Selasa, 01 Maret 2016

BAB XIV


UGA ANA ING TANAH JAWA
Laire ibu kartini


Wanita Jawa kang prasoja tur Iugu.
Luhur bebudene.
Gurune para kaume

Nalika tanggal 21 April 1879, ing Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara wis lahir saWjining wanito Jawa kang asmane
R.A KARTINI

IBU KITA KARTlNI
PUTRI SEJATI
PUTRI INDONESIA
HARUM NAMANYA

IBU KITA KARTINI
PENDEKAR BANGSA
PENDEKAR KAUMNYA
UNTUK MERDEKA,

WAHAI IBU KITA KARTINI
PUTRI YANG MULIA
SUNGGUH BESAR CITA-CITANYA
BAGI....... INDONESIA.

Senajan yuswane Ibu Kartini mung sedelo, sedo 17-9-1904, dadi yusware Ibu Kartini suwene mung 25 tahun.
Ananging wektu kang sedelo mau, uwis gedhe banget jasa jasane Ibu Kartini. Kang uwis kasumbangake marang negorone, khususe kanggo kaum wanitone, kang wektu semono durung padha bisa moco lan nulis isih padha buta huruf.
Bocah wadon ndisik, isih padha dipingit kanggone sing isih perawan. Yen wis nduwe bojo, ya mung trima dadi konco wingking, dadi wanita dhisik kuwi isih terkungkung, kurang pergaulan lan wawasan. Isih ketinggaian adoh karo kaum priyo.
Kanthi anane buku karangane ibu Kartini, kang judule : “Habis gelap Terbitlah Terang.”
Kang wis paring pepadhang marang kaum wanita kang saiki uwis bisa sejajar karo kaum priyo.
Sak iki uwis akeh banget, srikandi-srikandi sing mumpuni ing samubarang gawe. Padha anduweni, jabatan sing penting-penting ing babakan pemerintah.
Kayata dadi :
1.     Presiden Republik Indonesia
2.     Menteri Peranan Wanita
3.    Menteri Perdagangan
4.    Menteri Keuangan
Sak jane, uwis sak trepe, lan dadi luwese, menawa menteri keuangan kuwi dicekel dening wanito = wani anggone noto.
Amargo wanito kuwi uwis anduweni dasar babagan nyekel duwit ngubengake duwit lan nyimpen duwit, kuwi uwis pagaweyan saben dinane, luwih-luwih ngetung duwit. Amarga tansah diwejang dening pini sepuh.
“Nduk, bocah ayu ?”
Gathekno, rungokno lan tindakno :
1.     Nduk, dadi bocah wadon kuwi kudu sing gemi, nastiti, ngati-ati. Aja padha brah-breh, luwah-luweh, mubra-mubru tanpa pethung. Aja gegeden empyak kurang cagak.
2.     Ora perlu ayu kanggo keberhasilanmu sing penting kudu tumindhak jujur, prigel, mumpuni, lan sregep nyambut gawe.
3.     Ora perlu menarik, mengko malah ketarik, ketarik marang tumindak sing kurang becik. Prasojo luwih becik, ketimbang mengko kecelik.
4.     Ayumu bisa sumunar, soko atimu lan jiwamu
5.     Sumunare ayumu soko ucapanmu lan tindhak tandukmu.
6.     Nduk, bocah ayu, dadi jejere wanito kuwi kudu bisa anggone olah raga, olah jiwo, olah laku, olah pikir lan kudu bisa angabehi ing samubarange. Kanggo kerukunan, kebahagiaan lan jejeke  anggone padha omah-omah. Menawa bisa ojo padha nggantungke marang kakunge. Menawa bisa sithik-sithik bisa golek penghasilan dewe. Kuwi luwih prayoga lan utomo. Bisa nguwatake awakmu anggone dadi ibu rumah tangga.
7.     Dadi jejere wanito kuwi, kudu bisa gawe ayem, tentrem lan marem anggone padha omah-omah. Kanthi bisa mandiri, percaya diri, kuwat lan tangguh ora gampang keno pengaruh. Tansah    prasaja, ora aleman, cengeng, lan ora kakeyan neko-neko kang tanpa guna. Sifat-sifat wanita sing koyo ngono kuwi, kang dadi idamane kaum priyo.

Kanthi akeh-akeh pini sepuh anggone paring pitutur, wejangan, supaya bocah wadon padha ngati-ati ngadepi    kahanan ing waktu saiki. Aja nganthi padha salah langkah.
Nduk Bocah Ayu, sepisan maneh tak kandani, RUNGOKNO, GATHEKNO, TUMINDHAKNO.
Nduk, dadi bocah wadon kuwi, kudu bisa njogo marang jejere WANITO kang UTOMO = UTAMI.
1.     Kudu bisa njogo, anggone padha omah-omah. Supoyo bisa urip rukun, bahagia, sak jroning keluarga. Ojo sok tukar-padu sing ora perlu.
Luwih becik dirembug amrih apike lan kepenake.
2.     Kudu bisa ngajeni marang kakunge.
Kasulistiyanmu, esem guyumu, solah bowomu, aluse wicoromu, sing -tansah narik ati kuwi, mung tumuju marang kakung lan keluargamu. Menawo kepinteran, ketrampilan, kewasisan, tumujua marang NUSO, BONGSO lan NEGORO.
3.     Kudu bisa gemati, ngopeni, nyontoni, minterake, nggedhekake, ngarahake, kanggo putra lan putrine marang KELUHURAN BUDI PEKERTI, KEJUJURAN lan KEMANDIRIAN.
Ojo kok arahake marang MATERI, DUNIAWI. Kang anjalari sok melik nggendhong Iali. Banjur tumindak kang ora terpuji.
4.     Kudu bisa njogo, marang diri pribadi.
Ajining diri saka lathi.
Ajining sarira saka busono.
5.     Kudu bisa njogo anggone omah-omah, lan njogo wadi.
Ojo nganti ngombro-ombro tekan ngendi-endi kang malah nekake marang billahi, ora bisa ngrampungi.
Padha karo mbukak wirange wadine dhewe.
6.     Kudu bisa sesrawungan karo tonggo teparo.
Ojo seneng ngelek-elek, ngenyek metani olone wong liyo, kuwi kurang prayoga.
Durung mesti awake dhewe luwih apik, amargo ora bisa noleh marang githoke dewe.
Luwih becik meneng yen ora seneng.
7.     Kudu bisa ngatur wektumu, keuwanganmu, pikiranmu, tenagamu lan kudu njogo marang kesehatanmu lan awakmu supoyo tansah ayu. Kabeh mau kanggo keutuhan, kebahagiaan, putra-putrimu, keluargamu lan rumah tanggamu.
8.     Pancen wis dadi KODRATE, WANITO anduweni kuwajiban WANI anggone NOTO. Balaiwismo, keluarga, putra-putrine supoyo TUMOTO. WANITO kang dadi tulang punggunge NUSO, BONGSO, lan NEGORO.
9.     Kanthi laire R.A. KARTINI, ing Kecamatan Mayong Kab. Jepara.
Senajan yuswone R.A. Kartini mung sedelo. Ananging, sawijining wanito kang utomo. Kang uwis paring tepo tulado kang mulia.
10.     Kang uwis paring pepadhang marang kaum WANITO supoyo sejajar karo kaum priyo. Kanggo mbangun NUSO BONGSO lan NEGORO supoyo NEGORONE  ADlL, MAKMUR, SENTOSO.
11.     Perjuangan lan cita-citane ibu Kartini. Ojo mung yen pas dino KELAHIRANE diperingati. Ayo padha diresapi, dihayati, rumasuk tumekaning ing njero ati. Marang cita-citane ibu Karini kang luhur iki.
12.     Kanggone Kartini-kartini ing jaman saiki. Tanggung jawab sing ora enteng bakal ditemoni lan dilakoni. Senajan tanggung jawab abot ora enteng, kudu bisa nanggulangi. Kanti eling lan waspodo, gemi, nastiti, ngati-ati, percaya diri, lan mandiri. Ojo podo lali marang, IBADAH, BERDOA, BERSYUKUR, marang GUSTI ALLAH Kang Maha HANDARBENI

Tidak ada komentar:

Posting Komentar