tanja.

Lagi ana cacah 18 lan isih akeh maneh kang dadi unggulane wong Jawa.
Akeh banget pitulungan, kawelasan lan kanugrahaning Allah kang diparingake marang bumi Nusantara.
Mula marang anak keturunanku sebagai generasi penerus bangsa anduweni kewajiban njaga marang keutuhan NKRI kang gemah ripah loh jinawi.

BAB III


UWIT PARI, UWIT TEBU lan UWIT JATI



I.    Anandura uwit pari : Papan panggonan Rizqi (Rejeki)
Kang andhuweni sipat kang bisa angayemi lan angayomi.
Contonen ilmu pari, samsaya tuwa samsaya tumungkul ndingkluk.
Dadi wong urip kuwi yen bisa isoa ngayemi lan ngayomi marang sepadha-padha. Yen anduweni ilmu sing duwur lan kawruh sing akeh ora umuk (sombong).

II.    Anandura uwit tebu,
Uwit tebu kang mengku teges Anteping Kalbu (ati). Mula dadi wong urip kuwi, atine kudu madep, mantep, mung sawiji anyembah Gusti  Allah kang murbeng dumadi.
Dene uwit tebu kuwi, nduweni falsafah sing gedhe tumrape wong ngaurip..
1.    Godhonge, yen dianyam dadi rapak.
Bisa kanggo gantine gendheng, kang bisa kanggo ngeyub saka udan lan panas. Mula dadi wong urip kuwi yen bisa kaya godhong tebu. Kang bisa angayomi, angayemi, senenge pada tetulung, marang wong kang mbutuhake pitulungan.
2.    Kulit lan sepahe kena kanggo urup (obor-obor)
Bisa andadekake barang sing mentah bisa mateng. Kang ateges, dadi wong urip kuwi anduweni pikiran sing mateng, makantar-kantar karepe, kanggo nggayuh marang gegayuhane.
3.    Luwih-luwih sarine tebu, kang rasane legi kaya madu, gedhe banget faedahe tumrape wong ngaurip.

III.    Ananduro Uwit Jati
Kang mengku teges, uwong urip kuwi kudu anduweni, marang jatining diri.
Luwih-luwih tumrape wong Ajawi kang anduweni marang Luhuring Budi lan marang tumindak kang utami.

Dene sipate uwit jati :

1.    Kayune nomer siji, durung ana kang nandingi sak donya iki. Kayu jati kang nduweni sifat kang pengkoh, kokoh, ulet, tur ora gampang lapuk dipangan rayap. Mula dadi wong urip kuwi kudu anduweni sifat kaya uwit jati.
a.    Pengkoh lan kokohe atine, kanggo ngudi marang gegayuhane, supaya kabul panyuwune, kanti tumindak sing jujur, ora gampang miyur.
b.    Ulet anggone nyambut gawe.
c.    Ora gampang lapuk.   
    (Ora gampang kena pengaruh sing ala kang tundone marakake dadi sengsara).
2.    Godhonge kena kanggo mbungkus, kang njalari dadi enak lan sedepe sing dibungkus.

    Pandongane simbah, bisaa bangsa Nusantara iki nyawiji dadi siji kabungkus dening godhong jati (jatining diri) bangsa Nusantara, Bhinneka Tunggal Ika, Sak iyek sak eko karya mbangun praja.
    Ho..lo..bis kuntule baris. Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa.
    Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
    Dene nganthi saiki, uwit pari, uwit tebu lan uwit jati isih tinandur subur ana bumi Sukowati Sragen Asri.

BAB IV


ZAMAN KALABENDHU

SABDATAMA
Ditulis ing tembang gambuh = 22 pada aweh pituduh tumindaking  kahanan Zaman Kalabendhu.
Padha nyingkirake kamurkan ngendikane para winasis : Ing kono akeh wong sing uripe rekasa ing zaman mau pikirane manungsa wis pepet, ora bisa mikir maneh.
Peraturan padha diterak sakepenake amarga wong urip wis kocar-kacir. Ora bisa diwiradati, ubaling angkara ngambra-ambra (akeh koruptor).
Diumpamakake : Ula Endhase Loro.
Bisa nyaplok ngarep mburi.

Yen besuk ana Tahun Keemasan.
Ing kono ana :

WEWE PUTIH GEGAMANE TEBU WULUNG HARSA ANGRABASENG WEDHON.

MBESUK ING ZAMAN KEEMASAN ing kono awit kersane HYANG AGUNG nurunake WAHYU KANG SEJATI.
Dicritakake : pada ketekan kabeh gegayuhane, nganti sakturun-turune, negarane diereni liyan praja.

BAB V


PETHIKAN SERAT JONGKO JAYABAYA



Raden Ngabehi Ronggowarsito (1802 - 1873 ) saka Keraton Surakarta Hadiningrat, nalika kaprentah dening Pakubuwana (PB) VI - PB IX. Yaiku :
1.    Pujangga Panutuping Keraton Surakarta Hadiningrat.
2.    Sastrawan
3.    Budayawan
4.    Peramal

Pethikan Serat Jongko Joyoboyo tulisan ngenani Ramalan Joyoboyo (Prabu ing Kediri), atur pengiring kapethik dening KRT. KERTANEGARA ing Ngayogyakarta saka kumpulan serat-serate swargi RM. SOSROKARTONO ing Bandung arupa perangane kang pungkasan, dimuat dening Harian Buana Minggu mulai Desember 1998. Wasana sumanggakaken :

117.     Besuk yen ana kreta lumaku tanpa turangga
Tanah Jawa kalungan wesi
Prau lumaku ing nduwur awang-awang
Kali gedhe ilang kedhunge
Pasar ilang kumandilange
Bocah wadon ilang wirange
Yaiku mretandhani tekane jaman
Kababare Jongko Joyoboyo wis amrepeki

118.    Rawa dadi bera
Iblis hanjalma manungsa
lblis mendhilis
Manungsa sara
Jaran doyan sambel
Kreta rodha papat setugel
Wong bener thenger-thenger
Bejane sing lali, bejane sing eling
Nanging isih beja sing eling Ian waspada

119.     Akeh barang lumebu luweng
Akeh wong kaliren Ian wuta
Ora duwe wirang amarga kepeksa
Wong tuku ngglenik sing dodol
Sing dodol akal akeh

120.    Mula den titenana
Samongso Tanah Jawa mengku
Ratu wis ora mbapa
Titikane nganggo kethu bengi
Asesilih ratu bengi
Pengapesane wanita ayu ngiwi-iwi
Ajejuluk sarwa agung edi

121.    Adhepe pondok tan karuwan keblate
Mula ywa ngerti jangkane zaman
Abandha-abandhu nanging ora duwe
Titihane turanggo asikil lima cacahe
Ulese kaya pasuryane Baladewa
Yen nitih ing wetenge turonggo

122.    Ratu digdaya tan tedhas
Tapak paluning pandhe, sisaning gurenda
Nanging apese mungsuh setan thuyul ambregudhul
Bocah cilik-cilik pating pendelik
Ngrubungi omah surak-surak kaya nggusah pitik
Ratune atine cilik
Angundhamana bala sabrang sing doyan asu

123. Pantes yen apeparab bupatine prang
Sing wani bakal wirang
Yen nglurug tanpa bala
Digdaya tanpa aji apa-apa
Lamun menang tan ngasorake liyan
Sugih tan abebandha
Umbul-umbule warna jenang gula klapa
Tinengeran gambare raja kaya
Disusuli swarane bendhe waja

124.    Patine nunggu sabda bupatining prang Bathara Indra
    Sinabda mati tan kena mimis, tan kena penggawe ala
Nanging cures ludhes merga lemes
Kretegan bayu Priyangan

Sinendhal sinambi miring
Patine merga kecepit sekiling daging

125. Yen sira nyebut asmane
Mesthi dadi rame
Asmane bisa ngramekake
Sing rame ya sing kesinungan Iblis Wewe

126. Yen krungu asmane
Akeh kang padha gething
Yen kenal padha nyandhing
Bisa krasa digdaya tanpa aji keling
Apindha manungsa digidaya kaya Baruklinthing

127. Ana janma ngaku-aku dadi ratu
Duwe bala Ian prajurit
Negarane ambane saprowolon
Ageme godhong pring anom
Atetenger kartika paksi
Nyekel gegaman uleg wesi lambung
Pendhereke padha nyangklong once
Gineret kreta tanpa turangga
Nanging kaobah osikake swara gumrenggeng
Pindha tawon gung
Sing nganglang Gathutkaca kembar sewu
Sumsume iwak lodan munggah ing daratan


128. Tutupe warsa Jawa
Lunga luwarsa srani nganem-nem
Amarga tutup kuwali lumuten
Kinepung Iumut seganten

129. Iku balane semut ijo
Kang kelangan ngangrang
Sapta linuweng ing sumur jalatundha
Kang kebak isi baya
Iku tandhane praptane zaman
Zaman wong padha dadi priyayi
Senenge wong jahat, susahe wong becik.

130. Akeh sing kudhung kwali lumuten
Padha kapikul katut
Janji menehi pangkat drajat
Malah ngajak mlarat
Pintere micara, sing bener digawe ala
Badan mati pinggir kali
Tanpa sirah amung gembung

131. Lenggahe Ratu ngaku-aku
Bebarengan zaman angkara murka
Samsaya ndadi
Kana-kene samsaya bingung
Akeh wong kabithuk melu
Lumebu ing jurang
Kawula wani bendara
Buruh wani juragan
Juragan dadi mapan
Sing asmara suwe-suwe akeh bala
Wong pinter diinger-inger
Wong ngerti padha mangan ati

132. Bandha dadi memala
Pangkat dadi pikat
Sing menang padha sewenang-wenang
Rumongso menang
Sing kalah, sing ngalah kabeh rumongso salah.
Pepatihe kepala judi
Sing ati suci padha dibenci
Sing jahat penjilat tur oleh drajat
Sing maling thenguk-thenguk nemu kethuk
Pitik angrem sak nduwure pikulan

133. Begal padha ndugal
Kampak padha kepak-kepak
Wong momong mitenah sing diemong
Wong njaga nyolong sing dijaga
Wong njamin jaluk dijamin
Merga dadi korbane sing jahat, sing jahil
Wong cilik kepencil

134. Mbesuk yen ana perang saka wetan - kulon - lor - kidul
Wong becik sangsaya sangsara lan mbendhul
Sing weruh kebubuh
Sing ora weruh sangsaya ketutuh
Wong jahat padha seneng mragat

135. Akeh laknat, akeh pengkhianat
Anak mangan bapak
Sedulur ngarah sederek
Guru padha satru
Buruh dadi mungsuh
Kana-kene padha ngumbar angkara murka

136. Akeh udan salah mongso
Akeh prawan tuwa, akeh randha meteng
Akeh bayi tanpa Bapa
Agama akeh sing nantang
Kamanungsane akeh sing ilang
Omah suci padha dibenci, omah ala padha dipuja
Wanodya padha wani ing ngendi-endi

137. Wanita angger wanita jebul kelangan laki
Laki mati tan karuwan ujare tan karuhan dinane
Akeh pati tanpa slametan
Modin padha ngungsi marga wedi mati
Sing ngurusi wong mati malah digawe mati

138. Ana wong tapa ageng
Muncul satengahe Gunung Kendheng
Angrasuk busana ireng
Ambiyantu sing dirubung thuyul nggereng
Pandhita iku ajejuluk candra siji Jawa

139. Adedagang carang klambi udeng lawe wenang
Disuyudi wong lanang sepirang-pirang
Nanging umure tan panjang
Namung sawarsa Jawa Bang
140. Polahe wong Jawa kaya gabah den interi
Endi sing bener, endi sing sejati
Para tapa padha ora wani
Padha wedi nggiyarake piwulang adi
Salah-salah nemahi pati

141. Banjir bandhang ana ngendi-endi
Gunung njeblug tan anjarwani tan angimpeni
    Gethinge kepati-pati marang Pendhita kang pati geni
Marga wedi kawiyak wadine, sapa sira sing sayekti

142. Pancen wolak-wailik ing jaman
Amenangi jaman edan, ora edan ora kumanan
Sing waras padha nggagas, wong tani padha ditaleni
Wong dora padha ura-ura
Beja-bejane sing lali, isih beja sing eling Ian waspada

143. Ratu ora netepi janji, musna kuwasa Ian prabawane
Akeh omah nduwur kudha
Wong padha mangan wong
Kayu gligan Ian wesi iya padha doyan
Dirasa enak kaya roti bolu
Yen wengi padha ora bisa turu

144. Sing edan padha bisa dandan
Sing mbangkang padha bisa nggalang
Gedhong magrong-magrong

145. Wong dagang barang sangsaya laris bandhane ludhes
Akeh wong mati kaliren sisihing panganan
Akeh wong nyekel bandha sing uripe sangsara

146. Wong waras lan adil uripe ngenes Ian kepencil
Sing ora bisa maling digething
Sing pinter duraka dadi kanca
Wong bener sangsaya thenger-thenger
Wong salah sangsaya bungah-bungah
Akeh bandha musna tan karuwan larine
Akeh pangkat Ian drajad padha minggat
tan karuwan sebabe

147. Bumi sangsaya suwe sangsaya mengkeret
Sak kilan bumi dipajeki
Wong wadon nganggo penganggo lanang
    Iku mertandani yen bakal nemoni wolak-walik ing jaman

148. Akeh janji ora ditepati
Akeh wong nglanggar sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng ngalap
Tan nindakake ukume Allah
Barang jahat diangkat-angkat barang suci dibenci

149. Akeh manungsa ngutamakake royal
Lali kamanungsane,
Lali kabecikan
Lali sanak lali kadhang
Akeh Bapa lali anak, akeh anak nundhung biyung
Sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga
Kanca dadi mungsuh, manungsa lali asale

150. Ukuman ratu ora adil
Akeh pangkat jahat, jail kelakuwan padha ganjil
Sing apik padha kepencil, akarya apik menungsa isin
Luwih utama ngapusi

151. Wanita nglamar priya, isih bayi padha mbayi
Sing priya padha ngasorake drajade dhewe
Wegah makarya kepengin urip kaya raja
Ngumbar hawa nepsu nguja angkaramurka
Nggedheake duraka, wong apik ditampik
Wong jahat munggah pangkat
Wong agung kesinggung, wong ala pinuja puja
Wanita ilang kawanitane
Wong lanang ilang kaprawiirane

152.    Akeh jago tanpa bojo, wanita padha ora setya
Laku sedheng jare gagah, akeh biyung adol anak
    Akeh wanita adol awak, bojo ijol-ijolan jare jempolan.

153.    Wong wadon nunggang jaran
Wong lanang nunggang pelangi
Randha sanga lara, prawan sanga lima


154. Akeh wong adol ngelmu, akeh wong ngaku-aku
Njaba putih njerone dadhu
Ngaku suci sucine palsu
Akeh bujuk akeh lajuk.

155.    Wektu iku akeh dandhang diunekake kuntul
Wong salah dianggep bener
Pengkhianat nikmat durjana saya sempurna
Wong mulya dikunjara

156.    Sing curang garang, sing jujur kojur
Wong dagang kepalanggrang
Wong judi ndadi
Akeh barang-barang haram

157.    Wong golek pangan pindha gabah den interi
Sing kebat kliwat, sing kasep kepleset
Sing gedhe rame tanpa gawe
Sing cilik keceklik, sing anggak kelenggak
Sing wedi padha mati
Nanging sing ngawur padha makmur
Sing ngati-ati padha sambat kepati-pati.

158.    Cina olang aling keplantrang dibandhem nggendring
    Melu Jawa sing padha eling, sing tan eling miling-miling
Mloya-mlayu kaya maling kena tuding
Marga tinggal padha digething
Eling aywa mulih padha manjing
Akeh wong ijir akeh centil
Sing eman ora keduman sing keduman ora eman

159.    Selot selote yen besuk ngancik tutuping tahun
Sinengkalan Dewa Ngasta Manggalaning Ratu
Bakal ana dewa ngejawantah apengawak manungsa
Apasuryan padha Bathara Kresna
Awatak Baladewa agegaman Trisula Wedha
Jinejer wolak waliking jaman
Wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar
    Utang nyawa nyaur nyawa, utang wirang nyaur wirang

160.    Sadurunge ana tetenger lintang kemukus
Dawa ngalu-alu tumanja
Ana kidul wetan bener, lawase pitung bengi
Parak esuk bener ilange Bathara Surya jumedhul
Bebarengan sing wis mungkur
Prihatine manungsa kalantur lantur
Iku tandhane putra Bathara Indra wus katon
Tumeka ing arcapada ambebantu wong Jawa

161.    Dununge ana sikile redi Lawu sisih kidul kulon
Wetane Bengawan Banyu
Adhedhukuh pindha Raden Gatutkaca
Arupa pagupon dara tundha tiga
Kaya manungsa sing angleleda.

162.    Akeh wong sing dicokot lemut mati
Akeh wong sing dicokot semut sirna
Akeh swara aneh tanpa rupa
Bala prewangan makhluk halus
Padha baris padha rebut bebener garis
Tan kasat mata tan arupa
Sing mandhegani putrane Batara Indra
Agegaman Trisula Wedha
    Momongane padha dadi nayaka, perange tanpa bala
Sekti mandraguna tanpa aji-aji

163.    Apeparap pangeraning prang tan pakra anggone nyandhang ning iya bisa nyembadani ruwet renteging
Wong sapirang-pirang sing padha nyembah reca ndaplang
Cina eling syeh-syeh kabeh pinaringan sabda
Hiya gidrang-gidrang.

164.    Putra kinasih swargi, kang jumeneng gunung lawu
    Hiya kyai Bathara Mukti, Hiya Kresna, hiya Harumurti
Mumpuni sakabehing laku
Nugel tanah Jawa kaping pindho
Ngerehake jin setan
Kumara prewangan para lelembut kabawah prentah
Saekapraya kinen ambantu manungsa Jawa
Padha asesanti Trisula Wedha,
Landhepe priniji suci, bener-jejeg-jujur;
Kadherekake Sabdopalon lan Nayagenggong.

165. Pendhak sura mbanguntapa
Kumara kang wus katon nebus dosane
Kaadhepake ngarsane sang kuwasa
Isih timur keceluk wong tuwa
Paringane Gathutkaca sayuta.

166. Idune idu geni, sabdane malati
Sing mbregendul mesthi mati
Ora tuwa enom padha dene bayi
Wong ora ndayani
Nyuwun apa wae mesthi sembada
Garis sabda ora gantalan dina
Beja bejane sing yakin lan tuhu setya sebdanira
Tan karsa sinuyudan wong sak tanah Jawa
Nanging mung pilih-pilih sapa.

167.Waskitha pinda dewa, bisa nyumurupi lahire mbah ira, buyutira, canggahira, pindha lahir bareng sedina, ora bisa diapusi merga bisa maca ati
Wasis wegig waskitha
Ngerti sadurunge winarah
Bisa pirsa mbah-mbahira, ngawuningani jantraning jaman
Jawa ngerti garise siji-sijining umat
Tan kewran sasuruping jaman.

168. Mula den upadinen sinatriya iku
Wus tan bapa tan bibi, lola wus aputus wedha Jawa
Mung angendelake trisula
Landhepe trisula pucuk ampuh gegawe
Gegawe pepati utawa utang nyawa
Sing tengah sirik gawe kapitunaning liyan
Sing pinggir-pinggir tolak colong jupuk winanda

169.    Sirik den wenehi ati, malati bisa kesiku, senenge anggodha ajejaluk cara nistha
Ngertiya yen iku coba aja kaina
Ana begja begjane sing den pundhuti
Ateges jantrane kaemong sira sabrayat

170.    Ing ngarsa begawan, dudu pandhita sinebut pandhita
Dudu dewa sinebut dewa
Kaya manungsa kinen anggep manungsa

Sing seje daya den jarwakake kanthi jlentreh
Gawang-gawang terang ndrandhang.

171.    Aja gumun aja ngungun, hiya iku putrane Bathara Indra
Kang pembayun tur isih kuwasa nundhung setan
Tumurune tirta brajamusthi pisah kaya ngundhuh
Hiya siji iki kang bisa paring pituduh
    Marang jarwane jangka kalaningsun, tan kena den apusi
Marga bisa manjing jroning ati
Ana manungsa kaiden ketemu
Uga ana janma sing durung mangsane
Aja sirik aja gela iku dudu wektunira
Ngango simbul ratu tanpa makutha
Mula sing menangi enggala den leluri
Aja kongsi jaman kendhang
Madhepe den marikelu, beja bejane anak putu.


172.    Iki dalan kanggo sing eling lan waspada
Ing jaman Kalabendu Jawa
Aja nglarang dalem ngleluri wong apengawak dewa
Dewa apengawak manungsa
Sing malang-malangi bakal cures ludhes
Sak braja jalma kumara
Aja-aja kleru pandhita samudana
Larinen pandhita asenjata trisula wedha
Iku hiya paringaning dewa.
173.    Nglurug tanpa bala, yen menang tan ngasorake liyan
Para kawula padha sukasuka
Marga adiling pangeran wus teka
Ratune nyembah kawula, angagem Trisula Wedha
Para pandhita hiya padha muja,
Hiya iku momonganne kaki Sabdopalon
Sing wis adu wirang
Nanging kondhang genah kacetha kanthi njingglang
Nora ana wong nggresula kurang
Hiya iku tandhane Kalabendu wus minger
Genti wektu jejering Kalamukti
Andayani indering jagad raya padha asung bekti

Cukup semene Simbah anggone nulis Pethikan Serat Jongko Joyoboyo. Wasana nyuwun pangapunten menawa ana klera­klerune Simbah.

BAB VI


KABUDAYAN JAWA KANG ADILUHUNG


Kanggone para pinisepuh kang winasis, leluhure tiyang Jawi. Kang uwis misuwur marang luhure Budi Pekerti. Kang ngudi marang tumindhak kang UTAMI kanti akhlak kang Mulia Hati lan anduweni KABUDAYAN kang ADILUHUNG, adat istiadat kang wis turun tumurun nganti tekan seprene, isih anggone padha nguri-uri marang Kabudayan kang Adiluhung mau.
Kanggo ngucapake rasa syukur lan panuwun marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi lan uwis Paring Kanugrahan lan Kamurahan kang tanpo upami. Kanti diwujudake nganggo :
KONDHANGAN - SEGO GUDHANGAN sak komplitane.
Dene komplitane sego gudhangan kanggo kondhangan kayata :
1.    Endhog Godhog
2.    Kelasa
3.    Tampah
4.    Sego
5.    Gudhangan saka godhong-godhongan, kayata :
a.    Kacang dowo
b.    Godhong kathes
c.    Godhong mengkudu (pace)
d.    Godhong mbayung (bayung)
e.    Godhong bayem
f.    Godhong kangkung
g.    Thokolan (thukulan)
Ana cacah pitu sing dipilih kanggo gudhangan. Pamrihe supaya enthuk, PITULUNGANE saka gusti  Allah. Kang wis agawe urip ana ing alam donya iki.
6.    Bumbune gudhangan kang wis agawe sedhep ambune enak rasane.
7.    Pelas
8.    Bothok
9.    Ingkung sing mekungkung endhase madep menduwur.

Ana cacah sanga (9) kang kanggo kondhangan.
Cacah sanga pamrihe, wong urip ana alam donya kuwi, kudu bisa nahan marang babahan sanga, kang tansah kebak ing beboyolan godha rencono.
Amarga wong urip iku tansah kanggonan Sifat, Hawa Nepsu, Angkoro Murko. Tansah Serakah sak wiyah-wiyah ora genah, gumagah, senengane mung agawe bubrah. Anduweni ati kang srei, drengki, dahwen open, panasten, jail methakil, anduweni melik nggendhong lali, tansah agawe sing sarwo ala lan nistha, pancen wis dadi kodrate menungsa (menus-menus dununge dosa).
Yen wis anduweni ati sing koyo mengkono perlu dilebokake ana BENGKEL HATI, supaya ben padha mari ora mbebayani. Mula welinge para pini sepuh kang winasis, leluhure wong Jawa.



Kanthi mrebawani
Sareh - sumeleh
Tajem premanem
Terang - trawoco
Anggone paring wejangan, tuntunan, pitutur kanthi mawanti wanti, marang anak lan turune, supaya padha bener lan pener, aja nganti padha KEBLINGER, marang tindhak lan tandhuke supaya padha slamet uripe ana ing donya lan ing akherate, supaya kudu bisa nahan BOLONGAN kang cacahe ana sanga kang kasebut ing dhuwur.
Kethoke sepele, ananging gedhe banget PAMRIHE LAN FAEDAHE, saka tembung “KONDHANGAN, SEGO, GUDHANGAN saka GODHONGAN sak KOMPLITE.

1.    Kondhangan    :    saka tembung KON - DHANG padha mangan.
2.    Sego    :    saka tembung sing MBESESEG dadi LEGO.
3.    Gudhangan    :    saka tembung GUMUYU seneng ketemu KADHANG  bareng-bareng anggone padha MANGAN.
4.    Godhongan    :    saka tembung Gotong royong anggone padha nyambut gawe.
            Donga-dinonga, anggone padha urip, bebarengan, ana alam donya.

Saiki padha dionceki, saka tembung : Kondhangan, sego, Gudhangan sak komplite.
Kang dibutuhake kabeh mau kayata :
1.    ENDHOG GODHOG
Biasane sing dienggo Endhog Pitik Jawa, kang wis misuwur marang kasiate : kang keno kanggo jamu (jaganen awakmu).
Apa sebabe kok endhog godhog, ora endhog goreng?
Amargo yen digoreng, wis bedha tegese, rupane lan wujude.
Endhog pitik : sing wujude bunder kuwi kena diumpamakake kayadening BUMI : JAGAD = sak durunge dipangan endhog kudu dionceki disik. Dene ngonceki endhog kuwi, yo .... sok gampang, yo ... sok angel. Kuwi diumpamakake kayadene wong urip ana alam donya kuwi yo .... sok gampang, yo ... sok angel. Sak bubare dionceki, sak njerone kulit ana selapute putih sing tipis. Kuwi diumpamakake kayadening Angin kang tipis ora kethok nanging bisa dirasake, sak bubare selaput sing tipis, ana rupa kang putih sumeblak. Kang putih resik kuwi diumpamakake kaya dening LANGIT. Dene sak bubare putih ana wujud bunder, ana rupane sing ABU-ABU (Samar-samar). Kuwi diumpamakake kaya dening lemah lan banyu, ing kono papan penguripan kang mung abu-abu (samar-samar). Kena diumpamakake ana ing alam donya wong urip kuwi mung sedela ora suwe, paribasane ana donya mung mampir ngombe. Dene sak bubare abu-abu, ana wujud sing bunder, madhet, atos, kekel (kekal) kang rupane kuning.
Kuwi diumpamake : wong urip ono alam ndonyo kuwi ora suwe, isih suwe lan KEKAL ABADI anggone padha urip. LUMAKUNING AHKERATE

2.    KELASA KANG DIGELAR : Saka Tembung.
Kebak godho rencono, Lakune Manungsa urip ono alam ndonyo. Ndonya kang Gumelar ombo, kudu bisa milah lan milih, endi sing apik, endi sing ala, endi sing bener, endi sing salah, ojo podho nganti keliru, anggone podho lumaku ono alam ndonyo kang padang iki.

3.     TAMPAH : Saka Tembung
Tathag teteg, tangguh, tabah, tanggap ing sasmito, taberi sinau, anggone podho LUMAMPAH.

4.     SEGO : Saka Tembung
SESEG dadi LEGO.
Sego kang rupane putih, kuwi diumpamake ati kang resik, suci, kanthi ati kang resik, suci, yakin, tansah pasrah-sumarah Kanthi nyebut ASMANE GUSTI ALLAH  sakabehe, puja lan puji, mung tumuju marang Gusti Allah, kang akaryo jagad lan sak isine iki.
Gusti Allah Kang Maha Welas lan Asih, sing anduweni dina kiamat. Marang Gusti ALLAH kudu mayembah marang Gusti Allah nyuwuin pitulungan. Nyuwun dalan sing padhang lan bener. Dalane uwong sing uwis pinaringan pituduh. Dudu dalane uwong sing keliru.
Menowo kabeh mau ditindake, bakal nemoni urip, sing enak-kepenak ing saka behane, sing maune SESEG ono ndodho dadi LEGO.

5.    GODHONGAN KANGGO GUDHANGAN
Kayata :
1.     Kacang dowo : diumpamake koyo dening bocah enom kang isih dhowo lakune, ombo jangkahe, gedhe tekade lan gegayuhane.
Supoyo kasembadan opo sing dadi gegayuhane, bocah enom awake kudu sehat lan kuat, lair lan batine.
2.     Godhong kathes : saka tembung :
Kanthi-ethes : sehat lan kuwat 
Ono paribasane awak sehat, jiwane mesti kuwat, awak sehat lan kuwat kuwi, kudu diduweni dening bocah enom. Yen awake ethes lan trengginas, sakabehe kuwajiban sing ono pundhake, sing abot-abot dadi entheng lan mungkasi anggone tumandang gawe lan biso lancar ing sakabehane biso kasembadan opo sing dadi gegayuhane nanging ojo banjur podho lali nyuwun dhonga lan pangestu marang vvong tuwane.
3.     Godhong mengkudu : pace
Saka tembung mengko kudhu.
Bocah enom yen arep pisah karo wong tuwane, lan sedulur-dulure, anggone padha arep nuntut ilmu, supaya kasembadan opo sing dadi gegayuhane, banjur ojo podho lali nyuwun donga lan pangestu marang wong tuwane lan sedulur-dulure, kuwi wis dadi kuwajiban lan kudu ditindakake. Kanggo bektine anak marang wong tuwo.
4.     Godhong mbayung : bayung
Saka Tembung : bapa lan biyunq : bayung
Bapa lan biyunge kudhu disuwuni donga lan pangestu. Kuwi kudhu lan wajib kanggo bektine anak marang wong tuwa bapa lan biyung menowo dipamiti, lan disuwuni ndonga lan pangestu, banjur dingkluk, tumungkul nyuwun marang Gusti Allah kang kagungan lan paring marang sakabehane iki, kanthi sareh lan sumeleh.
Anggone, mawanti-wanti marang putra lan putrine supoyo ben padha slamet, katekan apa kang dadi gegayuhane, lan padha slamet uripe ono donya lan ahkerate. Welinge bapa lan biyung marang putra lan putrine.
1.     Aja padha lali ngibadhahmu marang Gusti Allah.
2.     Aja padha lali marang bapa lan biyung.
3.     Dadiyo bocah-bocah sing sehat Rohani lan Jasmani mu.
4.     Dadiyo bocah-bocah sing pinter-pinter sing tansah tumindak ing bebener tur pener, aja nganti padha keblinger.
5.     Tansah tumindak jujur, tegas, tanggung jawab.
6.     Ngugemi marang tumindak kang utomo bisa keno kanggo tepo tulada sing apik lan becik.
7.     Gemi, nastiti, ngati-ati, sing sabar lan narimo aja padha keladuk kurang dugo, kuwi ora prayogo, aja gegeden empyak kurang cagak.
8.     Aja padha lali marang falsapah Jawa kang adi luhung, kang bisa kanggo sangu marang uripmu, senajan ana ngendi papan manggonmu.
1.     Aja padha kesusu mengko mundak keliru
2.     Becik alon-alon watone kelakon.
3.     Aja padha melik nggendong lali.    
4.     Mburu uceng, kelangan delek.
5.     Wong nandur; bakale ngunduh.
6.     Becik ketitik, ala ketoro.
7.     Wong seneng ngalah, durung mesti kalah.
8.     Nglurug tanpo bolo, menang tanpo ngasorake.
9.     Aja gegeden empyak, kurang cagak.
10.     Ajining diri soko lati, ajining sarira saka busono.
9.     Opo sing kok pangan lan kebutuhane keluarga, luwih becik anggone adus kringetmu dewe, iku sing gawe slamete uripmu lan keluargamu.
10.     Urip sing prosojo, aja padha mujo marang banda lan ndonya, yen wis turah-turah banda Iuwih becik kanggo sedekah karananing Allah.
    Aja kok gunakake marang tumindak kang muspra tanpo tanja.
11.     Seneng tetulung marang sapodho-podho aja padha seneng ngelek-elek wong liya, durung mesti yen awake dewe Iuwih apik ketimbang wong liya. Amargo awake dewe ora bisa ngilo marang githoke dhewe.
12.     Aja dumeh, sopo siro sopo ingsun. Biso mikul dhuwur, mendem jero marang wong tuwa.
13.     Narimo ing pandum, kudu bisa milah lan milih, endi sing becik, ngendi sing ala. Endi sing bener, endi sing luput. Rejeki setithik ya ben ananging barokah, rejeki akeh nanging jalari musibah dadine ya mung percumah.
        Tak kiro cukup semene, pitutur lan welinge bapa lan biyung, keno kanggo sangu anggonmu lumaku padha nuntut ilmu, lan kena kanggo nambah marang wawasanmu, ora lali ndonga lan angestune Bapa lan Biyung marang putra-putriku kabeh rino lan wengi bapa lan biyung anggone ndonga lan nyenyuwun marang Gusti Allah ingkang kagungan lan ingkang paring marang sakabehing iki supaya padha kasembadan marang apa sing dadi gegayuhanmu.
         Bapa, Biyung lan Putra-putrane ora kerasa podho brebel eluhe ana pipine. Kabeh padha brebes mili padha tumetes eluhe, rasa trenyuh, sumedot krasa abot, nanging uga krasa mak plong mak blong bolong, ana rasa kang ayem. Marem ana sak jroning atine dhewe-dhewe. Mugo-mugo panyuwunan lan pandongane diijabahi dening Gusti Allah kang Maha Agung, kang kagungan marang sakabehe iki. Bapa lan biyung lan putra-putrine bubar donga dinonga atine padha bareng-bareng ayem.
5.     BAYEM
Saka tembung Bareng-bareng padha dadi Ayem kanti donga sluman, slumun, slamet, lan pangestune Bapa lan Biyung, putra lan putrine menyang ati dadi madhep, mantheb, tathak-tethek kanthi Kencenge pikir, anggone padha jumangkah lumampah kanthi polatan kang bungah sumringah. Arep budhal sekolah lan ngangsu kaweruh supaya ketekan apa sing dadi gegayuhane. Semono uga Bapa lan Biyunge ora kendat panyuwune marang Gusti Allah, lan donga pangestune marang Putra lan Putrine supoyo katekan apa kang dadi sedyane lan dadia bocah ingkang kalangkung.
6.     GODHONG KANGKUNG
Saka tembung Ingkang Kalangkung.
Yen wis dadi bocah ingkang kalangkung, terus aja dadi bocah sirng kumalungkung, sapa sira sapa ingsun, Dadia bocah sing kena kanggo Tepo Tulada, aja dadi bocah kang kurang tata. Ngudiya marang tumindhak kang utama, bisa ngluhurake asmane wong tuwa. Bisa ngarumake Nusa, Bangsa lan Nagara.
7.     TOKOLAN = Tukul
Bocah anom yen wis kebak ilmune, jembar wawasane, akeh pengalamane banjur Thukul Pikirane.
Bisa milah lan milih :
•    Endi sing bener, endi sing salah.
•    Endi sing apik, endi sing ala
•    Endi sing didhisikake, endi sing dikerekake.
•    Endi dalane Suwargo, endi dalane Neraka
Luwih-luwih tansah ngugemi marang pituture lan welinge Bapa lan Biyung, supaya padha tansah tumindhak marang kejujuran lan utama. Kabeh mau supaya gawe enak lan kepenak anggone padha lumaku ana dalan sing bener tur pener. Aja padha nganti keblinger ora pener.

6.     BUMBU GUDHANGAN
Sing agawe sedhep ambune lan ndadekake enak rasane. Para leluhure uwong Jawa kang winasis, kang ngerti sak durunge winarah, anggone ngracik, ngramu, kanggo bumbu gudhangan kang sedhep ambune, enak rasane mung cukup saka wulu wetune tetandhuran ing bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Nusantara kang andhuweni maneko warno, apa-apa tansah ana, subur kang sarwo tinandhur. Nusantara pancen papan panggonan uwit kelapa, sak pinggire pantai lan pulaune. Dene bumbu gudhangan sing diracik saka parutan kelapa, uyah, lombok, bawang, trasi, kencur, godhong jeruk purut.
Ana cacah pitu sing kanggo bumbu gudhangan sing pangajab bumi Nusantara tansah pikantuk pitulungane saka Gusti Allah Kang Maha Handarbeni isine jagad raya iki, lan supaya bumbu gudhangane ben mantheb, ditambahi gula Jawa, tambah manis rasane, yo manis rupane. Dhene bumbu-bumbu sing reno-reno jenenge lan bedho-bedho rupane, menowo dadi siji wis bisa gawe sedep ambune, lan enak rasane. Para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa yo wong sak Nusantara. Kang wis nggambarake marang kahanan lan isine bumi nusantara lewat Bumbu Gudhangan.
7.     PELAS
Saka tembung Ndepepe anggone nyuwun Welas. Kanthi ati kang yakin, ikhlas, tansah pasrah lan sumarah, sumende marang Kuwasaning Gusti AIlah. Rumangsa mung sadremo Titah sak wantah, asale mung sako lemah baline uga bakal menyang lemah. Menawa Gusti Allah kuwi Maha Kuwasa. Marang Gusti Allah panggonan kanggo nyenyuwun. Gusti Allah kang ora peputra lan ora diputrakake. Lan ora ana sing madhani. Ya mung Gusti Allah panggonan kanggo pangayoman kang nguwasani marang sakabehe manungsa. Gusti sesembahaning manungsa. Saka penggawe ala, sing nguwatirake ( was-was ). Sing gawe kuwatir atine manungsa. Saka bangsane Jin lan Manungsa. Kabeh mau menawa kanthi yakin, ikhlas pasrah sumarah marang Gusti Allah, sakabehing pacoban, rintangan, alangan senajan kaya apa abote dadi enteng ora kethok.
Tansah pinayungan uripe, dikabulake panyuwune, tansah sabar lan narimo ing pandum. Bakal diijabahi dening Gusti Allah ing sakabehane.
8.     BOTHOK
Saka tembung abota kaya ngapa ora kethok. Yen wis yakin, ikhlas, pasrah sumarah tansah sumende marang Gusti Allah. Senajan Iagi nandang pacoban, alangan, godha rencana mbok abota sing kaya ngapa tansah bisa nanggulangi kanthi ati sing sabar lan narimo, pasrah lan sumarah.
9.     INGKUNG KANG MEKUNGKUNG, ENDHAS MADHEP MENDHUWUR
INGKUNG :
Biasane pini sepuh, leluhure wong Jawa anggone gawe ingkung sing dipilih, pitik Jawa kang enak rasane dibandingke karo pitik liyane Jawa. Sing digawe ingkung pitik jago sing isih enom. Apa sebabe sing dipilih pitik jago sing isih enom kok ora pitik jago sing tuwa? Sing awake lemu akeh iwake? Amargo pitik jago sing isih enom mengku karep lan akeh banget falsapah sing ana jroning pitik jago sing isih enom, lan ora milih bebek sing akeh suwarane, utowo menthok sing lakune tansah megal-megol gawe guyu.
Falsapah sing ana pitik jago :
1.     Jago = jagoan, lambang kejantanan.
2.     Jago = jagoan, jempolan kang tansah nomer siji kapinterane, keluwihane, apike ketimbang kewan liyane.
3.     Jago = jagoan, juara pengpengan tanpo tanding ora ana sing bisa ngalahake.
    Dene jago sing isih enom (dhere) yaiku :
1.     lsih kuuung kluruke
2.     Isih manthep tladungane
3.     Isih tajem = landhep jalune
4.     Isih duwur abure
5.     Isih empuk lan enak iwake

Ana lima sifat jago sing isih enom, biasane angka lima kuwi tondo tumuju marang tumindak kang UTOMO.
Pini sepuh kang winasis leluhure wong jawa, anggone milih pitik Jawa sing isih enom, amargo akeh banget filsapate sing ana jroning pitik jago sing isih enom.
1.     Isih kuuung.......kluruke : diumpamake koyo dene bocah enom, sing isih sehat kuwat. Trengginas, wasis wicarane isih mumpuni sepak-terjange anggone nyambut gawe.
2.     Isih MANTHEP TLADUNGANE : bocah enom bisa mrantasi, mungkasi, marang sakabehing gaweyan sing ana pundhake.
3.    Isih tajem jalune : bocah enom isih tajem pikirane, tajem kepinterane jembar wawasane, akeh pengalamane.
4.    Isih dnuwur abure : bocah enom awake isih sehat - kuwat, kanti trampil lan trengginas, cekat-ceket, anggone ngayahi pagaweyane, ana ngendi wae papan panggonane.
5.    lsih empuk lan enak iwake : bocah enom isih encer pikirane,    menawa dijak rembugan, tukar kaweruh, dikandani iki sing bener, yen  iki salah.
    Bisa nampa kanthi legawa,    menowo rembugane tumuju marang kebecikan, lan bisa ngrampung-ake masalah, ora nambahi masalah, tansah enak lan kepenak ora nggekeng marang karepe dhewe, yen dijak rembungan tansah nggunakake kepinterane, pikirane lan amrih apike marang sakabehane.

Dene pitik jago kuwi, sadurunge CHRISTIAN HUYGENS ing tahun 1656 nemokake jam lonceng. Dene pitik jago sak durunge manungsa nemokake jam kangggo thanda wektu. Pitik jago uwis aweh thanda wektu. Kanthi nganggo suwarane kang cemengkling.....sing kuuung.
Anggone aweh thanda marang wong kang isih padha turu. Kukurukuk...kukurukuk...kukurukukeee....lha kae jagone kluruk, iku mau tandane uwis bangun esuk, kanthi kluruke jago ing wayah esok, kuwi tanda kanggo nggugah manungsa supaya ndang padha nindhakake marang kuwajibane.
Anggone padha MANEMBAH marang gusti Allah, kang AKARYO Jagad lan sak isine iki. Lan banjur padha tumandhang nindhakake marang kewajibane dhewe-dhewe.
Anggone padha golek sandhang lan pangan lan nyadhong rejeki sing, halal supaya slamet uripe, ndonyo ian akherate.
•    Sing padha tani age-age budal menyang sawahe lan tegale.
•    Sing padha bakulan budal menyang pasar.
•    Sing nelayan budal golek iwak nyang laut .
•    Sing  ABRI - Polisi, anggone nindakake kuwajibane, kang bisa angayomi, angayemi, masyarakat kanthi sepi ing pamrih rame ing gawe.
•    Hakim, Jaksa, Pengacara, semana uga.
Sing bener yo dikandhake bener.
Sing salah yo dikandhake salah,.
    Aja padha pilih kasih, lan anduweni pamrih.
•    Sing pegawai lan guru padha budal menyang kantor.
•    Sing nyaponi dalan, klining, serpis, ora lali marang para pemulung, sing padha sabar lan narimo ing pandum, marang gaweyan sing kepekso kok tampa.
Aja.......padha nelongso
Jamane jaman rekoso
Urip pancen angel
Kudune ora susah ngomel
Ati kudu seneng
Nyambut gawe karo seneng
Ulat aja peteng
Yen dikongkon yo sing temen
Lha apa to, konco ati kerep lara
Ra gelem rekoso mbudidoyo
Pancen kabeh podho
Pingin urip mulyo
Wiwitan rekoso
Pancen nyoto
(lagune Koes Plus “Ojo Nelongso”)

Bali menyang ingkung saka tembung : Ingkang - kalangkung.
Menowo uwis dadi bacah sing KALANGKUNG.
Uwis dadi priagung : PEJABAT, duwe kedudukan sing duwur lan nduweni kekuwasaan aja banjur padha lali marang asale yo asline.

MEKUNGKUNG :
Saka Tembung
Mengko aja padha dadi kumalungkung lan sapa siro sapa ingsun.
Yen bisa dadiyo priyagung sing arip lan bijaksana, lan anduweni sifat satriyo.
1.     Anduweni Ilmu
2.     Nggunakake ilmu
3.     Nyebarake ilmu
4.     Tambah terus, anggone nuntut ilmu.

Ora perlu adil, ora perlu sempurna amarga keadilan lan kasampurnan kuwi sing kagungan ora ana liya kejobo mung Gusti AIlah kang Maha Kuwasa.
Ananging wis dadi kodrate menungsa ( Menus-Menus Dununge Dosa ). Biyasane wong urip yen wis dadi, priyagung : Pejabat, wong gedhe, manggone ana panggonan sing nduwur, sing akeh-akeh banjur lali marang asale sing kethok malah asline.
Dene manungsa kuwi, kanggonan sifat kang serakah, gumagah, pemarah, sak wiyah-wiyah, senengane gawe bubrah ora genah, sok ora bisa nyegah. Dene sing Menus-Menus kuwi manggone ana :
WADHUK : WETHENG.
Wadhuk  sing amba, sing isine banyu, sing kimplah-kimplah, yen ora bisa anggone NGENDHALENI biso ndadekake malapetaka : bencana  banjir. Semana uga WADHUKE MANUNGSO yen diisi nganggo barang sing reged-reged uga ndadekake MALA : Penyakit.
Mula isinen karo barang sing resik-resik senajan mung sithik nanging dadine apik lan becik, tansah pinaringan seger kuwarasan lan keslamatan.
Para pini sepuh kang winasis, leluhure uwong Jawa, anggone gawe ingkung, mekungkung, endhase madhep mandhuwur, ora madhep mengisor kuwi ana pamrihe. Kuwi kanggo LAMBANGE MANUNGSA kang anduweni sipat angkoro MURKO ADlGANG­ADIGUNG, ADIGUNO, Kumalungkung sapa siro sapa ingsun.
Anggone gawe ingkung endhase diadhepke menduwur ora madhep mangisor. Kuwi nggambarake manungso yen wis mapan ana panggonan sing duwur, lan uripe tansah enak lan kepenak, ananging isih kurang narimo lan syukure, isih tansah NGLANGAK menduwur tansah kurang terus, ora ana rasa narimone tansah nglangak terus, ora gelem NDINGKLUK MENGISOR, amargo wedi yen KEJONGOR nganti ndlosor-ndlosor wis ora eling bakale mengko bali menyang ngisor.
Sak durunge KONDHANGAN diwiwiti, pini sepuh kang winasis, paring tuntunan, wejangan, piwulang, marang KAWRUH, kang migunani, tumrape wong ngaurip ana alam ndonya. Supaya padha lumaku ana dalan sing BENER TUR PENER aja nganti padha KEBLINGER, lan tansah nindakake marang tumindhak kang UTOMO.Marang LUHURING BUDl Pekerti. Dadi wong urip kuwi, aja padha anduweni watak kang ADlGANG-ADIGUNG, ADIGUNO, SAPA SIRO, SAPA INGSUN.
Dadi wong urip kuwi senengo padha tetulung marang sepadha­-padhane ngaurip, kanthi ikhlas lan tanpa pamrih.
Piwulange para pini sepuh kang winasis.
1.    GOLEKA GALIHING KANGKUNG
    GOLEKA SUSUHING ANGIN
    GOLEKA TEPAKING KUNTUL NGLAYANG   
    Supaya manungsa padha ngerti marang SANGKAN PARANING DUMADI.
    Manungsa kudu ngerti asale saka ngendhi, lan akhire bakal menyang ngendhi.

2.     MENEHONO teken marang uwong kang lagi KALUNYON
    MENEHONO pangan marang uwong kang Iagi KELUWEN.
     MENEHONO banyu marang wong kang lagi NGELAK.
    MENEHONO sandhang marang wong kang KAWUDAN.

Menawa kabeh mau tansah kok tindhakake, mengkone bakal entuk piwales sing luwih gedhe lan akeh matikel-tikel dening Gusti Allah Kang Maha Kuwasa lan sing kagungan marang sakabehe iki, kudu bener lan pener anggonmu pawaweh marang uwong kang pancen mbutuhake banget entuk pitulungan.
Aja nganti padha nguyahi SEGORO, kang pancen uwis asin banyune, padha karo muspro tanpo tonjo, percumah ora ana gunane.
Sak bubare ngucapake pandonga lan panuwun lan rasa syukur. Kang tanpa umpomo marang kemurahan lan kanugrahan kang uwis pinaringan dening Gusti Allah, marang kemakmuran lan kesuburane TANAH JAWA kang wis nyawiji dadi NUSANTARA, kang cacahe maewu-ewu pulau dadi siji.
NUSANTARA kang anduweni hasil bumi kang maneko warno apa-apa ana,
GEMAH RIPAH LOH JINAWI
TANSAH IJO ROYO-ROYO
SUBUR KANG SARWO TINANDUR
MURAH KANG SARWO TINUKU
ADEM, AYEM, TENTREM, PREMANEM

Sluman, slumun, slamet, kerto raharjo, amargo nusantoro kang nggunakake cagak sing ampuh, kuwat, ulet, pengkuh kokoh. Ora gampang lapuk lan ambruk ora ana sing bakal bisa ngambrukake NUSANTARA, kang persatuane, kesatuane, wis nyawiji dadi siji kanti nggunakake cagak kang nganti 400. Cagak awak jenenge sikil, dikramakake dadi suku. Kanti SUKU-SUKU sing cacahe 400 kuwi bisa dadi lan kuwate Nusantara.
Anggone KONDHANGAN SEGO GUDHANGAN : SAK KOMPLITE.

Banjur kabuntel nganggo godhong gedhang lan godhong jati kang ana falsapate.

Falsapate    :   
1.    Godhong gedhang : gotong royong, dhonga-dinonga marang GEMELARING jagad raya kang ombo iki padha goleko dalan sing PADHANG.

2.    Godhong jati, kanti anduweni marang jati ning diri uwong Jawa aja padha lali marang Jawane, kang andhuweni marang jati diri, harga dIRI, PERCAYA DIRI, MAWAS DIRI.

10.    TUMPENG
Yen arep kondhangan segone mesti digawe tumpeng. Sego diwadhahke kukusan dipadetke, terus ditumplak ana tampah, dadine kaya gunung. Kethoke sepele ananging gedhe banget falsapate lan tegese.
TUMPENG :    Saka tembung TUMUJUA mung marang PENGERAN.
•    Yo mung marang GUSTI ALLAH nyuwun pengayoman.
•    Yo mung GUSTI ALLAH kang kagungan sakabehing titah.
•    Yo mung GUSTI ALLAH sesembahaning manungso.
•    Yo mung GUSTI ALLAH kang ngayomi saka penggawe ala, kang ditindakake dening setan. Setan kang senengane nggodha atine manungsa, lan godha saka jin lan manungsa.

Dene tumpenge digawe kaya gunung kuwi tegese : Atine kudhu pengkuh, kukuh, tansah manter anggone nyeyuwun. Yo mung GUSTI ALLAH kang MURBENG DUMADI.
Tumpeng sing ditumplak ana tampah banjur diwenehi gudhangan saka godhong-godhongan lan sak komplitane. Kuwi tegese : Kepulauan Nusantara kang wis pinaringan kanugrahan kang kaluwih-luwih marang kesuburan, kemakmuran, kekayaan alam sing maneko warno, apa-apa ana.
Mula kanggo ngucapake syukur marang GUSTI ALLAH kang MURBENG DUMADI para pini sepuh kang winasis, leluhure wong Jawa yo sak Nusantara, kanthi diwujudake KONDHANGAN SEGO GUDHANGAN saka GODHONG-GODHONGAN.
Tampah diibaratke         : Bumi
Sego diibaratke         : Gunung kang arah
                      menduwur.
Gudhangan diibaratke : Tetanduran ing bumi Nusantara,  yo gununge, sawahe, alase,
kang tansah katon ijo royo-royo, ing ngendhi wae papan dununge sak Nusantara kang wis bisa ngresepake ing pandulu, kang mahanani ati dadi ayem tentrem. Sidem premanem, bumi Nusantara kang tansah subur apa kang sarwo tinandur. Gemah ripah loh jinawi, kerta raharjo nir ing sambekala.
Bumbu gudhangan diibaratke :   
Sanajan bedho-bedho jenenge, rupane, rasane ananging yen diracik dadi siji nyawiji ndadhekake sedhep ambune lan enak rasane kaya dene Bangsa Indonesia. Kang bedha-bedha suku, adat istiadat, agama, bahasa, budaya, kesenian, masakan, warna kulit. Ananging wis bisa dadi siji nyawiji kanthi lambang BHINEKA TUNGGAL IKA adedasar PANCASILA.

Nusantara kang saiki dadi Republik Indonesia.
    Bentuk negara                :    Kesatuan   
    Dasar negara                :    Pancasila
    Kepala Negara                :    Presiden
    Undang-undang dasar    :    UUD 1945
    Bendera Kebangsaan    :    Merah Putih
    Lagu Kebangsaan            :    Indonesia Raya
    Semboyan Negara            :    Bhineka Tunggal
                        Ika
    Lambang Negara            :    Burung Garuda                 Pancasila
Republik Indonesia kang wis MERDEKA tanggal 17 Agustus 1945.
Presiden kang kapisan Bapak Ir. Soekarno
Wakil Presiden Bapak Drs. Muhammad Hatta

Wewarah Budaya Jawa
Amung lewat kondhangan, sega gudhangan kang saka godhong-godhongan. Kabeh mau wis nyakup dhasaring urip ing alam ndonya lan ing alam akherate. Uga wis bisa nyakup kekayaan ing alam bumi Ibu Pertiwi, bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi.
Wewarah budaya Jawa kang wis ana wiwit jaman kuna makuna. Wektu semana para pinisepuh uwis paring wewarah. Wewarah tuntunan marang anak turune padha anduweni jiwa Pancasila.
Bab Pancasila uwis diajarake wiwit jaman kerajaan Majapahit ing abad XIV. Kang ana ing buku Negara Kertagama karangane Mpu Prapanca lan ing buku Sotasoma karangane Mpu Tantular.
Pancasila kang saiki dadi dhasar negara Republik Indonesia.
Berlambangkan Burung Garuda
Semboyan Negara Bhinneka Tunggal Ika.
Marang anak putu sebagai generasi muda penerus bangsa yang berjiwa Pancasila. Aja padha dilalekake, disepelekake banjur diglethekake, terus padha ora gelem nggathekake marang nilai-nilai Pancasila sebagai Dasar Negara Republik Indonesia.
Pancasila :
1.    Ketuhanan Yang Maha Esa
2.    Kemanusiaan Yang Adil dan Beradab
3.    Persatuan Indonesia
4.    Kerakyatan Yang Dipimpin Oleh Hikmah Kebijaksanaan Dalam Permusyawaratan Perwakilan
5.    Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia

Pancasila sebagai pandangan hidup Bangsa Indonesia.
Marang anak putu ayo padha :
Menghayati, mengamalkan, mengamankan Pancasila.
Nganggo “3D” :
1.    Diwiwiti saka awake dhewe dhisik
2.    Diwiwiti saka sing cilik
3.    Diwiwiti saka ati sing resik, supaya dadi apik-becik lan bisa dadi menarik.



BAB VII


BANCAKANE BOCAH CILIK


Nganggo IWEL-IWEL diadhahi pincuk.
1.     Bancakan : saka tembung :
BAreng-bareng anggone padha NGRANCAK DUM-DUMAN.
2.     Iwel-iwel    : saka tembung :
Isih cilik pancen CEMIWEL nggemesake, kudu kepingin nyiwel pipine sing menul-menul cemiwel kudu nyiwel, isih cilik aja padha diciweli, mundhak lara, mesake, wong tuwa kudu sing sabar kanti kebak rasa katresnan, anggone ngopeni anake yen lagi rewel lan nangis terus ora meneng-­meneng aja diciweli luwih becik dilela-lela, lela lendhung.

Tak lelo lela lela ledhung
Cup menengo aja pijer nangis
Anakku sing ayu rupane
Yen nangis ndak ilang ayune.

Tak Gadang bisa urip mulyo
Dadiya wanita utama
Ngluhurake asmane wong tuwo
Dadiya pendekaring bongso

Cup menengo yo anaku
Kae mbulane ndadari
Koyo buto nggegilani
Lagi nggoleki cah nangis

Tak lelo lela lela lendhung
Cup menengo aja pijer nangis
Tak emban slendhang batik kawung
Yen nangis ibu mundhak bingung

Pincuk : saka tembung :
Isih cilik durung pinter anggone nyucuk mulo diwadahi godhong yen piring bisa pecah.
•    Bancakan bocah cilik, nganggo iwel-iwel.
•    Diadhahi pincuk.
•    Kethoke sepele nanging gedhe banget.PAEDAHE lan MANPAATE apa maneh marang FILSAPATE.
Ing jaman saiki wis longko banget, sing padha nguri-uri, bancakane bocah cilik mau, apa maneh ing kota, sing kebak karo keramean, dolanan, lan apa-apa sing sarwo cemepak lan wis siap saji : instan.
Nanging yo isih ana wong siji, loro sing padho mbancaki anake utawa putune.

AYO DIPETIK FILSAPATE BANCAKAN BOCAH CILIK

Bancakan bocah cilik, nganggo iwel-iwel diwadahi pincuk, yen arep bancakan, bocah cilik-cilik, sak kiwo tengene omah, padha diundhangi banjur padha teko lan ngrubung bancakan. Sak durunge didumake, ibune utawa simbahe sing arep dibancaki, kanthi kebak ing pandongo lan panyuwunan marang Gusti Allah kang Maha Kuwasa supaya tansah diijabahi apa sing dadi panyuwunane, kanthi sareh lan alon, anggone omong arep miwiti bancakan, lan dienggihi karo bocah-bocah cilik sing diundhang biasane ngomong lan ngenalake jenenge sing arep dibancaki, iki bancakane si Noor yo...cah....nggih !
Dadiyo bocah sing mbangun turut, bekti marang wong tuwane. Yo..., cah.... nggih..
Dadiyo bocah sing pinter,    kang    tansah tumindak ing bebener, lan bisa dadi DOKTER, yo....cah...nggih...
Sing padha rukun karo kancane, aja padha seneng tukar-padu yo...cah...nggih...
Yen padha rukun agawe santoso, yen seneng crah agawe bubrah yo...cah...nggih..
Sing sregep sinau anggone padha nuntut ilmu, supaya ketekan apa sing dadi marang gegayuhanmu yo...cah...nggih...
Ora susah diabani sing sumaur wis koyo dening kuur-akur bareng-bareng anggone padha sumaur.
Kanthi pesan pendidikan moral, sing lewat bancakan, kuwi wis mujudake pendidikan kang dirintis, diwulangake saka cilik. Supaya padha rukun anggone kekancan ora padha seneng kerengan, padu, gelut apa maneh padha tawuran.
Dene bocah-bocah ndisik padha rukun-rukun anggone padha dolanan lan kekancan, senajan dolanane mung sakanane, tur sing murah regane, lan sok iso digawe dewe kabeh mau wis bisa gawe senenge atine.
Dene dolanane bocah-bocah ing jaman ndisik kayata.
1.     Cublak-cublak suweng.
2.     Jamuran.
3.     Gobak sodor.
4.     Sudah-mandah.
5.     Jelungan : Delikan yen wayah padang mbulan.
6.     Layangan, Benthik, Dakon, Jirak.
7.     Umbul, Tekpo saka gambar.
8.     Koco moto, Cagakan, saka karet gelang.
9.     Mbar suru, Mbar jenthik sing dienggo saka kecik sawo : kecik tanjung
10.     Bekelan, Nekeran, Uding.

Dolanan kabeh mau wis bisa gawe senenge ati lan bisa ngrukunake anggone padha kekancan.
Sing gedhe ngemong sing cilik, sing cilik manut-nurut marang sing gedhe, tansah padha runtang-runtung rana-rene, kethok rukune, anggone kekancan.
Kanthi sabar lan tertib bocah-bocah anggone padha ngenteni dum-duman bancakan, ora ana sing padha royokan semelang yen ora keduman bancakan, apa maneh nganti rebutan, banjur padha tawuran kuwi dadi sirikan. Dadi padha sabar anggone antri, sing disik entuk disik, sing keri yo entuk keri. Kanthi sabar, anteng, tertib, teratur, disiplin, anggone padha antri dum-duman bancakan.
Dadi uwis kawit cilik-menthik para pini sepuh, kang winass laluhure wong Jawa, anggone paring piwulang marang kabudayan kang adiluhung, dadi budaya : sabar, teratur, tertib, disiplin kuwi sing anduweni dudu wong JEPANG THOK.
Dene leluhure wong Jawa, kawit jaman kuno makuno uwis diajarake, wiwit bocah isih cilik kanthi lewat BANCAKAN nganggo IWEL-lWEL.
Kuwi wis paring wulang- wuruk marang KABUDAYAN KANG ADILUHUNG kanggo anak lan turune.
Ngajari marang TOTO KROMO supaya ben padha ngerti marang budipekerti unggah-ungguh, sopan-santun. Tindhak-tandhuk bocah enom ngormati marang sing luwih tuwa.
Anak marang wong tuwa sing tuwa nresnani sing enom, BUDIPEKERTI : Ngajari marang tumindhak kang UTOMO, kang anduweni sifat SATRIYO : Jujur, Tegas, Tanggung jawab anduweni jati ning diri, Percaya diri, Mawas diri, Harga diri, lan Budoyo isin lan Tepo saliro.

BALI MENYANG KONDHANGAN

Apa sebabe para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa milih pitik jago JAWA kang isih enom, ora sing wis tuwo utawa milih bebek, menthok utawa jago kate.
Sebabe milih pitik jago Jowo, kuwi anduweni NALURlNE Lan KEPINTERANE meh padha karo manungsa.
Ora milih BEBEK, amargo bebek kuwi sawijining kewan kang  tansah rame suwarane, ora gelem meneng, nganti BREBEKI kuping, tansah nyuwara terus. Weeek...weeek...weeek...weeek...
Karo mlaya-mlayu, rana-rene karo ROMBONGANE kang tansah rame suwarane. FILSAPATE sing ana BEBEK kuwi, lambange wong kang tansah seneng rame, ananging ora bisa MRANTASI ing gawe, senajan akeh kancane lan bolone.
Menawa MENTHOK, kuwi kewan sing ana tembang iki.
Menthok, menthok tak kandani
Mbok aja ngethok ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok- menthok mung lakumu.
Megal-megol gawe guyu.

Filsapate sing ana MENTHOK.
Dadi menthok kuwi lambange wong kang keset nyambut gawe. Gaweyane mung ngorok wae amargo kabotan nggowo awake, amargo ndekmu : Cendhek lemu, lakune tansah megal-megol gawe guyu amargo lucu.
Apa maneh pitik jago sing uwis tuwa. Kang iwake wis alot kothot-kothot. Jalune wis bujel ora landhep, yen kanggo ngabruk, awake mung tansah nglentruk, filsapate sing ana jogo sing wis tuwa diumpama akeh wong yen wis tuwo wis sudo awak lan tenogone, dadi wis sudo marang sepak terjange anggone nyambut gawe.
Filsapate sing ana pitik kate, diumpamake wong kang jirih, ringkih, kurang wawasane. Mulo diarani pitik kate wanine cedak omahe.
Dene pitik kate biasane mung didadekake kanggo kelangenan, amargo wulune putih resik, awak cilik, tansah menarik.
Mulane poro pini sepuh, kang winasis leluhur wong Jawa sing dipilih pitik jago amargo pitik jago kuwi dadi simbol KEBANGSAWANAN uga simbol KEJANTANAN ing jaman ndhisik, pitik jago kuwi dadi kelangenane para BANGSAWAN (raja-raja) dene pitik jago kuwi ana pirang-pirang jenise, jenenge, ulese wulune lan suwarane.
Koyoto :
a.    Pitik jago jowo.
b.    Pitik jago bekisar.
c.    Pitik jago mbangkok.
d.    Pitik jago pelung.
e.    Pitik cemani sing ireng sakabehane daging, getih, balung, wulu, usus, rempelo, ati.
f.    Pitik dayak saka BERAU ( KALTIM) luwih-luwih pitik gagak (KETAWA) kang wektu saiki lagi digandrungi dening pandemen (pecinta) ayam ketawa.

Dene pitik gagak kuwi, anduweni kluruk sing meh padha karo guyune manungsa dene kluruke pitik gagak (ketawa) mau dipilah-pilah ana telu.   
1.     KLURUK NDHANGDUT
Irama kluruke dowo, meh padha guyune manungsa.
2.     KLURUK SING LARAS
Guyune dowo, nanging pedhot-pedhot.
3.     KLURUK GRETEK
Guyune akeh : kerep
Dene pitik gagak (ketawa) mau, asale saka SIDRAP, Sulawesi Selatan ing jaman kerajaan dadi kelangenane para BANGSAWAN / Raja-Raja.
Kabeh pitik-pitik jago mau wis padha anduweni ciri kas lan keunggulane dhewe-dhewe.

CATETAN KAWERUH

Otak ayam, bisa secerdik dan selicik manusia ayam selama ini dianggap sebagai mahluk yang bodoh, namun ilmuwan AUSTRALIA mengungkap sisi lain, dari mahluk ini ternyata, ayam adalah makhluk cerdas, otaknya yang kecil bisa secerdik dan selicik otak manusia, Iho.
Paling tidak, itulah hasil penelitian Dr. K. LYNN Smith, dan Profesor CHRIS EVANS dari AUSTRALIA.
Kedua orang ini menggambarkan bahwa ayam, adalah makhluk sosial yang cerdas yang bisa menyesuaikan komunikasinya, tergantung kepada siapa ia berbicara ayam yang bisa mengakali yang lain dan lebih cerdas, akan lebih gampang mendapatkan makanan.
Ayam dapat menggunakan suara dan gerak tubuh untuk menyampaikan informasi.
Misalnya, ketika jantan menemukan makanan ia dapat mengeluarkan suara dan melakukan serangkaian gerakan sehingga ayam lain langsung berpikir aha, ayam jantan itu mendapatkan makanan, jadi bagi betina mereka bisa mendatangi ayam itu untuk mendapatkan makanan.
Penelitian ini dianggap layak menang karena mengubah persepsi, manusia terhadap ayam.
Bahwa ternyata ayam itu mahluk cerdas hasil penelitian ini akan masuk dalam berbagai buku TEKS INTERNASIONAL dan baru-baru ini menjadi bagian dari kurikulum untuk siswa menengah di INGGRIS.
Dene, para pini sepuh, kang winasis, kang wis ngerti sak durunge winarah, sak durunge ilmuwan AUSTRALIA. Nemokake marang penelitianne marang otak ayam, bisa secerdik lan selicik manusia, sing lagi bisa ditemokake ing  ABAD Milenium iki.
Para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa, wis luwih disik anggone nemokake. Wis wiwit jaman KUNO-MAKUNO, menawo pitik kuwi NALURI lan KEPINTERANE podo karo manungso.
Mula dienggo dadi lambange manungso kang diwujudke kanthi KONDHANGAN, SEGO, GUDHANGAN nganggo ingkung sing MEKUNGKUNG ENDHASE MADHEP MENDUWUR, Manggone ingkung ugo ana ing nduwur, kabeh mau wis dadi gambarane, watak manungso kang ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNO kang kadunungan sifat kang SERAKAH, gumagah, sak wiyah-wiyah, senengane gawe bubrah ora genah, lan ing jaman PEWAYANGAN, para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa, ugo madhakake dene pitik kuwi padha karo manungso. Naliko ana ing LAKON KONGSO ADU JAGO sing diedu dudu pitik jago, ananging sing diedu manungso kesatriya antarane R. WERKUDORO perang tanding karo SURATI MONTRO.
Loro-Iorone padha ampuhe, pengpengane, digdoyone, anggone perang tanding seru, suwe, rame ora ana entheke. Sing padha nonton, kabeh padha meneng anteng, ora padha gemreneng, apa maneh wani cemuit, cep klakep ora ana suwarane. Amargo atine tansah deg-degan, tratapan ora karu-karuwan, atine was-was lan semelang yen padha kelangan enthek-enthekan. Amarga padha totohan. Kuwi mau omonge PAK DALANG, apa maneh sing dadi dalange suwargi BAPAK KI NARTO SABDO.
Kang wis kondhang maonang-onang, nganti saiki durung ana sing madhani yo...suluke, yo...bowone, yo...kendhangane, yo ... kepyakane. Yo... Suworone kang bisa mbedhakake, antarane wayang siji lan sijine.
Pinter anggone wicoro, pinter anggone ngalembana lan nyondro, wis pokoke entek amek kurang golek. Luwih-luwih yen lagi ngungrum : pepasihan, koyo-koyo kagowo ing alam kasunyatan.
Apa maneh, menowo lagi metu goro-goro sing ngantuk dadi melek, sing turu padha nglingir amargo padha ngenteni metune goro-­goro yen ora nonton padha gelo. Ngendikone gledam-gledem karo mesam-mesem akeh sing padha kesengsem. Sing padha nonton padha marem akeh banyolane sing lucu-lucu gawe guyu ananging ora saru.
Akeh gendhing-gendhing lan lagu-lagu ndadekake gayeng lan rame suwasanane. Tansah enak-kepenak menowo podha dirungu. Suwargi bapak NARTO SABDO kejobo dalang wayang kulit, sing wis kondhang maonang-onang ugo sawijining KOMPONIS KANG MlSUWUR, pencipto lagu gendhing-gendhing Jowo kang nganti seprene isih enak lan kepenak dirungokake lan isih padha dilestarekake lan tansah diuri-uri dening generasi peneruse marang seni
KABUDAYAN JOWO kang ADILUHUNG iki. Dene dalang kuwi saka tembung DALANG : Ngudal Piwulang.
Dadiyo tontonan sing nyenengake marang sapa wae sing padha nonton. Dadiyo tuntunan, wejangan, marang dalan sing bener lan pener aja padha nganti keblinger, marang sapa wae sing padha DIWULANG (DALANG) iki piwulange DALANG WAYANG KULIT.
Dudu dalang pengrusakan utawa dalang kerusuhan.
Dene ciptaane Bapak NARTO SABDO KAYATA.
1. Kelinci ucul            5.  Sapa Ngira
2. Perahu layar        6.  Warung Pojok
3. Lesung jemengglung    7.  Goyang Semarang
4. Suwara Suling   
Lan Akeh maneh liyane

BALI MENYANG PITIK JAGO
Dene pitik kuwi, nalurine lan pintere padha manungso. Pancen bedhane ora adhoh manungso karo pitik. Ayo padha digoleki bedhane manungso karo pitik.
1.     Yen wayah esuk,    jagone padha kluruk, isih esuk uthug-uthug, pitik-pitik padha jruntul metu saka kandhange, sumebar padha golek pangan.
2.     Tansah runthang-runthung jago karo babon anggone padha pepasihan.
3.     Babon yen wis ngendhog, banjur angkrem direwangi poso ora mangan, mrehatinke calon anak-anake suwene telung minggu (21 dina)
4.     Yen endhog wis netes, babone banjur ngemong kuthuke kanthi sabar lan gemati, anggone ngemong anak-anake yen ana sing arep ngganggu marang anak-anake, age-age anggone nladhung, anak-anake mlayu rana rene tansah dietutake, lan kanthi sabar, anggone muruki ceker-ceker carane golek pangan marang anak-anake.
5.     Yen wis dhere anak-anake pisah karo babone, sak pranakan isih padha ngethokake rukune, tansah runtang-runthung anggone padha golek pangan.
6.     Pitik yen lagi mangan ora ana suwarane nanging resik gusis anggone nuthuli apa-apa sing dipangan.
7.     Ora diabani, ora dikandani yen wis wayah Maghrib, padha bali menyang kandange dhewe-dhewe.
Isih akeh sifat-sifate pitik sing padha karo manungso.

Ana siji sifate pitik sing ora keno ditiru dening manungso, yen ditiru ora elok, mengko mundhak kuwalat, tansah dadi kembang lambe, mundak gawe bubrah ora genah, dicatur rana-rene. Amargo pitik jago wis ora ngerti marang angger-angger padha nabrak marang wewaler, marang tumindak sing ora bener wis ora ngerti maneh, embuh iki simbahe, embuh iki simboke, embuh iki anake, embuh iki putune, wis embuh ora weruh.
Kabeh mau diterak, diterjang, nggugu marang karape dhewe wis ora idhep isin SENADYAN DADI KEMBANG LAMBE. Amargo pitik jago menawa kawin, padha nerak angger-angger, ora perduli maneh marang keluwargane. Mulo ing keluargo pitik, ora ana tembung SILSILAH KETURUNAN, yen manungso duwe silsilah keturunan, kuwi bedhane manungso karo pitik.