Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXXII


“Dongeng Brambang-Bawang” lan lagu “Nenek Moyangku Orang Pelaut.”

Dongeng Brambang-Bawang sak wijining dedongengan kang turun temurun. Kang amung lewat lisan ora lewat tulisan. Lan lagu Nenek Moyangku Orang Pelaut kang dilagokake dhening bocah cilik-cilik sing isih ana TK lan SD.
Muga-muga dongeng Brambang-Bawang lan lagu Nenek Moyangku Orang Pelaut diijabahi dhening Allah SWT.
Bisa dadi kenyataan, kebanggaan, pengharapan, pembaharuan lan kemajuan bagi Bangsa Indonesia Raya. Dongeng Brambang-Bawang kang wis pas banget kagem ibu Iraiana Jokowi. Lan lagu Nenek Moyangku Orang Pelaut kang pas banget kagem ibu Susi Pujiastuti.
Dumateng pundakipun Ibu Iriana Jokowi tuwin para ibu-ibu menteri ingkang mumpuni, ingkang nggadahi tanggungjawab lan kewajiban ngemban amanah demi persatuan, kesatuan, kedamaian NKRI lan kelestarian ing bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.
Ngemban amanah kang menguras jiwa, raga, lair lan bathin. Ngemban amanah kang sulit, sulit teramat sulit. Ngemban amanah kang berat, berat teramat berat. Ngemban amanah kang kerja, kerja, kerja harus kerja. Ngemban amanah senajan abot bisa dadi entheng menawa dikantheni kebak ing pandonga, panyuwunan lan puji syukur marang Allah SWT. Kanthi ati suci, jujur, ikhlas, sepi ing pamrih rame ing gawe. Gusti Allah bakal angijabahi.
Ibu = wanita
Wanita = wani nata supaya dadi tumata.
Wanita kang utama dadi tulang punggunge negara. Harkat, martabat, derajat, pangkat, kuwat, hemat, manfaat, hebar...kelewat-lewat kabeh mau ana dhirining wanita kang utama.
Wanita = ibu = Biyung
Biyung = Bisa kanggo payung.
Payung hukum yang beradab, beretika, berkeadilan sosial bagi seluruh rakyat Indonesia. Kang bisa angayomi, angayemi, kebak ing katresnan, ora pilih kasih, bisa anggone milah lan milih. Endi sing bener, endi sing salah, ora terus digebyah uyah ora nggenah.
Monggo ibu Iriana Jokowi, ibu Susi Pujiastuti tuwin para ibu-ibu menteri ingkang mumpuni Maju Tak Gentar, Membela yang benar. Maju terus pantang mundur. Maju terus dan bersatu demi negaramu. Allah bersamamu, rakyat mendukungmu.
Kebak ing pandonga, panyuwunan, puji syukur ing ngarsaning Allah SWT.
Para sesepuh = asepe ampuh = para Bapak, Ibu Guru lan alumnus SGB Negeri 2 Sragen, angkatan tahun 1955-1960.
Kanthi ndapuk Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) kanthi sesepuh Bapak H.M. Soeyadi B.A. kang isih anduweni tanggungjawab pendidikan marang anak, putu lan buyut kang dadi generasi penerus bangsa. Kanthi lewat buku “Wewarah Budaya Jawi” iki para sesepuh PAGAR sami ndherek anyengkuyung, ndukung dumateng programipun Bapak Presiden Joko Widodo dumatheng pendidikan budi pekerti lan Revolusi Mental yang berakhlak mulia.
Kanthi kepilihe Bapak Joko Widodo ing tanggal 20 Oktober 2014 dadi Presiden RI sing kaping 7. Angka 7 tumrape uwong Jawa kang ateges pitu-lungan. Bakale kang tansah pinaringan pitulungan, pengayoman, pangapura lan pikantuk hidayah  lan ridhonipun Allah SWT.
Angka 7 uga ateges tujuan. Bertujuan bisa mengemban amanah penderitaan rakyat menuju sejahtera. Rakyat menjadi adil makmur, sentosa, muga-muga bangsa Indonesia negarane enggal pinaringan ayem, tentrem, tata titi, kerta raharja.
Tansah pinaringan Widodo, Basuki, Rahayu, Sluman-slumun Slamet nir ing sambekala kanthi dipimpin Bapak Joko Widodo. Muga-muga Gusti Allah ngijabahi. Amin.

Sragen
Akhir Desember 2014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar