Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXIX


JAGAD JAWA


Tanah Jawa saka tembung :
TANAH : Lemah
JA : Jagad
WA : Wadhah
Lemah kang ono ing Jagad Raya iki kang dadi Wadhahe isining Ndonya kang maneko warno, opo-opo sarwo ono.
Tanah Jawa ugo dissbut tanah Jawi.
Tanah Jawi saka tembung :
TANAH : Lemah
JA : Jagad
WI : Jinawi
Lemah sing ono jagad raya iki sing paling gemah, ripah, Ioh jinawi.

Tanah Jawi kang dadi pusering bumi saka tembung :
Lemah kang gemah ripah Ioh jinawi kang wis dadi PUNJERING BUMI kang uwis bisa gawe SESERING (Mubenge) BUMI.
Tanah Jawa ugo disebut JAWADWIPA
JA : Jagad
WA : Wadhah
DWI : Loro
PA : Pathokan (Paugeran)

Dadi urip ono alam ndonya kuwi mung ono Ioro kang kanggo Paugeran utawi Pathokan.
Tanah Jawa kang uwis nyawiji dadi siji dadi NUSANTARA, kanthi SUMPAH PALAPA, sumpahe PATIH GAJAH MADA.
NUSANTARA kang sak iki uwis dadi REPUBLIK INDONESIA RAYA. Presiden kang kapisan Bapak I.R. Sukarno, wakiI presidan Bapak Muhammad Hatta.
Ing jaman prasejarah, ing tanah Jawa ugo dadi papan panggonan MANUSIA PURBAKALA.
Ayo kabeh padha ndingkluk, tumungkul anggone padha sujud manembah. Padha tapakur, bersyukur marang kemurahaning GUSTI ALLAH, kang uwis paring kanugrahan, kemurahan, keluwihan, marang tanah Jawi, yo NUSANTARA, kang sak iki dadi INDONESIA RAYA. Kang uwis pinaringan gemah ripah Ioh jinawi, subur kang sarwo tinandur, murah kang sarwo tinuku, ing persada Ibu Partiwi, lan ora ono sing madhani ing sak endhening Jagad Raya iki.
AYO KABEH PADHA MEMUJI. MARANG KEMURAHANING GUSTI ALLAH,  KANG MAHA SUCI LAN MAHA HANDARBENI. MARANG KAHANAN ING WEKTU SAK IKI. KANG UWIS RUWET, MBUNDHET, ANGEL DIUDARI LAN DIWIRADATI.
MUGA-MUGA GUSTI ALLAH, ENGGAL PARING PEPADHANG LAN PANGAPURA MARANG BUMI NUSANTARA LAN BANGSA INDONESIA RAYA.
SUPAYA NEGARANE ENGGAL NEMONI AYEM, TENTREM, KERTA RAHARJA, ADIL, MAKMUR, SENTOSA

Tidak ada komentar:

Posting Komentar