Selasa, 01 Maret 2016

BAB III


UWIT PARI, UWIT TEBU lan UWIT JATI



I.    Anandura uwit pari : Papan panggonan Rizqi (Rejeki)
Kang andhuweni sipat kang bisa angayemi lan angayomi.
Contonen ilmu pari, samsaya tuwa samsaya tumungkul ndingkluk.
Dadi wong urip kuwi yen bisa isoa ngayemi lan ngayomi marang sepadha-padha. Yen anduweni ilmu sing duwur lan kawruh sing akeh ora umuk (sombong).

II.    Anandura uwit tebu,
Uwit tebu kang mengku teges Anteping Kalbu (ati). Mula dadi wong urip kuwi, atine kudu madep, mantep, mung sawiji anyembah Gusti  Allah kang murbeng dumadi.
Dene uwit tebu kuwi, nduweni falsafah sing gedhe tumrape wong ngaurip..
1.    Godhonge, yen dianyam dadi rapak.
Bisa kanggo gantine gendheng, kang bisa kanggo ngeyub saka udan lan panas. Mula dadi wong urip kuwi yen bisa kaya godhong tebu. Kang bisa angayomi, angayemi, senenge pada tetulung, marang wong kang mbutuhake pitulungan.
2.    Kulit lan sepahe kena kanggo urup (obor-obor)
Bisa andadekake barang sing mentah bisa mateng. Kang ateges, dadi wong urip kuwi anduweni pikiran sing mateng, makantar-kantar karepe, kanggo nggayuh marang gegayuhane.
3.    Luwih-luwih sarine tebu, kang rasane legi kaya madu, gedhe banget faedahe tumrape wong ngaurip.

III.    Ananduro Uwit Jati
Kang mengku teges, uwong urip kuwi kudu anduweni, marang jatining diri.
Luwih-luwih tumrape wong Ajawi kang anduweni marang Luhuring Budi lan marang tumindak kang utami.

Dene sipate uwit jati :

1.    Kayune nomer siji, durung ana kang nandingi sak donya iki. Kayu jati kang nduweni sifat kang pengkoh, kokoh, ulet, tur ora gampang lapuk dipangan rayap. Mula dadi wong urip kuwi kudu anduweni sifat kaya uwit jati.
a.    Pengkoh lan kokohe atine, kanggo ngudi marang gegayuhane, supaya kabul panyuwune, kanti tumindak sing jujur, ora gampang miyur.
b.    Ulet anggone nyambut gawe.
c.    Ora gampang lapuk.   
    (Ora gampang kena pengaruh sing ala kang tundone marakake dadi sengsara).
2.    Godhonge kena kanggo mbungkus, kang njalari dadi enak lan sedepe sing dibungkus.

    Pandongane simbah, bisaa bangsa Nusantara iki nyawiji dadi siji kabungkus dening godhong jati (jatining diri) bangsa Nusantara, Bhinneka Tunggal Ika, Sak iyek sak eko karya mbangun praja.
    Ho..lo..bis kuntule baris. Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa.
    Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
    Dene nganthi saiki, uwit pari, uwit tebu lan uwit jati isih tinandur subur ana bumi Sukowati Sragen Asri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar