Selasa, 01 Maret 2016

BAB VII


BANCAKANE BOCAH CILIK


Nganggo IWEL-IWEL diadhahi pincuk.
1.     Bancakan : saka tembung :
BAreng-bareng anggone padha NGRANCAK DUM-DUMAN.
2.     Iwel-iwel    : saka tembung :
Isih cilik pancen CEMIWEL nggemesake, kudu kepingin nyiwel pipine sing menul-menul cemiwel kudu nyiwel, isih cilik aja padha diciweli, mundhak lara, mesake, wong tuwa kudu sing sabar kanti kebak rasa katresnan, anggone ngopeni anake yen lagi rewel lan nangis terus ora meneng-­meneng aja diciweli luwih becik dilela-lela, lela lendhung.

Tak lelo lela lela ledhung
Cup menengo aja pijer nangis
Anakku sing ayu rupane
Yen nangis ndak ilang ayune.

Tak Gadang bisa urip mulyo
Dadiya wanita utama
Ngluhurake asmane wong tuwo
Dadiya pendekaring bongso

Cup menengo yo anaku
Kae mbulane ndadari
Koyo buto nggegilani
Lagi nggoleki cah nangis

Tak lelo lela lela lendhung
Cup menengo aja pijer nangis
Tak emban slendhang batik kawung
Yen nangis ibu mundhak bingung

Pincuk : saka tembung :
Isih cilik durung pinter anggone nyucuk mulo diwadahi godhong yen piring bisa pecah.
•    Bancakan bocah cilik, nganggo iwel-iwel.
•    Diadhahi pincuk.
•    Kethoke sepele nanging gedhe banget.PAEDAHE lan MANPAATE apa maneh marang FILSAPATE.
Ing jaman saiki wis longko banget, sing padha nguri-uri, bancakane bocah cilik mau, apa maneh ing kota, sing kebak karo keramean, dolanan, lan apa-apa sing sarwo cemepak lan wis siap saji : instan.
Nanging yo isih ana wong siji, loro sing padho mbancaki anake utawa putune.

AYO DIPETIK FILSAPATE BANCAKAN BOCAH CILIK

Bancakan bocah cilik, nganggo iwel-iwel diwadahi pincuk, yen arep bancakan, bocah cilik-cilik, sak kiwo tengene omah, padha diundhangi banjur padha teko lan ngrubung bancakan. Sak durunge didumake, ibune utawa simbahe sing arep dibancaki, kanthi kebak ing pandongo lan panyuwunan marang Gusti Allah kang Maha Kuwasa supaya tansah diijabahi apa sing dadi panyuwunane, kanthi sareh lan alon, anggone omong arep miwiti bancakan, lan dienggihi karo bocah-bocah cilik sing diundhang biasane ngomong lan ngenalake jenenge sing arep dibancaki, iki bancakane si Noor yo...cah....nggih !
Dadiyo bocah sing mbangun turut, bekti marang wong tuwane. Yo..., cah.... nggih..
Dadiyo bocah sing pinter,    kang    tansah tumindak ing bebener, lan bisa dadi DOKTER, yo....cah...nggih...
Sing padha rukun karo kancane, aja padha seneng tukar-padu yo...cah...nggih...
Yen padha rukun agawe santoso, yen seneng crah agawe bubrah yo...cah...nggih..
Sing sregep sinau anggone padha nuntut ilmu, supaya ketekan apa sing dadi marang gegayuhanmu yo...cah...nggih...
Ora susah diabani sing sumaur wis koyo dening kuur-akur bareng-bareng anggone padha sumaur.
Kanthi pesan pendidikan moral, sing lewat bancakan, kuwi wis mujudake pendidikan kang dirintis, diwulangake saka cilik. Supaya padha rukun anggone kekancan ora padha seneng kerengan, padu, gelut apa maneh padha tawuran.
Dene bocah-bocah ndisik padha rukun-rukun anggone padha dolanan lan kekancan, senajan dolanane mung sakanane, tur sing murah regane, lan sok iso digawe dewe kabeh mau wis bisa gawe senenge atine.
Dene dolanane bocah-bocah ing jaman ndisik kayata.
1.     Cublak-cublak suweng.
2.     Jamuran.
3.     Gobak sodor.
4.     Sudah-mandah.
5.     Jelungan : Delikan yen wayah padang mbulan.
6.     Layangan, Benthik, Dakon, Jirak.
7.     Umbul, Tekpo saka gambar.
8.     Koco moto, Cagakan, saka karet gelang.
9.     Mbar suru, Mbar jenthik sing dienggo saka kecik sawo : kecik tanjung
10.     Bekelan, Nekeran, Uding.

Dolanan kabeh mau wis bisa gawe senenge ati lan bisa ngrukunake anggone padha kekancan.
Sing gedhe ngemong sing cilik, sing cilik manut-nurut marang sing gedhe, tansah padha runtang-runtung rana-rene, kethok rukune, anggone kekancan.
Kanthi sabar lan tertib bocah-bocah anggone padha ngenteni dum-duman bancakan, ora ana sing padha royokan semelang yen ora keduman bancakan, apa maneh nganti rebutan, banjur padha tawuran kuwi dadi sirikan. Dadi padha sabar anggone antri, sing disik entuk disik, sing keri yo entuk keri. Kanthi sabar, anteng, tertib, teratur, disiplin, anggone padha antri dum-duman bancakan.
Dadi uwis kawit cilik-menthik para pini sepuh, kang winass laluhure wong Jawa, anggone paring piwulang marang kabudayan kang adiluhung, dadi budaya : sabar, teratur, tertib, disiplin kuwi sing anduweni dudu wong JEPANG THOK.
Dene leluhure wong Jawa, kawit jaman kuno makuno uwis diajarake, wiwit bocah isih cilik kanthi lewat BANCAKAN nganggo IWEL-lWEL.
Kuwi wis paring wulang- wuruk marang KABUDAYAN KANG ADILUHUNG kanggo anak lan turune.
Ngajari marang TOTO KROMO supaya ben padha ngerti marang budipekerti unggah-ungguh, sopan-santun. Tindhak-tandhuk bocah enom ngormati marang sing luwih tuwa.
Anak marang wong tuwa sing tuwa nresnani sing enom, BUDIPEKERTI : Ngajari marang tumindhak kang UTOMO, kang anduweni sifat SATRIYO : Jujur, Tegas, Tanggung jawab anduweni jati ning diri, Percaya diri, Mawas diri, Harga diri, lan Budoyo isin lan Tepo saliro.

BALI MENYANG KONDHANGAN

Apa sebabe para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa milih pitik jago JAWA kang isih enom, ora sing wis tuwo utawa milih bebek, menthok utawa jago kate.
Sebabe milih pitik jago Jowo, kuwi anduweni NALURlNE Lan KEPINTERANE meh padha karo manungsa.
Ora milih BEBEK, amargo bebek kuwi sawijining kewan kang  tansah rame suwarane, ora gelem meneng, nganti BREBEKI kuping, tansah nyuwara terus. Weeek...weeek...weeek...weeek...
Karo mlaya-mlayu, rana-rene karo ROMBONGANE kang tansah rame suwarane. FILSAPATE sing ana BEBEK kuwi, lambange wong kang tansah seneng rame, ananging ora bisa MRANTASI ing gawe, senajan akeh kancane lan bolone.
Menawa MENTHOK, kuwi kewan sing ana tembang iki.
Menthok, menthok tak kandani
Mbok aja ngethok ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok- menthok mung lakumu.
Megal-megol gawe guyu.

Filsapate sing ana MENTHOK.
Dadi menthok kuwi lambange wong kang keset nyambut gawe. Gaweyane mung ngorok wae amargo kabotan nggowo awake, amargo ndekmu : Cendhek lemu, lakune tansah megal-megol gawe guyu amargo lucu.
Apa maneh pitik jago sing uwis tuwa. Kang iwake wis alot kothot-kothot. Jalune wis bujel ora landhep, yen kanggo ngabruk, awake mung tansah nglentruk, filsapate sing ana jogo sing wis tuwa diumpama akeh wong yen wis tuwo wis sudo awak lan tenogone, dadi wis sudo marang sepak terjange anggone nyambut gawe.
Filsapate sing ana pitik kate, diumpamake wong kang jirih, ringkih, kurang wawasane. Mulo diarani pitik kate wanine cedak omahe.
Dene pitik kate biasane mung didadekake kanggo kelangenan, amargo wulune putih resik, awak cilik, tansah menarik.
Mulane poro pini sepuh, kang winasis leluhur wong Jawa sing dipilih pitik jago amargo pitik jago kuwi dadi simbol KEBANGSAWANAN uga simbol KEJANTANAN ing jaman ndhisik, pitik jago kuwi dadi kelangenane para BANGSAWAN (raja-raja) dene pitik jago kuwi ana pirang-pirang jenise, jenenge, ulese wulune lan suwarane.
Koyoto :
a.    Pitik jago jowo.
b.    Pitik jago bekisar.
c.    Pitik jago mbangkok.
d.    Pitik jago pelung.
e.    Pitik cemani sing ireng sakabehane daging, getih, balung, wulu, usus, rempelo, ati.
f.    Pitik dayak saka BERAU ( KALTIM) luwih-luwih pitik gagak (KETAWA) kang wektu saiki lagi digandrungi dening pandemen (pecinta) ayam ketawa.

Dene pitik gagak kuwi, anduweni kluruk sing meh padha karo guyune manungsa dene kluruke pitik gagak (ketawa) mau dipilah-pilah ana telu.   
1.     KLURUK NDHANGDUT
Irama kluruke dowo, meh padha guyune manungsa.
2.     KLURUK SING LARAS
Guyune dowo, nanging pedhot-pedhot.
3.     KLURUK GRETEK
Guyune akeh : kerep
Dene pitik gagak (ketawa) mau, asale saka SIDRAP, Sulawesi Selatan ing jaman kerajaan dadi kelangenane para BANGSAWAN / Raja-Raja.
Kabeh pitik-pitik jago mau wis padha anduweni ciri kas lan keunggulane dhewe-dhewe.

CATETAN KAWERUH

Otak ayam, bisa secerdik dan selicik manusia ayam selama ini dianggap sebagai mahluk yang bodoh, namun ilmuwan AUSTRALIA mengungkap sisi lain, dari mahluk ini ternyata, ayam adalah makhluk cerdas, otaknya yang kecil bisa secerdik dan selicik otak manusia, Iho.
Paling tidak, itulah hasil penelitian Dr. K. LYNN Smith, dan Profesor CHRIS EVANS dari AUSTRALIA.
Kedua orang ini menggambarkan bahwa ayam, adalah makhluk sosial yang cerdas yang bisa menyesuaikan komunikasinya, tergantung kepada siapa ia berbicara ayam yang bisa mengakali yang lain dan lebih cerdas, akan lebih gampang mendapatkan makanan.
Ayam dapat menggunakan suara dan gerak tubuh untuk menyampaikan informasi.
Misalnya, ketika jantan menemukan makanan ia dapat mengeluarkan suara dan melakukan serangkaian gerakan sehingga ayam lain langsung berpikir aha, ayam jantan itu mendapatkan makanan, jadi bagi betina mereka bisa mendatangi ayam itu untuk mendapatkan makanan.
Penelitian ini dianggap layak menang karena mengubah persepsi, manusia terhadap ayam.
Bahwa ternyata ayam itu mahluk cerdas hasil penelitian ini akan masuk dalam berbagai buku TEKS INTERNASIONAL dan baru-baru ini menjadi bagian dari kurikulum untuk siswa menengah di INGGRIS.
Dene, para pini sepuh, kang winasis, kang wis ngerti sak durunge winarah, sak durunge ilmuwan AUSTRALIA. Nemokake marang penelitianne marang otak ayam, bisa secerdik lan selicik manusia, sing lagi bisa ditemokake ing  ABAD Milenium iki.
Para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa, wis luwih disik anggone nemokake. Wis wiwit jaman KUNO-MAKUNO, menawo pitik kuwi NALURI lan KEPINTERANE podo karo manungso.
Mula dienggo dadi lambange manungso kang diwujudke kanthi KONDHANGAN, SEGO, GUDHANGAN nganggo ingkung sing MEKUNGKUNG ENDHASE MADHEP MENDUWUR, Manggone ingkung ugo ana ing nduwur, kabeh mau wis dadi gambarane, watak manungso kang ADIGANG, ADIGUNG, ADIGUNO kang kadunungan sifat kang SERAKAH, gumagah, sak wiyah-wiyah, senengane gawe bubrah ora genah, lan ing jaman PEWAYANGAN, para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa, ugo madhakake dene pitik kuwi padha karo manungso. Naliko ana ing LAKON KONGSO ADU JAGO sing diedu dudu pitik jago, ananging sing diedu manungso kesatriya antarane R. WERKUDORO perang tanding karo SURATI MONTRO.
Loro-Iorone padha ampuhe, pengpengane, digdoyone, anggone perang tanding seru, suwe, rame ora ana entheke. Sing padha nonton, kabeh padha meneng anteng, ora padha gemreneng, apa maneh wani cemuit, cep klakep ora ana suwarane. Amargo atine tansah deg-degan, tratapan ora karu-karuwan, atine was-was lan semelang yen padha kelangan enthek-enthekan. Amarga padha totohan. Kuwi mau omonge PAK DALANG, apa maneh sing dadi dalange suwargi BAPAK KI NARTO SABDO.
Kang wis kondhang maonang-onang, nganti saiki durung ana sing madhani yo...suluke, yo...bowone, yo...kendhangane, yo ... kepyakane. Yo... Suworone kang bisa mbedhakake, antarane wayang siji lan sijine.
Pinter anggone wicoro, pinter anggone ngalembana lan nyondro, wis pokoke entek amek kurang golek. Luwih-luwih yen lagi ngungrum : pepasihan, koyo-koyo kagowo ing alam kasunyatan.
Apa maneh, menowo lagi metu goro-goro sing ngantuk dadi melek, sing turu padha nglingir amargo padha ngenteni metune goro-­goro yen ora nonton padha gelo. Ngendikone gledam-gledem karo mesam-mesem akeh sing padha kesengsem. Sing padha nonton padha marem akeh banyolane sing lucu-lucu gawe guyu ananging ora saru.
Akeh gendhing-gendhing lan lagu-lagu ndadekake gayeng lan rame suwasanane. Tansah enak-kepenak menowo podha dirungu. Suwargi bapak NARTO SABDO kejobo dalang wayang kulit, sing wis kondhang maonang-onang ugo sawijining KOMPONIS KANG MlSUWUR, pencipto lagu gendhing-gendhing Jowo kang nganti seprene isih enak lan kepenak dirungokake lan isih padha dilestarekake lan tansah diuri-uri dening generasi peneruse marang seni
KABUDAYAN JOWO kang ADILUHUNG iki. Dene dalang kuwi saka tembung DALANG : Ngudal Piwulang.
Dadiyo tontonan sing nyenengake marang sapa wae sing padha nonton. Dadiyo tuntunan, wejangan, marang dalan sing bener lan pener aja padha nganti keblinger, marang sapa wae sing padha DIWULANG (DALANG) iki piwulange DALANG WAYANG KULIT.
Dudu dalang pengrusakan utawa dalang kerusuhan.
Dene ciptaane Bapak NARTO SABDO KAYATA.
1. Kelinci ucul            5.  Sapa Ngira
2. Perahu layar        6.  Warung Pojok
3. Lesung jemengglung    7.  Goyang Semarang
4. Suwara Suling   
Lan Akeh maneh liyane

BALI MENYANG PITIK JAGO
Dene pitik kuwi, nalurine lan pintere padha manungso. Pancen bedhane ora adhoh manungso karo pitik. Ayo padha digoleki bedhane manungso karo pitik.
1.     Yen wayah esuk,    jagone padha kluruk, isih esuk uthug-uthug, pitik-pitik padha jruntul metu saka kandhange, sumebar padha golek pangan.
2.     Tansah runthang-runthung jago karo babon anggone padha pepasihan.
3.     Babon yen wis ngendhog, banjur angkrem direwangi poso ora mangan, mrehatinke calon anak-anake suwene telung minggu (21 dina)
4.     Yen endhog wis netes, babone banjur ngemong kuthuke kanthi sabar lan gemati, anggone ngemong anak-anake yen ana sing arep ngganggu marang anak-anake, age-age anggone nladhung, anak-anake mlayu rana rene tansah dietutake, lan kanthi sabar, anggone muruki ceker-ceker carane golek pangan marang anak-anake.
5.     Yen wis dhere anak-anake pisah karo babone, sak pranakan isih padha ngethokake rukune, tansah runtang-runthung anggone padha golek pangan.
6.     Pitik yen lagi mangan ora ana suwarane nanging resik gusis anggone nuthuli apa-apa sing dipangan.
7.     Ora diabani, ora dikandani yen wis wayah Maghrib, padha bali menyang kandange dhewe-dhewe.
Isih akeh sifat-sifate pitik sing padha karo manungso.

Ana siji sifate pitik sing ora keno ditiru dening manungso, yen ditiru ora elok, mengko mundhak kuwalat, tansah dadi kembang lambe, mundak gawe bubrah ora genah, dicatur rana-rene. Amargo pitik jago wis ora ngerti marang angger-angger padha nabrak marang wewaler, marang tumindak sing ora bener wis ora ngerti maneh, embuh iki simbahe, embuh iki simboke, embuh iki anake, embuh iki putune, wis embuh ora weruh.
Kabeh mau diterak, diterjang, nggugu marang karape dhewe wis ora idhep isin SENADYAN DADI KEMBANG LAMBE. Amargo pitik jago menawa kawin, padha nerak angger-angger, ora perduli maneh marang keluwargane. Mulo ing keluargo pitik, ora ana tembung SILSILAH KETURUNAN, yen manungso duwe silsilah keturunan, kuwi bedhane manungso karo pitik.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar