Selasa, 01 Maret 2016

BAB XV


uga ana ing tanah jawa
BAPAK I.r. SUKARNO


Bapak : PROKLAMATOR REPUBLIK INDONESIA
Bapak : PEMIMPIN BESAR BANGSA INDONESIA,
Bapak : PENDIRI, PENGGALI, PANCASILA.
Bapak : PRESIDEN REPUBLIK INDONESIA PERTAMA
Bapak : YANG MERAKYAT, ARIF DAN BIJAKSANA

Bapak Presiden Sukarno, kang uwis ngripto buku, kang judule “SARINAH” Kanggo menghormati, lan njunjung tinggi, marang HARKAT, MARTABAT, DERAJAT, kaum WANITA INDONESIA.

 “ SARINAH “

K E W A DJ I B A N  W A N I T A
d a l a m  PERDJOANGAN
R E P U B L I K  I N D O N E S I A
oleh :
I.R. Soekarno

”Banyak sekali pergerakan-pergerakan kita kandas di tengah djalan, oleh karena keadaannja wanita kita”. (Gandhi)
”Djikalau tidak dengan mereka (wanita), kemenangan tak mungkin kita tjapai !” (Lenin)
“Di antara soal-soal perdjoangan jang harus diperhatikan soal wanita hampir selalu dilupakan.”

“Saja anggap soal wanita itu soal jang amat penting. Soal wanita adalah soal masjarakat !”

Maka menurut pendapat saja soal wanita itu perlu dengan segera didjelaskan dan dipopulerkan. Sebab kita tidak dapat menjusun Negara dan tidak dapat menjusun masjarakat, jika (antara lain-lain soal) kita tidak mengerti soal wanita.
Apa sebab saja namakan kitab ini ”Sarinah”?
Saja namakan kitab ini ”Sarinah” sebagai tanda terimakasih saja kepada pengasuh saya ketika saja masih kanak-kanak.
Pengasuh saja itu bernama Sarinah.
Ia ”mBok” saja.
Ia membantu Ibu saja, dan dari dia saja menerima banjak rasa tjinta dan rasa kasih. Dari dia saja mendapat banjak peladjaran mentjintai ”orang ketjil”.
Dia sendiri pun ”orang ketjil”.
Tetapi budinja selalu besar!
Moga-moga Tuhan membalas kebaikan Sarinah itu!

Soekarno
Djokjakarta, 3 Nopember 1947

Ing pangajab, wanito-wanito Indonesia, dadiyo wanito kang keno kanggo,
= SARI TULODHO SING GENAH =
Ojo padha dadi wanito sing ora nggenah, senengane mung tansah bungah-bungah. Bisane mung agawe bubrah wong omah-omah, mulo dadi wanito, kudu bisa milih lan milah. Bisa milah lan milih, marang tumindak sing apik, becik, bener lan pener.
Ojo manut grubyuk, kepelut katut, kepencut manut, marang tumindak kang ora bener. Mengko mundak padha keblinger.
Dadi susah, gresulo, kurang narimo, tansah nelongso, gaweane mung thenger-thenger.
Mulo dadio WANITO kang UTOMO
KOYO PUTRINE BAPAK I.R. SUKARNO
BU MEGAWATI UGA MIMPIN NEGORO
WANITO kang kapisan mimpin INDONESIA RAYA.

BAPAK I.R. SUKARNO
Panjenengane lair tanggal 6 Juni 1901.
Panjenengane sedho ing dino Minggu Kliwon tanggal 21 Juni 1970.
Panjenengane sedho, kang bisa gawe atine rakyat padha njerit nangis, sedhih-perih, trenyuh, gela, nelongso, keronto-ronto. Ora percoyo menawa BAPAK I.R. SUKARNO uwis sedho.
    Kabeh rakyat padha berkabung, anggone padha nderek belo sungkowo .
Panjenengane mujudake sawijining Pemimpin kang wis bisa ngrebut atine rakyat lan ditresnani dening rakyat, kang wektu semono isih padha-padha melarat lan kesrakat.
    Naliko ing jaman lagi padha berjuang.
Panjenengane sawijining pemimpin kang ARIF, BIJAKSANA, BERWIBAWA, ANDUWENI KARISMA, GURU BANGSA lan PEJUANG BANGSA.
Panjenengane sawijining PROKLAMIATOR, ASMANE kang wis misuwur ing saindenging BAWONO.

Bapak I.R. SUKARNO kang merakyat.
Kang uwis bisa ngrebut atine rakyat.
Senajan isih podo mlarat lan kesrakat.
Ananging padha anduweni tekat, semangat, lan greget sing kuwat.

BAPAK I.R. SUKARNO
Penjenengane, mlebu-metu saka kunjoro.
Amargo diwedeni dening bongso WALONDO.
Kang wis 350 tahun suwene njajah NUSANTORO.
Wedi menawa dadi pemimpin BANGSA INDONESIA

BAPAK I.R. SUKARNO
Penjenengane, wis makaping-kaping arep DIPERJOYO.
Ditembak nganggo peluru ananging ora keno.
Nalikone peristiwa CIKINI lan SHOLAT IDHUL ADHA
Amargo isih dilindungi, diayomi,
Dening ALLAH Kang Maha KUWASA.

BAPAK I.R. SUKARNO
Senajan lagi wae, NEGORONE MERDEKO
Ananging uwis bisa dadekake NEGORONE dadi KUNCORO sak NDONYO.
Bisa ngarumake misuwurake, BANGSA INDONESIA RAYA
Kanti anane KONFERENSI ASIA-AFRIKA.
Lan ASIAN GAMES, ono INDONESIA

BAPAK I.R. SUKARNO
Penjenengane menawa pidato tansah berapi-api.
    Kang uwis bisa nyemangati rakyat dadi nyawiji, tumekaning ati
Anggone GOTONG-ROYONG mbangun NAGARI
NAGARI kang GEMAH-RIPAH LOH JINAWI

BAPAK I.R. SUKARNO
Panjenengane uwis kecathet dening sejarah.
    Panjenengane sawijining pemimpin sing pemberani lan gagah.
    Panjenengane merdikakake Indonesia kanthi susah lan payah.
    Panjenengane pemimpin negara kang isih kahanane susah.
Ananging ora nate susah lan gresah.

BAPAK I.R. SUKARNO
Panjenengane uwis kecathet dening sejarah.
Patih Gajah Mada uga kecathet dening sejarah.
    Patih Gajah Mada kang uwis ndadekake siji nyawiji kepulauan NUSANTARA.

    BAPAK I.R. SUKARNO ndadekake NUSANTARA dadi INDONESIA.

BAPAK I.R. SUKARNO
    Sejarah kang wis nyathet PATIH GAJAH MADA lan BAPAK I.R. SUKARNO
Padha-padha SEKTI MONDROGUNO
    Sejarah kang wis nyathet PATIH GAJAH MADA kanthi SUMPAH PALAPA
    Sejarah kang wis    nyathet BAPAK I.R. SUKARNO penggali, pendiri PANCASILA

Maju tak gentar
Membela yang benar
Maju tak gentar
Hak kita diserang

Maju serentak
Mengusir penyerang
Maju serentak
Tentu kita kita menang

Bergerak bergerak
Serentak serentak
Menerkam menerjang terjang
Tak gentar tak gentar
Menyerang menyerang

Majulah majulah menang
        (lagu Maju Tak Gentar - C. Simanjuntak)

Garuda pancasila
Akulah pendukungmu
Patriot proklamasi
Sedia berkorban untukmu

Pancasila dasar negara
Rakyat adil makmur sentosa
Pribadi bangsaku
Ayo maju maju
Ayo maju maju
Ayo maju maju
            (lagu Garuda Pancasila - Sudharnoto)
Hooolobis kunthul baris
Ayo terus maju lan bersatu
Kanggo mbangun negaramu INDONESIA RAYA,
KAYA RAYA, NEGARAKU.
Tanah tumpah darahku

Ing jaman perjuangan lagu-lagu wajib kanggo penyemangat, perekat rakyat, tansah dikumandangke lan disiarake.
Senajan mung lewat R.R.I = Radio Republik Indonesia
Durung lewat T.V.R.I = Televisi Republik Indonesia
Menawa jaman saiki bisa lewat T.V, sing gambare, warnane, tulisane, kabeh bisa ketok melhok-melhok yen didelok, apike wis ora elok, ing ngendi-endi sak kabehing kahanan ndonya dadi ketok. Ing jaman perjuanqan, senajan mung ngrungokake lewat radio, uwis mujudake penyemangat, perekat, RAKYAT supaya HEBAT lan KUWAT, kang wektu semono isih padha mlarat lan kesrakat.
Nalika isih ing jaman berjuang, ora saben uwong podo duwe radio. Sing duwe radio, bangsane priyayi-priyayi sing sugih BLEGEDU sing bisa tuku. Wektu semono RADIO MATA KUCING, uwis peng-pengan apike, lan wis ndadekake roso gumun marang sing durung duwe radio senajan ana sing duwe radio, ananging, yen uripe ono ndesa, percumah ora bisa muni lan dirungokake.
Amerga aliran listrik durung tekan ndesa senajan kahanan ndesa, ing wayah wengi, sepi nyenyet, lan PETENG NDEDET, anane mung suworo jangkrik, walang kekek, kodok ngorek, lan kelap-kelip abure kunang- kunang ing wayah bengi.
Senajan urip ono ndesa kahanane, sepi lan nyenyet, tur peteng ndedet ananing atine tansah adem-ayem, tentrem-jenjem, sidem-premanem, tansah mesam-mesem, amargo wis marem. Kahanan mauu amarga anane, URA-URA, RENGENG-RENGENG, KIDHUNG, MACAPAT, PANGKUR JENGGLENG, MIJIL, Maskumambang, Kinanti, Pocung, Asrnorodono.
Gendhing-gendhing Jawa kang wis bisa nggawa ati dadi ayem Ian tentrem, ora butuh kae-kae, butuhe mung nyambut gawe nganti tekan seprene. Kebudayan Jawa isih urip subur lan ngremboko. Jalaran tansah diuri-uri dening masyarakat pedesaan.
Kang wis bisa nyithak dalang-dalang, sinden-sinden sing kondang nganti tekan manca negara, lan padha kepengen marang KABUDAYAN Jawa kang ADILUHUNG.
Sak bubare Indonesia merdeka, wektu samono rakyate isih akeh sing isih buta huruf, durung akeh sing bisa moco lan nulis. Dadi kurang kepinterane lan wawasane, mula karo pemerintah disaranani, kanggo penerangan supaya rakyate padha pinter, lan wawasane tambah pengalamane, liwat siaran radio RRI. Kanggo umum, radio sing dideleh ana jero kothak. Kothake digawe kaya pagupon doro. Banjur dipasang ono pinggir prapatan dalan supaya bisa kanggo NGOKBAR = ngrungoke bareng-bareng, kang uwis bisa gawe seneng atine rakyat, kang wektu semono isih padha mlarat lan kesrakat ananging padha anduweni MARTABAT, ora padha bejat.
Wektu semono ing kutha Sragen, ana rong prapatan sing dipasangi kothak radio kanggo umum. Siji ono prapatan antarane kampung Kutarejo lan kampung Gendingan. Siji maneh ana prapatan antarane kampung Cantel Kulon lan kampung Cantel Wetan.
Wektu semono listrike isih tegangan 110 watt, dadi murupe listrik isih durung padhang kaya saiki, kang awan bengi padhang kencar-kencar. Dene radio umum sing ono prapatan Kutorejo lan Gendingan manggone ono pekarangane Bu Marto Pawiro. Mulo Bu Marto kasebut Bu Marto Radio. Lan sijine sing ono prapatan dalan antarane Cantel Kulon lan Cantel Wetan sing dienggo papan panggonan Radio Umum disebut prapatan : RADIO OEMOEM.
Sing isih nganggo U = lama.
Senajan NGOKBAR ora NONBAR kuwi wis mujudake SARANA, PRASARANA sing AMPUH, amarga BUTUH.
Ananing ing wektu saiki podo rame-rame =NONBAR= nonton bareng-bareng kan tundone dadi =COCAK ROWO= DAWA BUNTUTE, yen digoyang. Serrrrrr, serrrrrrrr adhuh penake.    .
Koyo kedadeyan, kahanan, wektu saiki kang wis luput cinatur ruwet-mbundet anane mung padha bungah-bungah, ora genah, Wis padha ora ngerti jam lar wayah. Padha lali marang ibadah, wis ora padha wedi marang GUSTI ALLAH. Wis ora padha mikir, akeh wong kang padha nandang susah.
Sanajan mung ngrungokake bareng-bareng ananging uwis bisa mahanani anane GOTONG ROYONG, SAK IYEK SAK EKOPROYO anggone mbangun DESO LAN NEGORO padha sengkut gemregut, anggone tumandhang gawe, mundhak kerukunane, kepinterane, wawasane, dadi padha mlethik atine, gedhe tekade lan semangate.
Wektu semono pancen isih mbutuhake banget, sarana kanggo penerangan. Nambah kepinteran, wawasan lan hiburan. Wektu semono berita lan hiburan sing tansah ditunggu-tunggu.
Berita Nusantara saka RRI Pusat Jakarta. Berita Daerah, Obrolane Pak Besut karo Mbakyu Santinet siaran saka RRI Jogjakarta.
Obrolane Ki Sambang Dalan, siaran saka RRI Semarang.
Menawa hiburan sing ditunggu-tunggu :
Kethoprak CAKRAJIYO
Dagelan BASIYO
Wayang Kulit Ki NARTO SABDO, PESINDEN NYI CONDRO LUKITO.
Klenenngan, cokekan, uyon-uyon, guyon maton, ludruk, wayang uwong, kroncong, Langgam Jawa, orkes Melayu, ora keri sandiwara radio sing disenengi dening bocah-bocah enom lan piyayi sepuh.
Kabeh kuwi mau wis mujudake hiburan kang wis nyenengake ati, ndadekake ilang kesele anggone padha mempeng nyambut gawe, apa maneh yen pas lagi mirengake pidatone Pak Bung Karno, kanthi makantar-kantar, mbakar semangate rakyat, kang isih padha melarat lan kesrakat supaya padha anduweni tekat sing bulat lan kuwat mbangun negarane dadi hebat keliwat-liwat sak = INDHENGING JAGAT.
Perjenengane sawijining Pemimpin Negoro sing merakyat kang ditresnani dening rakyat.
Rakyat kang isih padha melarat, panjenengane uga pemimpin sing kaya rakyat, kang isih padha melarat, ananging ngajak rakyat padha anduweni harkat, derajat, pangkat sing bermartabat, lan ngajak rakyat padha mertobat lan sesambat mung marang GUSTI ALLAH KANG AKARYO JAGAT.

BAPAK I.R. SUKARNO
BAPAK PRESIDEN REPUBLIK INDONESIA
YANG PERTAMA
BAPAK I.R. SUKARNO PENDIRI BANGSA INDONESIA

BAPAK I.R. SUKARNO
MENGAJAK RAKYAT BERDIKARI
MENGAJAK RAKYAT PERCAYA DIRI
MENGAJAK RAKYAT MEMBANGUN NEGERI
MENGAJAK RAKYAT JANGAN MEMISKINKAN DIRI
MENGAJAK RAKYAT MEMPUNYAI HARGA DIRI
MENGAJAK RAKYAT UNTUK MENGABDI

BERJUANG TERUS PANTANG MUNDUR,
MAJU TAK GENTAR MEMBELA YANG BENAR
DEMI IBU PERTIWI,
INDONESIA YANG AKU CINTAI DAN AKU HARGAI
KAMI RAKYAT INDONESIA BERTEKAD BULAT
KAMI MESKIPUN MASIH MELARAT
KAMI BERJIWA BESAR BERMARTABAT
KAMI BUKAN BERJIWA PENGKHIANAT
PAK BUNG KARNO ASMO KANG WIS MERAKYAT .
PAK BUNG KARNO MENAWA TINDHAK
ORA PERLU PENGAWALAN SING KETAT
PAK BUNG KARNO NITIH JIP TERBUKA KARO
NYELIPAKE TONGKAT
PAK BUNG KARNO PEMIMPIN NEGARA KANG
MERAKYAT
PAK BUNG KARNO PANCEN SAWIJINING PEMIMPIN
BANGSA LAN NEGARA KANG HEBAT KELIWAT-LIWAT
LAN KUWAT

Naliko Pak Bung Karno arep tindhak menyang Magelang, saka Samarang Iewat Ambarawa. Sak dawaning pinggir dalan sing arep diliwati wis dicegat dening rakyat kang padha nggowo bendera Merah Putih sing digawe saka kertas.
Kanthi pekik sorak kang amboto rubuh martandani sawijining pemimpin kang wis nyawiji dadi siji karo rakyat, sanajan isih padha malarat. Sanajan mung Iewat sak keclapan, ananing uwis ndadekake rakyate seneng, bangga, marang kadadeyan kang Iongko, bisa ketemu karo Bapak Pemimpin BANGSA sing tansah ditresnani rakyat lan nresnani rakyat. Bapak Pemimpin BANGSA sing barwibawa, Bapak pemimpin BANGSA kang anduweni karisma.

Hidup Pak Bung Karno !
Hidup Pak Bung Karno !
MERDEKA, MERDEKA, MERDEKA.
SEKALI MERDEKA TETAP MERDEKA
BUNG KARNO siapa yang punya
BUNG KARNO siapa yang punya
BUNG KARNO siapa yang punya
Yang punya rakyat INDONESIA.

Pengalaman iki tak alami naIika aku isih ana SEKOLAH RAKYAT (SR).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar