Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXI


UGA SAKA KERATON
SURAKARTA HADININGRAT



Sak wijining adat-istiadat kang Iuhur. Adat istiadat kang tansah diuri-uri lan isih ngremboko nganti tekan seprene lan sak teruse, sak Indonesia lan nganti mancanegara. Adat istiadat kang uwis paring tuntunan wulang wuruk marang BUDI PEKERTI, lan KABUDAYAN JAWA kang ADILUHUNG. Adat istiadat kang wis bisa ngarahake anak supaya padha bekti, ngajeni, nurut yen dikandani. Bisa mikul duwur, mendhem jero marang wong tuwo.
Adat istiadat kang wis bisa ngrukunake, ngumpuleke, wong tuwo, anak, putu lan keturunane, lan sedulur-sedulure, supaya ojo nganti padha kepaten obor lan silsilah. Bisaa padha ngerti nganti tekan turun-temurun. Adat istiadat kang wis bisa ngrukunake, dadi rumaket caket, anggone padha tetanggan, marang tonggo teparo.
Adat istiadat kang wis bisa nggowo, marang SAMBUNG ROSO kang wis bisa MAHANANI marang KERUKUNAN, PERSATUAN, KEBERSAMAAN lan KEBANGSAAN. Adat istiadat kang ora mbedak-mbedakake lan milah-milih marang agama, suku, bahasa, keturunan, warna kulit, sapa sira, sapa ingsun.
Adat istiadat kang wis bisa gawe seneng atine sopo wae. Wong tuwo, wong enom, boceh gedhe, bocah cilik, lanang wadon. Pejabat, wong melarat, wong dodolan, wong tuku, tetumpakan dadi rame, mobil, kapal, sepur, pesawat terbang, kang rego kercise bisa matikel-tikel karo adat sabene, wis ora dietung lan dirasa, senajan sing numpak dadi enet-enetan awake nganti padha kepinet, kepenyet-penyet, sikile kepidhak-pidhak, sirahe dadi cenet-cenut amargo mumet. Ananging kebeh mau ora padha diroso amarga kagowo ati sing seneng, arep ketemu wong tuwo, keluargo, konco-konco lan sanak kadhang sing ono kampung. Kang wis suwe ditinggal lunga nglemboro padha makaryo, ngupoyo upo.
Adat istiadat kang adi luhung mau anane ing dino BAKDO = HALAL Bl HALAL. Kanggone wong Jowo ono ing wulan kang FlTRl mau kanggo ngapuro ing ngapuro, bisaa sak kabehe dose-dosane lebur ing wulan BAKDO.
Dene adat-istiadat kang adi luhung mau, kedadeyane saka njeroning keraton Surakarta Hadiningrat kang dipakarsani dening Pangeran SAMBERNYOWO. Ono perjanjian Salatiga ing tahun 1767 M Keraton Surakarta dibagi dadi loro yakuwi Keraton Kasunanan lan Keraton Mangkunegaran. Dene Pangeran Sambernyowo jumeneng ono Keraton Mangkunegaran.
Mulo kanggone wong Jawa, ing wulan kang Fitri digunakake kanggo mawas diri. Digunakake kanggo nggoleki marang jatining diri. Kawulo mung sak dremi, Gusti Allah kang Handarbeni. Kawulo mung sak dremo titah kang sakwantah asale mung soko Iemah, baline ugo menyang lemah. Kawulo mung sak dremo tinitah dadi MANUNGSA tinitah dadi Menus-menus dunungane Dosa.
Tumrape uwong Jawa  Kang anduweni rasa tepa salira kang anduweni ati kang legowo, ora seneng ngundhomono. Falsapah Jowo kang keno dipercoyo wong nandur bakale ngunduh, becik ketitik ala ketara. Wong Jawa lan Indonesia, wong cilik sak dremo dadi rakyat. Rakyat kang ora bisa menggugat, menghujat, melaknat, berdebat, marang tumindake para pejabat.
Bisane mung tansah pasrah, sumarah marang sakabehing Kodrat. Kabeh kang wis dadi peparinge GUSTI ALLAH Kang Akaryo Jagad. Kahanan, kedadeyan wektu-wektu sak iki uwis kelebu JONGKO DJOYOBOYO. Kang wis sinerat dening R.NG. RONGGO WARSITO.
Pancen wolak-waliking jaman
Amenangi jaman edan
Ora edan ora kumanan
Sing waras padha nggagas
Wong tani padha ditaleni
Wong dora padha ura-ura
Beja-bejane sing lali,
Isih beja kang eling lan waspadha

Sing edan padha bisa dandan
Sing ambangkang padha bisa
Nggalang omah gedong magrong-magrong

Wong waras lan adil uripe ngenes lan kepencil
Sing ora abisa maling digethingi
Sing pinter duraka dadi kanca
Wong bener sangsaya thenger-thenger
Wong salah bungah-bungah
Akeh bandha musna tan karuan larine
Akeh pangkat lan drajat padha minggat tan karuan
sebabe

Akeh wong janji ora ditepati
Akeh wong nglanggar sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng ngalap,
Tan anindakake hukuming allah
Barang jahat diangkat-angkat
Barang suci dibenci

Akeh wong ngutamakake royal
Lali kamanungsane, lali kebecikane
Lali sanak lali kadang
Akeh bapa lali anak
Akeh anak nundhung biyung
Sedulur padha cidra
Keluarga padha curiga
Kanca dadi mungsuh
Manungsa lali asale

Wong golek pangan pindha gabah den interi
Sing kebat kliwat, sing kasep kepleset
Sing gedhe rame tanpa gawe sing cilik keceklik
Sing anggak ketenggak, sing wedi padha mati
Nanging sing ngawur padha makmur
Sing ngati-ati padha sambat kepati-pati


    Bandha dadi memala
Pangkat dadi pikat
Sing menang padha sewenang-wenang
Rumongso menang
Sing kalah, sing ngalah kabeh rumongso salah.
Pepatihe kepala judi
Sing ati suci padha dibenci
Sing jahat penjilat tur oleh drajat
Sing maling thenguk-thenguk nemu kethuk
Pitik angrem sak nduwure pikulan


Zaman kalabendu lan sarat Jongko Djoyoboyo
Pas banget karo kahanan ing wektu saiki
Kang kahanane wis ruwet-mbundet
Nyang pikiran dadi pepet
Wis angel bangat anggone ngudari lan diwiradati
Kajobo yan wis pikanthuk kamurahaning
GUSTI ALLAH Kang MAHA SUCI lan Kang HANDARBENI
Sak isining JAGAD RAYA IKI.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar