Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXVI


Bocah Wadon lan Bocah Angon


Bocah wadon(BW)    :    Le, tole. Bocah sing lagi angon. Aku arep njaluk tulung marang kowe, Le.
Bocah angon (BA)    :    (Bocah angon sing lagi numpaki kebo banjur noleh, nggoleki swara sing celuk-celuk. Let sedela bocah angon mudun saka kebo karo isih nyekel pecut lan capinge).
        Ana apa, Yu. Celuk-celuk aku ?
BW    :    Le, tole. Bocah sing lagi angon. Aku arep njaluk tulung marang kowe, Le. Ngendikane sesepuh sing mbisiki aku mau, jarene kowe bisa nambani lelara, tur enggal mari. Mung karana nganggo idumu. Ngendikane sesepuh mau amarga kowe gedhe prihatinmu, tekat lan kuat anggonmu pasa.
BA    :    Mbok manawa ya, Yu. Aku bisa nambani. Wong kabeh mau sing kagungan sing kuwasa, manungsa mung sakdremo. Gek laramu apa ta, Yu?
BW    :    (karo rada isin nuduhake larane) Iki lho, Le laraku.
BA    :    Wah, kok nganti kaya ngono ta, Yu?  (Karo mangu-mangu lan mikir kepriye carane gawa bocah wadon mau. Yen dikon mlaku, mesakake. Wong panggonane adoh. yen digendong mburi ora bisa, amargo larane. Semono uga yen digendong ngarep, samsaya tambah mundak larane. Karo isih mikir-mikir piye carane, let sedela bocah angon karo mesam-mesem. Mbok manawa iki carane. Ora sranta bocah wadon banjur disahut, terus dikempit, digawa mlayu menyang kedung ing bengawan. Sakperlu diresiki lan ditambani larane.
Saka tembung digawa karo dikempit, ing panggonan sak cedake kono saiki dadi,
Kampung Kedungpit.

BW    :    (Ora let suwe larane bocah wadon mau uwis mari. Saking senenge bocah wadon mau rengeng-rengeng nembang asmaradana)
        Jan, mari jan...saiki uwis mari jan.
BA    :    (Krungu manawa jenenge diceluki) Ana apa ta, Yu? Kok celuk-celuk aku. Wah suwaramu apik tenan, Yu. Kepenak dirungokake.
BW    :    Wong aku ora nyeluk kowe kok,Le. Saking senenge atiku aku banjur rengeng-rengeng. Amarga saiki laraku wis jan mari...jan.
BA    :    Lha...ya kuwi, Yu. Maridjan kuwi jenengku.
BW    :    Wo, jenengmu Maridjan ta, Le. Aku lagi ngerti yen jenengmu kuwi Maridjan. Wong pada durung nepungake jenenge. Mula aku durung ngerti. Kok jenengmu pada karo Mbah Maridjan sing tunggu gunung Merapi kae ta, Le?
BA    :    Pancen. Jenengku pada Mbah Maridjan, Yu. Nanging Mbah Maridjan sing tunggu gunung Merapi kae nduweni ilmu kang linuwih.
        kanti ilmu titenne wae, Mbah maridjan isa ngalahake alat deteksi sing canggih ya, Yu. Lan wis sepuh wae isih rosa-rosa, ngalahake bocah enom. Dene aku dijenengke Maridjan kuwi, simbah lan wong tuwaku mengku pamrih supaya aku dadi bocah sing seneng tetulung. Nambani uwong sing pada lara, mbutuhake tamba, kang terus bisa mari.
        Mula aku dijenengke Maridjan lan welinge simbah yen tetulung kanti ati sing ikhlas, aja nduweni pamrih kanggo kepentingane diri pribadi.
        Sapa nandur mesthi ngundhuh. Nandur kebecikan, ngundhuhe kebecikan. Nandur ala, ngundhuhe uga ala.
Dene nganti tekan seprene ing kampung Nglangon isih dadi papan panggonane masyarakat kang pada nggolek tamba. Kanti ragad kang ora sepira (sitik ananging wis bisa mari). Ing papan panggonan kono saiki dadi Kantor Puskesmas (Pusat Kesehatan Masyarakat).
BA    :    Ngomong-omong, Yu. Saiki aku genti takon sapa jenengmu, wong aku durung ngerti.
BW    :    Dene simbah lan wong tuwaku menehi tetenger aku Sarinah. Amarga simbah lan wong tuwaku pada nduweni pamrih, supaya aku dadia bocah wadon kang bisaa kanggo    
        Saritulodho sing nggenah.
        mula aku dijenengke Sarinah. Ngendikane Simbah, ora gampang, Ndhuk, dadi bocah wadon kuwi. Amarga akeh banget saru-sikune, lan gedhe banget tanggung jawabe. Mula diarani bocah wadon. Saka tembung Wadon,
        Wani anggone udon (udu, tombok)
        Mula bocah wadon kuwi kudu wani udon ing samubarange. Wadon utowo wanita, saka tembung wanita,
        Wani anggone nata.
        Bale wisma lan kaluwarga.
        Dene wanita kuwi dadi tulang punggunge nagara. Yen wanitane pada bubrah, nagara uga melu bubrah ora nggenah.
        Mula pada eling-elingen ya, Ndhuk.Weling simbah, pada dadia Sarinah-Sarinah sing pada nggenah.
        Amarga harkat, martabat, derajad, pangkat lan tanggung jawab, kabeh mau ana pundake bocah wadon. Kang abot, ora enteng.
        Dene ora mokal manawa bocah wadon kuwi enthuk pakurmatan sing gede lan akeh.
        Amarga bocah wadon kuwi bakale dadi Ibu.

Pakurmatan kang kasandang dening ibu.
1.    Ibu kuwi panggonan kang kapisan kanggo nuntut ilmu.
2.    Surga di bawah telapak kaki ibu.
3.    Ibu Pertiwi
4.    Ibu jari (jempolan)
5.    Ibu kota
6.    Hari Ibu

Luwih hebat maneh, nenek moyangku orang pelaut. Ora mokal manawa kanggo menghormati perjuangane para ibu.
Suwargi Bapak Proklamator Republik Indonesia, Bapak Ir. Sukarno. Presiden RI kang kapisan uga ngarang buku sing judule Sarinah.
Isi buku mau nyebutake, sepira gedene perjuangane Sarinah-Sarinah ing jaman batu nganti jaman modern. Wiwit urip ana alas kang isih gung liwang-liwung durung ana apa-apa kajaba alas. Uripe isih pindah-pindah saka panggonan siji, pindah panggonan sijine.
Amarga uripe mung saka anggona mbebedak (berburu) sato kewan. Suwe-suwe nak tumanak dadi pirang-pirang.
Kanggone wong wadon sing lagi mbobot lan duwe anak cilik, ora bisa melu pindah-pindah ngetutake si lanang yen lagi pada mbebedak (berburu). Wektu semono durung ana omah, omahe ya mung wit-witan sing gede, sak perlu kanggo ngeyup saka udan lan panas. Suwe-suwe wong wadon tukul pikirane, akal-akal gawe gubug, suwe-suwe dadi omah kang bisa kanggo ngeyup saka udan lan panas, lan dimongso kewan galak. Sak perlu kanggo ngopeni lan nggedekake anak-anake. Anggone gawe omah, milih panggonan sak pinggire kali, utawa sak pinggire segoro, sing ana banyune. Amarga banyu kuwi sumbere panguripan (kehidupan).

Suwe-suwe tukul maneh pikirane supaya ana sing dipangan lan tansah ora pindah-pindah panggonan. Banjur pada tetandur, nandur wit-witan sing kena dipangan kayata pari, jagung, palawija, sayur lan sak liya-liyane. (Jebul penemu pertanian uga wong wadon).
Wis ana beras, sayuran, nanging isih durung komplit yen durung ana lawuhe. Sarehne omahe ing pinggir kali lan pinggir segoro, pada tukul akale, banjur pada golek iwak kang bisa kanggo lawuh. (jebul wong wadon maneh, ahli kelautan lan perikanan).
Sarehne anak-anake sok lara, mbutuhake tamba, banjur nandur jamu kang bisa kanggo tamba (jebul wong wadon maneh ahli obat lan kesehatan). Pancen wong wadon kuwi anduweni jabatan kang pirang-pirang. Lan uga bertenaga ganda. Mula wong wadon uga diarani wanita (Wani anggone Nata )

Nata bale wisma kanggo kaluwarga, mula pantes manawa didadekake para menteri. Amarga saka dasare uwis anduweni kepinteran (keahlian), kayata
Menteri Peranan Wanita
Menteri Pendidikan
Menteri Keuangan
Menteri Kesehatan
Menteri Kelautan
Menteri Perikanan
Menteri Tenaga Kerja

Lan isih akeh maneh jabatan-jabatan sing pantes kasandang dening Srikandi-Srikandi sing wis pada mumpuni ing gawe. Kayadene Mbak Sri Mumpuni penemu tenaga listrik sing murah ugo ora mbebayani. Lan Mbak Sri liya-liyane kang wis nyumbangake tenaga lan pikiran kanggo negara.
Sanajan wong wadon hebat ananging aja pada nyalahi kodrat. Dene wong wadon Wani anggone Udon (udu) mung dadi pendamping. Trimo dadi kanca ing wingking lan panggonan kalah lan lemah. Pimpinan lan tanggung jawab dadi kuwajibane wong lanang.
Lanang : Ala-ala nanging sing menang.
Nganti tekan seprene isih akeh banget Sarinah-Sarinah kang isih berjuang kanggo kaluwarga lan negara. Kaya dene lagu :
Ho...lobis kuntul baris.
Kuntul sing lagi baris
Pada mabur adoh, amarga nggoleki papan panggonan kang isih akeh pangan.

Kayadene Sarinah-Sarinah saiki pada mabur adoh banget menyang mancanegara, ninggalake kaluwarga direwangi kanti lara lapa. Kang ora mikirake marang jiwa ragane, embuh mengko manawa ana mancanegara yen ora kebeneran disiksa nganti sok kelangan nyawa.
Pancen memelas banget nasibmu Sarinah. Nanging kowe wis andil gede marang negara.
Selamat berjuang Sarinah-Sarinahku, semoga sukses selalu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar