Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXIV


DONGENGE SIMBAH


Saiki simbah arep wiwit ndongeng Mula Bukane Kota Sragen lan Kampung Sakiwa Tengene.

Ing jaman mbiyen Sragen kuwi isih dadi weweng-kone keraton Mataram lan isih awujud alas jati, nganti tekan tlatah Jawa Timur.
Alas jati kang isih gung liwang-liwung, durung akeh kampung lan durung ana tetumpakan.
Tetumpakan ing jaman biyen isih padha migunakake bangsane kewan, kayata jaran, gajah, sapi, kebo lan wong dhisik isih akeh kang pada mlaku.
Wektu semono kahanan ing wayah bengi isih petheng dedhet, amarga durung ana listrik. Kanggo pepadhang isih nganggo senthir lenga patra, obor, uplik lan teplok.
Ing sawijining dina ana salah sawijining Priyagung Kraton tindhak aniti praja, kairing para punggawa uwis pirang-pirang dina. Priyagung anggone niti praja lan para punggawa uga uwis katon sayah anggone lumaku.
Priyagung banjur paring dawuh marang para punggawane pada leren, ngaso dhisik. Ngasone ana salah sawijining protelon dalan. Priyagung lan para punggawane pada ngaso ngilangake sayahe.
Ora let suwe, kabar manawa ana priyagung tindhak aniti praja kepireng dhening salah sawijining sesepuh ing padhukuhan. Sesepuh mau banjur sowan, nggawa wulu wetune ing padhukuhan. Kayata beras, ketan, jagung, pohung, tela, kelapa lan janganan. Ora keri karo pasrah legen.
Priyagung lan para punggawane pada suka rena, disugata maneka warna. Kang njalari bisa gawe ilang sayah lan kesele, luwe lan ngelake.Priyagung ndangu marang sesepuh kang wis caos pedaharan lan unjukan mau. Sapa jenenge lan saka ngendhi asale.
Sesepuh banjur matur, manawa sesepuh mau aran Kyai Srenggi saking ler.
Priyagung banjur ngendhika, pantes manawa Kyai ingkang caos dedhaharan iki mau. Amargi Kyai, sampun misuwur mring luhuring bebudenipun, lan tansah gentur ing pasanipun, lan anggadhahi prebawa marang warganipun.Prasaja lan nyata ngendhianipun lan tansah saged angayomi, angayemi marang sinten kemawon.
Sarehning Kyai sampun pasrah legen, saka tembung pasrah legen dadi Srah-Gen, suwe-suwe dadi Sragen.
Lan ing mriki ing tembe mburi bade dados Kota Kabupaten Sragen, lan kuthane dados rejo. Ing papan kono saiki dadi kampung Kutorejo. (ndhisik pendopo Kabupaten Sragen ana kampung Kutarejo, kang saiki kanggo Toko Batik, Toko Handayani lan BPR Jaka Tingkir).
Sarehne legene saka lor, saiki jenenge dadi kampung Sragen Lor, lan saiki dadi panggonan pasareyane Kyai Srenggi.
Saka tembung Srenggi dadi Srenggen, suwe-suwe dadi Sreg sak enggen-enggen, anggene manggen. Nganthi saiki priyayi Sragen padha sreg anggene manggen, padha sumebar tekan ngendhi-endhi sak Nusantara lan ing mancanegara.

Sarehne kutane wis dadi reja, ing koo kerep dianakake gegendhingan lan tontonan maneka warna. Kayata wayang kulit, klenengan, tayuban, cokekan, kethoprak lan kethoprak lesung ( sing main kethoprak lesung wong lanang-lanang, gamelane mung swara lesung ditabuh), lan sandhiwara bambu ( gamelane mung pring disebuli ).
Wektu semono wis mujudake kesenian lan tontonan kang wis bisa nglipur ati. Sarehne panggonan kono kerep kanggo gegendhingan, saiki panggonan kono dadi kampung Gendhingan, lan sesepuhe aran mbah Gendhing kang saiki sumare (sareyane) ana mburi tembok kantor DPRD. Ndhisik isih katon saka dalan nanging saiki wis ketutup omah.

Sejarah Singkat Kabupaten Sragen
Hari jadi Kabupaten Sragen ditetapkan dengan Perda Nomor 4 Tahun 1987, yaitu pada hari Selasa Pon tanggal 27 Mei 1746. Tanggal dan waktu tersebut adalah dari hasil penelitian serta kajian pada fakta sejarah, ketika Pangeran Mangkubumi yang kemudian menjadi Sri Sultan Hamengku Buwono I, menancapkan tonggak pertama melakukan perlawanan terhadap Belanda menuju bangsa yang berdaulat dengan membentuk suatu pemerintahan lokal di desa Pandak Karangnongko masuk tlatah Sukowati.
Pangeran Mangkubumi adik dari Sunan Paku Buwono II di Mataram sangat membenci kolonialis Belanda. Apalagi setelah Belanda banyak mengintervensi Mataram sebagai pemerintah yang berdaulat. Oleh karena itu dengan tekad yang menyala Bangsawan tersebut lolos dari istana dan menyatakan perang dengan Belanda.
Atas sikap adiknya tersebut Sunan PB II tidak tega kepadanya, tetapi karena sudah berhutang budi kepada Kompeni, beliau memberi bekal berupa tombak pusaka keraton “Kanjeng Kyai Pleret” dan uang secukupnya.

Dalam sejarah peperangan disebut perang Mangkubumen (1746-1757). Dalam perjalanan perangnya Pangeran Mangkubumi dengan pasukan sampailah ke desa Pandak Karangnongko yang masuk tlatah Sukowati. Di desa ini Pangeran Mangkubumi membentuk Pemerintahan Pemberontak. Desa Pandak Karangnongko dijadikan pusat Pemerintahan Projo Sukowati dan beliau meresmikan namanya menjadi Pangeran Sukowati serta mengangkat pula beberapa pejabat pemerintahan. Karena secara geografis desa Pandak Karangnongko terletak di tepi Jalan Lintas tentara Kompeni Surakarta - Madiun, pusat pemerintahan tersebut dianggap kurang aman, maka kemudian dipindah ke Desa Gebang yang terletak di sebelah tenggara Desa Pandak Karangnongko. Sejak itu Pangeran Sukowati memperluas daerah kekuasaannya serta memperkuat pasukannya dengan bahu membahu bersama saudaranya melawan Kompeni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar