Selasa, 01 Maret 2016

BAB XIII


GUGON TUHON


SAKA TEMBUNG = DIGUGU LAN DITUHONI
Senajan para pini sepuh kang winasis, leluhure uwong Jawa. Ing jaman mbiyen, durung akeh sing padha mangerti marang aksara. Isih akeh sing buta huruf, durung padha bisa moco lan nulis. Amargo dijajah dening Walondo, kang suwene nganthi 350 tahun.
Mulo karo bangsa walondo ora dingerteni moco lan nulis hurup latin. Mengko mundhak padha pinter. Pinter bisa ngungkuli kepinterane bangsa Walondo Mula digawe bodo longa-longo koyo kebo. Dadi pini sepuh kang winasis leluhure wong Jawa kang anduweni kuwajiban lan tanggung jawab sing gedhe, kanggo minterake anak lan keturunane. Senajan ora bisa moco lan nulis, ora kurang akale kanggo minterake anak lan keturunane supoyo bisa nompo lan ngeling-eling.
Padha nggugu lan nurut marang omongane wong tuane. Mula ono tembung = gugon tuhon = digugu lan diturut.
Bocah ndisik padha bekti, ngajeni, wedi, padha nggugu lan mbangun turut marang bapa lan biyunge. Ora padha nggresulo lan penjalukan sing neko-neko.

BAPA
Saka tembung = bareng-bareng lara lopa, anggone ngupoyo upa. Bocah-bocah ndisik kawit isih cilik-menthik wis bisa ngrasakake rekosone wong tuwane anggone ngupoyo upo, golek sandhang-pangan.
BIYUNG
Saka tembung = Bisa kanggo payung.
Aja padha bingung yen lagi nampa lelara lan rubedha, isih ono sing disambati, kanggo tombo lara lan bingung yen tiba utawa kesandhung mesthi sing disambati nomer siji biyunge.
Karo sesambat
Adhuh........biyung, Adhuh........biyung,
Adhuh........biyung Iarane.
Kuwi mau sambat sing ora pati lara banget.
Nanging yen kelaran tenanan, sambate dadi bedha
Katon nelongso, lan memelas,
Adhuh...... iyuuung...... iyuuuung, iyuuuung.......
Laarane tenanan.......iyuuung.
Karo gulung-kuming, ngaru-woro, nggalur-nggalur sing sesambat marang biyunge, supoyo sudo larane. Krungu sesambate anake, biyunge banjur nyedhaki, karo kumecap jopa japu nambani larane anaku, puuus........puuus.......wis mari.
Ilang larane kari seger warase. Anake banjur meneng klakep ora nangis maneh. Amargo wis ilang larane.
Dene wong dhisik, menawa nambani leloro ora perlu obat sing larang regane, mung cukup saka tetanduran lan thukulan sing ono sak kiwo tengene omah, obat-obatan sing alami lan nabati.
Menawa lara wathuk, cukup ditambani nganggo kencur lan uyah. Lara panas mung diparutke brambang + lengo diblonyohake awake. Korengen, diidoni, idu bacin, yen tatune anyar digoleke glamet sing ono gendheng, yen mencret, digaweke teh kentel, pupus jambu kluthuk.

Bocah cilik ben doyan mangan dicekoki. Awak greges-greges dijamoni godhong kathes, awake dadi ethes.
Pegel-linu, ngelu cukup dikeroki nganggo benggol. Loro beleken ditambani uyuhe dewe. Ora bisa ngenthut, digaweke gembrot sembukan, sing godhonge ambune koyo enthut.
Isih akeh maneh, tombr-tombo sing ora perlu ngethoke ragat sing akeh. Nanging kanggone bocah sak iki jare kuno wis ora jamane.
Dene tembung gugon-tuhon, kanggo mulang-wuruk marang anak-anake, supoyo padha nggugu lan manut-nurut, lan tansah ngeling-eling marang pituture wong tuwo, senajan mung lewat lisan ora Iewat tulisan.

GUGON TUHON :
Kayata :
1.     OJO padha MANGAN ONO TENGAH LAWANG, ORA ELOK.
Bocah ndisik krungu tembung ora elok, wedine ora jamak, ora karu-karuan pikirane, tansah dieling-eling ora uwis-uwis. Banjur padha nggugu lan nurut, ora padha mangan ono tengah lawang.
Sing dikarepake wong tuwo, lawang kuwi gunane kanggo dalan mlebu metu menyang jero omah, mengko mundhak ketabrak, ketendhang dadi lan larane.
2.     OJO padha LUNGGUH BANTAL, MENGKO MUNDHAK UDHUNEN BOKONGE.
Bayangane bocah ndisik, yen lara udhunen kuwi larane tenanan, pathing srenut ora karu-karuwan, mula banjur wedi nglungguhi bantal.
Sing dikarepke wong tuwo, bantal kuwi panggone sirah, dudu panggone bokong.
3.     BUBAR TETHAK, OJO NGLANGKAHI ALU DOWO ORA ELOK. Mundhak gendelen ora mari-mari.
Mulo bocah bubar tethak sing mlaku aloh-alon, paribasan ngidhak telek ora pendheng. Sing dikarepake, bocah yen bubar tethak mlakune kudu alon-alon ben ndhang mari.
4.     OJO PADHA DOLANAN BERAS, MUNDHAK KITHING DRIJINE.
Krungu tembung kithing wedine wis ora jamak. Mengko yen kithing drijine terus ora bisa kanggo apa-apa.
Sing dikarepake wong tuwo, yen dolanan beras mundhak kutah kocar-kacir’.
5.     OJO PADHA DUDHANG-DUDHING RECO GLADAK ORA ELOK.
Mengko drijine papat mundhak kithing.
Wah....samsoyo tambah wedi, rumangsane reco gladhak kuwi bisa malati, terus padha ora wani dudhang-dudhing.
Sing dikarepake wong tuwa; yen lagi mlaku ono ndalan gedhe sing akeh tetumpakan, ora keno padha sembrono, lengak-lengek, nolah-noleh, mundak ketabrak tetumpakan.

6.     KANGGONE UWONG TUWO NDISIK, menawa ANAKE NANGIS KEJER, GULUNG-KOMING, ORA GELEM MENENG-MENENG.
Kanthi sabar lan alus, anggone ngerih-ngerih anake supaya ben ndhang meneng.
Lee... ... bocah bagus, utowo
Nduk.....bocah ayu, ayune moblong-moblong koyo bulan sing lagi mencorong tak kandani yo.....apa kowe ora ngerti ?
•    Nyang pasar, ono wong dhodol klapa dikepruki,wong dhodol tempe ditaleni, wong dhodol daging sapi, kebo, diirisi.
•    Wong dhodol dhawet ayu dicidhuki, wong dodol untir-untir diuntiri.
•    Wong dhodol kebo, sapi, wedhus, dipecuti banjur digowo menyang pasar kebo.
Krungu tembung-tembung sing medeni mau, bocaih sing nangis banjur meneng mak klakep, ora nangis maneh.
7.     BOCAH-BOCAH NDISIK ORA ONO SING WANI, NYOLONG-NJUPUK,
Marang barange keluargane, luwih-luwih barange wong liyo, amargo bocah-bocah ndisik, wiwit isih cilik uwis diajari marang budi pekerti, kejujuran lan kemandirian.
Bocah-bocah padha temen-temen, ora ono sing wani colong-njupuk, kuwi dadi panthangan lan sirikan.

Luwih-luwih menawa krungu tembung
Mbung.......mbung.........ti
Mbung.......mbung.........ti
Sapa njupuk ora nembung bisa mlembung terus mati.
Krungu tembung, mbung-mbung ti mau wedine ora jamak. Mbok ono barang gemlethek, wis embuh ora weruh.
Senajan awake kepengin lan butuh. Upomo dijupuk yo ora ono sing weruh. Ananging isih duwe rasa wedi lan pekewuh.Marang pengendikane piyayi sepuh.
Kang wis paring piwulang lan kaweruh tumindhak kang bakal nekake bilahi, kang uripe dadi sengsoro lan nista.
Ojo padha melik, nggendhong lali iku tumindhak kang nisto lan kurang prayogo. Kudu eling lan waspodo.
8.     DADI BOCAH WADON, LUWIH-LUWIH SING ISIH LEGAN = PERAWAN
Ojo padha metu sore, apa meneh ing wayah wengi, ora elok, kanggone bocah wedhok. Akeh dedemit, lan setan padha gethayangan. Glundhung pringis, Banaspati = Bandhot ganas senenge gawe pepati .
Kabeh medeni lan nggegirisi. Luwih-luwih sing tunggu uwit randu alas = setan alas. Sing diarani setan alas kuwi padha karo, pentholane setan.
Kabeh mau padha medeni lan agawe bilahi, bocah wadon disik, dikandani tembung mau, yo.........banjur nggugu lan nurut, ora ono sing padha wani mbantah marang wong atuwane.
Tansah mbangun-turut marang ngedikane wong tuwo. Ora padha wani metu ing wayah bengi.
Sing dikarepake piyayi sepuh =
Yen bacah wadon senengane metu ing wayah wengi, akeh banget saru sikune lan kebak ing bebayo lan rubedo. Sing gawe molopetoko lan sengsoro.
Kanggone wong tuwo ing jaman ndisik, menawa duwe anak wedok sing isih parawan anggone nyimpen primpen njogo tenanan, koyo dening satru, mungging, cangklakan ojo nganthi sing dadi sirikane = wewalere = wanodyo putri, barang siji kang tansah diemi-emi kang wadi iki, nganti katerjang dining bilahi, sak durunge nganakake ijab-kabul sing resmi. Kanggone bocah wedhok ndisik, iyo padha nggugu lan nurut.
Ora padha wani metu ing wayah bengi luwih-luwih perawan sing wis dipingit. Sing wis ono sing dadi calon jodone.

9.     DADI BOCAH WADON KUWI OJO PADHA TURU SORE MUNDAK ADOH REJEKINE.
Yen tangi turu kudu sing isuk, ojo nganti kedisikan karo unine jago kluruk ing wayah isuk, supoyo gangsar jodone, akeh rejekine kepenak lan mulyo uripe.
Sing dikarepake wong tua = dadi bocah wadon kuwi, bakale padha ngayahi marang kuwajiban lan tanggung jawab. Sing abot ora entheng, sing bakale dipikulake ono pundhake, kanggo nggulawentah balewismo lan keluargane.
Bocah wadon ugo diaran = wanito = wani anggone noto balewismo supaya tumoto kang bisa gawe reseppe moto.
Wanito kang dadi, tulang punggunge negoro.
Menawa wanito lemah ora rosa, negorone uga lemah, dadi bubrah ora genah.
Wanito kuwi panggonan harkat, martabat, derajat, pangkat, hebat, kuwat.
Dadi bocah wadon disik, yen wis omah-omah anane mung tansah banting tulang, rino lan wengi. Ananging mung dianggep konco wingking panggonane mung tansah nglutheg-utheg ono pawon.
Gaweyane mung masak, macak, manak, ora keno mencak-mencak. Senajan sing lanang tansah mulang sarak, galak, senengane mbenthak-mbenthak.
Dene wong wadon, anane mung kudu mbangun turut lan manut. Nun inggih sendiko dawuh marang kakunge.
Apa soko bodhone, apa soko wedhine, kabeh mau ndadekake manut nurut marang kakunge. Amargo isih padha buta huruf, durung bisa maca lan nulis, durung padha anduweni kepinteran lan wawasan.
Apa pancen wis dadi kodrate, senajan rekasa onone mung kudu manut lan nurut, ora kena padha nuntut.
Tujune wong wadon kanggonan sifat sing lembut, alus, luwes, prigel, anggone dadi konco wingking. Tansah iklas, sabar lan narimo, ora kakehan panjalukan sing neko-neko anane mung tansah bersyukur marang Gusti Allah Kang Maha Wasesa. Dene bocah wadon ing jaman ndisik, menawa arep palakrama, durung mangerti sapa calon jodone, amergo sing jodokake wong tuwa padha wong tuwa. Bocah-bocahe padha durung mangerti sapa calon jodone. Bocah-bocahe padha durung ngertine, amargo padha manut-nurut marang wong tuwane.
Dene bocah wadon ndisik isih umur 10 tahun, 12 tahun, 15 tahun, uwis padha digoleke jodo. Yen wis nganti, tekan umur 20 tahun luwih, wis diarani prawan tuwo utawa prawan kasep, kanggone wong tuwa wis mujudake, wirang lan isin, prihatin, amarga dadi kembang lambe tonggo teparo.
Mulo bocah wadon disik kudu manut-nurut marang wong tuwane . Senajan durung ngerti sapa calon jodone.
Mengko calone, bocah bagus, apa elek, gagah apa cendhek, wuto apa melek.
Semono uga bocahe lanang, calonku mengko ayu apa elek, lemu apa kuru, kabeh podo durung mangertine.
Senajan padha durung ngertine, luwih-luwih aten-atene siji lan sijine. Ananing iso omah-omah kanti bebarengan nganti dadi kaken-kaken lan ninen-ninen, tansah rukun, runthang-ruthung koyo dene mimi lan mintuno, anggone omah-omah, lan duwe anak nganti gembrayah.
Kabeh mau onone tembung. Withing trisno jalaran soko kulino. Wis dianggep lumrah lan biasa menawa wong wadon ndisik duwe anak nganti, limo, sepuluh, limolas, kuwi wis barang lumrah, akeh tunggale. Ono maneh sing nganti duwe anak, cacahe 24 bapa siji biyung siji.
Apa ora hebat lan nggumunake?
Gek kepiye anggone ngopeni?
Kanggone jaman sak iki, wis ora klebu nalar. Pancen yen dinalar lan dipikir, dietung, nganggo etungane manungsa tangeh lamun bisane, anak-anak gembrayah mung gawe repot lan susah.
Duwe anak nganti patlikur cacahe, prasasat ora kober nyelehne bokong, lan ora kober ngising. Ananging ono tembung,
Ndilalah kersane Gusti Allah.
Kawulo mung sadermo nglampahi, kabeh mau sing paring lan kagungan Gusti Allah Kang Maha Kuwasa.
Kanthi ati kang yakin, iklas, sabar, pasrah, sumarah marang Gusti AIlah. Anggone ngemban amanah, ngopeni, lan gedhekne, minterke bocah-bocah.
Sak kabeh ing kerepotan mau bakal pinaringan kecukupan lan gampang anggone golek sandang lan pangan. Tansah pinaringan seger kuwarasan sak kabeheng paringane Gusti Allah, mujudake barokah dudu musibah.
Kabeh mau onone kabudayan Jawa kang adi luhung. Kang ngajarake marang keluhuran budi pekerti lan kejujuran. Lan ono tembung bapa lan biyung.
Bocah-bocah ndisik, tansah podo nggugu, manut, nurut, bekti, ngajeni marang wong atuwane. Bocah ndisik yen dilairake metu mbarep, anduweni, kewajiban lan tanggung jawab marang adi-adine, ngemong, nuntun ngajari, lan kena kanggo tuladha sing apik lan becik, marang adi-adine.
Semono ugo adi-adine manut, nurut marang sing gedhe, tansah runtang-runtung ngethoke gemati lan rukune.    Bocah sing gedhe yen wis berhasil, banjur nglanting sing cilik, ngono kuwi sak seteruse.   
Kabeh padha anduweni kewajiban kanggo ngenthengake, bebane bapa lan biyung senajan uripe mung pas-pasan, lan yo.....sok kekurangan anggone padha mangan lan nyandhang, ditompo kanti ati sabar lan narimo ananging bapa lan biyung uwis bisa nyetak anake dadi bibit kang unggul lan mandiri.

•    Yo...... unggul marang kepinterane
•    Yo...... unggul marang kepribadiane
•    Yo...... unggul marang jati dirine
•    Yo...... unggul marang budi pekertine.

Tansah anduweni, nurani, percaya diri, harga diri, mandiri, berdikari kabeh bisa mumpuni lan ngrampungi.
Bapa lan biyung ora rinoso sing maune anak gembrayah, sing maune sok gawe susah, ananging saiki wis iso gawe bungah, mongkog, bombong, marem, bersyukur, marang kemurahaning Gusti Allah Kang Maha Kuwasa. Mboko siji anak-anake padha lunga makaryo.
Mulo ora mokal menawa padha dadi, bocah-bocah sing migunani, marang nuso, bangso, lan negoro.
Kanti ati kang :

SEPI ING PAMRIH, RAME ING GAWE,
JER BASUKI MAWA BEYA
RAWE RAWE RANTAS, MALANG-MALANG PUTHUNG
HOOO LOBIS KUNTHUL BARIS
GOTONG ROYONG MBANGUN NEGORO.
KABEH PADHA GUMREGUT-SENGKUT.
ANGGONE TUMANDHANG NYAMBUT GAWE.
KANTHI BEDIKARI, PERCAYA DIRI,
LAN ANDUWENI JATI DIRI.
DADI WONG JAWA, OJO LALI MARANG JAWANE.
KANG ANDUWENI KABUDAYAN KANG ADI LUHUNG
KANG UWIS NGREMBOKO SAK NUSANTARA
LAN MONCO NEGORO.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar