Selasa, 01 Maret 2016
BAB XXVIII
NASIBE DADI WONG CILIK
Urip ing alam ndonyo
Kang kebak ing sandiworo
Sing sugih tambah sugih numpuk bondo
Sing mlarat tambah mlarat lan sengsoro
Wis dadi nasibe wong cilik
Golek pangan direwangi mripate mendelik
Nanging entuk-entukane mung sethitik
Ora oukup kanggo ngingoni anak sing isih cilik-cilik
Opo maneh papan panggonan
Saben dino tansah kekurangan pangan
Ora diroso senajan panas lan udan
Koyo ngono nasibe wong diarani gelandangan
Akeh wong ngino lan nyiyo-nyiyo
Marang penggawean kang katone ino lan nisto
Kabeh mau tak tompo kanti sabar lan narimo
Pasrah sumarah marang ALLAH Kang MAHA KUWASA
gaweyanku mung dadi pemulung
Wis pirang kilo meter Iakuku ora tak etung
Lan ngorek-orek sampah duwure padha gunung
Gondho sing ora sedep tansah lumebu nyang irung
Kanti welas asihe bongso liyo
Bongso Walondo sing wis njajah Nusantoro
Kang wis bisa nyithak sawijining wanito
Kang wis bisa ngarumake Nusa, Bongsa lan Negara
Sak wijining Wartawati
Kang aran Ni Wayan Mertayani
Asale soko Pulau Bali
Wis bisa menangake lomba wartawan foto
Kang dadi juwara Iomba nomer siji
Opo ora hebat keliwat-Iiwat
Ing atase anak pemulung sing uripe melarat
Kok bisa hebat.... keliwat-Iiwat
Bisa menangake soko 200 peserta
Kang ugo Iuwih Hebaaat .... Hebaaat.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar