Selasa, 01 Maret 2016

BAB XXII


KOTA SOLO, KOTA BENGAWAN


Bapak GESANG asmane
Kang uwis ngripto lagu Bengawan Solo ‘
Kanti lagu Bengawan Soio
Kang uwis nggowo KOTA SOLO dadi kondhang
Senajan kali Bengawan Solo mung cilik,
Ananging uwis bisa misuwur sak Nusantoro
Lan nganti tekan ing MANCA NEGARA

Bapak GESANG
Sak wijining komponis sing mumpuni
Nalika ing Jaman Perjuangan
Bapak GESANG kang wis ngripto lagu-lagu perjuangan
Kanggo para pejuang
Kanggo nggugah semangat lan tekad sing kuwat soko rakyat
Kang isih padha berjuang
Senajan wektu semono isih padha melarat
Ananging isin padha anduweni tekad sing bulat
Semangat sing kuwat kanggo berjuang

Bapak GESANG
Kang asmo lengkape GESANG MARTOHARTONO
Lahir ing SURAKARTA JAWA TENGAH
Naliko 1 Oktober 1917
Sedo ing dino Kemis Pon 20 Mei 2010
Ing rumah sakit PKU Muhammadiyah Surakarta
Senajan yuswone nganti 92 tahun luwih
Lan asmane ugo wis misuwur sak Nusantoro
Lan tekan MANCA NEGARA
Ananging Bapak GESANG uripe tansah
Prasojo, sabar, narimo, ora neko-neko
Pancen pantes keno kanggo tepo tulada
Tumrape uwong Jawa lan Indonesia

Bapak GESANG
Pangripto Lagu Bengawan Solo
Naliko ingtahun 1940
Wektu semana Bapak GESANG lagi umur 23 tanun

Kanggo mengeti lan ngormati marang
Jasa-jasane Bapak GESANG
Tahun 1983 dening Jepang, ing sacedake
Bengawan Solo diwenehi Taman sing
Dijenengke Taman Gesang

Lagu :
BENGAWAN SOLO
Ciptaan tahun 1940

Bengawan Solo
Riwayatmu ini
Sedari dulu jadi...
Perhatian insani
Musim kemarau
Tak seberapa airmu
Dimusim hujan air..
Meluap sampai jauh

Mata airmu dari Solo
Terkurung gunung seribu
Air meluap sampai jauh
Akhirnya ke laut

Itu perahu
Riwayatnya dulu
Kaum pedagang selalu...
Naik itu perahu



JEMBATAN MERAH
Ciptaan tahun 1943

Jembatan Merah, sungguh gagah..
Berpagar gedung indah
Sepanjang hari..
Yang melintasi.. silih berganti

Mengenang susah
Hati patah.. ingat jaman berpisah
Kekasih pergi..
Sehingga kini.. belum kembali

Biar Jembatan Merah
Andainya patah, akupun bersumpah
Akan kunanti dia.. di sini
Bertemu lagi

CAPING GUNUNG

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji
Ning saiki apa lali

Ning gunung
Tak cadongi sega jagung
Yen mendung
Tak silihi caping gunung

Sukur bisa nyawang
Gunung desa dadi reja
Dene ora ilang
Gone padha lara lapa
Lagu Bangawan Solo, Jembatan Merah, Caping Gunung lan lagu perjuangan liya kang wis diripto dening Bapak Gesang sanajan ukoro-ukorone mung cekak. Ananging uwis ndadekake dadi cekak lan aose, isi lan misine.
Kang uwis bisa dadi pas lan jumbuh karo kahanan ing waktu semono. Ing jaman kang Iagi berjuang, Bapak Gasang uga melu ngrasakake, ngalami, menangi, menghayati, meresapi marang kedadeyan-kedadeyan ing jaman kang lagi berjuang.
Melu ngrasakake pahit gatire, lara Iapane, sedih lan perihe, trenyuhe, prihatin campur dadi siji. Marang pejuang kang Iagi padha berjuang kang uwis padha ora mikirake marang jiwa raga, bandha donya, wong tuwa lan keluarga. Kanthi ikhlas tanpa pamrih anggone padha mbela NUSA BANGSA LAN NEGARA, suppyo MERDIKO, nganti direwangi toh nyawa.
Ananging sak wise MERDIKO, para pejuang uripe isih akeh sing padha sengsoro. Ananging kabeh mau ditompo kanti ati kang sabar lan narimo, pasrah sumarah marang GUSTI  ALLAH KANG MAHA KUWASA.

SUGENG TINDAK BAPAK GESANG
INGKANG SAMPUN SOWAN
ING NGARSANING GUSTI ALLAH KANG
MAHA WASESA


Tidak ada komentar:

Posting Komentar