Selasa, 01 Maret 2016

BAB X


UGA ANA ING TANAH JAWA
MULA BUKANE AKSARA JAWA



Falsapah Jawa, anduweni pituduh marang entfheke jaman.
Kaya ana ing riwayate Ajisaka kang wis nglairake aksara Jawa.
Aksara Jawa mau cacahe ono 20 aksara.  Kang unine lan tegese kaya mangkene :


HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA


Ana utusan

Padha dadi padudhon

Padha digdaya

Padha dadi bathang








Riwayat anane aksara Jawa.
Nalika Ajisaka, arep tindak nglemboro, Ajisaka dawuh marang abdi kang kinasih. Supoyo njogo keris pusoko. Kanthi mawanti-wanti Ajisaka anggone meling lan paring dawuh marang abdine. Ojo pisan-pisan keris iki, kok wenehake marang wong liyo, kejobo mung marang ingsun pribadi.
Ajisaka nganthi suwe anggone tindhak nglemboro Ajisaka banjur kelingan marang keris pusokone, sing ditinggal ono tanah leluhure. Ajisaka banjur ngutus abdi kang kinasih liyane, kang dadi pendereke. Supoyo mundut keris kang ditinggal ono tanah leluhure. Marang abdi kang kinasih, sing kadawuhan mundut keris iki, Ajisaka ugo mawanti-wanti anggone paring dawuh marang abdi kang diutus mundut sing ono tanah leuhure siro aja pisan-pisan bali marang ingsun, menawa yen wis bisa nggowo keris pusoko ingsun.
Cilakane abdi loro-lorone kang kinasih lan tansah setiya marang junjungan tansah ngestokake, nun inggih sendiko dawuh. Lan ngugemi marang tugas kang lagi padha diemban. Loro-lorone padha-padha ngestokake marang dawuhe Ajisaka.
Abdi sing siji kadawuhan nunggu keris pusoko. Dene Abdi sing sijine kadawuhan mundut keris pusoko. Sarehne ora onone pirembugan kang kanthi sareh, sumeleh, kang anjalari bakale pikoleh, lan ora ono pirembugan supoyo amrih apike, lan padha kepenakake, anggone padha kautus mungkasi gawe, lan ora anane SAMBUNG RASA kang gumathok antarane siji lan sijine. Mulo loro-lorone banjur padha padudon rame. padha golek benere dhewe-dhewe.
Marang apa sing wis kautus dening junjungane,loro-lorone padha rebut benere dhewe-dhewe, terus padha padudon nganti rame. Banjur padha perang tandhing. Siji lan sijine padha digdoyone, padha ampuhe larn padha sekti mandraguna. Loro-lorone ora ana sing menang lan sing kalah, terus loro-lorone padha mati sampyuh, bebarengan dadi bathang.
Mangkono mula bukane AKSARA JAWA KANG DISERAT DENING AJISAKA.
Kanggo pepeling marang abdi-abdine kang kinasih, loro-lorone kang wis padha mati sampyuh, lan padha dadi bathang. Loro-lorone sawijining abdi kang padha ngayahi kuwajiban, sing lagi padha diemban. Kang wis ngesthokake dawuhe saka junjungane lan anggone padha ngemban amanat. Perang tandhing kang nggegirisi kang wis gawe mirising ati, lan rasa wedi, amarga loro-lorone padha digdoyone lan angkuhe.
Amargo ADIDAYA mau ora ono uwong kang padha wani misah, utowo nyegah, supoyo salah siji ngalah, luwih-luwih dadi panengah supaya ndonya iki ora dadi bubrah lan salah kaprah ora nggenah. Luwih ciloko maneh, kedadeyan sing nggegirisi kang wis gawe mirising ati lan roso wedi mau tansah dibolan-baleni nganti tekan turun-temurune manungso ing donya iki. Wiwit jaman mbiyen, nganthi tumekane sak iki, ing abad millenium iki, ora ono entheke, mandhege lan rampunge.
Pancen wis dadi kodrate menungso ( menus-menus dununge dosa ). Yen padha ora bisa anggone ngendhaleni marang hawa napsune kang tansah kadunungan sifat, drengki, srei, dahwen, open, jail, methakil, pongah, serakah gumagah sak wiyah-wiyah, senengane mung bungah-bungah, kang tundone agawe bubrah ora nggenah, ora gelem ngalah, senajan tumindhake mau salah ora gelem ngaku salah, wis ora mikir akeh wong sing padha nandhang susah. Amargo wis padha kelangan HATI NURANl, lan wis padha ora wedi marang BENDHU ILLAHI lan ora padha ngrumangsani menawa kabeh mau sing kagungan GUSTI ALLAH KANG HANDARBENI SAK KABEHING TITAH kang sak wantah, asale soko lemah, bali ugo menyang lemah, dadine ugo dadi lemah.
Menungsa ugo padha ora mangerti, nganti tekan kapan kedadeyan perang tandhing iki, anggone bisa rampung lan mandheg. Ananging perang tandhing iki tansah dibolan-baleni nganthi tekan akhir jaman = KIAMAT.
Mengko bakale ono peperangan sing luweh gedhe lan ngegirisi, ing bumi iki. Peperangan = armageddon  jenenge. Perang iki sawijining kedadeyan kang kanggo MIWITI ANANE DINA = KIAMAT.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar