Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXIII


IBU LAN BOLAH



IBU, sangang sasi, sangang dina aku ono guwo garbo IBU
IBU, panggonan kang sapisan aku nuntut ilmu
IBU, kepinteran kang kapisan aku nyesep susu IBU
IBU, sepira gedhene Iara lapa IBU kanggo aku
IBU, anggone ngopeni, nggedhekake, minterake, ngarahake, nuntun marang tumindak sing bener lan pener, ugo marang kejujuran, kemandirian, kanggo putra lan putrimu
IBU, kanthi manah kang Iembut, sabar tulus ikhlas, tanpa pamrih, anggone mbanting tulang, rino kalawan wengi mung kanggo putra lan putrimu
IBU, ora lali rino kalawan wengi pandonga lan panyuwunan IBU sing apik lan becik kanggo putra lan putrimu kang tansah disuwunke marang GUSTI ALLAH KANG MAHA WELAS LAN ASIH.
IBU, saiki putra lan putrimu wis pada gede lan wis nyambut gawe
IBU, matur nuwun IBU, dumateng sedoyo, pengorbanan IBU
IBU, putra putri panjenengan, badhe ngestokaken, dawuh lan welingipun Bapak tuwin IBU
Dadia bocah sing pinter-pinter,
Kang tansah tumindak ing bebener lan pener
ojo nganti padha keblinger ora pener
tansah tumindhak sing jujur, tegas, tanggung jawab
ojo padha melik nggendong lali
kuwi tumindak kang ora terpuji
aja padha tumindak culika
mengko mundak cilaka

IBU, Bapak sepindhah malih putra, putri
ngucapaken matur nuwun
dumateng dawuh lan weling Bapak tuwin IBU
sadaya badhe putra estokaken
lan badhe kula tularaken dumateng putra lan wayah-wayah

IBU ... BAPAK... salam bekti Putra-putri kagem Bapak IBU
ingkang sampun ngukir Jiwa Raga Kula.

Mengeti Hari Ibu
22-12-2004
BOLAH

Amargo Bolah aku omah-omah
Amargo Bolah aku gawe omah
Amargo Bolah anakku padha sekolah
Amargo Bolah aku bisa menyang Mekah
Kabeh mau amarga saka
RIDHONING Allah
29 - 12 - 2004

Tidak ada komentar:

Posting Komentar