Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXXV


7 PEJUANG BANGSA
KANG ARIF BIJAKSANA
SEPI ING PAMRIH, RAME ING GAWE


1.    R.A. KARTINI
Wanita nusantara kang prasaja tur lugu. Luhuring bebudene. Gurune para kaume. Kang wis nuntun para kaume marang “Habis Gelap Terbitlah Terang.”

2.    PATIH GAJAHMADA
Panglima perang kang ampuh-tangguh, sekti mandraguna. Pantes yen apeparab bupatine prang.
Sing wani bakal wirang.
Yen nglurug tanpa bala.
Digdaya tanpa tanda apa-apa.
Lamun menang tan ngasorake liyan.
Sugih tan abebanda.
Umbul-umbule warna jenang gula-klapa.
Tinengeran gambare raja kaya.
Disusuli swarane bende waja.

3.    R. Ng. RONGGOWARSITO
1.    Pujangga panutuping keraton Surakarta Hadiningrat.
2.    Sastrawan
3.    Budayawan
4.    Peramal
Kang ngramal menangi jaman edan, pancen wolak-waliking jaman.
Amenangi jaman edan, ora edan ora keduman. Sing waras padha nggragas. Wong tani padha ditaleni. Wong dora padha ura-ura. Beja-bejane sing lali isih beja sing eling lan waspada.

4.    Ir. SOEKARNO
Pemimpin bangsa kang arif, bijaksana, berwibawa, anduweni karisma, guru bangsa, pejuang bangsa, kang merakyat lan ditresnani dhening rakyat.

5.    GESANG MARTOHARTONO
Sak wijining seniman keroncong lan komponis besar kang wis misuwur sak Nusantara lan manca negara.
Ananging Bapak Gesang uripe tansah prasaja, sabar, narimo ora neko-neko. Pancen pantes kena kanggo tepa tuladha marang kawula muda sebagai penerus bangsa.

6.    JOKO WIDODO
“The Next Soekarno” (penerus cita-cita Ir. Soekarno). Kanthi anane sambung rasa, kanthi ulet lan rumakete marang warga kang wis bisa mahanani warga rumangsa diayomi-diayemi, dhening Bapak Joko Widodo. Bapak pemimpin kang sederhana, jujur, ikhlas, tegas, cerdas, disiplin, bertanggungjawab berakhlak mulia.

7.    Ibu IRIANA JOKOWI
Dumatheng Ibu Iriana sebagai ibu negara pendamping Bapak Presiden Republik Indonesia. Wonten pundhakipun Ibu Iriana ngemban amanat saking rakyat ingkang awrat. Pekerjaan ingkang berat teramat berat. Pekerjaan ingkang sulit teramat sulit. Pekerjaan ingkang penuh pengorbanan, lahir bathin, jiwa raga penuh tanggung jawab. Mengemban amanat penderitaan rakyat.
Punapa malih ngadhepi kahanan ingkang sak punika, ingkang kena diparibasakake : “Pithik angrem sak nduwure pikulan” = kang tansah digoyang terus. Peraturan padha diterak sakepenake dhewe, amarga wong urip wis kocar-kacir ora bisa diwiradati. Ubaling angkara ngambra-ambra (akeh koruptor), diumpamakake : ula endhase loro = bisa nyaplok ngarep-mburi.
Wonten pundhakipun Ibu Iriana, kahanan ingkang ruwet mbundhet punika saged dipun udhari mbaka setunggal. Ibu Iriana sebagai ibu negara, gelar sebutan ibu = biyung = simbok = wanita.
  1. Sebutan ibu = kang ateges = isi bumi. Ibu ingkang kinodrat dititahake kang bisa anduweni keturunan kanggo isining bumi.
  2. Sebutan biyung = bisa kanggo payung = payungan yen lagi kepanasen lan kodhanan. Kang bisa angiyupi, angayomi lan angayemi.
  3. Sebutan simbok = sithik-sithik kanggo tombok. Tansah tulus ikhlas lahir bathin marang pengabdian, pengorbanan lan tanggung jawab. Sepi ing pamrih rame ing gawe.
  4.  Sebutan wanita = wani nata supaya tumata. “Wanita pasti bisa!” Wonten pundhakipun Ibu Iriana anggadhahi tanggung jawab, mengemban amanat penderitaan rakyat.
Umbah-umbah popok-popok ingkang reged-mblekethek, supados dadi resik, apik, becik, menarik. Supados mboten sami jijik.
Meneruskan cita-cita ibu RA Kartini, habis gelap terbitlah terang.
Meneruskan cita-cita Bapak Presiden Sukarno : tentang Sarinah = sari tuladha sing genah. Monggo Ibu Iriana membimbing Sarinah-Sarinah Indonesia. Supadhos sami-sami “Tut wuri handayani.”
Dados Sarinah-Sarinah ingkang mumpuni. Dados Srikandi-Srikandi ingkang dados tulang punggung negara.
Optimis menatap masa depan untuk mengisi kemerdekaan Republik Indonesia Raya yang hebat, kuat bermartabat. Demi kesatuan, persatuan, kemajuan, kebersamaan, kedamaian, kesejahteraan NKRI.
Selamat berjuang dan kerja, kerja, kerja Ibu / Bp. Joko Widodo demi Nusa, Bangsa dan Negara. Allah selalu ridho dan melindungi Ibu / Bp. Joko  Widodo.

Rakyat yang ikhlas, cerdas, tegas, lugas, tuntas selalu mendukung Ibu / Bp. Jokowi.
Amin

Sragen, akhir Desember  2014


Kebak ing pandonga, panyuwunan lan harapan. Welinge Mbahti marang anak putu, padha sregepa sinau supaya katekan apa sing dadi gegayuhanmu lan aja lali marang pendidikan budi pekerti. Ngudi marang tumindhak kang utami lan anduweni akhlak mulia hati. Kabeh mau bisa kanggo anyengkuyung-ndukung program Bapak Presiden Jokowi. Program revolusi mental kang nomer siji lan ayo padha dicanangake, disebarluasake marang gerakan gemar membaca dan menulis.
Gerakan gemar menulis dan membaca
Seneng maca buku sebagai jendela dunia
Seneng maca buku tambah ilmu
Seneng maca buku negarane dadi maju

Seneng maca buku menyang perpustakaan
Seneng maca buku kanggo menambah wawasan lan kepinteran
Seneng maca buku kanggo nyegah tawuran, penipuan, pengrusakan, pemerkosaan, perampokan
Seneng maca buku negarane kebak ketentreman lan kedamaian

Maca buku Wewarah Budaya Jawi
Wewarah kang kebak filosofi-filosofi kang migunani
Wewarah kang kebak nasihat-nasihat ingkang bermanfaat
Wewarah kanggo anak putu supaya uripe padha slamet ing ndonya lan ing akherat
Wewarah Budaya Jawi kang hebat, kuwat, kalewat-lewat
Wewarah kang ora susah ngethokake ragat
Wewarah kang tansah diudi, diuri-uri, dipepetri amrih lestari
Bisa ngrembaka dadi kuncara sak Nusantara lan sak endhenging bawana
Wewarah kang sak ndonya ora ana kang bisa nandhingi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar