Selasa, 01 Maret 2016

BAB II


Dongeng LAN PITUTURE Simbah
Marang Anak lan Putune



Sakdurunge ndongeng Simbah arep paring pitutur marang anak lan putuku kabeh.

Pituture Simbah.
Tumrape wong Ajawi, kang anduweni marang luhure budi pekerti. Lan kabudayan kang adiluhung. Mula marang anak lan putuku, padha anduweni kuwajiban anguri-uri.
Dadi wong Jawa aja lali marang Jawane.
Dene wong Jawa kuwi anduweni
1.    Tanah Jawi, kang dadi pusering bumi.
2.    Suku Jawa
3.    Laut Jawa
4.    Gula Jawa
5.    Asem Jawa
Dene ing jaman biyen, biasane gula + asem kanggo nggawe wedhang. Tumrape wong Jawa kuwi tembung sanepan. Saka tembung wedhang + asem. Kang mengku teges (ngawe kadhang kanthi mesam-mesem).
Polatane seger sumringah, ngetokake kemrakete, anggone paseduluran marang sapa wae.
Tindhak tanduke tansah lembah manah, andhap asor. Amargo padha anjogo marang :
*    Ajining dhiri saka lathi
*    Ajining salira saka busana
Lan sakbubare wedhangan, banjur kondangan (kondang pada mangan).
Lan dadi wong urip kuwi kudu anduweni :
1.    Ati kang sareh
2.    Ati kang sumeleh
3.    Ati kang ora gmpang goreh
4.    Ati kang ojo dumeh
5.    Tundone mengko bakal pikoleh
6.    Aja gumunan
7.    Aja padha melikan, yen melik nggendong lali
8.    Aja padha serikan
9.    Aja nduweni ati sing srei, dengki, dahwen, open, lan sing gemi, nastiti, ngati-ati. Wong nandur bakale ngunduh.
6.    Pithik Jawa
7.    Wedhus Jawa
8.    Dina Pasaran : Pon,  Wage, Kliwon, Legi, Pahing.
9.    Dina Jawa ana 7 (pitu) cacahe : Engad, Senen, Selasa, Rebo, Kemis, Jumuah, Setu.
10.    Sasi Jawa  12 cacahe: Sura, Sapar, Mulud, Bakda Mulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkaidah, Besar.
11.    Basa Jawa
    Dhene basa Jawa kuwi kang mulang wuruk marang unggah-unguh, tindak-tanduk kang sopan santun, antarane putra marang wong tuwa. Basa Jawa ana telu : 1. Krama Inggil. 2. Krama Madya. 3. Krama ngoko.

12.    Aksara Jawa ana 20 cacahe :

           
HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA









13.    Gending lan gamelan Jawa, kayata
    Gong, gendher, gambang, kempul, kenong, kethuk, kendhang, rebab, siter, saron, suling, demung, bonang lan liya-liyane.

14.    Tembang Jawa Macapat.

1.    MIJIL
Watak    :    Wedaring rasa (pitutur)
Conto    :

Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkul yen dipun dukani
Barang den simpangi
Ana catur mungkur

2.    MASKUMAMBANG
Watak    :    Prihatin / nelangsa
Conto    :
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal tulungana
Anakmu kecemplung warih
Gulagepan wus meh pejah

3.    KINANTHI
Watak    :    Seneng, asih, tresna, pitutur
Conto    :
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
Cegah dahar lawan guling

4.    SINOM
Watak    :    Grapyak / pitutur
Conto    :
Duh Gusti harjuno sasra
Paduka pepunden mami
Sumantri minta aksama
Pari paksa ri punika
Nyuwun gungan sayekti
Kaparenga jeng sinuwun
Mapak putri boyongan
Jawi kita maespati
Ing pangan kah rumeksa
Asma paduka

5.    ASMARADANA
Watak    :    Sengsem / lara brongta
Conto    :
Pratikele wong akrami
Dudu brana dudu warna
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinambak arta

6.    DURMA
Watak    :    Galak - nesu / crita perang
Conto    :
Paman-paman apa wartane ing dalan
Ing dalan akeh pepati
Dipun kani ngaya
Den pinedhang angligan
Ing jaja satrusing gigir
Hakari raga
Badan kari ngalinting

7.    DANDHANG GULA
Watak    :    Luwes
Conto    :   
Wonten malih tuladan prayogi
Satriya gung nagari Ngalengka
Sang Kumbakarna namane
Tur iku warna diyu
Supradene Ngguyuh utami
Duk awit perang Ngalengka
Den nya darbe atur
Mring raka amrih raharja
Dasamuka tan kengguhing atur yekti
Den mung mungsuh wanara

8.    GAMBUH
Watak    :    Rumaket
Conto     :
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kepatuh tan dadi awon

9.    PANGKUR
Watak    :    Sereng
Conto     :
Duduga lawan prayoga
Myang watara riringa haywalali
Iku parabot satuhu
Tan kena titinggala
Tangi lungguh angadeg tuwinlumaku
Angucap meneng anendra
Duga-duga nora kari

10.    MEGATRUH   
Watak    :    Susah, getun
Conto    :
Prawinasis wus akeh ingkang winuwus
Wawasan wosing dumadi
Dedalane karaharjan
Tetuladhan kang linakon

11.    POCUNG
Watak    :    Kendo, sembrana
Conto    :

1.   
Ngelmu iku
Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangikise dur angkara

2.
Bapak pocung
Cangkemu madep manduwur
Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering
Yen disuntak si pocung mutah guwaya

3.
Bapak pocung
Dudu tampar dudu dhadhung
Sabamu ing tawang
Pencokanmu kayu aking
Mlebu wisma si pocung nggondol suwara

4.
Bapak pocung
Otot tanpa mawa balung
Wujude gepeng dawa
Nata boga saben ari
Nora onya si pocung
Na njero guwa

5.
Bapak pocung
Dudu kothak dudu wadhung
Sangkamu ing tawang
Pencokanmu cagak wesi
Mlebu wisma si pocung anggawa rupa




15.    Tanah Jawa uga papan panggonan peradaban purbakala
Kang dumunung ing Sangiran
Ing Bumi Sukowati Kabupaten Sragen Asri

16.    Tanah Jawa uga papan panggonan 7 keajaiban dunia Candi Borobudur ing Jawa Tengah

17.    Ing Tanah Jawa uga ana dina Bakda Kanggo ngapura ing pangapura
Antarane wong tuwa marang putra wayah, tangga teparo lan sanak kadhang.
Para pinisepuh kang winasis leluhure uwong Jawa ya ... uwong Nusantara
Kang wis paring wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang, piweling marang anak keturunane amrih padha slamet uripe ing donya lan akherate.
Paring wewarah marang kaluhuraning budi pekerti marang tumindhak kang utami.
Jujur, ikhlas, tegas, cerdas, disiplin, bertanggungjawab berakhlak mulia kang anduweni wathak satria utama.
Lan adat istiadat kang wis turun temurun nganti tekan seprene.
Adat istiadat nyekar menyang kuburan para leluhure karo nggawa ladhong kang diiseni banyu bening lan kembang setaman kang dipethik saka bumi pertiwi kang gemah ripah loh jinawi
Kayata :
Kembang mawar, melati, kenanga, kanthil, lan ing kuburan ditanduri kembang kamboja.
Uba rampe mau kethoke sepele, jebule akeh banget filosofi ing sak njerone.
Nyekar, nggawa ladhong isi banyu bening, kembang mawar, melati, kenanga, kanthil, lan ing kuburan ditanduri kembang kamboja.

Filosofine :
Nyekar = nyekarep
Nyekarep marang tujuane urip, marang sing arep digayuh lan ditempuh.
Aja nganti salah tingkah lan salah langkah.
Mula kudu bisa anggone milih lan milah.
Endhi dalane menyang suwarga, endhi dalane menyang neraka.
Endhi dalan sing turut-runtut, bener tur pener, endhi dalan sing becik-apik, lan dalan sing salah kang agawe susah, bubrah ora nggenah.
Endhi sing ala agawe sangsara, cilaka lan dosa.

Filosofine :
Ladhong = sing ala-ala kudhu dhong / ngerti
Aja padha kanggonan wathak kang dur angkara murka, durjana, dur asusila, adigang, adigung, adiguna, aji mumpung, aja dumeh sapa sira sapa ingsun.
Aja kanggonan ati srei-drengki, dahwen-open, panasten, jail-methakil, pelit-medhit.
Aja serakah, gumagah sak wiyah-wiyah.
Kakehan tingkah polah sing ora nggenah.
Senenge mung bungah-bungah.
Wis ora eling marang jam lan wayah.
Banjur lali anggone manembah marang Gusti Allah.
Wis ora mikir marang wong kang nandhang susah.
Kabeh mau tumindhak kang anjalari bisa cilaka, sengsara, dosa bakale mlebu neraka.
Piwulang-piwelinge para pinisepuh kang winasis :
1.    Nistha, madya, utama
    Sira kudu bisa mbedakake
2.    Ruwed renteging ndonya iki, jalaran urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.
3.    Ruwed mbundete kahanan ing wektu saiki, paribasane bolah mbundet kang wis angel banget diudari lan diwiradati.

Amarga :
Akeh wong janji ora ditepati
Akeh wong nglanggar sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng ngalap,
Tan nindakake hukuming Allah
Barang jahat diangkat-angkat
Barang suci dibenci

Akeh laknat, akeh pengkhianat
Omah suci padha dibenci omah ala padha dipuja
Sing ora bisa maling digething
Sing pinter duraka dadi kanca
Sing edan padha bisa dandan
Sing mbangkang padha bisa nggalang
Omah gedhong magrong-magrong

Akeh manungsa ngutamakake royal
Akeh manungsa ngutamakake materi duniawi
Lali kamanungsane
Lali kabecikan
Lali sanak lali kadhang

Akeh uwong dholim ketimbang uwong alim.
Ake omongan mencla mencle, esuk dhele sore tempe.
Akeh sing ora idhep isin, ndilat idune dhewe.
Yen kepeksa nacad, nggunakna tembung manis.
Becik nacada cacadmu dhewe
Cacade dhewe ora tau katon ?
Amarga ora bisa ngilo marang githoke dhewe.

Filosofine :
Banyu bening = beninge ati kang suci murni =
Kang bisa nyampurnakake urip kalawan sucining ati.
Kanthi bening-weninge ati kang suci murni.
Kang bisa nggawa hati nurani kanggo mawas diri.
Saka ngendi sangkan paraning dumadi.
Jodo, rejeki, pati kuwi wis pinesthi saking karsaning Allah kang murbeng dumadi.
Menungsa = menus-menus dununge dosa
Adhapur titah kang sak wantah.
Asale saka lemah, baline uga menyang lemah.
Bisane mung tansah pasrah-sumarah.
Sabar narimo marang sing maha kuwasa.
Kanthi bening - weninge ati kang suci-murni kang bisa nggawa hati nurani marang kejujuran, keikhlasan, kebenaran, keadilan, kedamaian, rasa kasih sayang.
Andhap asor lan lembah manah, anduweni tepa selira marang sak padha padhaning ngaurip.

Filosofine :
Kembang mawar = mawarna-warna
Mawarna-warna kahanane urip ing alam ndonya.
Ndonya kang gumelar amba, kebak ing bebaya lan godha rencana.
Kang dadi panggung sandiwara.
Panggung politik, adidaya, adikuwasa.
Kebak rekayasa lan adhu domba.
Wong bodho dadi pangane wong pinter.
Ananging wong pinter kalah karo wong beja = bersih, jujur, aja dumeh.

Filosofine :
Kembang melati = melakua kang ngati-ati.
1.    Gemi, nastiti, ngati-ati, kudu diudi.
2.    Eling lan waspada !
3.    Thukna kang mathis !
4.    Lembah manah gawe kuncaraning pribadi.
5.    Perlu andhap asor, ora perlu ngasorake pribadi.
6.    Cipta, rasa, karsa, daya lan karya kudu saeka.
7.    Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae.
8.    Senenge ati ndawake umur.
9.    Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras.
10.    Mamerake pintermu padha bae mamerake bodhomu.
11.    Becik ketitik ala ketara.
12.    Sing sareh sumeleh bakale pikoleh.
13.    Sing salah bakale seleh.
14.    Sapa nandur bakale ngunduh.
15.    Aja dumeh sapa sira sapa ingsun.
16.    Ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
17.    Aja padha melik nggendhong lali.
18.    Aja ngandhakake apa bae kang ora padha kok ngerteni !
19.    Aja gegedhen empyak kurang cagak.
20.    Aja sok umuk, ubluk kuwi tandane yen cubluk.

Filosofine :
Kembang kenanga = ora kena ngapusi
Luwih-luwih nindakake korupsi.
Kuwi tumindak sing ora terpuji
Ngisin-ngisini, mbebayani, bisa malati.
Kena bebendhune Illahi bisa mlebu bui.
Dikerangkeng nganggo terali besi.
Mula aja padha melik nggendhong lali.
Mburu uceng kelangan dhelek.

Filosofine :
Kembang kanthil = makanthil-kanthila
Tansah makanthil-kanthila sak kabehing wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang lan piwelinge para pinisepuh kang winasis.
Wewarah marang kaluhuraning budi pekerti lan kabudayan Jawi kang adiluhung mau tansah kumanthil-manthila rumasuk ing sanubari lan tansah dipepetri, diudi, diuri-uri amrih lestari. Bisa ngrembaka dadi kuncara sak Nusantara lan sak endhenging bawana.
Sak kabehing warisan kang luhur lan adiluhung wis dadi kuwajiban lan tanggung jawabe marang bocah-bocah saiki, kang dadi penerus budaya bangsa Nusantara.
Mula aja nganthi padha disepelekake, diglethekke lan dilalekake.
Mula padha diestokake, ditindakake, dikenalake budaya Jawi kang adiluhung iki.
Aja banjuir padha wees...hewees...hewees, yen dikandhani wis ora gabres ora ngrewes.
Aja banjur padha egla-egle ngece, padha nggugu sak karepe dhewe.

Filosofine :
Kembang kemboja = kemba aja, nglokro, putus asa.
Dadi wong urip ora kena anduweni ati sing kemba, nglokro apa meneh putus asa.
Tumindak sing koyo ngono aja padha kok tindakake, ora kena, dosa kurang prayoga.
Para pinisepuh kang winasis, kang uwis paring wewarah-tuntunan marang anak turune. Amrih padha slamet uripe ing ndonya lan ing akherate, supaya aja padha salah tingkah, salah langkah, salah arah.
Bisaa padha terarah, ora gawe susah lan agawe bubrah sing ora genah. Kanthi paring wewarah tuntunan kang lewat filosofi-filosofi kang migunani kanggo siraman kalbu kang kena kanggo tamba ati.
Mula marang anak putu kudu bisa anggonmu padha ngonceki, meresapi, menghayati wewarah kang lewat filosofi-filosofi mau. Aja nganti padha keliru anggonmu duwe penemu marang filosofi-filosofi wewarah tuntunane para leluhurmu.
Marang kabudayan Jawa kang bisane ditampa kang migunakake “rasa lan rumangsa” kang nganggo “hati nurani”. Mengko yen padha duwe penemu sing keliru, mundhak dadi rame karo sedulure dhewe. Perkara sing sepele dadi rame ora ana enthekke lan pedhote. Kabeh padha golek benere dhewe lan apike dhewe, yen rumangsa kalah banjur ngejokake sak balane.
Para pinisepuh kang winasis leluhure wong Jawa, ya ... wong sak Nusantara. Anggone paring wewarah-tuntunan uwis wiwit jaman kuna makuna marang anak turune. Manawa bangsa Nusantara kuwi anduweni maewu-ewu pulaune, amba segarane, alas, gunung, tambang batu manikam, sawah simpanan kekayaan, subur kang sarwo tinandur ing bumi.

Nusantara kang gemah ripah lohjinawi, uga bedha-bedha suku, bahasa, budaya lan agamane. Mula supaya bisa dadi siji nyawiji (Bhinneka Tunggal Ika) banjur kabungkus nganggo godhong jati.
Filosofine = godhong jati.
Gotong royong anggone padha nyambut gawe kanggo mbangun negarane. Donga dinonga urip ing alam ndonya kang gumelar amba, kang kebak godha rencana. Supaya padha slamet uripe ing ndonya lan ing akherate.
Jatining diri kudu didhuweni. Dadi wong Jawa aja lali marang Jawane.
Para pinisepuh uga paring gendhing piweling supaya tansah padha dieling-eling lan tansah eling lan waspadha aja padha sembrana. Marang tulisan kang wis sinerat ing telapak tangane manungsa. Kanthi tanda huruf “M”.
Ana lima wewarah kang ana huruf “M” yakuwi :
1.        Mung tumujua marang Gusti Allah ingkang Maha Kuwasa, Maha Agung, Maha Welas lan Maha Asih.
2.    Manungsa = menus-menus dhununge dosa. Kang adhapur tithah kang sak wanthah. Kang anduweni watak serakah lan salah. Kang asale saka lemah, baline uga enyang lemah. Kang bisane amung pasrah lan sumarah ing ngarsaning Gusti Allah.
3.        Manungsa mesthi mati. Marang anak putu, sanajan mati, patine kang uwis dikersakake dhening Gusti Allah. Aja pati sing kagawa ati kang kemba, putus asa banjur nglalu bunuh dhiri. Kuwi ora kena, tumindhak dosa kang bakale mlebu neraka lan disiksa.
4.        Mawas Dhiri. Tansah mawas dhiri, saka ngendhi sangkan paraning dumadi. Jodho, rejeki, pati iku wis pinesthi saking kersaning Allah kang murbeng dumadi.
5.    Marang wong tuwa kudhu padha ngabekti, mbangun turut tansah ngajeni. Wong tuwa kang wiwit bayi anggone padha ngopeni. Bisaa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwa kang lahir bathin gemati.
Lelagon :
Wiwit aku isih bayi
Wong tuwa sing ngopeni
Nganthi tumeka saiki
Lahir bathin gemati

Mangkat sekolah disangoni
Sandhang pangan wis mesthi
Mula aku wajib bekti
Mbangun turut ngajeni

Huruf “M” yen diwalik dadi huruf “W”.
Huruf “W” = kang ateges Wewarah = Wewarah Budaya Jawi.
Wewarah marang kaluhuraning budi pekerti. Wewarah kang ngudi marang tumindhak utami. Wewarah kang wajib diuri-uri amrih lestari. Wewarah kang dijaga supaya bisa ngrembaka, lan bisa dadi kuncara sak Nusantara lan sak endhenging bawana.

18.    Tembang Dolanan.
Para pinisepuh kang winasis, kang wis paring wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang, piweling marang anak keturunane, amrih padha slamet uripe ing ndonya lan akherate.
Kanthi lewat gending tembang dolanane bocah-bocah cilik. Wis bisa paring wewarah marang kaluhuraning budi pekerti lan kabudayan Jawi.
Kayata tembang dolanan :
Sluku-sluku bathok, Cublak-cublak suweng, Jamuran, Jaranan, Kate-kate dipanah.
Tembang dolanan kang kethoke sepele ora ana guna lan paedahe, jebule tembung-tembung sing ana tembang dolanan mau akeh banget wewarah, wejangan, tuntunan, piwulang lan piweling kang wis bisa nyakup kahanane wong urip ing alam ndonya lan ing akherate.

Filosofine tembang dolanan Sluku-sluku bathok :
Sluku-sluku bathok.
Bathoke ela-elo.
Si Rama menyang sala.
Oleh-olehe payung motha.
Mak jenthit lolo lobah.
Wong mati ora obah
Yen obah medheni bocah.
Yen urip nggoleka duwit.

1.
Sluku-sluku bathok = bathok diibaratake ing jerone isi daging lan banyu kelapa kang enak daginge lan seger banyune. Saben uwong kepingin ngrasakake uwit kelapa kang urip subur ing bumi Nusantara.

2.
Bathoke ela-elo = diibaratake melambai-lambai nyiur di sepanjang pantai bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi. Akeh bangsa liya kepingin anduweni simpanan kekayaan bumi ibu pertiwi.

3.
Si Rama menyang Sala = diibaratake, Rama : bapa kang nduweni kewajiban lang tanggung jawab marang keluwargane. Mula kudu lunga makarya ngupaya upa kanggo rumah tangga, anak lan bojone.

4.
Oleh-olehe payung motha = diibaratake, oleh-olehe kanggo tanda rasa tresna wong tuwa marang putra.
Payung motha = dadi wong tuwa kudu bisa dadi payung keluwarga yen lagi kodhanan lan kepanasen. Mula kudu bisa paring pengayoman lan pengayeman lahir lan bathine. Dadia keluwarga sing sakinah, mawadah, warohmah.

5.
Mak jenthit lolo lobah = diibaratake wong yen wis tuwa = gerang : segere wis arang-arang, wis ora bisa apa-apa. Ora bisa polah lan obah.

6.
Wong mati ora obah = diibaratake, yen wis mati ora bisa obah wis ninggal ndonya, kari nerusake lakuning akherate. Sing digawa mung amal ing ndonya sing bakale nuntun dalane menyang suwarga apa dalan menyang neraka.

7.
Yen obah medheni bocah = diibaratake wong mati sing kakeyan dosa bakale mlebu neraka lan disiksa.
Lagi ngrasakake sepira larane siksa api neraka lan sesambat arep mertobat marang kang akarya jagad. Yen bisa obah arep bali menyang ngomah ngandhani bocah-bocah sing ana ngomah supaya padha ngerti lan ora medheni marang siksa api neraka Jahanam.
Mula pada sregepa anggone ngibadah ngestokake dawuhing Allah lan ninggalake sing dadi larangane Allah. Supaya bocah-bocah bisa terarah ora salahtingkah lan salah langkah. Kanthi tuntunan agama sing kuwat dadia bocah sing sholeh lan sholehah lan berakhlak mulia.


8.
Yen urip goleka duwit = diibaratake :
Yen urip kudu nyekel duwit.
Yen urip kudu nggemeni duwit.
Yen urip kudu bisa nyimpen duwit.
Yen urip kudu bisa ngubengake duwit.
Yen urip kudu bisa nanjakake duwit.
Ing kene dudu duwit kertas sing tansah gawe memala, cilaka, prahara, lan gawe gonjang-ganjinge ndonya.

Sing dikersakake para pinisepuh ing kene duwit kuwi singkatan :

Donga lan puji syukur tansah konjuk ing ngarsaning Allah kang Maha Kuwasa.
Upayanen rejeki sing halal amrih uripmu lan sak keluwargamu slamet ing donya lan akherat.
Waras lahir batin = jasmani lan rokhani.
Iman lan ibadah tansah kok antepi.
Tabah, tawakal, tathag-tetheg yen lagi nampa pacobaning urip ing alam ndonya kang kebak karo godha- rencana.

Dhasaring ngaurip iku gotong royong.
Urip lan pati iku siji.
Wani urip kudu wani mati.
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
Tansah ngati-ngatia !
Tansah was-was tandha ora saras.
Tulungana sing pancen butuh pitulungan.


Tembang dolanan kang wis merakyat.
Tembang dolanan tanpa ngethoke ragad.
Wis bisa nyakup sakabehing ilmu sing manfaat.
Amrih anak-putu padha slamet ing ndonya lan akherat.

Lewat tembang dolanan para pini sepuh anggone paring wewarah marang anak putu.
Lewat tembang dolanan wis bisa nyakup sakabehing ilmu.
Lewat tembang dolanan bocah-bocah isih cilik menthik, isih padha nethek susune ibu.
Lewat tembang dolanan diajarake lan dididik sakabehing ilmu.
Ilmu olah raga, olah jiwa lan olah pikir.
Ilmu kaluhuring budi pekerti lan kabudayan Jawi kang adiluhung.

Tembang dolanan sluku-sluku bathok kang wis merakyat tanpa ngethoke ragad.
Wis ngajarake marang bocah-bocah supaya anduweni rasa rumangsa handarbeni marang tanah tumpah darahe. Bumi Nusantara kang gemah ripah loh jinawi.

Tembang dolanan kang tanpa ragad, ananging wis bisa gewe seneng atine lan mlethik pikirane.
Tanpa ragad wis ngajarake marang kesederhanaan, keutamaan, kemandirian, kerukunan.
Bocah-bocah ndisik tansah runthang-runthung rukun anggone padha kekancan. Sing gedhe ngemong sing cilik, sing cilik tansah manut-nurut marang sing gedhe.
Ora padha seneng padudon, gelutan, kerengan, gonthokan, nyolongan, debat-debatan.
Luwih-luwih tawuran nganti paten-patenan. Banjur balas dendam kanggo golongan, jegal-jegalan kaya dagelan dadi tontonan sing saru ora lucu, ora bisa gawe guyu malah gawe nesu lan gawe maluku ora patut digugu lan ditiru. Bocah-bocah aja padha melu-melu, tontonan sing ora bisa kanggo tuntunan. Kabeh mau tumindak sing ora becik kudu disirik.

Para pinisepuh tansah paring gendhing weling, marang anak-keturunane kanti mawanti-wanti supaya aja padha lali.
Ngger-anggeer, kabeh sing tansah tak tresnani padha sing rukun karo sedulur lan kanca-kancane. Aja seneng tukar padu sing ora perlu.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Bersatu kita teguh, bercerai kita runtuh.
Piwelinge para pinisepuh = asepe ampuh, kang wis paring wewarah marang anak keturunane supaya ampuh, tangguh lan puguh.
Marang dalan sing arep ditempuh lan digayuh.
Sing prasaja, sederhana ora kakeyan neka-neka lan aja angkuh.
Aja seneng marang kemewahan, kehormatan, pencitraan, pemborosan kang tanpa guna. Gampang muspra tanpa tanja.

Lagi ana cacah 18 lan isih akeh maneh kang dadi unggulane wong Jawa.
Akeh banget pitulungan, kawelasan lan kanugrahaning Allah kang diparingake marang bumi Nusantara.
Mula marang anak keturunanku sebagai generasi penerus bangsa anduweni kewajiban njaga marang keutuhan NKRI kang gemah ripah loh jinawi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar