Selasa, 01 Maret 2016

BAB XIX


KANGGO NGADEPI YUSWA SEPUH
BAKAL NGADEPI 10 B SOK LUWIH 



1.     Bludreg
2.     Bingungan
3.     Blawur
4.     Budeg
5.     Bilengan
6.     Buyuten
7.     Bungkuk
8.     Bola bali dikandani lali
9.     Beser
10.     Batuk
11.     Balsem lan Benggol kudu cemepak
12.     Blero
13.     Birahi wis sudo
14.     Boyok
15.     Bali kaya bayi

Mula kangggo nolak kabeh mau kudu diakehi anggone dahar roti.
Sing dimaksud dudu roti sing enak-enak.
Roti singkatan saka tembung : R- O- T- l

R
    Rumongso katitahake dening Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi

    Rumongso amung titah sak wantah kang asale saka lemah kang bakale bali menyang lemah

    Rumongso ora anduweni isine jagad iki

    Rina lan wengi padha memuji

    Ridhoning Allah lan rejeki sing halal pada digoleki

O
    Olah rogo, olah jiwo, olah laku, olah pikir

    Oja lali manembah marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi

    Ojo dumeh sapa sira sapa ingsun

    Ora gampang nesu, lan seneng padu

    Ojo kumalung kung, umuk, ubluk mundak tandane wong cubluk.

T   
    Tawakal ibadahe

    Tawaduk tumindhake

    Tabah, sabar penggalihe

    Teratur uripe

I
    Iman lan takwa

    lbadah lan sedekah diakehi

    lkhlas lan syukur diduweni

    lri dengki diilangi

    llmu lan wawasan den taberi

lnsya Allah, bakal nemoni keluarga sing sakinah, mawadah warohmah. Menawa kapundut, kapunduta kanthi kusnul khotimah.
Mugo-mugo Gusti Allah angijabahi
Amin.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar