Selasa, 01 Maret 2016

BAB VI


KABUDAYAN JAWA KANG ADILUHUNG


Kanggone para pinisepuh kang winasis, leluhure tiyang Jawi. Kang uwis misuwur marang luhure Budi Pekerti. Kang ngudi marang tumindhak kang UTAMI kanti akhlak kang Mulia Hati lan anduweni KABUDAYAN kang ADILUHUNG, adat istiadat kang wis turun tumurun nganti tekan seprene, isih anggone padha nguri-uri marang Kabudayan kang Adiluhung mau.
Kanggo ngucapake rasa syukur lan panuwun marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi lan uwis Paring Kanugrahan lan Kamurahan kang tanpo upami. Kanti diwujudake nganggo :
KONDHANGAN - SEGO GUDHANGAN sak komplitane.
Dene komplitane sego gudhangan kanggo kondhangan kayata :
1.    Endhog Godhog
2.    Kelasa
3.    Tampah
4.    Sego
5.    Gudhangan saka godhong-godhongan, kayata :
a.    Kacang dowo
b.    Godhong kathes
c.    Godhong mengkudu (pace)
d.    Godhong mbayung (bayung)
e.    Godhong bayem
f.    Godhong kangkung
g.    Thokolan (thukulan)
Ana cacah pitu sing dipilih kanggo gudhangan. Pamrihe supaya enthuk, PITULUNGANE saka gusti  Allah. Kang wis agawe urip ana ing alam donya iki.
6.    Bumbune gudhangan kang wis agawe sedhep ambune enak rasane.
7.    Pelas
8.    Bothok
9.    Ingkung sing mekungkung endhase madep menduwur.

Ana cacah sanga (9) kang kanggo kondhangan.
Cacah sanga pamrihe, wong urip ana alam donya kuwi, kudu bisa nahan marang babahan sanga, kang tansah kebak ing beboyolan godha rencono.
Amarga wong urip iku tansah kanggonan Sifat, Hawa Nepsu, Angkoro Murko. Tansah Serakah sak wiyah-wiyah ora genah, gumagah, senengane mung agawe bubrah. Anduweni ati kang srei, drengki, dahwen open, panasten, jail methakil, anduweni melik nggendhong lali, tansah agawe sing sarwo ala lan nistha, pancen wis dadi kodrate menungsa (menus-menus dununge dosa).
Yen wis anduweni ati sing koyo mengkono perlu dilebokake ana BENGKEL HATI, supaya ben padha mari ora mbebayani. Mula welinge para pini sepuh kang winasis, leluhure wong Jawa.



Kanthi mrebawani
Sareh - sumeleh
Tajem premanem
Terang - trawoco
Anggone paring wejangan, tuntunan, pitutur kanthi mawanti wanti, marang anak lan turune, supaya padha bener lan pener, aja nganti padha KEBLINGER, marang tindhak lan tandhuke supaya padha slamet uripe ana ing donya lan ing akherate, supaya kudu bisa nahan BOLONGAN kang cacahe ana sanga kang kasebut ing dhuwur.
Kethoke sepele, ananging gedhe banget PAMRIHE LAN FAEDAHE, saka tembung “KONDHANGAN, SEGO, GUDHANGAN saka GODHONGAN sak KOMPLITE.

1.    Kondhangan    :    saka tembung KON - DHANG padha mangan.
2.    Sego    :    saka tembung sing MBESESEG dadi LEGO.
3.    Gudhangan    :    saka tembung GUMUYU seneng ketemu KADHANG  bareng-bareng anggone padha MANGAN.
4.    Godhongan    :    saka tembung Gotong royong anggone padha nyambut gawe.
            Donga-dinonga, anggone padha urip, bebarengan, ana alam donya.

Saiki padha dionceki, saka tembung : Kondhangan, sego, Gudhangan sak komplite.
Kang dibutuhake kabeh mau kayata :
1.    ENDHOG GODHOG
Biasane sing dienggo Endhog Pitik Jawa, kang wis misuwur marang kasiate : kang keno kanggo jamu (jaganen awakmu).
Apa sebabe kok endhog godhog, ora endhog goreng?
Amargo yen digoreng, wis bedha tegese, rupane lan wujude.
Endhog pitik : sing wujude bunder kuwi kena diumpamakake kayadening BUMI : JAGAD = sak durunge dipangan endhog kudu dionceki disik. Dene ngonceki endhog kuwi, yo .... sok gampang, yo ... sok angel. Kuwi diumpamakake kayadene wong urip ana alam donya kuwi yo .... sok gampang, yo ... sok angel. Sak bubare dionceki, sak njerone kulit ana selapute putih sing tipis. Kuwi diumpamakake kayadening Angin kang tipis ora kethok nanging bisa dirasake, sak bubare selaput sing tipis, ana rupa kang putih sumeblak. Kang putih resik kuwi diumpamakake kaya dening LANGIT. Dene sak bubare putih ana wujud bunder, ana rupane sing ABU-ABU (Samar-samar). Kuwi diumpamakake kaya dening lemah lan banyu, ing kono papan penguripan kang mung abu-abu (samar-samar). Kena diumpamakake ana ing alam donya wong urip kuwi mung sedela ora suwe, paribasane ana donya mung mampir ngombe. Dene sak bubare abu-abu, ana wujud sing bunder, madhet, atos, kekel (kekal) kang rupane kuning.
Kuwi diumpamake : wong urip ono alam ndonyo kuwi ora suwe, isih suwe lan KEKAL ABADI anggone padha urip. LUMAKUNING AHKERATE

2.    KELASA KANG DIGELAR : Saka Tembung.
Kebak godho rencono, Lakune Manungsa urip ono alam ndonyo. Ndonya kang Gumelar ombo, kudu bisa milah lan milih, endi sing apik, endi sing ala, endi sing bener, endi sing salah, ojo podho nganti keliru, anggone podho lumaku ono alam ndonyo kang padang iki.

3.     TAMPAH : Saka Tembung
Tathag teteg, tangguh, tabah, tanggap ing sasmito, taberi sinau, anggone podho LUMAMPAH.

4.     SEGO : Saka Tembung
SESEG dadi LEGO.
Sego kang rupane putih, kuwi diumpamake ati kang resik, suci, kanthi ati kang resik, suci, yakin, tansah pasrah-sumarah Kanthi nyebut ASMANE GUSTI ALLAH  sakabehe, puja lan puji, mung tumuju marang Gusti Allah, kang akaryo jagad lan sak isine iki.
Gusti Allah Kang Maha Welas lan Asih, sing anduweni dina kiamat. Marang Gusti ALLAH kudu mayembah marang Gusti Allah nyuwuin pitulungan. Nyuwun dalan sing padhang lan bener. Dalane uwong sing uwis pinaringan pituduh. Dudu dalane uwong sing keliru.
Menowo kabeh mau ditindake, bakal nemoni urip, sing enak-kepenak ing saka behane, sing maune SESEG ono ndodho dadi LEGO.

5.    GODHONGAN KANGGO GUDHANGAN
Kayata :
1.     Kacang dowo : diumpamake koyo dening bocah enom kang isih dhowo lakune, ombo jangkahe, gedhe tekade lan gegayuhane.
Supoyo kasembadan opo sing dadi gegayuhane, bocah enom awake kudu sehat lan kuat, lair lan batine.
2.     Godhong kathes : saka tembung :
Kanthi-ethes : sehat lan kuwat 
Ono paribasane awak sehat, jiwane mesti kuwat, awak sehat lan kuwat kuwi, kudu diduweni dening bocah enom. Yen awake ethes lan trengginas, sakabehe kuwajiban sing ono pundhake, sing abot-abot dadi entheng lan mungkasi anggone tumandang gawe lan biso lancar ing sakabehane biso kasembadan opo sing dadi gegayuhane nanging ojo banjur podho lali nyuwun dhonga lan pangestu marang vvong tuwane.
3.     Godhong mengkudu : pace
Saka tembung mengko kudhu.
Bocah enom yen arep pisah karo wong tuwane, lan sedulur-dulure, anggone padha arep nuntut ilmu, supaya kasembadan opo sing dadi gegayuhane, banjur ojo podho lali nyuwun donga lan pangestu marang wong tuwane lan sedulur-dulure, kuwi wis dadi kuwajiban lan kudu ditindakake. Kanggo bektine anak marang wong tuwo.
4.     Godhong mbayung : bayung
Saka Tembung : bapa lan biyunq : bayung
Bapa lan biyunge kudhu disuwuni donga lan pangestu. Kuwi kudhu lan wajib kanggo bektine anak marang wong tuwa bapa lan biyung menowo dipamiti, lan disuwuni ndonga lan pangestu, banjur dingkluk, tumungkul nyuwun marang Gusti Allah kang kagungan lan paring marang sakabehane iki, kanthi sareh lan sumeleh.
Anggone, mawanti-wanti marang putra lan putrine supoyo ben padha slamet, katekan apa kang dadi gegayuhane, lan padha slamet uripe ono donya lan ahkerate. Welinge bapa lan biyung marang putra lan putrine.
1.     Aja padha lali ngibadhahmu marang Gusti Allah.
2.     Aja padha lali marang bapa lan biyung.
3.     Dadiyo bocah-bocah sing sehat Rohani lan Jasmani mu.
4.     Dadiyo bocah-bocah sing pinter-pinter sing tansah tumindak ing bebener tur pener, aja nganti padha keblinger.
5.     Tansah tumindak jujur, tegas, tanggung jawab.
6.     Ngugemi marang tumindak kang utomo bisa keno kanggo tepo tulada sing apik lan becik.
7.     Gemi, nastiti, ngati-ati, sing sabar lan narimo aja padha keladuk kurang dugo, kuwi ora prayogo, aja gegeden empyak kurang cagak.
8.     Aja padha lali marang falsapah Jawa kang adi luhung, kang bisa kanggo sangu marang uripmu, senajan ana ngendi papan manggonmu.
1.     Aja padha kesusu mengko mundak keliru
2.     Becik alon-alon watone kelakon.
3.     Aja padha melik nggendong lali.    
4.     Mburu uceng, kelangan delek.
5.     Wong nandur; bakale ngunduh.
6.     Becik ketitik, ala ketoro.
7.     Wong seneng ngalah, durung mesti kalah.
8.     Nglurug tanpo bolo, menang tanpo ngasorake.
9.     Aja gegeden empyak, kurang cagak.
10.     Ajining diri soko lati, ajining sarira saka busono.
9.     Opo sing kok pangan lan kebutuhane keluarga, luwih becik anggone adus kringetmu dewe, iku sing gawe slamete uripmu lan keluargamu.
10.     Urip sing prosojo, aja padha mujo marang banda lan ndonya, yen wis turah-turah banda Iuwih becik kanggo sedekah karananing Allah.
    Aja kok gunakake marang tumindak kang muspra tanpo tanja.
11.     Seneng tetulung marang sapodho-podho aja padha seneng ngelek-elek wong liya, durung mesti yen awake dewe Iuwih apik ketimbang wong liya. Amargo awake dewe ora bisa ngilo marang githoke dhewe.
12.     Aja dumeh, sopo siro sopo ingsun. Biso mikul dhuwur, mendem jero marang wong tuwa.
13.     Narimo ing pandum, kudu bisa milah lan milih, endi sing becik, ngendi sing ala. Endi sing bener, endi sing luput. Rejeki setithik ya ben ananging barokah, rejeki akeh nanging jalari musibah dadine ya mung percumah.
        Tak kiro cukup semene, pitutur lan welinge bapa lan biyung, keno kanggo sangu anggonmu lumaku padha nuntut ilmu, lan kena kanggo nambah marang wawasanmu, ora lali ndonga lan angestune Bapa lan Biyung marang putra-putriku kabeh rino lan wengi bapa lan biyung anggone ndonga lan nyenyuwun marang Gusti Allah ingkang kagungan lan ingkang paring marang sakabehing iki supaya padha kasembadan marang apa sing dadi gegayuhanmu.
         Bapa, Biyung lan Putra-putrane ora kerasa podho brebel eluhe ana pipine. Kabeh padha brebes mili padha tumetes eluhe, rasa trenyuh, sumedot krasa abot, nanging uga krasa mak plong mak blong bolong, ana rasa kang ayem. Marem ana sak jroning atine dhewe-dhewe. Mugo-mugo panyuwunan lan pandongane diijabahi dening Gusti Allah kang Maha Agung, kang kagungan marang sakabehe iki. Bapa lan biyung lan putra-putrine bubar donga dinonga atine padha bareng-bareng ayem.
5.     BAYEM
Saka tembung Bareng-bareng padha dadi Ayem kanti donga sluman, slumun, slamet, lan pangestune Bapa lan Biyung, putra lan putrine menyang ati dadi madhep, mantheb, tathak-tethek kanthi Kencenge pikir, anggone padha jumangkah lumampah kanthi polatan kang bungah sumringah. Arep budhal sekolah lan ngangsu kaweruh supaya ketekan apa sing dadi gegayuhane. Semono uga Bapa lan Biyunge ora kendat panyuwune marang Gusti Allah, lan donga pangestune marang Putra lan Putrine supoyo katekan apa kang dadi sedyane lan dadia bocah ingkang kalangkung.
6.     GODHONG KANGKUNG
Saka tembung Ingkang Kalangkung.
Yen wis dadi bocah ingkang kalangkung, terus aja dadi bocah sirng kumalungkung, sapa sira sapa ingsun, Dadia bocah sing kena kanggo Tepo Tulada, aja dadi bocah kang kurang tata. Ngudiya marang tumindhak kang utama, bisa ngluhurake asmane wong tuwa. Bisa ngarumake Nusa, Bangsa lan Nagara.
7.     TOKOLAN = Tukul
Bocah anom yen wis kebak ilmune, jembar wawasane, akeh pengalamane banjur Thukul Pikirane.
Bisa milah lan milih :
•    Endi sing bener, endi sing salah.
•    Endi sing apik, endi sing ala
•    Endi sing didhisikake, endi sing dikerekake.
•    Endi dalane Suwargo, endi dalane Neraka
Luwih-luwih tansah ngugemi marang pituture lan welinge Bapa lan Biyung, supaya padha tansah tumindhak marang kejujuran lan utama. Kabeh mau supaya gawe enak lan kepenak anggone padha lumaku ana dalan sing bener tur pener. Aja padha nganti keblinger ora pener.

6.     BUMBU GUDHANGAN
Sing agawe sedhep ambune lan ndadekake enak rasane. Para leluhure uwong Jawa kang winasis, kang ngerti sak durunge winarah, anggone ngracik, ngramu, kanggo bumbu gudhangan kang sedhep ambune, enak rasane mung cukup saka wulu wetune tetandhuran ing bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Nusantara kang andhuweni maneko warno, apa-apa tansah ana, subur kang sarwo tinandhur. Nusantara pancen papan panggonan uwit kelapa, sak pinggire pantai lan pulaune. Dene bumbu gudhangan sing diracik saka parutan kelapa, uyah, lombok, bawang, trasi, kencur, godhong jeruk purut.
Ana cacah pitu sing kanggo bumbu gudhangan sing pangajab bumi Nusantara tansah pikantuk pitulungane saka Gusti Allah Kang Maha Handarbeni isine jagad raya iki, lan supaya bumbu gudhangane ben mantheb, ditambahi gula Jawa, tambah manis rasane, yo manis rupane. Dhene bumbu-bumbu sing reno-reno jenenge lan bedho-bedho rupane, menowo dadi siji wis bisa gawe sedep ambune, lan enak rasane. Para pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa yo wong sak Nusantara. Kang wis nggambarake marang kahanan lan isine bumi nusantara lewat Bumbu Gudhangan.
7.     PELAS
Saka tembung Ndepepe anggone nyuwun Welas. Kanthi ati kang yakin, ikhlas, tansah pasrah lan sumarah, sumende marang Kuwasaning Gusti AIlah. Rumangsa mung sadremo Titah sak wantah, asale mung sako lemah baline uga bakal menyang lemah. Menawa Gusti Allah kuwi Maha Kuwasa. Marang Gusti Allah panggonan kanggo nyenyuwun. Gusti Allah kang ora peputra lan ora diputrakake. Lan ora ana sing madhani. Ya mung Gusti Allah panggonan kanggo pangayoman kang nguwasani marang sakabehe manungsa. Gusti sesembahaning manungsa. Saka penggawe ala, sing nguwatirake ( was-was ). Sing gawe kuwatir atine manungsa. Saka bangsane Jin lan Manungsa. Kabeh mau menawa kanthi yakin, ikhlas pasrah sumarah marang Gusti Allah, sakabehing pacoban, rintangan, alangan senajan kaya apa abote dadi enteng ora kethok.
Tansah pinayungan uripe, dikabulake panyuwune, tansah sabar lan narimo ing pandum. Bakal diijabahi dening Gusti Allah ing sakabehane.
8.     BOTHOK
Saka tembung abota kaya ngapa ora kethok. Yen wis yakin, ikhlas, pasrah sumarah tansah sumende marang Gusti Allah. Senajan Iagi nandang pacoban, alangan, godha rencana mbok abota sing kaya ngapa tansah bisa nanggulangi kanthi ati sing sabar lan narimo, pasrah lan sumarah.
9.     INGKUNG KANG MEKUNGKUNG, ENDHAS MADHEP MENDHUWUR
INGKUNG :
Biasane pini sepuh, leluhure wong Jawa anggone gawe ingkung sing dipilih, pitik Jawa kang enak rasane dibandingke karo pitik liyane Jawa. Sing digawe ingkung pitik jago sing isih enom. Apa sebabe sing dipilih pitik jago sing isih enom kok ora pitik jago sing tuwa? Sing awake lemu akeh iwake? Amargo pitik jago sing isih enom mengku karep lan akeh banget falsapah sing ana jroning pitik jago sing isih enom, lan ora milih bebek sing akeh suwarane, utowo menthok sing lakune tansah megal-megol gawe guyu.
Falsapah sing ana pitik jago :
1.     Jago = jagoan, lambang kejantanan.
2.     Jago = jagoan, jempolan kang tansah nomer siji kapinterane, keluwihane, apike ketimbang kewan liyane.
3.     Jago = jagoan, juara pengpengan tanpo tanding ora ana sing bisa ngalahake.
    Dene jago sing isih enom (dhere) yaiku :
1.     lsih kuuung kluruke
2.     Isih manthep tladungane
3.     Isih tajem = landhep jalune
4.     Isih duwur abure
5.     Isih empuk lan enak iwake

Ana lima sifat jago sing isih enom, biasane angka lima kuwi tondo tumuju marang tumindak kang UTOMO.
Pini sepuh kang winasis leluhure wong jawa, anggone milih pitik Jawa sing isih enom, amargo akeh banget filsapate sing ana jroning pitik jago sing isih enom.
1.     Isih kuuung.......kluruke : diumpamake koyo dene bocah enom, sing isih sehat kuwat. Trengginas, wasis wicarane isih mumpuni sepak-terjange anggone nyambut gawe.
2.     Isih MANTHEP TLADUNGANE : bocah enom bisa mrantasi, mungkasi, marang sakabehing gaweyan sing ana pundhake.
3.    Isih tajem jalune : bocah enom isih tajem pikirane, tajem kepinterane jembar wawasane, akeh pengalamane.
4.    Isih dnuwur abure : bocah enom awake isih sehat - kuwat, kanti trampil lan trengginas, cekat-ceket, anggone ngayahi pagaweyane, ana ngendi wae papan panggonane.
5.    lsih empuk lan enak iwake : bocah enom isih encer pikirane,    menawa dijak rembugan, tukar kaweruh, dikandani iki sing bener, yen  iki salah.
    Bisa nampa kanthi legawa,    menowo rembugane tumuju marang kebecikan, lan bisa ngrampung-ake masalah, ora nambahi masalah, tansah enak lan kepenak ora nggekeng marang karepe dhewe, yen dijak rembungan tansah nggunakake kepinterane, pikirane lan amrih apike marang sakabehane.

Dene pitik jago kuwi, sadurunge CHRISTIAN HUYGENS ing tahun 1656 nemokake jam lonceng. Dene pitik jago sak durunge manungsa nemokake jam kangggo thanda wektu. Pitik jago uwis aweh thanda wektu. Kanthi nganggo suwarane kang cemengkling.....sing kuuung.
Anggone aweh thanda marang wong kang isih padha turu. Kukurukuk...kukurukuk...kukurukukeee....lha kae jagone kluruk, iku mau tandane uwis bangun esuk, kanthi kluruke jago ing wayah esok, kuwi tanda kanggo nggugah manungsa supaya ndang padha nindhakake marang kuwajibane.
Anggone padha MANEMBAH marang gusti Allah, kang AKARYO Jagad lan sak isine iki. Lan banjur padha tumandhang nindhakake marang kewajibane dhewe-dhewe.
Anggone padha golek sandhang lan pangan lan nyadhong rejeki sing, halal supaya slamet uripe, ndonyo ian akherate.
•    Sing padha tani age-age budal menyang sawahe lan tegale.
•    Sing padha bakulan budal menyang pasar.
•    Sing nelayan budal golek iwak nyang laut .
•    Sing  ABRI - Polisi, anggone nindakake kuwajibane, kang bisa angayomi, angayemi, masyarakat kanthi sepi ing pamrih rame ing gawe.
•    Hakim, Jaksa, Pengacara, semana uga.
Sing bener yo dikandhake bener.
Sing salah yo dikandhake salah,.
    Aja padha pilih kasih, lan anduweni pamrih.
•    Sing pegawai lan guru padha budal menyang kantor.
•    Sing nyaponi dalan, klining, serpis, ora lali marang para pemulung, sing padha sabar lan narimo ing pandum, marang gaweyan sing kepekso kok tampa.
Aja.......padha nelongso
Jamane jaman rekoso
Urip pancen angel
Kudune ora susah ngomel
Ati kudu seneng
Nyambut gawe karo seneng
Ulat aja peteng
Yen dikongkon yo sing temen
Lha apa to, konco ati kerep lara
Ra gelem rekoso mbudidoyo
Pancen kabeh podho
Pingin urip mulyo
Wiwitan rekoso
Pancen nyoto
(lagune Koes Plus “Ojo Nelongso”)

Bali menyang ingkung saka tembung : Ingkang - kalangkung.
Menowo uwis dadi bacah sing KALANGKUNG.
Uwis dadi priagung : PEJABAT, duwe kedudukan sing duwur lan nduweni kekuwasaan aja banjur padha lali marang asale yo asline.

MEKUNGKUNG :
Saka Tembung
Mengko aja padha dadi kumalungkung lan sapa siro sapa ingsun.
Yen bisa dadiyo priyagung sing arip lan bijaksana, lan anduweni sifat satriyo.
1.     Anduweni Ilmu
2.     Nggunakake ilmu
3.     Nyebarake ilmu
4.     Tambah terus, anggone nuntut ilmu.

Ora perlu adil, ora perlu sempurna amarga keadilan lan kasampurnan kuwi sing kagungan ora ana liya kejobo mung Gusti AIlah kang Maha Kuwasa.
Ananging wis dadi kodrate menungsa ( Menus-Menus Dununge Dosa ). Biyasane wong urip yen wis dadi, priyagung : Pejabat, wong gedhe, manggone ana panggonan sing nduwur, sing akeh-akeh banjur lali marang asale sing kethok malah asline.
Dene manungsa kuwi, kanggonan sifat kang serakah, gumagah, pemarah, sak wiyah-wiyah, senengane gawe bubrah ora genah, sok ora bisa nyegah. Dene sing Menus-Menus kuwi manggone ana :
WADHUK : WETHENG.
Wadhuk  sing amba, sing isine banyu, sing kimplah-kimplah, yen ora bisa anggone NGENDHALENI biso ndadekake malapetaka : bencana  banjir. Semana uga WADHUKE MANUNGSO yen diisi nganggo barang sing reged-reged uga ndadekake MALA : Penyakit.
Mula isinen karo barang sing resik-resik senajan mung sithik nanging dadine apik lan becik, tansah pinaringan seger kuwarasan lan keslamatan.
Para pini sepuh kang winasis, leluhure uwong Jawa, anggone gawe ingkung, mekungkung, endhase madhep mandhuwur, ora madhep mengisor kuwi ana pamrihe. Kuwi kanggo LAMBANGE MANUNGSA kang anduweni sipat angkoro MURKO ADlGANG­ADIGUNG, ADIGUNO, Kumalungkung sapa siro sapa ingsun.
Anggone gawe ingkung endhase diadhepke menduwur ora madhep mangisor. Kuwi nggambarake manungso yen wis mapan ana panggonan sing duwur, lan uripe tansah enak lan kepenak, ananging isih kurang narimo lan syukure, isih tansah NGLANGAK menduwur tansah kurang terus, ora ana rasa narimone tansah nglangak terus, ora gelem NDINGKLUK MENGISOR, amargo wedi yen KEJONGOR nganti ndlosor-ndlosor wis ora eling bakale mengko bali menyang ngisor.
Sak durunge KONDHANGAN diwiwiti, pini sepuh kang winasis, paring tuntunan, wejangan, piwulang, marang KAWRUH, kang migunani, tumrape wong ngaurip ana alam ndonya. Supaya padha lumaku ana dalan sing BENER TUR PENER aja nganti padha KEBLINGER, lan tansah nindakake marang tumindhak kang UTOMO.Marang LUHURING BUDl Pekerti. Dadi wong urip kuwi, aja padha anduweni watak kang ADlGANG-ADIGUNG, ADIGUNO, SAPA SIRO, SAPA INGSUN.
Dadi wong urip kuwi senengo padha tetulung marang sepadha­-padhane ngaurip, kanthi ikhlas lan tanpa pamrih.
Piwulange para pini sepuh kang winasis.
1.    GOLEKA GALIHING KANGKUNG
    GOLEKA SUSUHING ANGIN
    GOLEKA TEPAKING KUNTUL NGLAYANG   
    Supaya manungsa padha ngerti marang SANGKAN PARANING DUMADI.
    Manungsa kudu ngerti asale saka ngendhi, lan akhire bakal menyang ngendhi.

2.     MENEHONO teken marang uwong kang lagi KALUNYON
    MENEHONO pangan marang uwong kang Iagi KELUWEN.
     MENEHONO banyu marang wong kang lagi NGELAK.
    MENEHONO sandhang marang wong kang KAWUDAN.

Menawa kabeh mau tansah kok tindhakake, mengkone bakal entuk piwales sing luwih gedhe lan akeh matikel-tikel dening Gusti Allah Kang Maha Kuwasa lan sing kagungan marang sakabehe iki, kudu bener lan pener anggonmu pawaweh marang uwong kang pancen mbutuhake banget entuk pitulungan.
Aja nganti padha nguyahi SEGORO, kang pancen uwis asin banyune, padha karo muspro tanpo tonjo, percumah ora ana gunane.
Sak bubare ngucapake pandonga lan panuwun lan rasa syukur. Kang tanpa umpomo marang kemurahan lan kanugrahan kang uwis pinaringan dening Gusti Allah, marang kemakmuran lan kesuburane TANAH JAWA kang wis nyawiji dadi NUSANTARA, kang cacahe maewu-ewu pulau dadi siji.
NUSANTARA kang anduweni hasil bumi kang maneko warno apa-apa ana,
GEMAH RIPAH LOH JINAWI
TANSAH IJO ROYO-ROYO
SUBUR KANG SARWO TINANDUR
MURAH KANG SARWO TINUKU
ADEM, AYEM, TENTREM, PREMANEM

Sluman, slumun, slamet, kerto raharjo, amargo nusantoro kang nggunakake cagak sing ampuh, kuwat, ulet, pengkuh kokoh. Ora gampang lapuk lan ambruk ora ana sing bakal bisa ngambrukake NUSANTARA, kang persatuane, kesatuane, wis nyawiji dadi siji kanti nggunakake cagak kang nganti 400. Cagak awak jenenge sikil, dikramakake dadi suku. Kanti SUKU-SUKU sing cacahe 400 kuwi bisa dadi lan kuwate Nusantara.
Anggone KONDHANGAN SEGO GUDHANGAN : SAK KOMPLITE.

Banjur kabuntel nganggo godhong gedhang lan godhong jati kang ana falsapate.

Falsapate    :   
1.    Godhong gedhang : gotong royong, dhonga-dinonga marang GEMELARING jagad raya kang ombo iki padha goleko dalan sing PADHANG.

2.    Godhong jati, kanti anduweni marang jati ning diri uwong Jawa aja padha lali marang Jawane, kang andhuweni marang jati diri, harga dIRI, PERCAYA DIRI, MAWAS DIRI.

10.    TUMPENG
Yen arep kondhangan segone mesti digawe tumpeng. Sego diwadhahke kukusan dipadetke, terus ditumplak ana tampah, dadine kaya gunung. Kethoke sepele ananging gedhe banget falsapate lan tegese.
TUMPENG :    Saka tembung TUMUJUA mung marang PENGERAN.
•    Yo mung marang GUSTI ALLAH nyuwun pengayoman.
•    Yo mung GUSTI ALLAH kang kagungan sakabehing titah.
•    Yo mung GUSTI ALLAH sesembahaning manungso.
•    Yo mung GUSTI ALLAH kang ngayomi saka penggawe ala, kang ditindakake dening setan. Setan kang senengane nggodha atine manungsa, lan godha saka jin lan manungsa.

Dene tumpenge digawe kaya gunung kuwi tegese : Atine kudhu pengkuh, kukuh, tansah manter anggone nyeyuwun. Yo mung GUSTI ALLAH kang MURBENG DUMADI.
Tumpeng sing ditumplak ana tampah banjur diwenehi gudhangan saka godhong-godhongan lan sak komplitane. Kuwi tegese : Kepulauan Nusantara kang wis pinaringan kanugrahan kang kaluwih-luwih marang kesuburan, kemakmuran, kekayaan alam sing maneko warno, apa-apa ana.
Mula kanggo ngucapake syukur marang GUSTI ALLAH kang MURBENG DUMADI para pini sepuh kang winasis, leluhure wong Jawa yo sak Nusantara, kanthi diwujudake KONDHANGAN SEGO GUDHANGAN saka GODHONG-GODHONGAN.
Tampah diibaratke         : Bumi
Sego diibaratke         : Gunung kang arah
                      menduwur.
Gudhangan diibaratke : Tetanduran ing bumi Nusantara,  yo gununge, sawahe, alase,
kang tansah katon ijo royo-royo, ing ngendhi wae papan dununge sak Nusantara kang wis bisa ngresepake ing pandulu, kang mahanani ati dadi ayem tentrem. Sidem premanem, bumi Nusantara kang tansah subur apa kang sarwo tinandur. Gemah ripah loh jinawi, kerta raharjo nir ing sambekala.
Bumbu gudhangan diibaratke :   
Sanajan bedho-bedho jenenge, rupane, rasane ananging yen diracik dadi siji nyawiji ndadhekake sedhep ambune lan enak rasane kaya dene Bangsa Indonesia. Kang bedha-bedha suku, adat istiadat, agama, bahasa, budaya, kesenian, masakan, warna kulit. Ananging wis bisa dadi siji nyawiji kanthi lambang BHINEKA TUNGGAL IKA adedasar PANCASILA.

Nusantara kang saiki dadi Republik Indonesia.
    Bentuk negara                :    Kesatuan   
    Dasar negara                :    Pancasila
    Kepala Negara                :    Presiden
    Undang-undang dasar    :    UUD 1945
    Bendera Kebangsaan    :    Merah Putih
    Lagu Kebangsaan            :    Indonesia Raya
    Semboyan Negara            :    Bhineka Tunggal
                        Ika
    Lambang Negara            :    Burung Garuda                 Pancasila
Republik Indonesia kang wis MERDEKA tanggal 17 Agustus 1945.
Presiden kang kapisan Bapak Ir. Soekarno
Wakil Presiden Bapak Drs. Muhammad Hatta

Wewarah Budaya Jawa
Amung lewat kondhangan, sega gudhangan kang saka godhong-godhongan. Kabeh mau wis nyakup dhasaring urip ing alam ndonya lan ing alam akherate. Uga wis bisa nyakup kekayaan ing alam bumi Ibu Pertiwi, bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi.
Wewarah budaya Jawa kang wis ana wiwit jaman kuna makuna. Wektu semana para pinisepuh uwis paring wewarah. Wewarah tuntunan marang anak turune padha anduweni jiwa Pancasila.
Bab Pancasila uwis diajarake wiwit jaman kerajaan Majapahit ing abad XIV. Kang ana ing buku Negara Kertagama karangane Mpu Prapanca lan ing buku Sotasoma karangane Mpu Tantular.
Pancasila kang saiki dadi dhasar negara Republik Indonesia.
Berlambangkan Burung Garuda
Semboyan Negara Bhinneka Tunggal Ika.
Marang anak putu sebagai generasi muda penerus bangsa yang berjiwa Pancasila. Aja padha dilalekake, disepelekake banjur diglethekake, terus padha ora gelem nggathekake marang nilai-nilai Pancasila sebagai Dasar Negara Republik Indonesia.
Pancasila :
1.    Ketuhanan Yang Maha Esa
2.    Kemanusiaan Yang Adil dan Beradab
3.    Persatuan Indonesia
4.    Kerakyatan Yang Dipimpin Oleh Hikmah Kebijaksanaan Dalam Permusyawaratan Perwakilan
5.    Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia

Pancasila sebagai pandangan hidup Bangsa Indonesia.
Marang anak putu ayo padha :
Menghayati, mengamalkan, mengamankan Pancasila.
Nganggo “3D” :
1.    Diwiwiti saka awake dhewe dhisik
2.    Diwiwiti saka sing cilik
3.    Diwiwiti saka ati sing resik, supaya dadi apik-becik lan bisa dadi menarik.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar