Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXV


NONTON WAYANG

Ing sakwijining dina, ing prapatan dalan Kutarejo - Gendingan dianakake pakeliran wayang kulit. Pancen ing wektu samono, wayang kulit kuwi sawijining kesenian utawa tontonan kang nggambarake wewayangane wong urip ing alam donya.
Lan wektu samono mujudake sarana kang ampuh kanggo dakwah para Wali Sanga ( Sunan Kalijaga ). Supaya wong urip ing alam donya kuwi pada tumindak marang dalan sing bener lan jujur kanggo nggayuh alam kasuwargan.
Dene wong sing anglakokake wayang kulit kuwi jenenge dalang, sak tembung Dalang kang anduweni pangajab, dadia tontonan lan tuntunan sing apik lan becik marang sapa wae kang diwulang.
Lan wektu kuwi anggone wayangan ngundhang dalang kang wis kondang. Sing pada nonton tumplek-blek. Tuwa-enom, lanang-wadon, gedhe-cilik pada kepingin noton wayang amarga dalange kang wis kondang.
Kanggo cagak melek, ora lali pada sangu camilan, kayata kacang goreng, kacang godhog, marneng jagung, mlinjo, ora lali godrile.
Dene nganthi saprene, dalang kondang mau durung ana sing nandhingi ing sakabehane. Iki nyata, ora ngayuwara. Ya sulukane, ya sabetane, kepyakane, wayangane. Lan omongane bisa mbedak-mbedakake siji lan sijine. Luwih-luwih kendangane. Yen omong kalem, glendham-glendhem, agawe sing pada nonton kesengsem lan marem. Luwih-luwih yen metu goro-goro. Banyolane lucu, agawe guyu nanging ora saru.
Lan manawa lagi mejang, sing ngrungokake kaya-kaya kagawa ana alam kasunyatan. Sanadyan kuwi ya mung awujud wayang.

Wejangane Pak Dalang
Dadi wong urip kuwi kudu anduweni tumindak sing jujur, mengko bakale mujur. Wong salah dadine seleh. Aja pada tumindak sing srakah kang anjalari agawe bubrah. Lan anduweni sifate satriyo kang ngudi marang tindak utomo lan prawira. Nglurug tanpa bala. Menang tanpa ngasorake. Ora tak jlentrehake mundhak kedawan critane.
Aja anduweni sipate buto. Kang srakah, senenge mung agawe bubrah ora genah. Buto-buto galak, polahe lunjak-lunjak. Tansah jingkrak-jingkrak, yen gumuyu mesthi ngakak-ngakak. Senenge mung umuk, ubluk, nandakake yen cubluk. Mula gampang diblituk.
Yen perang ora tau menang, wanine kroyokan, ngejokake balane, mengkono mau watake buto. Sak jan-jane kedadeyan-kedadeyan kawit jaman pawayangan nganthi tekan jaman kang wus modern, uga uwis ana ing jaman pawayangan. Kayata :
1.    Bedah Plastik
Kang kanggo ngganti rupa, maune elek dadi ayu. Ing jaman pawayangan uga uwis ana kang digunakake Dewi Arimbi kang awujud raseksi. Nalika lagi kasmaran marang R. Wrekudara.
2.    Pesawat Terbang
Wektu semono R. Gatotkaca uga bisa mabur.
3.    TV
Sing bisa weruh isine ing alam donya ing jaman pawayangan jenenge Cupu Manik Astagina.
4.    HP
Ing jaman pawayangan jenenge Aji Pameling.
5.    Bayi Tabung, Bedah Cesar uga wis ana.
Lan ing wektu samono uga wis ana kudeta (ngrebut kekuwasaan), perang saudara, politik, koalisi, kolusi, judi, mabuk-mabukan, luwih-luwih selingkuh, poligami, PIL / WIL, uga wis ana jaman pawayangan.
a.    Sing jujur mujur
b.    Sing salah seleh
c.    Becik ketitik ala ketara
Kayadene Perang Bharatayudha kang dimenangake para Pandawa kang cacahe ana lima.
Amarga saka kejujuran, kebenaran nuju marang kautaman jati.
Dene para Pandawa kang diemong dening para Punakawan (Batur), kang dadi embat-embating tutur kang wis ahli marang samubarange.
Pinter anggone ngemong, ngomong lan ngarahake, murih bener lan apike. Ayem, tentrem, kerta raharja anggone nata praja. Sluman slumun slamet ing sakabehane, karana jimat Kalimasada.
Banjur metu goro-goro, pas lagi gayeng-gayenge. Lucu-lucune pak dalang anggone mbanyol, sing turu dadi melek. Sing ngrungokake pada gumuyu nganti kepingkel-pingkel.
Dumadakan ana bocah wadon kang kebelet nguyuh. Bocah wadon mau banjur mlaku mangulon, golek papan sing sepi. Sarehne peteng lan selak kebelet nguyuh, bocah wadon mau ora inget-inget banjur ndeprok. Ora let suwe bocah wadon mau tulung-tulung.
Amargo mbuh pupune, mbuh sarune, kecanthel talang sing kuwung. Let sedela papan kono dadi reja, akeh wong sing pada mara, amarga krungu swara tulung-tulung.
Sarehne ana kedadeyan mau, ing kono saiki dadi :
Kampung Kuwungsari
Kampung Talangreja
Kampung Cantel
Bocah wadon banjur mlaku karo ngempet larane, lan campur isin amarga dadi tontonan wong akeh. bocah wadon banjur mlaku mangetan karo pringisan, ngampet larane. Lagi setengahe mlaku ana sawijine sesepuh ngandhani.
“Nduk...mbok ditambani dhisik laramu kuwi. Mengko yen ora ndang ditambani mundak mbabrak lan tambah lara.”
Karo isih mlaku, bocah wadon nyauri, “mengko, mengko.”
Sarehne sing nyauri mengko-mengko, ing kono saiki dadi : Kampung Sumengko.
Dene sesepuh sing ngandhani mau arane Mbah Cantel, sing saiki sumare (kuburane) ana kampung Cantel, ana pinggir dalan.
Nganti parak esuk, bocah wadon mau isih mlaku mangetan, sakperlu nggoleki kali. Kanggo wisuh lan ngresiki larane.
Ora let suwe, bocah wadon mau weruh ana karang sing dawa. Lan ing papan kono saiki dadi :
Kampung Karangdawa
Karo pringisan, bocah wadon marani, mbok manawa karang sing dawa kuwi kali. Jebul tenan, ing kono ana kali gede kang gemliding banyune. Bocah wadon rada mangu-mangu lan wedi arep nyemplung, amarga kaline jero banget. Wedi yen kepleret.  Saiki ing papan kono jenenge dadi : Kali Pleret
Bocah wadon ora sida nyemplung. Banjur mlaku maneh mengalor nggoleki papan sing rada cetek karo isih ngampet larane lan ngantuk. Bocah wadon mau wis ora kuat anggone mlaku. Banjur ndeprok ana ing ledokan. Saiki ing papan kono dadi : Kampung Ngledok
Rada sak untara, bocah wadon anggone ndeprok, karo mingset saka sitik mboko sitik mengalor.
Ora let suwe ana sak wijining sesepuh, metu saka njero omah. Karo huwak ... huwek, clilang-clileng, goleki ganda kang wis siteran (cing kecing, kecing, kecing). Suwarane siter yen dionekake saka tembung kecing dadi pecing, lan ing papan kono saiki dadi : Kampung Pecing
Ora let suwe sesepuh mau, weruh bocah wadon ndeprok ana ing ledokan. Sesepuh mau banjur marani.
“Lho, jebule kowe ta, nduk. Sing siteran iki mau. Gek laramu apa, ta nduk ? Kok nganti kaya ngene, mesakake temen.”
Bocah wadon karo nangis, mangsuli ngandakake marang apa sing lagi wae dialami. Manawa kecantel talang sing kuwung.
“Oh, mesakake temen, nduk. Laramu kok nganti kaya mengkene. Wah, aku ora isa nambani nduk, marang laramu iki.”
“Iki ya mung coba-coba ya, nduk. Mbok manawa laramu entuk tamba. Kawula mung sadremo, kabeh mau sing kagungan ingkang Maha Kuwasa.”
Sesepuh mau banjur mbisiki marang bocah wadon mau. Karo isih ngampet larane, bocah wadon banjur ngadeg, mlaku mangulon ngestokake dawuhe sesepuh mau. Karo mamuji muga-muga entuk tamba.
Ora let suwe anggone lumaku, bocah wadon weruh tetanduran kang ijo royo-royo. Atine seneng banget, dikira yen wis tekan papan panggonan sing dikersakake sesepuh mau.
Bareng wis cedak, bocah wadon atine rada gela, amarga panggonan kang sing dituju jebul tanduran jagung, dudu sing dikersakake sesepuh mau.
Saiki ing papan kono, sarehne ara-ara kang ditanduri jagung (boga) dadi : Kampung Ara-ara Boga.
Bocah wadon karo isih pringisan, ngempet larane, nerusake mlaku mangulon.
Sanadyan ngrasakake lara, nanging atine wis madep mantep manawa bakal entuk tamba.
Ora let suwe, bocah wadon weruh tetanduran kang ijo royo-royo, lan katon ngulak-ulak saking ambane sawahe. Kang ditanduri tebu, pari, lan palawija.
Bocah wadon banjur marani, karo ndonga dremimil, mugo-mugo ndang entuk tamba. tamba teka lara lunga. Karo ngudarasa, mbok manawa papan panggonan iki sing dikersakake sesepuh mau.
Jebule tenan, karo isih ngempet larane, nanging ora dirasa. Amarga atine seneng bakal entuk tamba.
Bocah wadon mau banjur celuk-celuk marang bocah sing lagi angon karo ngguya-ngguyu amarga ketemu marang sing dituju.
Saka tembung bocah angon (lare angon) saiki ing papan kono dadi : Kampung Nglangon

Tidak ada komentar:

Posting Komentar