Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXVII


SIMBAH PUTRI KARO PUTU-PUTUNE


Simbah Putri (SP) :
Menawa simbah putri arep menyang pasar Klewer, kulakan dagangan, lan ora Iali mampir tuku thengkleng sing ono wetan Gapura, Simbah mesthi Iewat Gladak. Kowe kabeh apa padha durung ngerti, weruh, krungu to ...Caah? Menawa Reco Gladak kae yen krungu KLONTHENG sepur sing Iagi Iewat ono ngarepe bisa njoged. Jogedane kayata SRIMPI, BONDAN, KARONSIH, JAIPONGAN, GOYANG NGEBOR, luwih nggumunake maneh JOGEDAN INDIA,
CHAIYA...... CHAIYA ..... CHAIYA ..... 
CHAIYA...... CHAIYA ..... CHAIYA ..... 
Sing uwis gawe heboh uwong sak Indonesia Raya.

Putu (PT) :
Krungu critana simbah, kang ora ketemu ing nalar, terus padha meneng suwa anggone podho mikir. Roso gumun lan ora percoyo campur dadi siji. Mosok to... reco sing digawe saka watu bisa njoged ?  Apa maneh jogedane reno-reno, aah ora ngandel, ora percoyo.

SP :
Simbah Putri mung mesam-mesem, klecam-klecem, nyawang marang putu-putune sing Iagi podho mikir, gumun, bingung, ora ngandel marang tembung sing Iagi dirungoke mau.
PT :
Anggone mikir lan nguda rasa nganti suwe. Mosok to.. reco sing digawe soko watu bisa njoged, gek jogede Srimpi, Bondan, Karonsih. Kamongko kuwi jogedan Keraton, kang wis misuwur marang aluse, kelembutane, Iuwese lan dienggo Iambange seni KABUDAYAN JAWA KANG ADILUHUNG.
Apa maneh njoged jaipong sing akeh gerakane lan egolane bokonge.
Tambah ora mudheng, gumun, lan padha ora ngandele, ora uwis-uwis anggone padha mikir. Apa maneh goyang ngebor, sing bokonge isa mubeng seser kaya gangsingan.
Luwih-Iuwih jogedan India.
CHAIYA...... CHAIYA ..... CHAIYA ..... 
CHAIYA...... CHAIYA ..... CHAIYA ..... 
Sing tansah mloya-mlayu, rana-rene kang akeh gerakane nyanyekake laguna. CHAIYA...... CHAIYA ..... CHAIYA ..... 
..... Aaah mokal, ora ketemu nalar, reco sing digawe mung soko watu kok bisa njoged. Oooo...simbah iki mesti Iagi ndhagel.

SP :
Karo ngguyu kemekelan Simbah Putri banjur nyandhak pundhake putune. Kanthi kebak ing katresnan, karo ngandhani sak iki coba gathekno sing tenanan. Diejo ukorone disik, aja banjur terus ditompo mentah-mantah tanpa dipikir.
Reco Gladak kuwi yen krungu klontheng sepur sing Iagi Iewat ono ngarepe bisa njoged. Tembunge yen krungu klontheng sepur , sarehne ora  krungu ya ora bisa njoged, wong reco kuwi digawe mung soko watu... tu... tu...tu...

MuIo podho dipikir disik lan digatheke sing tenanan aja padha kesusu mundhak keliru. Tembung lan ukoro-ukoro sing mlesetake lan ora tinemu ing nalar ojo banjur ditompo mentah-mentah. Dipikir disik nganggo akal sehat, lan nggunakake ilmu sing ilmiah. Supaya bener ora salah.

PT :
Wah.... tiwas sing kumikir ora uwis-uwis kaya mikir ilmu Kimia utowo matematika. Inggih mbah, simbah Ieres, kulo sing Iepat. Mboten nggunakake nalar (logika).
Wan simbah senengane guyon lan ndagel, jane ora ono udan ning kok bisa kepleset.

SP :
Karo ngguya-ngguyu, amargo putu-putune padha Iucu-lucu. Simbah Putri karo ngendiko, kanggo ngetes marang kepinteranmu caah. Anggonmu padha mikir, sing ora ketemu nalar, lan sing tinemu nalar. Pikiren kanti ilmu sing ilmiah. Sing ora masuk logika,ojo dipangan mentah-mentah. Pancen simbah senengane ndagel lan guyon ananging guyon maton ojo nganti kebablasen.

Wong yen seneng ndagel lan guyon atine tansah seneng, yen atine tansah seneng ngedhohake marang Ielara, yo Iara jasmani utowo rohani. Yen atine tansah seneng awake dadi sehat banjur sregep anggone nyambut gawe. Dene ndagel lan guyon maton kuwi uga klebu kabudayan Jawa sing bisa kanggo nyenengake atine wong Iiyo. Ngrukunake keluargo, tonggo teparo, paseduluran anggono padha kekancan. Kaya dagelane suwargi Bapak Basiyo kang wis bisa gawe uwong padha ngguyu lan seneng atine.
Ojo malah suwalike, senengane gawe Iara atine wong Iiyo. Kuwi ora keno lan kurang prayogo. Ojo padha kok tindhakno gaweyan sing senenge ngelek-elek, enthek amek, kurang golek. Tansah ngrasani, metani marang alane wong Iiyo, durung mesti awake dewe luwih apik. Amarga uwong kuwi ora bisa ngilo marang githoke dewe. Lan kudu padha ngedhohi marang sifat kang srei, drengki, dahwen open, jail methakil, sifat-sfat ala ojo padha mbok tindhakno.
Yen nemoni masalah, nggunakno ilmu Pegadaian. Menyelesaikan masalah tanpa masalah. Mulo padha uri-urinen yo nggeer... SENI KABUDAYAN JAWA kang ADILUHUNG.
Ojo padha kok tinggalake, ojo padha kok lalekake.
Kayata : seni wayang kulit, wayang uwong, kethoprak, dagelan, sandiworo, ludruk, nembang mocopat, uyon-uyon, pangkur jenggleng, klenengan, kroncong, langgam Jawa, campursari. Angger ojo padha campursaru, dadi mengko mundhak padha keliru. Lan isih akeh maneh kabudayan Jawa sing kudu kok uri-uri. Lan ojo keri lan Iali marang tinggallane poro pini sepuh. Kabudayan kang nyoto-nyoto Ampuh yakuwi KABUDAYAN NDONGENG.
Dongeng sawijining kabudayan kang wis bisa nuwuhake roso katresnan lan ikatan batin sing kuwat, melekat, antarane wong tuwa marang putra lan putrine. Mula gunakno wektu senajan mung sedela kanggo ndongengake marang putra-putrimu. Ndongengke marang kebecikan, keagamaan, kejujuran, kepahlawanan, perjuangan BANGSA, sejarah, kemandirian, percaya diri lan arahno marang tumindhak kang UTOMO lan anduweni harga diri.

Dongeng sak wijining senjata sing ampuh. Dongeng kang wis digunake poro pinisepuh. Dongeng supaya putra-putrine ben ojo rapuh marang lakune wong urip sing bakai ditempuh lan digayuh.
Lan ojo Iali marang weling siji iki. Kudu tinanem tajem sak jroning ati, piwulang marang BUDI PEKERTI, piwulang marang tumindhak kang UTAMI.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar