Selasa, 01 Maret 2016

BAB XVII


WARTA SAKA MANCA NEGARA


Rumangsa seneng mongkok lan bombong panggalihe simbah. Dene basa Jawa, kabudayan Jawa, seni Jawa kang adi Iuhung iki, isih ana sing anguri-uri.
Anggone nguri-uri malah ngluwihi saka asale kabudayan mau (Jawa). Kamongko ana negara asale ing tanah Jawa, bocah-bocah saiki wis akeh sing padha ninggalake kabudayan Jawa kang adi Iuhung mau.
Ing zaman biyen tanah Jawa Dwipa (Nusantara) isih kajajah dening Walanda, kira-kira ing abad 18 - 19, Walanda ngerti, manawa ing bumi Sukowati tanahe subur, apa wae kang tinandur. Lan uwong-uwonge katon sabar, temen, tekun, ulet, mrantasi anggone padha nyambut gawe.
Walanda banjur mrentahake marang wong Jawa nandur uwit TEBU lan uwit JATI, lan terus mbangun Pabrik Gula ing kampung MOJO. Walanda ngerti menawa tebu lan kayu jati kuwi hasile gedhe lan nguntungake.
Nalika kurang luwih tahun 1890 uwong Jawa dirudha peksa (kerja paksa) dikon nyambut gawe menyang manca negara, sing durung dingerteni dununge, adoh lan cedhake papan panggonan mau. Wong Jawa padha ditumpakake kapal nganti pirang-pirang sasi suwene. Saiba susah, nelangsa, rekasa, wedi campur dadi siji. Dipeksa ninggalne tanah wuthah getihe (tanah leluhure).
Kamongka ing zaman semono durung kaya zaman sakiki, kang wis sarwo maju lan cumepak ing sakabehane.
Tujune nenek moyangku orang pelaut. Kanthi ati kang tathak-tethek madep mantep, pasrah sumarah marang Gusti Allah sing akarya jagad iki.
Kanthi ngugemi palsafah uwit TEBU lan uwit JATI lan uwit PARI. Dadi wis nemokake marang jatining diri. Nanging ngadhepi tantangan sing abot, nguras jiwa raga, lan kahanan kang nyedihake, ora sithik sing ora padha tahan.
Akeh sing padha ngengkleng, akeh sing padha nyegur segara. Sing isih kuwat bisa slamet tekan panggonan sing dituju yaiku Benua Amerika, ing negara SURINAME. Sing adoh banget saka tanah leluhure. lng Suriname uwong Jawa padha dikon nandur uwit Tebu. Amor karo BANGSA negara liyane. Kanggo mengethi perjuangan lan
lara Iapane uwong Jawa mau ing Suriname banjur digaweke MONUMEN kang awujud prahu. Kanggo nggambarake pahit getire nalika mangkat saka Tanah Jawa, ana tengah segara lan tekan panggonan sing dituju lan saiki uwong Jawa ana Suriname uwis 120 tahun suwene.
Senajan uwis suwe anggone ninggalake tanah Jawa nanging ora lali karo Jawane, lan isih padha anguri-uri basa Jawa, kabudayan,  kesenlan saka tanah leluhure.
Senajan ndisik direwangi rekasa lan prihatin, saiki wong Jawa sing ana Suriname wis padha ngundhuh tandurane. Sanajan wong Jawa ana Suriname campur kara BANGSA liya, nanging ora ninggalake Jawane, lan isih diturunake marang anak, putu, buyut, canggah, sok malah wis tekan uthek-uthek gantung siwur, amarga suwene ana Suriname wis nganthi 120 tahun luwih.
lng Suriname isih gunakake basa Jawa lan jenenge anak turune uga gunakne jeneng Jawa. Kayata nganggo jeneng dina pasaran Jawa : Paing, Pon, Wage, Kliwon, Legi.

Yen laire dina Pahing= Paijo, Pariman, Parinem lan sak teruse.
Laire dina Pon     =     Poniran, Ponari, Poniyem.
Laire dina Wage     =     Wagiyo, Wagimin, Wagiyem.
Laire dina Kliwon     =     Wondo, sok ditambahi Su.
Laire dina Legi     =     Legiman, Legimin, Leginem.
Laire dina Engat     =     Ngatijo, Ngatiyem.
Laire dina Senen     =     Setiya, Setiti.
Laire dina Selasa     =     Lasiya, Lasmini.
Laire dina Rebo     =     Bondan, Bona.
Laire dina Kemis     =     Miswan (pas laire awan)
Laire dina Jumuah    =     Jumadi, Jumirah.
Laire dina Setu     =     Tukiyo, Tukino, Tukiyem.

Pamrihe supaya gampang anggone ngeIing-eIing. Mula jenenge cendhak-cendhak. Yen dawa mundak lali amarga ora bisa maca nulis, wektu semono isih padha buta huruf. Umpama ngerti maca lan nuIis isih nggunakake aksara Jawa.
Lan sasi Jawa biasane kanggo jeneng sing uwis tuwa.
Kayata :
Mbah Wira Sukarta, Mbah Prawira, Sastra, Jaya, Krama, Setra, Jumadi, Mulud lan Iiya-Iiyane.

Ana Suriname jeneng Jawa isih dilestarekake, senajan jeneng ngarepe Hendrik, nanging mburine isih nganggo Hendrik Kramasetra, Suwarto lan liya-Iiyane.
Wektu semono wong Jawa durung ngenal tahun Masehi lan sasine, menawa uwis ngerti lan anak-anake sing nomer loro lair ing sasi November sok-sok uga dijenengke Dwinov ben kethok keren kaya jeneng Rusia.
Nanging saiki anak turune wong Jawa Suriname, wis akeh sing jenenge ngarumake tanah wutah gethihe. Anak turune saiki wis akeh sing dadi wong gedhe (pejabat pemerintah) ana Suriname. Akeh sing dadi menteri lan pejabat sing penting-penting Iiyane. Malah kabare bojone wakil presiden uga turunan wong Jawa.
Pratanda wong Jawa ana Suriname padha disenengi lan diunggulake kepinterane lan tandhang gawene karo BANGSA Iiya-Iiyane, sing maune senasib seperjuangan dadi buruh (kerja pakea). Amarga wong Jawa ana Surinane ora lali marang pituture para pinisepuh, tansah ngugemi weling lan pituture mau, tumanem jero sak jeroning ati marang palsafah uwit pari, uwit tebu, uwit jati.

KABUDAYAN & KESENlAN
Senajan uwis suwe lan adhoh papan dununge, ana negara Suriname, kesenlan Jawa isih diuri-uri kayata : wayang kulit, wayang
Uwong, ludruk, kethoprak, dagelan, reog, jaran kepang lan kerep ngundhang dalang kondhang saka Jawa. Keroncong, langgam, lagu-lagu Jawa kayata Walang Kekek, Rek Ayo Rek, apa maneh Sewu Kutha, Solo Balapan lan lagu-lagu Jawa liyane ana Suriname Iarise kaya pisang goreng. Dangdut uga disenengi, menawa lagu-lagu Pop sing nganggo bahasa Indonesia sing tenar lan apike kaya ngapa ana Suriname ora Iaku amarga wong Jawa Suriname ora mudheng  bahasa Indonesia apa maneh lagu KEBANGSAAN : INDONESIA RAYA,  Bendera Merah Putih, Padamu Negeri, Satu Nusa Satu BANGSA.
Apa maneh ngapalke Pancasila, dasar negara. Wis ora mudheng babar blas. Lha ..... wong Indonasia dhewe akeh sing padha ora mudheng.
Bab kuliner (men radha keren mak nyusss) masakan Jawa isih ora ditinggalake kayata : sega gurih, sega kuning, sega goreng, gudhangan, pelas, bothok, pecel, rawon, bumbu rujak, jangan lodheh, jangan gori, sambel trasi, gado-gado, saoto, sate, bakso...ee ... baksone ora ana, waktu samana wang Jawa Suriname durung kenaI marang bakso. Ketenta presiden Obama aba satee ... baksoo.

Nanging saiki wis akeh anak turune wang Jawa Suriname sing padha sekolah menyang Indonesia, dadi wis bisa sambung maneh antarane wong Jawa Suriname karo wong Jawa Indonasia.

ANA NEGARANE DHEWE
Simbah melu bungah lan sumringah dene akeh bocah-bocah sing pinter-pinter lan bisa ngarumake negara lan bangsane ana manca negara. Nanging Simbah uga gumun setahun, njinggleng serendheng, geleng-geleng kaya kethek ogleng, ananging ana negarane dhewe kok malah suwalike.
Bocah-bocah sing pinter-pinter lan mumpuni ing gawe, kepingin nyumbang darma baktine marang negarane, kok malah diusir, diina, disiya-siya sak wiyah-wiyah kayadene kewan sing nistha lan ora dianggep uwong.
Simbah nelangsa, sesek nyang ndada meruhi kahanan mau, ana negara Iiya ditampa kanthi apik lan becik, nanging ana negarane dhewe ora diajeni, diundhamana entek amek kurang golek. Opo iki sing diarani negara Demokrasi.

DEMOKRASI
Saka tembung : Demos = rakyat
Kratos = kekuwasaan (pemerintahan)
Pemerintah kang diawasi dening rakyat. Dadi kekuwasaan rakyat sing kudune kanggo mbangun negara, supaya negara bisa gemah ripah Ioh jinawi, subur makmur, slamet raharja, adil lan santoso ana naungane Gusti Allah kang Maha Kuwasa.
Kanthi Iambang Bhineka Tunggal Ika adedasar Pancasila.
1.     Ketuhanan Yang Maha Esa
2.     Kemanusiaan yang adil dan beradab.
3.     Persatuan Indonesia.
4.     Kerakyatan yang dipimpin oleh hikmat kebijaksanaan dalam permusyawaratan / perwakilan.
5.     Keadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia.

Ananging kok malah suwalike dadi Demo crazy = rakyat padha edan lan kebablasen. Demo tawuran, pengrusakan, pembunuhan, dhebat-dhebatan, perselingkuhan, bunuh diri, rekayasa, golek pangan lan gaweyan angel setengah mati. tansah usreg terus, ora ana enteke lan juntrunge.

Saben dino disuguhi tontonan sing marakake miris, trenyuh, kemropok, ora ana entheke sambung menyambung menjadi satu, itulah Indonesia. Lho... kok dadi lagu.

Lucune negaraku
Hukum bisa dituku
Marang anak lan putuku
Tumindhak ala aja padha ditiru

Uwong saiki akeh sing padha ilang kendhaline
Padha mbedhal sak karepe dhewe.
Wis padha kelangan harga diri, jati diri, nurani
Akeh sing seneng memiskinkan diri
Kuwi tandhane kurang bersyukur
Padha ora wedhi kuwalat
Lan kena bebendhu saka Gusti Allah kang
agawe urip.

Kabeh mau sing salah sapa?
Sing mimpin apa sing dipimpin?
Kabeh padha rebutan marang apik
lan benere dhewe.
Wis ora padha wedi
Kamongka ing ndonya amung mampir ngombe.
lsih suwe ana ing akerat.
Apa iki uwis tumekane Jongko Joyoboyo?



Wong dora padha ura-ura.
Beja-bejane sing lali, isih beja kang eling
lan waspadha.

Ayo padha andedonga, muga-muga negarane enggal nemoni ayem tentrem, nir ing sambekala. Apa apike negarane nganggo jeneng Jawa kang ngemu pandhonga lan panyuwunan marang Sing Kuwasa kayata Nata Nagara.

Pamrihe negarane tansah tinata, tumata kanthi becik apik ing sakabehane, kanthi pangajab supaya bisa sluman-slumun slamet.
Gemah ripah Ioh jinawi, ayem tentrem kerta raharja, tut wuri handayani, rawe-rawe rantas, malang-malang putung, holobis kunthul baris, sidhem premanem, dadine mukti wibawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar