Selasa, 01 Maret 2016

BAB XII


PRING SEDAPUR (SERUMPUN BAMBU)


Uwit pring, sing kethoke sepele nanging akeh banget, PAEDAHE lan FILSAPATE.
Dene uwit pring kuwi jenise ana pirang-pirang.
1.    Ana pring gading
2.    Ana pring wulung
3.    Ana pring ori
4.    Ana pring apus
5.    Ana pring tulup, seruling lan isih akeh maneh jenis lan jenenge.


FAEDAHE UWIT PRING SEDAPUR

1.    Uwit pring    sing    dowo, dikethok-kethok    bisa kanggo CAGAK omah, reng, usuk, blandar, gedhek, kabeh mau piranti kanggo gawe omah.
2.    Digawe tampah, tumbu thenggok, cething, kalo, kukusan, besek, ikrak, kreneng, kranjang, bronjong, tenong kabeh mau minongko perabetan pawon.
a.     Tenong ilang pantheke.
    Omong ora ono entheke.
b.     Tenong kanggo adah lopis.   
    Yen wis omong ora uwis-uwis.

c.     Tenong teles ndang dipepe.
    Omongane sing TEGES, yen ora mundhak dadi rame.
    Diselingi parikan kanggo tombo kesel.
3.    Digawe kurungan manuk, kurungan jago, kandhang pitik, kandhang bebek, menthok, banyak, sapi, kebo, wedus, kabeh mau minongko kandhang kewan.
4.    Digawe kepis, wuwu, pancing alat kanggo golek iwak.
5.    Digawe gethek, prahu, alat kanggo tetumpakan.
6.    Digawe  lincak, pogo, kursi, tutup lawang kanggo perabot njeron omah.
7.    Digawe caping nggunung, kanggo lungo menyang sawah supaya ora kepanasen lan kodanan, caping ora pisah karo petani.
8.    Digawe KENTHONGAN, sawijining alat kanggo aweh tanda (INFORMASI).
•    Menawa ana banjir
•    Menawa ana kobongan
•    Menawa ana rajapati
•    Menawa ana kematian
•    Menawa ana kerja bakti
•    Menawa ana maling kanggo rondha njaga kampung.
    Ing jaman ndisik kenthongan kuwi, mujudake alat sing ampuh, kanggo aweh tanda, maune sing nuthuk kenthongan wong siji, nanging bisa tekan ngendi-endi, amarga kesambung kara gurung, mula ana unen-unen.
Sak dhawa-dhawa lurung, isih dhawa gurung bisa sambung-sinambung omongane uwong siji lan sijine.
9.    Digawe galar
Biasane uga dadi omahe tinggi dene galar kuwi kanggo turu, uga sak wiji ning alat kanggo kesehatan.
Turu nganggo galar kuwi, luwih sehat ketimbang turu ana kasur busa sing mendut-mendut .
    Turu ana galar sing atos, apa maneh ora nganggo bantal, kuwi bisa nyehatake awak, amargo darah bisa lancar.
Luwih-luwih ora bantalan bisa ngilangake rasa ngelu (mumet) sirahe, keju-keju awake, yen tangi turu awake dadi etes weseweeesss-ewess bablas angine, ilang kesele, ilang keju-kejune, ilang lorone kari seger-warase, entheng awake yen wis entheng banjur mabur mak puuur. Dadi enteng anggone nyambut gawe, iki mau ngendikane pini sepuh. Sing uwis nindakake lan mbukteke, kabukten para pini sepuh ndisik, awake tansah sehat-sehat, senajan gaweyane rekasa lan sing abot-abot.
Apa maneh yen wayah wengi padha tangi amargo padha dicokoti tinggi kemranyas gatel ana ngendi-endi.
Ananging ora padha nyalahake tinggi.
Padha matur nuwun marang tinggi kang wis nggugah ing wayah wengi supaya ben padha ora lali.
Nindhakake kewajiban marang Gusti AIlah kang Maha Suci.
Kosok baline kasur busa sing empuk mendut-mendut, ketoke enak-kepenak, bisa angkler, ngiler-ngiler yen kanggo turu, ananging malah kosok baline, dadi yen dienggo turu ora bisa roto, bergelombang saking empuk mendut-mendut. Dadi darah ora bisa lancar, mulo ngganggu kesehatan kuwi kanggone sing ora kulino turu ono kasur busa.
10.     Uwit pring sing isih enom, diarani EBUNG : REBUNG
Bisa diolah kanggo jangan, lan kanggo isi lumpia. Luwih-luwih dijangan lodeh lawuhe gong gede yen ditabuh unine mak geerrreh, dadi mak nyus...rasane bola-bali imbah-imbuh nganti ngenthekake sego sak cething.
11.     Kanggo alat musik, suling, angklung, calung, kentongan.
12.     Kanggo dolanan, jaran kepang, pecut , egrang, layangan, gangsingan, tulup lan isih akeh faedahe saka wit pring.

FILSAPATE : Uwit pring sedapur

Uwit pring sing uripe tansah grombol, akeh tunggale, ora urip ijen,uwite cilik nanging duwur. Yen keno angin pucuke mentiyung,  mobat-mabit, koyo ora duwe dhoyo. Jebul malah kosok baline, uwit  pring sing katone ringkih kuwi, jebulane duweni kekuwatan, ketangguhan, keampuhan kang nggegirisi Ian ngedhap-ngedhapi.
Kamongko uwit pring kuwi, oyote cilik-cilik tur lembut (akar serabut), ananging nduweni kekuwatan, ketangguhan, keampuhan, kehebatan  kang ora ono tandinge, senajan keterjang prohoro gede, angin lesus kang ngobat-ngabitke lan muntir uwite, keterjang banjir bandhang kang gawe mirise ati lan nggegirisi, uwit pring isih mbegegeg ora obah ora owah saka panqgonane, apa maneh kok nganti sol oyote, ambruk uwite. Senajan oyot pring sing kethoke Iembut ora duwe daya kuwi jebul anduweni KEKUWATAN lan KESATUAN SING BISA DIANDALKAN.
Apa maneh uwit pring sing uripe siji lan sijine, tansah empet-empetan, grombol. Yen keno prahoro gede wit siji lan sijine padha GESEKAN. Senajan padha gesekan lan mobat-mabit, keterjang prahoro, kabeh mau ora ndadekake PECAH utomo gawe RUSAK uwite. Nanging malah kosok baline, senajan padha gesekan, malah bisa NUWUHAKE suworo sing MERDU BAK BULUH PERINDU, yakuwi suworo suling.

Suworo suling, kumandang suwarane
Tulat....tulit kepenak unine.
Uuunine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung, ketipung, suling
Sigrak kendangane

Senajan padha gesekan siji lan sijine ora ndadekake marang perpecahan, pengrusakan, luwih-luwih perbedaan nanging malah kosok baline, malah ndadekake marang KERUKUNAN, PERSATUAN, KEBERSAMAAN. padha GOTONG-ROYONG anggone padha nyambut gawe, nindakake marang kuwajibane dhewe-dhewe kanthi SEMBOYAN :

RUKUN AGAWE SANTOSO
CRAH AGAWE BUBRAH
RAWE-RAWE RANTAS
MALANG-MALANG PUTHUNG
JER...BASUKI MOWO BEYO
HOLOBIS KUNTHUL BARIS


Kabeh padha nindakake kuwajibane dhewe-dhewe kanthi apik lan  becik, kanthi bener lan pener, kanthi SEPI ING PAMRIH RAME ING GAWE. Senajan wis jaman Millenium, sing serba Moderen lan CANGGIH, apa-apa wis SERBA ELEKTRONIK LAN PLASTIK.
Nanging perkakas sing bahane soko pring isih akeh sing mbutuhake, amargo ramah lingkungan lan njogo marang kesehatan. Pancen bener ngendikane pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa. padha nanduro uwit pring bisa kanggo nolak marang BEBOYO, lan FAEDAHE GEDE BANGET tumrap manungso aja padha nandur ISI GORI : BETON sing malah ndadekake MOLOPETOKO kuwi kurang DUGO lan PRAYOGO OJO padha seneng gawe RUSAKING BUMI bisa MALATI.

Alas padha dibabadi
Gunung padha digunduli
Lemah padha dikeruki
Kabeh mau apa arep kanggo ngubur
sing ono bumi ?

Akeh sing wis ora wedi marang BILLAHI
Akeh sing wis ora wedi marang bendu ILLAHI
Akeh sing wis ora padha duwe NURANI
Akeh sing wis padha mburu materi DUNIAWI

Sawah-sawah padha DIPATENI
Sak perlu padha disebari isi gori
Alias beton wesi, kang tumanem tajem
sak jroning bumi
Kang wis gawe nangis, sedih, perih, merintih,
IBU PERTIWI

Mulo padha jaganen marang lingkungan kanthi nganggo 3D :

Di wiwit saka awake dewe disik
Di wiwit saka sing cilik
Di wiwit saka sak iki

Aku peduli, aku mengabdi, aku berbakti, kanggo IBU PERTIWI.

1.    Ku lihat ibu pertiwi
Sedang bersusah hati
Air matamu berlinang
Mas intanmu terkenang

2.     Hutan gunung sawah lautan
Simpanan kekayaan,
Kini ibu sedang duka
Merintih dan berdoa

3.     Kulihat ibu pertiwi
Kami datang berbakti
Lihatlah putra-putrimu
Menggembirakan ibu

4.     Ibu kami tetap cinta
Putramu yang setia
Menjaga harta pusaka
Untuk nusa dan bangsa

Uwit pring ugo sawijining SENJATA sing SEKTI MONDROGUNO, AMPUH, TANGGUH, SENJATA ANDALAN PORO PINI SEPUH, KANG WINASIS    LELUHURE WONG JAWA ya NUSANTARA.
Kang uwis bisa ngusir para penjajah WALONDO kang suwene nganti 350 tahun kanthi nggunakake wit pring sing digawe dadi BAMBU RUNCING.    Lan taktik perang gerilya. Para pejuang SEJATI anggone ngusir para penjajah kang dipimpin dening BAPAK JENDRAL SUDIRMAN ING PALAGAN AMBARAWA.
Ngusir WALONDO sing manggon ana BETHENG PENDHEM Ambarawa. Kanggo mengeti para pahlawan, pejuang bangsa, ing kota AMBARAWA DIDHEKAKE MONUMEN PALAGAN   AMBARAWA lan REL SEPUR BERGERIGI TINGGALANE WALONDO.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar