Selasa, 01 Maret 2016

BAB I


Simbah Prihatin
Ngadhepi Kahanan Wektu Saiki



Menawa basa Jawa iku nganti kalindih karo basa manca. Kabukten bocah sekolah saiki wis ora maelu marang basane dewe, kamangka basa Jawa iku gandheng cenenge karo budi pekerti, unggah-ungguh, kabudayaan lan seni.
Mula saka iku simbah-simbah guru, sanajan saiki yuswane uwis padha sepuh isih pada kumpul, sanajan setengah taun sepisan. Iku wis mujudake rasa tresna lan bektine antarane Bapak lan Ibu guru marang muride, murid marang Bapak - Ibu gurune kanthi ndapuk Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) Alumnus SGB Negeri 2 Sragen kanthi sesepuh Bapak H.M. Soeyadi,BA.
Bapak lan Ibu Guru SGB 2 Sragen angkatan tahun 1955 - 1961 kira-kira wis yuswa 85 tahun luwih, dhene murid-muride 65 tahun luwih. Sanajan wis padha sepuh lan kesehatane uga wis suda, ananging isih ana rasa tresna marang anak, putu lan buyutku kabeh lan isih anduweni tanggung jawab pendidikan marang anak, putu lan buyutku kabeh kanthi lewat buku iki.
Ayo Bapak lan Ibu guru uga murid-murid SGB 2 Sragen padha gawe kebecikan marang anak, putu, buyut padha dingerteni bab basa Jawa, mumpung isih keconggah tenaga lan pikirane lan ningkatake bekti marang Allah SWT.

NGADHEPI KAHANAN SAIKI

Ngadhepi kahanan wektu saiki Simbahti prihatin, sedih-perih, miris kaya diiris-iris, gumun, ngungun, muwun ora uwis-uwis.
Gela nelangsa, nyang ati kelara-lara kurang percaya ngadhepi kahanan ing wktu saiki. Apa iki sig diarani jaman Kalabendhu lan jaman edan ?
Apa wis tumekaning Jangka Jayabaya ?
Kang wis sinerat dening Pujangga Ronggowarsita?
Kahanan kang wis ruwet mbundet, paribasan bolah mbundet kang wis angel diudari lan diwiradati.
Kanggo ngisi wektu sisa umure Mbahti kang wis ngancik 69 meh 70 tahun, Simbahti nulis buku Wewarah Budaya Jawi. Luwih becik Simbah migunakake Basa Jawa ngoko, amrih krasa-rasa katresnane Simbah, lan gulet rumakete anak putu marang wong tuwa, lan basane uga gampang ditampa lan diwaca. Muga-muga buky wewarah iki pikanthuk ridhoning Allah SWT.
Dadia buku kang migunani kanggo anak putuku kabeh kang tansah tak tresnani. “Sebagai generasi muda penerus bangsa yang berkepribadian Nusantara dan berakhlak mulia, berguna bagi Nusa, Bangsa dan Negara.”
Ing Bab XV Simbah nulis kepemimpinane Bapak Ir. Sukarno (Proklamator lan Presiden RI kang kapisan). Amarga wiwit cilik Simbah uwis mengagumi, menghormati, bangga marang kepemimpinane Bapak Ir. Sukarno kang arif lan bijaksana.
Ing Bab XX Simbah uga nulis kepemimpinane Bapak Joko Widodo kang sederhana, arif - bijaksana : “The Next Sukarno” (penerus cita-cita Ir. Sukarno). Lan buku wewarah iki uga uwis Mbahti aturaken marang Bapak Jokowi nalika isih menjabat walikota Surakarta tahun 2012.
Bapak Jokowi uga paring komentar marang buku Wewarah Budaya Jawi, “Ya beginilah buku tentang nasihat orang tua kepada anak cucu yang sekarang sudah jarang kita dapatkan.”
Kurang luwih 2 - 3 wulanan Bapak Jokowi dicalonake Gubbernur DKI. Alhamdulillah Bapak Jokowi kepilih dadi Gubernur DKI, lan Mbahti ngaturi maneh Buku Wewarah nalika Bapak Jokowi menjabat Gubernur DKI. Lan ana tambahan dongeng ‘Brambang - Bawang’ kang pas banget kagem Ibu Iriana Jokowi : Bawang Putih umbah-umbah popok ing sak pinggiring kali bengawan. Luwih-luhih sak pinggiring Kali Bengawan Solo, kang wis misuwur nganthi tekan mancanegara, “Air mengalir sampai jauh akhirnya ke laut.”
Buku Wewarah iki isih terbatas ana kalangan Paguyuban Keluarga Besar (PAGAR) SGB Negeri 2 Sragen angkatan tahun 1955 - 1960. Buku wewarah kang kapisan dicetak Desember 2011 mung tekan Bab XXX. Cetakan sing kapindho Desember 2014 ana tambahan Bab XXXI - XXXV.
Pandonga, panyuwunan, harapane Simbahti muga-muga Gusti Allah angijabahi marang Wewarah Budaya Jawi. Wewarah kang ngudi marang kaluhuraning budi pekerti lan tumindak ingkang utami.
Ayo Bangsa Indonesia padha tansah memuji kanggo anyengkuyung ndukung Program Bapak Presiden Jokowi, program Revolusi Mental kang nomer siji. Kanggo ngajak rakyate aja padha nindhakake korupsi. Ayo Bangsa Indonesia padha tansah bersatu-padu untuk membangun negeri.
Ing bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi.
Muga-muga negarane enggal pinaringan Ridhoning Allah ingkang Maha Kuwaos.
Negarane dadi adem, ayem, tentrem, tata-titi kertaraharja.
Tansah Ginanjar, Widodo, Basuki, Rahayu, slamet nir ing sambikala.
Kanthi dipun pimpin Bapak Presiden Joko Widodo tuwin Wakil Presiden Bapak Jusuf Kalla.
Amin.


Wewarah Budaya Jawi

1.    Saking Bumi Sukowati Sragen Asri
Mugi-mugi Gusti Allah Angijabahi
Dumateng Buku Wewarah Budaya Jawi
Wewarah kangge anak putu dumatheng kaluhuraning budi pekerti
Wewarah ingkang ngudi dumatheng tumindhak utami

2.    Wewarah Budaya Jawi
Ndherek anyengkuyung ndukung program Bapak Presiden Jokowi
Program revolusi Mental kang nomer siji
Program pendidikan budi pekerti, ngudi marang tumindhak kang utami
Kang bisa ndadhekake, ngarahake anak bangsa berakhlak mulia hati
Berkepribadian Nusantara, berjiwa Pancasila
Menjadi negarawan sejati kang mumpuni

3.    Kabudayan Jawi kang ampuh lan tangguh
Kabudayan warisan saka pinisepuh
Kabudayan kanggo anak putu supaya padha puguh
Pengkuh, kukuh, tangguh, ampuh
Marang laku sing bener tur pener
Ora gampang padha keblinger
Melik nggendhong lali
Mburu uceng kelangan dhelek
Ora gampang rapuh kena pengaruh
Marang laku sing arep digayuh lan ditempuh
Lan aja padha angkuh

4.    Wewarah Budaya Jawi kang adiluhung
Wewarah kanggo anak putu aja dadi bocah kang kumalungkung adigang adigung
Sapa sira sapa ingsun, lan aja padha nggunakake aji mumpung
Wewarah Budaya Jawi kang bisa nyethak bibit-bibit kang unggul
Wewarah kang wis bisa nyethak bocah-bocah kang pinunjul

5.    Wewarah Budaya Jawi
Wewarah ngudi marang kaluhuraning budi pekerti lan tumindhak utami
Wewarah Budaya Jawi kang wis bisa nyethak pemimpin-pemimpin bangsa kang mumpuni
Wewarah marang anak bangsa berbakti demi ibu pertiwi, ing bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi
Wewarah kang wis bisa ndhadhekake para pemimpin negari saka tanah Jawi

6.    Wewarah Budaya Jawi
Wewarah kang wis bisa ndhadhekake para pemimpin-pemimpin negari
Sapa wae kang wis dadi pemimpin Negari Indonesia raya yang kita cintai?
Ayo diurutake mbaka siji, supaya bocah-bocah padha ngerti lan ora padha lali
Marang pemimpin Bangsa Indonesia Raya
ing Bumi Nusantara kang gemah ripah lohjinawi

Bapak / Ibu Pemimpin Bangsa Indonesia Raya
1.    Bapak Presiden Ir. Sukarno ( memimpin ing tahun 1945 - 1966 )
2.    Bapak Presiden HM Suharto ( memimpin ing tahun 1967 - 1998 )
3.    Bapak Presiden BJ. Habibie ( memimpin ing tahun 1998 - 2000 ), sanajan Bp. Habibie saka Sulawesi dudu piyantun Jawi, ananging Ibu Ainun Habibie saka tanah Jawi
4.    Bapak Presiden Abdurrahman Wakhid / Gus Dur ( memimpin ing tahun 2000 - 2003 )
5.    Ibu Megawati Sukarno Putri ( memimpin ing tahun 2003 - 2005 )
6.    Bapak Presiden Susilo Bambang Yudhoyono ( memimpin ing tahun 2005 - 2014 )
7.    Bapak Presiden Joko Widodo (memimpin ing tahun 2014 ....)
Angka 7 = pitu basa Jawane
Muga-muga Bapak Presiden sing kaping 7 tansah pinaringan pitulungan, pengayoman tuwin ridhoning Allah SWT.
Angka 7    = tujuh bahasa Indonesiane
Angka 7 = bertujuan mengemban amanah penderitaan rakyat. Amin


7.    Wewarah Budaya Jawi
Kang wis nggawa anak putu uripe padha mulya
Amarga akeh sing dadi pamong praja kang bisa dipercaya ing babagan negara
Sanajan urip ing mancanegara
Kang adhoh banget karo tanah Jawa
Menyang negara Suriname ing benua Amerika
Amarga dipeksa kerja paksa dhening bangsa Walanda

8.    Wewarah Budaya Jawi tansah diuri-uri tekan seprene
Sanajan wis 1 1/4 abad anggone ninggalake tanah wuthah getihe para leluhur
Ananging dadi wong Jawa ora lali marang Jawane
Wewarah Budaya Jawi isih diturunake marang anak lan putune

9.    Marang sedulur-sedulurku sing ana Suriname
Simbah Kramasetra, Mbah Wira Sukarta, Joyo Taruno, Marto Dikromo, Surawikarta, Sonto
Kirim warta saka tanah Jawa
Piye kabare, padha apik-apik wae ta ?
Donga dinonga muga-muga tansah ginanjar widodo, basuki, rahayu, slamet nir ing sambikala
Simbah melu bungah-sumringah, amarga saiki anak keturunane wong Jawa Suriname lan anak keturunane wong Jawa sing ana tanah Jawa wis bisa nyambung maneh, bisa kumpul dadi cedhak lan padha grapyak semanak
Amarga anane sambung rasa dadi bisa raket nggulet - rumaket
Amarga padha - padha dadi Wong Jawa ora lali marang Jawane
Amarga anane Wewarah Budaya Jawa, lan basa Jawa, kang nganthi saiki isih padha nguri-uri amrih lestari
Lan bisa ngrembaka dadi kuncara sak Nusantara lan sak indhenging bawana

10.    Wewarah Budaya Jawi lan Pancasila
Uga wis disinau sanajan mung sedhela
Disinau nalika isih cilik ing tanah Jawa
Nalika ndherek bapak tirine kang keturunane wong Jawa
Kang saiki bisa dadi Presiden Amerika Serikat
Presiden kang asmane Barrack Obama

11.    Wewarah Budaya Jawi
Marang anak putuku, kabeh kudu bangga
Lan kudu bisa anggonmu padha njaga
Marang Wewarah Budaya Jawi
Ya ... budaya Nusantara
Kang ora ana sing bisa nandhingi sak ndonya
Ya ... sak jagad raya kang gumelar amba mbawera


1 komentar:

  1. Matur nuwun MbahTi, ingkang sampun paring wewarah.
    Wewarah kangge putra wayah.
    Wewarah supados mboten sami salah tingkah, salah langkah, salah arah.
    Mugi-mugi putra wayah sami terarah.
    Dados lare-lare ingkang solrh tuwin solekhah. Aamiin.

    BalasHapus