Selasa, 01 Maret 2016

BAB XVIII


SURINAME



Suwargi Bapak ABI KUSNO TJOKROSUJOSO Iahir 1899, sedho 11 Nopember 1968, piyambake ahli bangunan (ARSITEK). Piyambake ugo dadi Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia.
Menjabat dadi Menteri Perhubungan sak jroning Kabinet Kang Kapisan Republik Indonesia.
Bapak Abi Kusno Tjokrosujoso, sawijining penasihat DELEGASI RI jroning K.M.B (Konfrensi Meja Bundar) kang dianake ono ing Negara Belanda. Bapak Abi Kusno Tjokrosujoso saka Negara Belanda terus tindhak menyang Negara SURINAME.
Sak perlu ono sambung rapete karo Kewarganegaraan uwong Jawa kang digowo dening Walondo menyang Suriname. Dhene uwong Jawa kang digowo bongso Walondo menyang Suriname kang akehe kurang luwih nganti 300.000 uwong. Bapak Abi Kusno Tjokrosujoso ono ing Suriname wulan Oktober/Nopember 1949. Kanthi jasane Bapak Abi Kusno Tiokrosujoso kanggo ngangkat Harkat, Martabat, Derajat, Pangkat, uwong Jawa sing ono Suriname supaya ben ora diasorake, disepelekake, diino lan disiyo-siyo lan supaya diakoni, diajeni, diuwongke dening bongso Iiyo lan negoro Iiyo ing Mancanegara.
Menowo uwong Jawa kuwi anduweni Kabudayan Kang Adiluhung, kang tansah njunjung marang Budipekerti lan Tumindhak kang Utami. Ngugemi marang kejujuran, kemandirian, kepribadlan, Tepo Salira marang sapadha-padhaning ngaurip, lan anduweni Jatining Diri, dadi uwong Jawa ora Iali marang Jawane.
Mulo uwong Jawa kang mapan manggon ono ing negara Suriname, kanthi ati kang wis madhep manthep, tathak tethek, sreg ora seneng gawe usreg, tansah pasrah sumarah sabar lan narimo, ora seneng gresulo, opo maneh ngundhomono lan ora neko-neko. Senajan uripe nelongso lan rekoso ono ing mancanegara.
Kanthi kebak ing panyuwunan lan pandongo marang Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, Maha Wasesa, Maha  Handarbeni marang isining Jagad Raya iki, ugo kang gawe urip lan pati. Uwong Jawa kang ono ing negara Suriname kang maune kebak ing keprihatinan lan rekasa, nelangsa, kebak Iara Iapa amargo kepeksa, dipeksa ninggalake tanah wuthah getihe lan tanah para Ieluhure lan sedulur-dulure sing ono tanah Jawa. Padha Iunga adoh banget lan padha durung ngerti papan dhununge menyang BENUA  AMERIKA ing negara SURINAME. Ananging ing wektu sak iki uwong Jawa sing ono Suriname wis padha ngundhuh tandurane, methik hasile anggone padha adhus keringete dhewe-dhewe.
Uripe wis padha kepenak, kanggo anak putu lan keturunane ono ing negoro Suriname. Sak iki ono ing Negoro Suriname anak keturunane uwong Jawa uwis padha nemoni enak lan kepenake.
Akeh sing padha dadi para pejabat sing penting-penting lan mumpuni ing babakan pemerintahan ono ing negoro Suriname. Amargo nganthi seprene uwong Jawa sing ono Suriname isih padha anguri-uri marang Kabudayan Jawa Kang Adiluhung senajan uripe adhoh banget papan dununge saka tanah Ieluhure lan tanah asale. Nganthi seprene uwong Jawa kang manggon ono ing Suriname kurang Iuwih wis 125 tahun, wis 11/4 ABAD suwene. Ananging isih padha anguri-uri marang kabudayan Jawa kang adiluhung kang njunjung marang BUDIPEKERTI lan LUHURING BUDI, marang tumindhak kang utami.
Kabudayan kang ngarahake, nuntun marang dalan sing BENER tur PENER ojo nganthi padha KEBLINGER ORA PENER marang dalan sing ora BENER. Kabudayan kang uwis aweh tuntunan, wejangan, arah-arahan marang Budi pekerti, kejujuran, kemandirlan, lan jatining diri. Dadi tiyang Jawi kang tansah ngudi marang tumindhak kang utami, dadi uwong Jawa ora Iali marang Jawane lan isih tunanem tajem ono ironing ati marang falsapah uwit PARI, TEBU lan JATI.
1.     Uwit PARI : Papan panggonan Rizqi (Rejeki)
2.     Uwit TEBU : Antheping Kalbu (Ati)
    Dadi uwong urip kuwi atine kudu madhep manthep mung sawiji anggone menembah. Yo mung marang GUSTl ALLAH Kang Murbeng Dumadi lan Handarbeni isining Jagad Raya iki.
3.     Uwit JATI : Jatining Diri
    Dadi uwong urip kuwi kudu anduweni jatining diri. Luwih-luwih tumrape Tiyang Jawi kang anduweni marang luhuring Budi Pekerti lan marang tindhak kang utami lan tansah mawas diri, lan anduweni HATI NURANI. Tansah pasrah sumarah, marang sangkan paraning dumadi. Lan uwong Jawa Suriname isih padha ngugemi marang Falsafah Jawa.
1.     Wong nandur bakale ngundhuh.
2.     Becik ketitik ala ketara.
3.     Ojo padha kesusu, grusa-grusu mengko mundhak keliru.
    Becik alon-alon watone kelakon.
4.     Ajining diri saka lathi.
    Ajining sarira saka busono
5.     Sing gemi nastiti, ngati-ati.
    Tansah eling lan waspadha.
6.     Ojo padha melik nggendhong Iali.
7.     Ojo padha nindhakake marang tumindhak kang ora terpuji, mengko tundhone bakal nekakake marang bilahi kang mbebayani. Lan tumindhak ala lan nisto kang tundhone mung gawe sengeara lan ino. lsih akeh maneh falsapah Jawa, kanggo ngudi marang sifat kang utomo lan watak satriyo, jujur, tegas, tanggung jawab.
Mula marang anak, putu lan keturunane uwong Jawa sing ono tanah Jawa lan ing ngendi wae papan panggonane ojo nganti kalah anggone padha anguri-uri lan nglestarekake amrih lestari kabudayan Jawa Kang Adiluhung iki. Ojo nganti disepelekake, diasorake lan dilalekake. Mengko mundhak ilang saka tanah asale tanah Jawa, pindah menyang negoro liyo ing Negoro SURINAME, kang maune uwong Jawa digowo dening bongso Walondo. Bongso Walondo kang uwis njajah ing bumi Nusantoro kang suwene nganthi 350 tahun.
Dadi ora mokal, aneh lan nyleneh menowo kabudayan Jawa lan masakan Jawa ugo disenengi dening bongso Walondo nganti tekan seprene ono ing negarane, ing Negeri BELANDA, NEGERI KINCIR ANGIN.
Menowo kabudayan Jawa nganti diduweni, ditiru, diaku, dening negara liyo opo ora padha gelo, wirang, isin, keduwung, nelongso, rumongso dosa, ino lan nistha.
Menowo Kabudayan Jawa kang adiluhung mau nganti pindah diaku, diduweni, dening negara Iiyo, pindah menyang negara Suriname lan Belanda.
Yen wis nganthi ilang saka tanah asale, ditiru, diakui, diduweni dening negara Iiyo banjur kabeh mau sing salah sapa?
Sing niru, ngaku, opo sing ditiru? Amargo sing ditiru ora gelem nguri-uri lan nglestarekake, malah kepara nyepelekake lan nglalekake ora gelem nglestarekake amrih lestari, ngremboko lan dadi kuncoro.
Mengko yen wis nganthi ditiru, diaku, diduweni negara Iiyo, isone mung padha ngundhomono nyalahake marang wong Iiyo (negara Liyo). Seneng rame kang tanpa gawe. Kaya ngono mau kurang prayogo lan tanpa guno, luwih becik padha mawas diri, ngonceki, nggoleki, methani marang kekurangane lan kesalahane awake dhewe disik.
Mulo marang anak lan keturunane uwong Jawa senajan ono ngendi wae papan dununge lan papan manggone, sepisan maneh Simbah Putri meling kanthi mawanti-wanti, padha uri-urinen lan lestarekno Kabudayan Jawa kang adiluhung iki. Amrih lsstari, dadi ngrsmboko lan kuncoro sak NUSANTARA lan sak ENDHENGING BAWONO.
Kabudayan Jawa kang adiluhung, kang uwis diwarisi, ditinggali dening poro pini sepuh kang winasis, Ieluhure Tiyang Jawi. Kang tansah ngudi marang keluhuran budi pekerti lan tumindhak kang utami. Marang kejujuran, kemandirian, keteguhan, keuletan, gotong royong anggone padha nyambut gawe, tepo saliro, seneng tetulung kang tanpo pamrih marang sepadha-padhaning ngaurip, ono ngendi wae papan dununge lan papan panggonane. Senajan ono ing paran lan ora milah lan milih marang sopo wae kang mbutuhake pitulungan, kanthi ihklas tanpa pamrih.
Dhene wektu saiki, anane tukar pelajar antarane uwong Jawa kang manggon ono Suriname lan uwong Jawa sing ono tanah Jawa uwis bisa kumpul lan bisa sambung maneh. Senajan uwis suwe anggone ninggalake tanah wuthah gethihe lan tanah Ieluhure kang suwene kurang Iuwih 1 1/4 Abad = 125 tahun, anggone padha pepisahan. Ananging sak iki anak keturunane uwis bisa sesambungan maneh. Kanthi onone Sambung Roso, padha-padha dadi wong Jawa. Mulo bisa dadi caket-rumaket, cedhak-grapyak-semanak, kanthi onone basa Jawa, kabudayan Jawa, kesenian Jawa, masakan Jawa, kang tansah diuri-uri lan diwarisake marang anak keturunane, senajan uwis suwe ono mancanegara, amor karo bongso Iiyo, lan budaya, bahasa ugo bedha, ananging uwong Jawa Suriname isih nguri-uri Kabudayan Jawa.
Dadi uwong Jawa ora lali marang Jawane. Dhene uwong Jawa kang ono ing negara Suriname wektu semono padha durung ngerti marang Republik Indonesia lan Bahasa lndonesia. Ngertine wektu semono Tanah NUSANTARA, Keraton MATARAM ing NGAYOGJOKARTO, kang sak iki dadi KASULTANAN lan PAKUALAMAN, KERATON SURAKARTA HADININGRAT. Kang sak iki dadi KASUNANAN LAN MANGKUNEGARAN. Lan Ratu Belanda WILHELMINA 1880-1963 sing ono ing negara Belanda senajan mung ono gambar sing ono duwit Belanda.

Naliko suwargi Bapak Presiden Suharto lan Ibu Tin Suharto isih sugeng, panjenengane ugo uwis tindhak menyang SURINAME, sak perlu mirsani kahanane uwong Jawa kang ono negara Suriname. Kang sak iki anak keturunane uwis padha nemoni urip kang mulyo, enak kepenak padha mukti wibowo, senajan urip ono ing negara iiyo.
Ora kanyono-nyono lan ora percoyo koyo siniram dening banyu sewindu, kang rasane dadi mak nyes, anyes, dadi adem, ayem, tentrem, mongkok, bombong, suko, gembira setengah kurang percaya kabeh mau dadi siji. Menowo kerawuhan sawijining Priya, priyagung saka tanah Jawa. Ya... Priyagung uwong Jawa. Dadi bisa nyambung bahasane, senajan mung basa Jawa ngoko, ananging uwis bisa mahanani sambung rasa kang raket-rumaket. Padha-padha dadi uwong Jawane, lan ora perlu ndadhak disubya-subya kang tanpa guno. Kanggo uwong Jawa Suriname kerawuhan priyagung saka tanah Jawa kuwi wis mujudake kabegjan sing gedhe banget. Rumongso digathekake lan isih diuwongake, senajan adhoh panggonane lan wis suwe ninggalake tanah Ieluhure. Lan uwong Jawa Suriname nganthi seprene isih padha nglestarekake adat istiadat poro pini sepuh kang winasis Ieluhure Tiyang Jawi. Kanthi KONDHANGAN, SEGO GUDHANGAN, saka GODHONG-GODHONGAN lan sak KOMPLITE.
Mule sepisan maneh marang anak keturunane uwong Jawa sing ono tanah Jawa ing ngendi wae papan dununge lan papan manggone, ayo padha diuri-uri kabudayan Jawa kang adiluhung iki ojo nganthi ilang, saka asale. Pindhah menyang negara Suriname.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar